bahasa jawa paket a

Upload: parwantohadi

Post on 14-Jul-2015

1.495 views

Category:

Documents


6 download

TRANSCRIPT

UJIAN SEKOLAHPEMERINTAH KABUPATEN WONOSOBODINAS PENDIDIKAN, PEMUDA DAN OLAH RAGATAHUN PELAJARAN 2008 / 2009

LEMBAR SOAL Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : IX ( Sembilan ) Hari / Tanggal : Senin, 11 Mei 2009 Waktu : 10.00 11.30 WIB (90 menit) Paket : A (UTAMA) Petunjuk Umum 1. Tulislah lebih dahulu nama dan nomor Test pada lembar jawaban yang tersedia. 2. Periksa dan bacalah dengan teliti sebelum mengerjakan ! 3. Untuk soal pilihan ganda, silanglah salah satu huruf pada jawaban yang paling benar. Sedang untuk soal uraian, selesaikanlah dengan jawaban yang tepat dan jelas. 4. Dilarang menggunakan kalkulator, HP, daftar logaritma maupun alat hitung lainnya. 5. Mintalah kertas CD / buram bila diperlukan.I. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi milih pratelan a, b,c utawa d sing paling bener! 1. Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan,sepinten usaha saha ikhtiyaripun bapak Wiramardi ingkang supados putra kekalih menika saged kaemong,nanging gandheng sedaya pepesthen menika sedaya wau wonten ing Astanipun Pangeran Ingkang Mahakuwaos, pramila kanthi tentrem kala wingi jam pitu putra kekalih menika kapundhut sowan wonten ing pangayunaning Pangeran. Pramila sumangga kita sami andedonga mugi-mugi putra kekalih saged katampi wonten ing ngarsanipun Pangeran kanthi papan samesthinipun. Pratelan ing nginggil manut surasanipun kalebet tanggap wacana ing adicara...................................... a. Mitoni bayi b. kesripahan c. tedhak siti d. sunatan 2. Nuwun para sedherek kakung putri ingkang minulya, Kados sampun kapacak ing serat ulem bilih ing dinten menika penggalihipun bapak saha ibu Darsowiyono sakaluwarga, mliginipun kangmas Adi Hirawan, rumaos bombong lan mongkog awit menapa ingkang dados gegayuhanipun sampun saestu

kasembadan. Inggih menika rikala tanggal 29 Juni 2008 kepengker, kangmas Adi Hirawan sampun winisuda minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking Universitas Semarang. Pramila boten sanes kula sakanca namung ndherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah. Menapa suraosipun tanggap wacana ing nginggil.................................. a. Tasyakuran adicara penganten b. Slametan kesripahan c. Tasyakuran adicara wisuda sarjana d. Tasyakuran adicara lamaran 3. Bu Sulis Parinem Bu Sulis Parinem Bu Sulis KEWIRANGAN : (ngundang) Par ! Parinem ! Mrenea, Par ! : (nyedhak) Dalem, bu. : Kowe sowana Pak Kusuma, nemoni den Andriana. : Nyaosaken arta malih menapa? : Lha, iki mau aku mentas tampa layang maneh. Jare si Andri kuwi butuh kanggo ngrakit gelange. Jare gelange Andri njaluk ditretes. Berliyane wis ana nanging ongkose ndandakake sing ora ana. Parinem : Kala emben menika jamipun, samenika gelangipun! Wah, lha kok wongsal-wangsul nggih, Bu? Bu Sulis : Pancen! Coba, ta.Lagi pirang dina nggone tukar cincin si Agung karo Andriana, wis pirang ewu dhuwitku bablas. Aku ya gumun lan ngungun kok,Par. Lagi saiki wae jalukane wis werna-werna. Mengko yen wis dadi garwane terus kepiye? Parinem : Wah nggih cetha niku ngereti,bu. Bu Sulis : Mangka yen ndeleng bocahe ki rak ya alus,lomah-lameh kaya ora duwe maksud apa-apa. Lan apa-apa mung nggih hiya,ta? Parinem : Inggih. Wah jan, den rara Andriana niku ayu,alus lan miyayeni je.............. Saking pethikan teks drama menika kagambaraken bilih paraga Andriana nggadhahi watak............. a. awon b. sae c. kirang setiti d. alus lan jujur 4. TKI 100 EWU BAKAL DIULIHAKE. Pekerja asal Indonesia cacah 100 ewu kang nyambut gawe ing Malaysia bakal diulihake sasuwene taun 2009 iki. Penyebabe Malaysia lagi ngalami krisis, saengga njalari pertumbuhan ekonomine rendhet. Temahane proyek-proyek bangunan sing sasuwene iki ditandangi pekerja asal Indonesia melu mandheg. Duta Besar republik Indonesia ing Malaysia, Dai Bachtiar, Senen(2/2), Negara Jiran iku bakal miwiti nyuda tenaga kerja asing, klebu Indonesia. Menapa jalaranipun para TKI badhe dipunwangsulaken dhateng Indonesia............................... a.Amargi Pemerintah Indonesia pancen krenteg badhe narik para TKI wangsul. b Amargi TenagaKerja Indonesia kirang pinter anggenipun nyambut damel c.Amargi proyek-proyekipun sampun rampung d.Amargi Malaysia ngalami krisis ekonomi

5. RECA KUNA TELU DITEMOKAKE Reca telu, relief lan pecahan bata cacah atusan kang dinuga tinggalane karajan jaman kawuri ditemokake ana desa Sumbercangkring kecamatan Gurah, Kediri.Adhedhasar peprincene Kepala Seksi Seni Budaya Dinas Pariwisata Kabupaten Kediri, Suradi, barang-barang purbakala kang ditemokake mau arupa sirahe reca Dwarwapala kanthi dhuwur 98 cm, sirah Ganesya dhuwur 16 cm, sarta sirah reca sing durung bisa diidentifikasi wujude. Lokasi temon barang purbakala mau manggon ana tegale Imam Syafii. Kang nemokake reca-reca mau buruh nyithak bata telu, yaiku Saiin(47 taun), Prapto (23 taun) lan Kasan (27 taun). Saking pawarta kalawau kaserat asma Suradi, panjenenganipun.................................... a. Piyantun ingkang nemokaken reca b. Piyantun ingkang remen ngoleksi barang-barang kina c. Kepala Seksi Seni Budaya Dinas Pariwisata Kediri d. Kepala Dhusun Sumbercangkring 6. WISATAWAN 5 ICAL ING PARANGTRITIS Mahasiswa Institut Pertanian Stiper,Yogyakarta cacah kalih lan siswa SMP Muhamadiyah 1 Paguyangan, Brebes, Jawa Tengah cacah tiga ical kaseret ombakipun pesisir Parangtritis, Bantul (31/1).Midherek sekretaris Tim SAR Pesisir Parangtritis, Taufik Fatih Usman, prastawa kalawau kadadosan watawis tabuh 05.45. Para wisatawan kasebat katrem lelumban ing kedhung(palung) ingkang mbebayani. Korban boten maelu sanadyan sampun kaserat papan pepeling supados mboten kenging dolanan utawi lelumban ing kedhung menika. Tim SAR sampun nlusur ing pesisir Parangtritis, nanging engga titi pawarta menika kaserat, kurban-kurban wau dereng kasil kapanggih. Menapa sebabipun para kurban kaseret ombak Parangtritis? a. Amargi para kurban boten saged nglangi. b.Amargi para kurban boten maelu papan pepeling supados boten lelumban ing Parangtritis c. Amargi para kurban taksih alit d. Amargi ing Parangtritis boten wonten Tim SAR 7. NIKON D90 DSLR KANGGO PROFESIONAL Salah sijine kamera DSLR weton Nikon kang paling gres. Bisa ngrekam gambar kang obah alias video. Nikon DX90 iki, bisa ngasilake gambar engga 850 gambar tanpa perlu ngisi bateraine. Enggal mundhuta Nikon D90. Pariwara kalawau nawakaken barang awujud ... . a. kamera b. hand phone c. televisi d. tape recorder 8. Sore kuwi macan entuk mangsan kidang. Ndilalah ana balunge kidang sing nanggrok nancep ing gorokane. Macan gereng-gereng kelaran. manuk gaok nulungi, lan dijanjeni macan bakal diwenehi ati kidang. Sawijining wektu macan entuk

