bawa laras pelog 6

6
SA. CANDRAKUMARA. Pl. 6 (Bawa : Ldr. Pangkur Pl.6) Sang Baladewa Narpati, tuwin nareswara Kresna Kalangkunging tresna nira, marang dyah Banon Cinawi Jineman ………………. Mangka pisah unggyanipun, mila tansah Tanya warsa Wau Sri Narendra kalih, Mring retna Candra kumara SA. DHADHAP MANATEP Pl.6 (Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6) Bayangan bayem, mbayeyet agung ngrembuyung Rawe rawering, rawan kara taru turi Karandhang gondhang, kadhondhong asandhing Dhundhungan gudhe, bengok benguk maguk maguk SA. JIWARETNA Pl.6 (Bawa : Ldr. Sri Rejeki Pl.6) Kaneng ingkang samya, Suka kawuwusa Lampah ira Sena, Lajeng sampun ngambah Prapta ing wanadri, Ririh reren gandrung Sukani reng galih, Tirtaning pamungkas SA. KUMUDASMARA Pl.6 (Bawa : Ldr. Sri Kuncara, Ktw. Walagita Pl.6) Sang Widaya keng praja, Ing ngutara gita nama Sira mandana rena, Sung Wasita Jineman ……….. ring prasiswagwah laksitaning janatang ayu tekwantang durta Tinrap neng pralampita, kembang kinarya upama SA. LANGENKUSUMA Pl.6 (Bawa : Gd. Kembang GayamPl.6) Dhuh sotyas ningrat gusti, Welas adasih kaswasih Margi yuh raras mara, Rangu rangu gung mangarang Dyah paring usada, Nak angger jiwa kawula Nglipur ngripteng lukita, Sinawung Langen kusuma

Upload: mbah-e

Post on 07-Jun-2015

705 views

Category:

Documents


18 download

TRANSCRIPT

Page 1: Bawa Laras Pelog 6

SA. CANDRAKUMARA. Pl. 6 (Bawa : Ldr. Pangkur Pl.6) Sang Baladewa Narpati, tuwin nareswara Kresna

Kalangkunging tresna nira, marang dyah Banon Cinawi Jineman ……………….

Mangka pisah unggyanipun, mila tansah Tanya warsa Wau Sri Narendra kalih, Mring retna Candra kumara

SA. DHADHAP MANATEP Pl.6 (Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6) Bayangan bayem, mbayeyet agung ngrembuyung

Rawe rawering, rawan kara taru turi Karandhang gondhang, kadhondhong asandhing

Dhundhungan gudhe, bengok benguk maguk maguk SA. JIWARETNA Pl.6

(Bawa : Ldr. Sri Rejeki Pl.6) Kaneng ingkang samya, Suka kawuwusa Lampah ira Sena, Lajeng sampun ngambah Prapta ing wanadri, Ririh reren gandrung Sukani reng galih, Tirtaning pamungkas

SA. KUMUDASMARA Pl.6 (Bawa : Ldr. Sri Kuncara, Ktw. Walagita Pl.6) Sang Widaya keng praja, Ing ngutara gita nama

Sira mandana rena, Sung Wasita

Jineman ……….. ring prasiswagwah laksitaning janatang ayu tekwantang durta Tinrap neng pralampita, kembang kinarya upama

SA. LANGENKUSUMA Pl.6 (Bawa : Gd. Kembang GayamPl.6) Dhuh sotyas ningrat gusti, Welas adasih kaswasih

Margi yuh raras mara, Rangu rangu gung mangarang Dyah paring usada, Nak angger jiwa kawula

Nglipur ngripteng lukita, Sinawung Langen kusuma

Page 2: Bawa Laras Pelog 6

SA. MAESABAYANGAN Pl.6 (Bawa : Ldr. Ayun-ayun Pl.6) Sri Naranata, Harjuna sasra, lan Sang Narpada yinta Wus mugwing rata, Retna Nindhita, lan para garwa dhomas Lawan parekan, pawongan cethi, munggwing wahana nira Sajuru juru, rinakit lawan, Sang apatih Suwanda SA. MANGGALAGITA Pl.6 (Bawa : Gd. Onang-onang Pl.6) Kidung ran manggala gita, purwning kang pradangga Minangka pudyasta warja, maring wadya sapraja Pajampu wasuka rena, widada nir ing sangsaya Yayah kawinah yeng swara, Rarasing Onang onang SA. PADMA WICITRA Pl.6 (Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6) Narpa putra, myang garwa lan ari rira Rerepaneng, patapaning dwi jawara Yayah kadya, kumalane ing asrama Kekuleman, miyat ing Padmawicitra SA. PATRASURATMA Pl.6 (Bawa : Ktw. Gandamastuti Pl.6) Heh Gunawan Wibisana sira,ingkang madeg aNata Neng Ngalengka, siniweng raksasa, karana prabawanta Mardikengrat, kretarta mumpuni, gunawe weka asih Marang dasin, pulihna Ngalengka, payunen waluyakna SA. PUSPARAGA Pl.6

(Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6) Marmanta praptanipun, neng nagri Kedhiri Ratu Nuswankancana. Sesandi sumiwi Cinidra ling asmara, dening Jayengsari Yen kumargantuk dennya, Hatandhing ajurit

Page 3: Bawa Laras Pelog 6

SA. RARA ASMARA Pl.6 ( Bawa : Gd. Genjong Pl.6) Paran baya Gusti, kang abdi atur prasaja Satata nityasa, mring paduka sang kusuma Mangkyo sinatmatam, denira sung pari marma Munggwing sabda maya, rum raras rara asmara

