cerita pengalaman

2
CERITA PENGALAMAN Pengalamanku Ing Bandungan Dek dina Rebo ngepasi pilihan legislatif, aku lan keluargaku lunga menyang Bandungan. Ing kana aku menyang Candi Gedong Songo. Amarga dalane munggah lan adoh, aku numpak jaran. Lucune, jaran sing tak tumpaki sak keluarga duwe jeneng kaya dene manungsa. Jaran sing tak tumpaki jenenge Nina, sing ditumpaki adiku jenenge Selvi, sing ditumpaki kakangku jenenge tentrem. Lucu banget. Dene jaran titihane bapakku jenenge Madona. Sing paling lucu yaiku jaran sing dadi titihane ibuku, jenenge pada karo kancaku, jenenge Alya. Jaran sing jenenge Alya mau duwe anak jenenge Mario. Aku seneng banget nunpak jaran menyang candi, ora krasa wes tekan candi. Sawiswe wisata ing Candi Gedong Songo, aku tuku mimik lan gorengan. Bubar kuwi ibuku tuku kembang anggrek banjur mulih. Sadurunge tekan ngomah aku lan keluargaku mampir menyang Pengging. Ing Pengging ana papan panggonan kanggo maem. Aku lan keluargaku maem awan, sawise wareg aku mulih menyang omah. Tekan ngomah, aku leren sedela banjur adus terus nggarap PR. Karya : Alyssalma Callista Widiaputri / 4 Aksel Pengalaman Kang Nyenengake Wis dadi adate, saben sekolahan prei lan ora ono acara sing wigati, aku sekeluarga duweni acara menyang luar kutho. Kutho kang dadi tujuan yaiku Surabaya. Kutho kelairane ibuku. Kira-kira jam nem esuk, bubar adus, sholat, lan sarapan, aku sakeluarga budhal menyang Stasiun Solo Balapan amarga arep numpak sepur. Kira-kira jam setengah sepuluh aku wes tekan ing kutho Pahlawan, yaiku sebutan liyane kutha Surabaya, amarga lambange awujud iwak sura lan baya.aku sakeluarga nginep ing hotel Simpang. Hotele katon apik lan resik. Sakwise adus, aku sakeluarga mlaku-mlaku ing Tunjungan Plaza, yaiku salah sawijine plaza sing paling gedhe ing kutha Surabaya. Uga ora lali mampir tuku es grem ing Sangrandi Es Grem seng dadi salah sijine kuliner andalan ing kutha Surabaya saka tahun 1941. Saka Sangrandi Es Grem aku sakeluarga nganggo montor carteran menyang Tugu Pahlawan sing lokasine ing dalan Yasar Beser Watan, manjur menyang kebun binatang Wonokromo, kebun binatang sing paling gedhe

Upload: aditya-oki-alfarisi

Post on 28-Dec-2015

134 views

Category:

Documents


3 download

DESCRIPTION

Cerita

TRANSCRIPT

Page 1: CERITA PENGALAMAN

CERITA PENGALAMAN

Pengalamanku Ing Bandungan

Dek dina Rebo ngepasi pilihan legislatif, aku lan keluargaku lunga menyang Bandungan. Ing kana aku menyang Candi Gedong Songo. Amarga dalane munggah lan adoh, aku numpak jaran. Lucune, jaran sing tak tumpaki sak keluarga duwe jeneng kaya dene manungsa. Jaran sing tak tumpaki jenenge Nina, sing ditumpaki adiku jenenge Selvi, sing ditumpaki kakangku jenenge tentrem. Lucu banget. Dene jaran titihane bapakku jenenge Madona. Sing paling lucu yaiku jaran sing dadi titihane ibuku, jenenge pada karo kancaku, jenenge Alya. Jaran sing jenenge Alya mau duwe anak jenenge Mario. Aku seneng banget nunpak jaran menyang candi, ora krasa wes tekan candi. Sawiswe wisata ing Candi Gedong Songo, aku tuku mimik lan gorengan. Bubar kuwi ibuku tuku kembang anggrek banjur mulih. Sadurunge tekan ngomah aku lan keluargaku mampir menyang Pengging. Ing Pengging ana papan panggonan kanggo maem. Aku lan keluargaku maem awan, sawise wareg aku mulih menyang omah. Tekan ngomah, aku leren sedela banjur adus terus nggarap PR.

Karya : Alyssalma Callista Widiaputri / 4 Aksel

Pengalaman Kang Nyenengake

Wis dadi adate, saben sekolahan prei lan ora ono acara sing wigati, aku sekeluarga duweni acara menyang luar kutho. Kutho kang dadi tujuan yaiku Surabaya. Kutho kelairane ibuku. Kira-kira jam nem esuk, bubar adus, sholat, lan sarapan, aku sakeluarga budhal menyang Stasiun Solo Balapan amarga arep numpak sepur. Kira-kira jam setengah sepuluh aku wes tekan ing kutho Pahlawan, yaiku sebutan liyane kutha Surabaya, amarga lambange awujud iwak sura lan baya.aku sakeluarga nginep ing hotel Simpang. Hotele katon apik lan resik. Sakwise adus, aku sakeluarga mlaku-mlaku ing Tunjungan Plaza, yaiku salah sawijine plaza sing paling gedhe ing kutha Surabaya. Uga ora lali mampir tuku es grem ing Sangrandi Es Grem seng dadi salah sijine kuliner andalan ing kutha Surabaya saka tahun 1941. Saka Sangrandi Es Grem aku sakeluarga nganggo montor carteran menyang Tugu Pahlawan sing lokasine ing dalan Yasar Beser Watan, manjur menyang kebun binatang Wonokromo, kebun binatang sing paling gedhe sak Asia Tenggara. Atiku seneng banget amarga wes nambah pengetahuan lan pengalaman.

Karya : Delwizar R.A / 4 Aksel