mangsan kidang maneh. Gaok nagih janji nanging macan malah mblenjani. Gaok lunga nglumpukake kanca-kancane arep melehake macan. Macan gegidro kelaran amarga dikroyok dening kewan-kewan cilik kancane Gaok. Gaok kekablak melehake macan sing mblenjani janji. Saking cuplikan cariyos fabel ing nginggil ngemot piweling ... . a. janji kedah dipunugemi b. watak gumedhe menika boten sae c. rukun adamel santosa d. gesang kedah tulung tinulung 9. Wis telung dina iki aku ana desa. Pancen sida bali, sanadyan beda banget karo apa sing nate dakimpekake. Saperangan pancen bener. Kayata banyu kinclong-kinclong sing agung. Desaku sing tentrem lan sesawangan endah. Saliyane kuwi wis ora ana maneh. Uripku wis diremed, dirampas lan disiya-siya kutha Jakarta kang jare kondhang loma menehi panguripan. Kepriye olehku ora nggrantes, jer nyatane Mas Has, bapakke anak-anakku wis tinggal donya amarga pandakwa sing ngayawara. Saiki aku nyoba urip ninggalake wewayangan panguripanku biyen nalika ana Jakarta. Uga aku nyoba ora getun, jer sadurunge tinggal donya Mas Has tansah nggereng-gereng yen dheweke kepengin bali nyang asale. Saiki kanyatan. Aku lila. (Kapethik saking cerkak Jakarta) Menawi maos pethikan cerkak ing nginggil saged kapendhet satunggaling piwulang sae inggih menika ... . a. Ing kaluwarga kedah tansah tulung tinulung b. Gesang ing kitha ageng kedah nggadhahi kekendelan c. Tiyang gesang kedah manut pranatan nagari d. Nglampahi gesang ing donya kedah tatag, tanggon lan lila legawa 10. WARA-WARA PSTK ITB NGAWONTENAKEN LOMBA KARAWITAN Kangge nambahi raos tresna budaya Jawa PSTK ITB (Paguyuban Seni Tari lan Karawitan Jawa) badhe ngawontenaken lomba karawitan sapulo Jawi, kanthi bebana utawi hadiyah Piala bergilir Sri Sultan Hamengkubuwana IX. Lomba mligi kangge kelompok karawitan saking tanah Jawi ingkang madegipun watawis setahun saderengipun lomba kaadanan. Saking wara-wara ing nginggil PSTK ITB ngawontenaken lomba karawitan kanthi ancas tujuwan ... . a. Kagem mbagi-bagi bebana utawi hadiyah b Kangge nambahi raos tresna dhateng kabudayan Jawi c. Kagem narik kawigatosan para generasi mudha d. Kangge pakurmatan dumateng Sri Sultan Hamengkubuwono IX 11. PITUTUR Dhandhanggula Ana maneh pitutur prayogi Lamun sira wus ndungkap diwasa Dadya janma utamane Mbangun turut mring guru Bapa ibu tan kena kari Manembah mring hyang suksma Ugi para sepuh

... . Piweling ingkang sinerat ing tembang Dhandhanggula bilih para nem-neman kedah manembah dhateng ... . a. Hyang Suksma b. guru c. bapa lan ibu d. janma utama 12. MANUNGSA Darbe tutuk Sanajan wasis micara Luwih utama lamun bisa njaga ruming wicaranira Darbe rasa Bisaa akarya laras tyasing sasama Haywa kongsi akarya miris Ananging bisaa akarya merak ati (kapethik saking Panjebar Semangat) Piweling luhur menapa ingkang kaemot ing geguritan menika ... . a. manungsa kedah remen wicara b manungsa kedah nggadhahi raos miris c. manungsa kedah micara ngangge tutukipun lan ngrumaosi paling sampurna d. manungsa kedah njagi wicaranipun lan sageda damel remenipun tiyang sanes 13. RASA KAMANUNGSAN Dening : Anas Pribadi PMI kiprah ing jagading kamanungsan Udan barat, gunung njeblug Kali banjir,omah kobong Cukat trengginas PMI tandang Pambiyantu suwung pamrihe ... . Saking cuplikan geguritan menika kacetha bilih PMI nindakaken tugas luhur ing jagading ... . a. Pendidikan b Kamanungsan c. Pamarentahan d. Ekonomi 14. Prabu Dasarata inggih tiyang sepuhipun Rama kagungan mitra kenthel wujud peksi nama Jathayu. Nalika Jathayu nyumerepi Dewi Sinta, garwanipun Rama kaglandhang Rahwana, piyambakipun enggal mitulungi. Sinta dipunrebut, nanging Rahwana ngukuhi. Jathayu asor ing yuda, swiwinipun ingkang kiwa sengkleh tugel. Sanadyan menggeh-menggeh meh koncatan nyawa, Jathayu taksih saged matur dhateng Rama menawi Dewi Sinta kadusta dening Rahwana. Menika minangka bukti bilih Jathayu nggadhahi watak ... . a. angkara murka b. kumendel c. jujur d. setya tuhu lan ngabekti dhateng mitra sejati

15. Dewi Sinta sigra kabekta dhateng Alengka sarta kabujuk supados kersaa kagarwa dening Rahwana. Rahwana duka amargi Sinta matur menawi boten kersa lan tansah kengetan Rama, lajeng dhawuh supados Sinta kajagi dening raseksiraseksi ingkang galak-galak saha nggegirisi. Papan dumadosing crita kalawau wonten ing pundi? a. Astina b. Amarta c. Alengka d. Atas Angin 16. Cariyosipun Dewi Sinta lan Rama kados pethikan ing nginggil sampun kawentar ing satengahing masyarakat Jawi. Dewi Sinta sageda dados patuladhan tumpraping para wanita, inggih menika supados ... . a. saged njagi kautaman lan setya tuhu dhateng garwa b. saged njagi kasulistyan(ayu) supados dipuntresnani sok sintena kemawon c. saged njagi kasarasaning badan d. saged njagi pangandikaninpun (omong) 17. Kula taksih kemutan kala semanten kula nembe kelas 3 SD. Kula lan kaluwarga dolan dhateng Dieng Plateau. Hawanipun ingkang asrep sanget njalari untu kula kraos sakit. Swasana ingkang kedahipun ngremenaken dados kosok wangsulipun. Sadawaning margi kula namung nangis boten saged ngampet raosing sakit. Cariyos pengalaman pribadi menika kalampahan nalika kapan? tahun 2009 nalika paraga ing cariyos menika kelas 3 SD sedasa tahun kepengker nembe kemawon 18. ?UmiAminhaibunipun\IsKnF/. Kados pundi pamaosipun ukara mawi aksara Jawi ing nginggil ? a. Aminah uminipun Iskandar b. Umi Asiyah ibunipun Iskandar c. Aminah ibunipun Umi lan Iskandar d. Umi Aminah ibunipun Iskandar 19. ?ges=mnu=skf-ck]m=gili=zn\, Menawi kaserat latin ingkang leres panyeratipun ... . a. gesanging manungsa kadiya cakra manggilingan b. gesang manungsa kadiya cakera manggilingan c. gesang manungsa kadya cakra manggilingan d. gesangipun manungsa kadya cakra manggilingan

a. b. c. d.