SA. RETNA ASMARA Pl.6 (Bawa : Gd. Randhukentir Pl.6) Duh kusuma, Kang tansah asung wardaya Sun tetedha, Deniro sih tinulusna Kawulanta, Sukengtyas mangestu pada Mring paduka, mangayun ayun asmara

SA. SUBAMANGGALA Pl.6

(Bawa : Ldr. Sri Dayinta linuhur Pl.6) Wimbaning kang candrawila, padhang ngebegi Bawana Sukaning wadu wandawa Jineman …………

Priya Kenya mangastawa, Dera Jeng Narpada yen ta, Tanpi sih tandha katresnan

Kang saking manca nagara, Kinarya Suba manggala SA. SUDIRA WICITRA Pl.6 (Bawa : Gd. Bondhet Pl.6) Lirsad padengsun, tumiling mangulati Puspitaning kang, medemehdah kang warni Midering taman, hanon sekar warsiki Kumenyut ing tyas, Bayata jatukrama SA. SWALADARA Pl.6 (Bawa : Gending-gendhing Pl.6) Dewa dew sugata, marang kang suraing prang, ngudani arum arum Ngendhanu ing ngawiyat. Narada ngepalani, Jawata suka mulat Ing palagan kayungyun, Yudane wre raksasa, Gorama singa nabda Krodha umangsah swara, Sangditya jambu mangli, Prakosa widigdaya

Page 4: Bawa Laras Pelog 6

SA. WEGANG SULANJARI Pl.6 (Bawa : Gd. Erang-erang Begelan Pl.6) NSinawung krendhang, suling Anoman mangidung ngidung woran. Saraba swararum

Runtut larasing, kidung ngembat embut, tembungnya binarung, pangeliking suling

Butane sukating cukakak tanjak galeyak hambeksa, maju migut migut Suka sakehing punggawa Ngayuda. Mulat buta ngigel, katuwel parigel

ST. GAMBUH Pl.6 (Bawa : Lagu Ayo ngguyu Pl.6) Aja seneng ngalamaun Aja ngaya mundhak gelis pikun Taberi asabar sareh mawas diri Kuwajiban kudu rampung Yen wis klakon guyon maton ST. LALIJIWA Pl.6 (Bawa : Gending=gendhing Pl.6) Prabu Puntadewa nata Lawan ri sang Dananjaya Katrinya narpati Kresna Jineman ………… Angungun derinta Sena darbe kadtan prayogi Driyanta ngyogyani, Ring Resi ujar lamisan ST. PALUGON Pl.6 (Bawa : Gendhing-gendhing Pl.6) Palugon laguning lekas Lukita linuting kidung Kadung kadereng amomong Jineman ………….. Mamangun manah rahayu Aywana kang tan agolong Gumulung mana dukara Karenanira mangapus Puspita wangsalan semon

Page 5: Bawa Laras Pelog 6

SM. DHANDHANGGULA LIK SULING Pl.6 (Bawa : Ktw. Meh Rahina Pl.6) Ayo rowang angayahi kardi Nora kendhat pambangunan desa Binudi murih becike Supaya tansah maju Ngupakara karang lan kitri Guyub rukun tumandang Asengkut gumregut Temah dadya tata harja Handayani murah sandang pangan yekti Jro kutha desa desa Modernisasi desa SM. DHANDHANGGULA SIDA ASIH Pl.6 (Bawa : Lagon Setya tuhu Pl.6) Pamintaku nimas sida asih Atut runtut tansah reruntubgan Ing sarira sawengine Datan ginggang sarambut Lamun adoh caketing ati Yen adoh tansah mulat Sida asih tuhu Pindha mimi lan mintuna Ayo bareng nimas anetepi wajib Sida asih bebrayan SM. DHANDHANGGULA TURULARE Pl.6 (Bawa : Ldr. Sarayuda dan Lagon Kembang kacang Pl.6) Kang ginita lelaguning gending Sarayuda pambukaning sekar (Kem-bang-ka-cang) Dhandhanggula Turulare Binarung swara rum Ruming raras amilangoni Ira mane lancaran Mung kinarya gecul Pathetane nora oncat Wus kacukupira mane ora cicir ngGer angger Sarayuda Dhawah ing Kembang kacang

Page 6: Bawa Laras Pelog 6

SM. PANGKUR NYAMATMAS Pl.6 (Bawa : Ldr. Gegersore Pl.6) Barondong winuled gula Lemed lemed puthu myangutri mandhi Ketan kolak kang kadulu Madusirad leganda Madu mangsa pipis tuban jenang grendul Kaluwanetra kancana Opak apem lan serabi Bila dipakai sebagai sindhen andhegan dilanjutkan : bi bi bi bi bi bi SM. PUCUNG Pl.6 (Bawa : Ldr. Kalongking Pl.6) Aja kliru gebatangen cangkrimanku Gumandhul neng epang Yen mabur ing wanci bengi Pelem sawo pelem sawo kemrampo kena ing cidra SM. SINOM MACAPAT LAGU Pl.6 (Bawa : Lagu Yen ing tawang Pl.6) Yen ing tawang ana lintang Cah ayu aku ngenteni Marang mega ing akasa Suntakon wartanireki Janji janjiku eling Sumedhot rasengtyas ingsun Nimas ingsun mrasapa Sineksenan bumi langit Tangising tyas ngenteni padhang rembulan SM. SINOM TAHU TEMPE Pl.6 (Bawa : Lagu Tahu tempe Pl.6) Wajibing urip bebrayan Nyampedi betah sakalir Anak bojo kulawarga Kudu rigen lan nastiti Ing saben rina wengi Nora compreng waton cukup Mranata kula warga Janji nrima lair batin Tahu tempe lawuh ewus krasa nikmad