20. ?s}[z[zjumedulSki=sisih . a. [wtn\ b. kiful\

c. ki[ln\ d. [l/ 21. ?saikitaun\ ;2007;aumu/ku ;14;taun\, Manut ukara ing nginggil, sapinika taun pinten? a. 2009 b. 2007 c. 2008 d. 2005 22. ?nlikAf+nMg+`ibZ|mnD=,j+kriyhtumujul=g/. Kados pundi pamaosipun ukara ing nginggil? a. Nalika adzan isya Zakariya tumuju langgar. b. Nalika azan magrib, Zakariya tumuju langgar c. Nalika adzan maghrib, Zaskiya tumuju langgar d. Nalika adzan maghrib ngumandhang, Zakariya tumuju langgar. 23. Ing pojoking desaku ana sawijining wit randhu gedhe. Sing sapa liwat cedhak wit kuwi mesthi lakune rada banter. Embuh apa sebabe wong-wong rumangsa wedi yen mlaku ing sacedhake wit randhu mau. Aksara a saged dipunkedalaken jejeg lan miring. Saking pratelan ing nginggil tembung pundi mawon ingkang aksara a nipun dipunkedalaken jejeg ? a. sapa, rada, apa b. desaku, sawijining, randhu c. liwat, lakune, banter d. sebabe, mlaku, mau. 24. Ing pinggiring kali gedhe kancil thingak-thinguk bingung. Kaline banjir. Kamangka kancil kudu nyabrang, jalaran wis dinteni kethek. Lagi bingung -bingunge dumadakan baya menthungul. Weruh baya sing lagi karing, atine kancil bungah banget. Baya sing bisa nulung aku menyang sabrang kali, batine kancil. Aksara i miring, inggih punika aksara i ingkang dipunkedalaken e ( taling). Saking pratelan ing nginggil, aksara i miring pinanggih ing tembung . dinteni, kali b. kancil, banjir bingung, lagi atine, batine 25. . Rudi Dewi Rudi Dewi : HalloWi, iki aku ,Rudi. : O kowe, ta, Ana apa? : Piye kahanane Shinta, esuk mau? : Ora papa kok. Ya mung masuk angin biasa. Bareng takgosok balsem terus mari mumete. Rudi : Ya sukur yen ngono, dadi ora digawa menyang Puskesmas,ta? . Pacelathonipun Rudi lan Dewi wonten ing telpun wau, migunakaken basa ngoko lugu, kenging menapa? a. Amargi Dewi kapernah enem. b. Amargi pakulinan mboten nate ngangge basa krama.

a. c. d.

c. Amargi Dewi lan Rudi kanca raket ingkang sampun kulina. d. Amargi Dewi lan Rudi boten saged basa krama. 26.Kringkringkring. Mulyono : Halo,Sugeng siyang, Pak. Menapa leres menika Pak Endro? Pak Endro : Halo,sugeng siyang, inggih leres, kula Pak Endro. Mulyono : .. Pak Endro : O oo Mulyono ta,ana apa le? Mulyono :Menika lho Pak badhe matur menapa leres bilih dinten Senen badhe Ulangan Harian, Pak? Ukara ingkang trep kangge njangkepi celathunipun Mulyono inggih punika . a. Menika kula, Pak, Mulyono. b. Pak Endro saweg menapa? c. Pak Endro kabaripun sae? d. Menika kula badhe nyuwun pirsa. 27. Lastri Mbak Ardani Lastri : : Mbak piye, apa panjenengan sida tindak menyang Toko Buku? : : Ora, Las.Kepriye arep tuku buku.Ibuku dodolane lagi sepi. Ya wis mbak. Iki aku duwe tabungan sithik. .

Ukara ingkang mathuk kangge njangkepi wangsulane Lastri dhateng Mbak Ardani inggih punika . a. Mangga yen arep dianggo tuku buku! b. Mangga menawi badhe dipunagem mundhut buku! c. Kana yen arep dianggo tuku buku! d. Kana yen arep diagem mundhut buku!

28. (Dandanane rapi ,kaose dilebokake, ,jungkatane mlipis, sandhal Carville disemir barang, mlaku alon-alon arep sowan Pak Guru). Tekan daleme Pak Guru, Listyo thothok-thothok lawang. Listyo Pak Guru Listyo Pak Guru : Kula nuwun ! : Ooo kowe Lis, rene-rene ayo lungguh kene. (Karo mapanake Listyo lungguh ing ruwang tamu).Kadingaren kowe mrene, ana apa? :: .. :Oh iya ana, mengko dhisik takjupukake ( Pak Guru tindak menyang ruang tengah, mundhutake)

. Saking pethikan ing nginggil, aturipun Listyo dateng Pak Guru menawi badhe ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi inggih punika .a. Menawi kepareng, kula badhe ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi. b. Pak, ajeng ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi. c. Pak, ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawine tah, Pak. d. Ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawine nggih, Pak.

29. Simbah Titi Simbah Titi

: Kowe saka ngendi, Ndhuk? Kok yahmene lagi wae bali. : .. : Ya wis kana adus dhisik, banjur maem : Inggih, mbah.

Titi anggenipun wangsulan ngangge unggah-ungguh ingkang leres, inggih punika .a. Saka nggone Asri, mbah, sinau. b. Napa ta mbah, ndadak takon-takon barang. c. Saking griyanipun Asri, mbah, nembe sinau. d. Sekarepku ta, mbah.

30. Mas Tono Mas Narto Mas Ari Mas Budi

: Taun iki mangsa rendhenge rada nemen, ya.? : Kayong-kayonge pancen bener. Lhah, kabeh saka pokal gawene menungsa dhewek ndeyan? : Bener, bener banget. Nggundhuli alas sakepenake dhewe. Ora rumangsa dosa lan salah. : Kuwi kabeh wis cetha wela-wela. Nanging manungsa ora gelem merubah sikap.

Sinten ingkang wicanten migunakaken dhiyalek Banyumas ing nginggil? a. Mas Tono b. Mas Narto c. Mas Ari

d. Mas Budi

31. Limolas tahun kepungkur enyong egen kelingan. Kenalan karo dheke nang plalataran SMP. Enyong karo dheke padha-padha siswa baru. Ora krasa siki awake dhewek wis padha tuwane. Pratelan ing nginggil cetha ngginakaken dhialek . a. Wonosobo b. Banyumas c. Yogyakarta d. Surabaya

32. Penganten kakung kapundhut saking dalem, Jl. Gombel Permai angka 21, rikala ari anggara kasih, tabuh kaping 11.00. Ari anggara kasih punika sami kaliyan dinten .a. Jemuwah kliwon

b. Rebo pon c. Selasa Kliwon d. Selasa wage

33. Yen wis dadi priyayi luhur aja njenang gula, lali karo sanak sedulur tangga teparo. Atine kudu bening lan sumeleh. Dawa ususe uga jembar dhadhane. Sebab priyayi luhur kudu bisa dadi patuladhan. Saking pratelan ing nginggil pundi ingkang kalebet wangsalan?a. Njenang gula, lali karo sanak sedulur.

b. Atine kudu bening lan sumeleh. c. Dawa usused. Jembar dhadhane

34. Ing gapura Tugu Adipura kutha Wonosobo tinulis sengkalan Pusakaning Dwi Pujangga Nyawiji. Sengkalan wau nedahaken angka taun pinten?

a. b. c. d.

1945 1954 1852 1825

35. Pak Joko kagungan putra loro wadon kabeh. Sing mbarep kelas telu SMP, dene adhine nembe kelas lima SD. Kekarone melu ruwatan kang dianakake Dinas Pariwisata Wonosobo, amarga kekarone kalebu bocah sukerta kang diarani . a. Uger-uger lawang b. Kembang sepasang c. Gondhang kasih d. Kedhana kedhini. 36. Uripe Pak Bejo kepara rekasa. Kamangka wis dilakoni.., nyambut gawe awan bengi prasasat ora duwe sayah.Ewasemono kabutuhaning kulawarga isih durung kecukupan. Tembung entar ingkang mathuk kangge ngganepi pratelan punika . a. Nungsang jempalik b. Dawa tangane c. Adus kringet d. Gedhe endhase 37. Ing wulan Pebruari gedhong bioskop Dieng muter film Laskar Pelangi. Sing nonton jejel riyel, senajan anggone muter ora mung sedina rong dina. Aku nonton bareng kaluwargaku. Bapak, ibu lan adhi-adhiku. Ana ing loket karcis, antre. Mula kudu dawa ususe, sabar ngenteni giliran. Ing pratelan kasebat, ingkang kalebet tembung entar, inggih punika . a. Laskar Pelangi b. Jejel riyel c. Dawa ususe d. Tuku karcis 38. Midhanget kabar yen Arjuna menang anggone melu patembayan manah., sakala penggalihe Dewi Kunthi tyas. Tembung garba ingkang trep kangge ngganepi ukara kasebat . a. Aneng b. Keneng c. Sakeng d. Sukeng 39. Prapteng nagri Wiratha Wlasing driya den paringi Peranganing nagara Saking pethikan cakepan tembang wau, ingkang kalebet tuladhane tembung garba, inggih punika . a. Nagri b. Driya c. Peranganing d. prapteng

a. b. c. d.

40. Anggenipun ngendikan kepireng wijang, tatas, titis, tetes. Pramila ingkang midhangetaken sami kesengsem. Pasuryanipun ketingal manis ngujiwat, dene busananipun prasaja, ngresepaken netra. Cobi dipunsetitekaken, pratelan pundi ingkang kalebet purwakanthi . Kepireng wijang Tatas,titis,tetes Manis ngujiwat Ngresepaken netra. 41. Manuk emprit, menclok godhong tebu Dadi murid, mbok sing sregep sinau Kangge nanggapi parikan ing nginggil, parikan pundi ingkang mathuk? a. b. c. d. Manuk kutut, manggunge ngganther Yen ra manut, bisa keblinger wedang bubuk, gula jawa yen kepethuk ,ati lega kembang jagung, dipethik Cina bareng wis kadung, dikapakna godhong kecipir, mrambat kawat najan ra mampir ,nanging liwat 42. Jaman modern kaya saiki akeh wong pinter, wasis, mumpuni, trampil lan prigel. Mula, aja sok pamer kapinteran ing sadhengah papan, supaya ora kaya bebek mungsuh mliwis, mundhak kewirangan. Pratelan punika ngemu saloka, inggih punika . a. wasis lan mumpuni b. pamer kepinteran c. bebek mungsuh mliwis d. prigel lan trampil. 43. Kuwajibane bocah sekolah pancen kudu sregep sinau lan temen anggone sekolah. Nanging uga aja mung anut grubyug, mela-melu marang kanca-kancane. Kancane les matematika, melu les matematika, kancane les komputer melu les komputer, nanging dheweke ora ngerti tujuwane utawa ora ngerti karepe. Saloka ingkang mathuk kangge pratelan wau : . a. Kebo nusu gudel b. Mburu uceng kelangan dheleg. c. ula marani gebug d. Belo melu seton. 44. 190 + 31 = . Wangsulan ngginakaken basa krama ingkang leres, inggih punika . a. kalih satus setunggallikur b. kalih atus selikur c. kalih atus kalih likur d. kalih satus kalih likur

45. Saben esuk aku tangi jam setengah lima. Benah-benah paturon banjur adus. Sawise pamit bapak lan ibu , aku . sekolah. Kangge ngganepi ukara kasebat, tembung ingkang mathuk inggih punika . a.mlampah b. tindak c.budhal d. kesah 46. Sanadyan wis (tuwa) eyang putri isih cetha paningale. Menawa (maca) ora ngagem kaca tingal barang. Cobi tembung salebeting kurung dipunleresaken, supados dados ukara ingkang jangkep! a.Bangka, waos b. Sepuh, maos c.Simbah, maos d. Tuwek, maos 47. Manungsa minangka titahing Gusti Allah, kedah nggadhahi raos syukur lan panarimah (supaya uripe) ayem lan tentrem. Tembung ing salebeting kurung kramanipun ... . a. pramila gesangipun b. jalaran gesangipun c. amargi gesangipun d. supados gesangipun 48. Direktur ing perusahaan gedhe mesthi kagungan sekretaris. Pak Lurah ing Kantor Kelurahan uga kagungan juru tulis kang diarani .. a. empu b. Kades c. carik d. emban Kangge mangsuli pitaken no. 49 lan 50, mangga setitekaken pratelan ing ngandhap punika! 1. Nuwun Kanthi serat menika, kula ngantu-antu rawuh panjenengan ing dinten : Setu, surya kaping 10 Mei 2009 ing griya kula, Madusari 2. Nuwun,Kanthi serat menika, kula minangka wali murid saking Lia Kamal, kelas IX B, ngaturi priksa bilih lare kasebat ing dinten menika boten saged tumut piwulangan, amargi sakit wetengipun.. 3. Nuwun, Ibu ingkang kula tresnani, kanthi serat menika, kang putra ngaturi uninga bilih kalih wulan malih, sekolah badhe ngawontenaken program tambahan, pramila . 4. Ibu, Tantri wangsul jam 15.00 amargi badhe sinau sesarengan ing griyanipun Susan. Nuwun 49. Wonten pratelan ing nginggil ingkang kawastanan serat kitir , ing pratelan no . a. 1 b. 2 c. 3 d. 4

50. Dene ingkang kawastanan serat ulem, inggih menika no a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 51. Sasampunipun nyawisaken bahan bahanipun, tatacara damel ali- ali saking mote, inggih punika : . 1. mote dilebokake ing senar 2. diukur sacukupe driji. 3 Cara kang no 3 . a. Ditambahi mote maneh b. Senare ditambahi c. Senar A Lan B digathukake banjur diobong. d. Wis dadi 52. Pak Burhanudin tindak Jakarta, bis Sinar Jaya. Tembung kang trep kangge njangkepi ukara punika . a. kondur b. nitih c. ngasta d.kagungan. 53. Yen disawang saka kadohan, omah kae isih katon kukuh. Bareng dicepaki nembe ketara yen sakane wis dhoyong lan kropos. Tembung sakane ing ukara iku duwe teges a. asal b. mula c. cagak d. payon 54. Bocah-bocah ing kampung Sewon, Bantul, sinau (gawe) dolanan wayang saka gerdus. Bocah-bocah iku (sinau) tokoh wayang mung sarana ngrungokake crita lan (waca) buku. Supados suraosipun cetha, tembung-tembung lingga salebing kurung manawi dipunowahi dados tembung andhahan ingkang trep, inggih punika . a. Nggawe, nyinaoni, maca b. Digawe,disinau, diwaca c. Gawe-gawe, sinau-sinau,waca-waca d. Dakgaweni, daksinau, dakwaca 55. Sabubare sekolah, Andari sinau bareng karo kancane sakelas. Sadurunge mangkat, dheweke pamitan karo ibune dhisik. Supaya ibune ora kuwatir, amarga anggone sinau nganti sasore. Ing pratelan kasebat, ater-ater sa igkang ateges bareng wis, pinanggih ing tembung . a. Sakelas b. Sabubare c. Sasore d. Sadurunge.

b.

56. (1) Siswa siswi SMP padha nguri-uri kabudayan Jawa. (2) Guru basa Jawa dadi semangat kanggo nglatih siswane ing babagan Macapat, maca geguritan lan uga sesorah Basa Jawa. (3) Lomba Basa Jawa dieloni dening SMP sa Kabupaten Wonosobo. (4) Sing dadi juara lomba Basa Jawa, SMP 2 Putra Bangsa, SMP 2 Mulya Siswa, SMP 2 Tepa Tuladha. Ukara lamba ing pratelan punika pinanggih ing ukara angka .: a. 1, 2 c. 2,3 1, 3 d. 3,4 57. Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran : a. Dania latihan nari saben dina Kemis sore. b. Dani kepilih dadi ketua OSIS taun 2009. c. Retno ngumpulake kancane ing omahe. d. Dewi lan Wulan mlaku-mlaku menyang Malioboro, banjur mampir menyang kraton Yogyakarta 58. Wong urip tanpa banyu iku ngayawara. Banyu dasanamane , iku ya bisa digawe wedang, we kang didang. Ana uga kang diarani tirta suci, yaiku banyu kang miturut wong akeh, dianggep suci lan bisa dianggo sarate sawijining upacara. Dasanamane banyu kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg iku . a. arga b. tyas c. soca d. toya 59. Miturut nom tuwane, Kasusastran Jawa kaperang dadi 3, yaiku . a. Jaman pra sejarah, Jawa tengahan, Jaman Islam b. Jawa kuna, Jaman sejarah, Jawa anyar c. Jawa kuna, Jawa tengahan, Jawa anyar d. Jaman pra sejarah, jaman sejarah, Jawa moderen, 60. Raden Ajeng Srini lan R.M Riyanto iku padha-padha trahing ngaluhur ing Solo. Karane R.M Riyanto iku Mas Riyo. R.M Riyanto putrane R,A Natasewaya. Wis tekan dhiwasa durung kersa krama tur senengane dolan. Sejatine R.M Riyanto iku dudu bocah sing mrusal. Nanging ibune kuwatir mundhak selak nerak pager ayu. Kabeh pituture ibune supaya kersaa ora dolan ora digugu. Sing didhawuhi nyrateni R.M Riyanto yaiku putra keponakane, jenenge R.A. Nestri. Crita kasebut pethikan saka asiling kasusastran jawa modern kang irah-irahane Ngulandara Serat Riyanto Rembulan Kasaput Mendhung Calon Arang.

a. b. c. d.

KUNCI PAKET A ( UTAMA)

Mata Pelajaran Kelas

: Bahasa Jawa : IX (sembilan)

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20

B C A D C B A A D B A D B D C A B D C A

21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31 32 33 34 35 36 37 38 39 40

B D A B C A D A C B A C A D B C C D D B

41 42 43 44 45 46 47 48 49 50 51 52 53 54 55 56 57 58 59 60

A C D B C B D C D A C B C A B B D D C B

NORMA PENILAIAN UJIAN SEKOLAH

MAPEL : BAHASA JAWA SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15

1,66 3,33 5,00 6,66 8,33 10 11,66 13,33 15 16,66 18,33 20 21,66 23,33 25

16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30

26,66 28,33 30 31,66 33,33 35 36,66 38,33 40 41,66 43,33 45 46,66 48,33 50

31 32 33 34 35 36 37 38 39 40 41 42 43 44 45

51,66 53,33 55 56,66 58,33 60 61,66 63,33 65 66,66 68,33 70 71,66 73,33 75

46 47 48 49 50 51 52 53 54 55 56 57 58 59 60

76,66 78,33 80 81,66 83,33 85 86,66 88,33 90 91,66 93,33 95 96,66 98,33 100

UJIAN SEKOLAHPEMERINTAH KABUPATEN WONOSOBODINAS PENDIDIKAN, PEMUDA DAN OLAH RAGATAHUN PELAJARAN 2008 / 2009

LEMBAR SOAL Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : IX ( Sembilan ) Hari / Tanggal : Senin, 11 Mei 2009 Waktu : 10.00 11.30 WIB (90 menit) Paket : A (susulan) Petunjuk Umum 1. Tulislah lebih dahulu nama dan nomor Test pada lembar jawaban yang tersedia. 2. Periksa dan bacalah dengan teliti sebelum mengerjakan ! 3. Untuk soal pilihan ganda, silanglah salah satu huruf pada jawaban yang paling benar.. 4. Dilarang menggunakan kalkulator, HP, daftar logaritma maupun alat hitung lainnya. 5. Mintalah kertas CD / buram bila diperlukan.I. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi milih pratelan a, b,c utawa d sing paling bener! 1 RECA KUNA TELU DITEMOKAKE. Reca telu, relief lan pecahan bata cacah atusan kang dinuga tinggalane karajan jaman kawuri ditemokake ana desa Sumbercangkring kecamatan Gurah, Kediri.Adhedhasar peprincene Kepala Seksi Seni Budaya Dinas Pariwisata Kabupaten Kediri, Suradi, barang--barang purbakala kang ditemokake mau arupa sirahe reca Dwarwapala kanthi dhuwur 98 cm, sirah Ganesya dhuwur 16 cm, sarta sirah reca sing durung bisa diidentifikasi wujude. Lokasi temonan barang purbakala mau manggon ana tegale Imam Syafii.Kang nemokake reca-reca mau buruh nyithak bata telu, yaiku Saiin(47 taun), Prapto (23 taun) lan Kasan (27 taun). Saking pawarta kalawau kaserat asma Suradi, panjenenganipun.................................... a. Piyantun ingkang nemokaken reca b. Piyantun ingkang remen ngoleksi barang-barang kina c. Kepala Seksi Seni Budaya Dinas Pariwisata Kediri d. Kepala Dhusun Sumbercangkring 2 Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan,sepinten usaha saha ikhtiyaripun bapak Wiramardi ingkang supados putra kekalih menika saged kaemong,nanging gandheng sedaya pepesthen menika sedaya wau wonten ing astanipun Pangeran Ingkang Mahakuwaos, pramila kanthi tentrem kala wingi jam pitu putra kekalih menika kapundhut sowan wonten ing pangayunaning Pangeran. Pramila sumangga kita sami andedonga mugi-mugi putra kekalih saged katampi wonten ing ngarsanipun Pangeran kanthi papan samestinipun. Pratelan ing nginggil manut surasanipun kalebet tanggap wacana ing adicara......................................

a. b. c. d.

Mitoni bayi kesripahan tedhak siti sunatan

3 Nuwun para sedherek kakung putri ingkang minulya, Kados sampun kapacak ing serat ulem bilih ing dinten menika penggalihipun bapak saha ibu Darsowiyono sakaluwarga, mliginipun kangmas Adi Hirawan, rumaos bombong lan mongkog awit menapa ingkang dados gegayuhanipun sampun saestu kasembadan. Inggih menika rikala tanggal 29 Juni 2008 dereng dangu menika kangmas Adi Hirawan sampun winisuda minangka sarjana ing babagan basa lan kasusastran Jawi saking Universitas Semarang. Pramila boten sanes kula sakanca namung ndherek muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah. Menapa suraosipun tanggap wacana ing nginggil.................................. a. Tasyakuran adicara penganten b. Slametan kesripahan c. Tasyakuran adicara wisuda sarjana d. Tasyakuran adicara lamaran 4 TKI 100 EWU BAKAL DIULIHAKE. Pekerja asal Indonesia cacah 100 ewu kang nyambut gawe ing Malaysia bakal diulihake sasuwene taun 2009 iki. Penyebabe Malaysia lagi ngalami krisis, saengga njalari pertumbuhan ekonomine rendhet. Temahane proyek-proyek bangunan sing sasuwene iki ditandhangi pekerja asal Indonesia melu mandheg. Duta Besar republik Indonesia ing Malasyia Dai Bachtiar, Senen(2/2), Negara Jiran iku bakal miwiti nyuda tenaga kerja asing, klebu Indonesia. Menapa jalaranipun para TKI badhe dipunwangsulaken dhateng Indonesia............................... a.Amargi Pemerintah Indonesia pancen krenteg badhe narik para TKI wangsul. b Amargi TenagaKerja Indonesia kirang pinter anggenipun nyambut damel c.Amargi proyek-proyekipun sampun rampung d.Amargi Malaysia ngalami krisis ekonomi 5 NIKON D90 DSLR KANGGO PROFESIONAL Salah sijine kamera DSLR weton Nikon kang paling gres.Bisa ngrekam obyek obah alias video. Nikon DX90 iki ,bisa ngasilake gambar engga 850 gambar tanpa perlu ngisi bateraine.Enggal mundhuta Nikon D90. Pariwara kalawau nawekaken barang awujud................................. a. kamera b. hand phone c.televisi d.tape recorder 6 Sore kuwi macan entuk mangsan kidang.Ndilalah ana balunge kidang sing nyanggrok nancep ing gorokane. Macan gereng-gereng kelaran. manuk gaok nulungi, lan dijanjeni macan bakal diwenehi ati kidang.Sawijining wektu macan entuk mangsan kidang maneh.Gaok nagih janji nanging macan malah mblenjani. Gaok lunga nglumpukake kanca-kancane arep melehake macan. Macan gegidro kelaran amarga dikroyok dening

kewan-kewan cilik kancane Gaok. Gaok kekablak melehake macan sing ora netepi janji. Saking cuplikan cariyos fabel ing nginggil ngemot piweling................................. a.janji kedah dipuntetepi b.watak gumedhe menika boten sae c.rukun adamel santosa d.gesang kedah tulung tinulung 7 Wis telung dina iki aku ana desa. Pancen sida bali,sanadyan beda banget karo apa sing nate dakimpekake. Saperangan pancen bener. Kayata banyu kincling-kincling sing agung. Desaku sing tentrem lan sesawangan endah. Saliyane kuwi wis ora ana maneh. Uripku wis diremed, dirampas lan disiya-siya kutha Jakarta kang jare kondhang loma menehi panguripan. Kepriye olehku ora nggrantes, jer nyatane Mas Has, bapakke anakanakku wis tinggal donya amarga pandakwa sing ngayawara. Saiki aku nyoba urip ninggalake wewayangan panguripanku biyen nalika ana Jakarta.Uga aku nyoba ora getun, jer sadurunge tinggal donya Mas Has tansah nggereng-gereng yen dheweke kepengin bali nyang asale. Saiki kanyatan. Aku lila. (Kapethik saking cerkak Jakarta) Menawi maos pethikan cerkak ing nginggil saged kapendhet satunggaling piwulang sae inggih menika................................ a. Ing kaluwarga kedah tansah tulung tinulung b.Gesang ing kitha ageng kedah nggadhahi kekendelan c.Tiyang gesang kedah manut pranatan nagari d. Nglampahi gesang ing donya kedah tatag,tanggon lan lila legawa 8 KEWIRANGAN Bu Sulis Parinem Bu Sulis Parinem Bu Sulis : (ngundang) Par ! Parinem ! Mrenea, Par ! : (nyedak) Dalem, bu. : Kowe sowana Pak Kusuma, nemoni den Andriana. : Nyaosaken arta malih menapa? : Lha, iki mau aku mentas tampa layang maneh. Jare si Andri kuwi butuh kanggo ngrakit gelange. Jare gelange Andri njaluk ditretes. Berliyane wis ana nanging ongkose ndandakake sing ora ana. Parinem : Kala emben menika jamipun, samenika gelangipun!Wah, lha kok kapingkaping nggih,Bu? Bu Sulis : Pancen. Coba, ta.Lagi pirang dina nggone tukar cincin si Agung karo Andriana, wis pirang ewu dhuwitku bablas. Aku ya gumun lan ngungun kok,Par. Lagi saiki wae jalukane wis werna-werna. Mengko yen wis dadi garwane terus kepiye? Parinem : Wah nggih cetha niku ngereti,bu. Bu Sulis : Mangka yen ndeleng bocahe ki rak ya alus,lomah-lameh kaya ora duwe maksud apa-apa. Lan apa-apa mung nggih hiya,ta? Parinem : Inggih. Wah jan, den rara Andriana niku ayu,alus lan miyayeni je.............. Saking pethikan teks drama menika kagambaraken bilih paraga Andriana nggadhahi watak............. a. Awon b. Sae c. kirang setiti d. alus lan jujur

9 WARA-WARA PSTK ITB NGAWONTENAKEN LOMBA KARAWITAN Kangge ningkataken raos tresna budaya Jawa PSTK ITB (Paguyuban Seni Tari lan Karawitan Jawa) badhe ngawontenaken lomba karawitan sapulo Jawi, kanthi bebana utawi hadiyah Piala bergilir Sri Sultan Hamengkubuwana IX. Lomba mligi kangge kelompok karawitan saking tanah Jawi ingkang madegipun udakawis setahun saderengipun lomba kaadanan. Saking wara-wara ing nginggil PSTK ITB ngawontenaken lomba karawitan kanthi ancas tujuwan................................................ a.Kagem mbagi-bagi bebana utawi hadiyah b Kangge ningkataken raos tresna dhateng kabudayan Jawi c. .Kagem narik kawigatosan para generasi mudha d.Kangge pakurmatan dumateng Sri Sultan Hamengkubuwono IX 10 PITUTUR Dhandhanggula Ana maneh pitutur prayogi Lamun sira wus ndungkap diwasa Dadya janma utamane Mbangun turut mring guru Bapa ibu tan kena kari Manembah mring hyang suksma Ugi para sepuh ........................................................ Piweling ingkang sinerat ing tembang Dhandhanggula bilih para nem-neman kedah manembah dhateng.............. a. Hyang Suksma b.guru c.bapa lan ibu d. janma utama 11 MANUNGSA Darbe tutuk Sanajan wasis micara Luwih utama lamun bisa njaga ruming wicaranira Darbe rasa Bisaa akarya laras tyasing sasama Haywa kongsi akarya miris Ananging bisaa akarya merak ati (kapethik saking Panjebar Semangat) Piweling luhur menapa ingkang kaemot ing geguritan menika..................................... a.manungsa kedah remen wicara b.manungsa kedah nggadahi raos miris c. manungsa kedah micara ngangge tutukipun lan ngrumaosi paling sampurna d. manungsa kedah njagi wicaranipun lan sageda damel remenipun tiyang sanes 12 WISATAWAN 5 ICAL ING PARANGTRITIS Mahasiswa Institut Pertanian Stiper,Yogyakarta cacah kalih lan siswa SMP Muhamadiyah 1 Paguyangan, Brebes, Jawa Tengah cacah tiga ical kaseret ombakipun pesisir Parangtritis, Bantul (31/1).Midherek sekretaris Tim SAR Pesisir Parangtritis,

Taufik Fatih Usman, prastawa kalawau kadadosan watawis tabuh 05.45. Para wisatawan kasebat katrem lelumban ing kedhung(palung) ingkang mbebayani. Korban boten maelu sanadyan sampun kaserat papan pepeling supados mboten kenging dolanan utawi lelumban ing kedhung menika. Tim SAR sampun nlusur ing pesisir Parangtritis, nanging engga titi pawarta menika kaserat, kurban-kurban wau dereng kasil kapanggih. Menapa sebabipun para kurban kaseret ombak Parangtritis............................... a.amargi para kurban boten saged nglali b.amargi para kurban boten maelu papan pepeling supados boten lelumban ing Parangtritis c.amargi para kurban taksih alit d.amargi ing Parangtritis boten wonten Tim SAR 13 RASA KAMANUNGSAN Dening : Anas Pribadi PMI kiprah ing jagading kamanungsan Udan barat, gunung njeblug Kali banjir,omah kobong Cukat trengginas PMI tandang Pambiyantu suwung pamrihe ................................................ Saking cuplikan geguritan menika kacetha bilih PMI nindakaken tugas luhur ing jagading....... a.Pendidikan b Kamanungsan c. Pemerintahan d.Ekonomi 14 Dewi Sinta sigra kabekta dhateng Alengka sarta kabujuk supados purun kagarwa dening Rahwana. Rahwana duka amargi Sinta matur menawi boten purun lan tansah kengetan Rama, lajeng dhawuh supados Sinta kajagi dening raseksiraseksi ingkang galak-galak saha ndrawasi. Papan dumadosing crita kalawau ing pundi? a.Astina b. Amarta c. Alengka d.Atas Angin 15 Cariyosipun Dewi Sinta lan Rama kados pethikan ing nginggil sampun kawentar ing satengahing masyarakat Jawi.Dewi Sinta sageda dados patuladhan tumpraping para wanita, inggih menika supados....................... a.saged njagi kautaman lan setya tuhu dhateng garwa b.saged njagi kasulistyan(ayu) supados dipuntresnani sok sintena kemawon c.saged njagi kasarasaning badan d. saged njagi pangandikaninpun (omong) Prabu Dasarata inggih tiyang sepuhipun Rama kagungan mitra kenthel inggih punika peksi Jathayu. Nalika Jathayu nyumerepi Dewi Sinta, garwanipun Rama kaglandhang Rahwana, piyambakipun enggal mitulungi. Sinta dipunrebut, nanging Rahwana ngukuhi. Jathayu asor ing yuda,swiwinipun ingkang kiwa sengkleh tugel.

16

Sanadyan menggeh-menggeh meh koncatan nyawa, Jathayu taksih saged matur dhateng Rama menawi Dewi Sinta kadhusta dening Rahwana. Menika minangka bukti bilih Jathayu nggadhahi watak........................... a.angkara murka b.kumendel c.jujur d.setya tuhu lan ngabekti dhateng mitra sejati 17 Kula taksih kemutan kala semanten kula nembe kelas 3 SD. Kula lan kaluwarga dolan dhateng Dieng Plateau. Hawanipun ingkang asrep sanget njalari untu kula kraos sakit. Swasana ingkang kedahipun ngremenaken dados kosok wangsulipun. Sadawaning margi kula namung nangis boten saged ngampet raosing sakit. Cariyos pengalaman pribadi menika kalampahan nalika kapan? a.tahun 2009 b. nalika paraga ing cariyos menika kelas 3 SD c.sedasa tahun kepengker d. nembe kemawon ?UmiAminhaibunipun\IsKnF/. Kados pamaosipun ukara mawi aksara Jawi ing nginggil............................. a. Aminah uminipun Iskandar b.Umi Asiyah ibunipun Iskandar c.Aminah ibunipun Umi lan Iskandar d. Umi Aminah ibunipun Iskandar ?ges=mnu=skf-ck]m=gili=zn\, Menawi kaserat latin ingkang leres panyeratipun................. a. gesanging manungsa kadiya cakra manggilingan b. gesang manungsa kadiya cakera manggilingan c. gesang manungsa kadya cakra manggilingan d. gesangipun manungsa kadya cakra manggilingan ?s}[z[zjumedulSki=sisih . a. [wtn\ b. kiful\ c. ki[ln\ d. [l/ ?saikitaun\ ;2007;aumu/ku ;14;taun\, Manut ukara ing ndhuwur saiki tahun pira? a. 2009 b. 2007 c. 2008 d. 2005 ?nlikAf+nMg+`ibZ|mnD=,j+kriyhtumujul=g/. Kepriye pamacane? a. Nalika adzan isya Zakariya tumuju langgar. b. Nalika azan magrib, Zakariya tumuju langgar c. Nalika adzan maghrib, Zaskiya tumuju langgar

18

19

20

21

22

d. Nalika adzan maghrib ngumandhang, Zakariya tumuju langgar. 23 Ing pinggiring kali gedhe kancil thingak-thinguk bingung. Kaline banjir. Kamangka kancil kudu nyabrang,jalaran wis dinteni kethek. Lagi bingung -bingunge dumadakan baya menthungul.Weruh baya sing lagi karing, atine kancil bungah banget.Baya sing bisa nulung aku menyang sabrang kali. batine kancil. Aksara i miring, yaiku aksara i sing dikedalake e ( taling). Saka pratelan ing dhuwur, aksara i miring tinemu ing tembung. a. dinteni, kali b. kancil, banjir c. bingung , lagi d. atine, batine 24 Ing pojoking desaku ana sawijining wit randhu gedhe. Sing sapa liwat cedhak wit kuwi mesthi lakune rada banter. Embuh apa sebabe wong-wong rumangsa wedi yen mlaku ing sacedhake wit randhu mau. Aksara a bisa dikedalake jejeg lan miring. Saka pratelan ing dhuwur tembung endi bae sing aksara a ne dikedalake jejeg..................... a. sapa, rada, apa b. desaku, sawijining, randhu c. liwat, lakune, banter d. sebabe, mlaku, mau. .Kringkringkring. Mulyono : Halo,Sugeng siyang, Pak. Menapa leres menika Pak Endro? Pak Endro : Halo,sugeng siyang, inggih leres, kula Pak Endro. Mulyono : .. Pak Endro : O oo Mulyono ta,ana apa le? Mulyono :Menika lho Pak badhe matur menapa leres bilih dinten Senen badhe Ulangan Harian, Pak? Ukara kang trep kanggo njangkepi celathune Mulyono yaiku. a. Menika kula, Pak, Mulyono. b. Pak Endro saweg menapa? c. Pak Endro kabaripun sae? d. Menika kula badhe nyuwun pirsa. . Lastri : Mbak piye, apa panjenengan sida tindak menyang Toko Buku?Mbak Ardani Lastri : : Ora, Las.Kepriye arep tuku buku.Ibuku dodolane lagi sepi. Ya wis mbak. Iki aku sithik. duwe tabungan

25

26

Ukara kang mathuk kanggo ngganepi wangsulane Lastri marang Mbak Ardani yaiku.. a. Mangga yen arep dianggo tuku buku! b. Mangga menawi badhe dipunagem mundhut buku! c. Kana yen arep dianggo tuku buku! d. Kana yen arep diagem mundhut buku!

27

:HalloWi, iki aku ,Rudi. :O.kowe, ta, Ana apa? :Piye kahanane Shinta, esuk mau? :Ora papa kok. Ya mung masuk angin biasa.Bareng takgosok balsem terus mari mumete. Rudi :Ya syukur yen ngono, dadi ora digawa menyang Puskesmas,ta? Pacelathone Rudi lan Dewi ana ing telpun mau, migunakake basa ngoko lugu, kenangapa? a. Amarga Dewi kapernah enem. b. Amarga pakulinane ora tau nganggo basa krama. c. Amarga Dewi lan Rudi kanca raket kang wis kulina. d. Amarga Dewi lan Rudi ora bisa basa krama. 28 (Dandanane rapi,kaose dilebokake, ,jungkatane mlipis, sandal Carville disemir barang, mlaku alon-alon arep sowan Pak Guru). Tekan daleme Pak Guru, Listyo thothok-thothok lawang.Listyo Pak Guru Listyo Pak Guru : Kula nuwun..! : ooo kowe Lis, rene-rene ayo lungguh kene. (Karo mapanake Listyo lungguh ing ruwang tamu).Kadingaren kowe mrene, ana apa? :: .. :Oh iya ana, kosik takjupukake ( Pak Guru tindak menyang ruang tengah, mundhutake)

Rudi Dewi Rudi Dewi

.. Saka pethikan ing ndhuwur, ature Lisyo marang Pak Guru menawa arep ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi yaiku. a. Menawi kepareng, kula badhe ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi. b. Pak,ajeng ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawi. c. Pak, ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawine tah, Pak. d. Ngampil buku Gladhen Maos Seratan Jawine nggih, Pak.

29

Simbah : Kowe saka ngendi, Ndhuk? Kok yahmene lagi wae bali.Titi Simbah Titi : .. : Ya wis kana adus dhisik, banjur maem : Inggih, mbah.

Titi anggone wangsulan nganggo unggah-ungguh kang bener, yaiku.. a. Saka nggone Asri, mbah, sinau. b. Napa ta mbah, ndadak takon-takon barang.

c. Saking griyanipun Asri,mbah, nembe sinau. d. Sekarepku ta, mbah.

30

Limolas tahun kepungkur enyong egen kelingan. Kenalan karo dheke nang plalataran SMP.Enyong karo dheke padha-padha siswa baru. Ora krasa siki awake dhewek wis padha tuwane.Pratelan ing dhuwur wis cetha migunakake dhiyalek . a. Wonosobo b. Banyumas c. Yogyakarta d. Surabaya

31

Penganten kakung kapundhut saking dalem, Jl. Gombel Permai angka 21, rikala ari anggara kasih, tabuh kaping 11.00.Ari anggara kasih iku padha karo dina . a. Jemuwah kliwon b. Rebo pon c. Selasa Kliwon d. Selasa wage

32

Yen wis dadi priyayi luhur aja njenang gula, lali karo sanak sedulur tangga teparo. Atine kudu bening lan sumeleh. Dawa ususe uga jembar dhadhane. Sebab priyayi luhur kudu bisa dadi patuladhan.Saka pratelan kuwi, endi kang kalebu wangsalan? a. Njenang gula, lali karo sanak sedulur. b. Atine kudu bening lan sumeleh. c. Dawa ususe d. Jembar dhadhane

33

Ing gapura Tugu Adipura kutha Wonosobo tinulis sengkalan kang unine Pusakaning Dwi Pujangga Nyawiji, nudhuhake angka taun pira? a. 1945 b. 1954 c. 1852

d. 1825 34 Mas TonoMas Narto Mas Ari Mas Budi

: Taun iki mangsa rendhenge rada nemen, ya.: Kayong-kayonge pancen bener. Lhah, kabeh saka pokal gawene menungsa dhewek ndeyan? : Bener, bener banget. Nggundhuli alas sakepenake dhewe. Ora rumangsa lan salah. dosa

: Kuwi kabeh wis cetha wela-wela. Nanging manungsa ora gelem merubah sikap.

Sapa kang omongan migunakake dhiyalek Banyumas? a. Mas Tono b. Mas Narto c. Mas Ari

Mas Budi 35 Pak Joko kagungan putra loro wadon kabeh. Sing mbarep kelas telu SMP, dene adhine nembe kelas lima SD. Kekarone melu ruwatan kang dianakake Dinas Pariwisata Wonosobo, amarga kekarone kalebu bocah sukerta kang diarani . a. Uger-uger lawang b. Kembang sepasang c. Gondhang kasih d. Kedhana kedhini. 36 Uripe Pak Bejo kepara rekasa. Kamangka wis dilakoni.., nyambut gawe awan bengi prasasat ora duwe sayah.Ewasemono kabutuhaning kulawarga isih durung kecukupan. Tembung entar kang mathuk kanggo ngganepi pratelan kuwi yaiku . a. Nungsang jempalik b. Dawa tangane c. Adus kringet d. Gedhe endase Ing wulan Pebruari gedhong bioskop Dieng muter film Laskar Pelangi. Sing nonton jejel riyel, senajan anggone muter ora mung sedina rong dina. Aku nonton bareng kaluwargaku. Bapak, ibu lan adhi-adhiku. Ana ing loket karcis, antri. Mula kudu dawa ususe, sabar ngenteni giliran. Ing pratelan kasebut kang kalebu tembung entar, yaiku. a. Laskar Pelangi b. Jejel riyel c. Dawa ususe d. Tuku karcis Midhanget kabar yen Arjuna menang anggone melu patembayan manah., sakala penggalihe Dewi Kunthi . tyas. Tembung garba kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut . a. Aneng b. Keneng

37

38

c. Sakeng d. Sukeng 39 Prapteng nagri Wiratha Wlasing driya den paringi Peranganing nagara saka pethikan cakepan tembang iku, kang kalebu tuladhane tembung garba yaiku. a. Nagri b. Driya c. Peranganing d. prapteng Anggenipun ngendikan kepireng wijang, tatas, titis, tetes. Pramila ingkang midhangetaken sami kesengsem. Pasuryanipun ketingal manis ngujiwat, dene busananipun prasaja, ngresepaken netra. Setitekna endi saka pratelan mau kang kalebu purwakanthi . a. Kepireng wijang b. Tatas,titis,tetes c. Manis ngujiwat d. Ngresepaken netra. Manuk emprit, menclok godhong tebu Dadi murid, mbok sing sregep sinau Kanggo mangsuli parikan ing dhuwur, parikan endi kang mathuk? a. Manuk kutut, manggunge ngganther Yen ra manut ,bisa keblinger b. wedang bubuk, gula jawa yen kepethuk ,ati lega c. kembang jagung, dipethik Cina bareng wis kadung, dikapakna d. godhong kecipir, mrambat kawat najan ra mampir ,nanging liwat 42 Jaman modern kaya saiki akeh wong pinter.Wasis, mumpuni, trampil lan prigel.Mula aja sok pamer kapinteran ing sadhengah papan, supaya ora kaya bebek mungsuh mliwis, mundhak kewirangan. Pratelan iku ngemu saloka, yaiku . a.wasis lan mumpuni b.pamer kepinteran c.bebek mungsuh mliwis d.prigel lan trampil. bocah sekolah kudu sregep sinau lan temen anggone sekolah. Aja mung nuruti rasa. Kesed, wegah kangelan lan ora gelem prihatin. Aja nganti amarga nuruti bab kang sepele, kuwajiban sing utama dadi kether. Wusanane getun tiba mburi. Saloka kang mathuk kanggo pratelan mau yaiku . a. Kebo nusu gudel b. belo melu seton c. ula marani gebug

40

41

43

d.mburu uceng kelangan deleg 44 190 + 31 = . Wangsulan migunakake basa krama kang bener yaiku . a.kalih satus setunggallikur b.kalih atus selikur c.kalih atus kalih likur d.kalih satus kalih likur Saben esuk aku tangi jam setengah lima. Benah-benah paturon banjur adus. Sawise pamit bapak lan ibu , aku . sekolah. Kanggo ngganepi ukara kasebut, tembung kang mathuk yaiku a.mlampah b.tindak c.budhal d.kesah Sanadyan wis (tuwa) eyang putri isih cetha paningale. Menawa (maca) ora ngagem kaca tingal barang. Coba tembung sajroning kurung dibenerna, supaya dadi ukara kang jangkep! a.Bangka, waos b. Sepuh, maos c.Simbah, maos d. Tuwek, maos Manungsa minangka titahing Gusti Allah, kedah nggadhahi raos syukur lan panarimah (supaya uripe) ayem lan tentrem. Tembung ing sajroning kurung kramakna! a. pramila gesangipun b. jalaran gesangipun c. amargi gesangipun d. supados gesangipun

45

46

47

48

Direktur ing perusahaan gedhe mesthi kagungan sekretaris. Pak Lurah ing Kantor Kelurahan uga kagungan juru tulis kang diarani .. a. empu b. Kades c. carik d. emban Kanggo mangsuli pitakon no. 49 lan 50, setitekna pratelan ing ngisor iki! 1. Nuwun Kanthi serat menika, kula ngantu-antu rawuh panjenengan ing dinten : Setu, surya kaping 10 Mei 2009 ing griya kula, Madusari 2. Nuwun,Kanthi serat menika, kula minangka wali murid saking Lia Kamal, kelas IX B ing dinten menika boten saged tumut piwulangan, amargi sakit wetengipun.. 3. Nuwun, Ibu ingkang kula tresnani, kanthi serat menika, kang putra ngaturi uninga bilih kalih wulan malih, sekolah badhe ngawontenaken program tambahan, pramila .

4.Ibu, Tantri wangsul jam 15.00 amargi badhe sinau sesarengan ing griyanipun Susan. Nuwun 49 Wonten pratelan ing nginggil ingkang kawastanan serat kitir , ing pratelan no . a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 50 Dene ingkang kawastanan serat ulem, inggih menika no a. 1 b. 2 d. 4 c. 3

51

Sawise nyawisake bahan bahane, tatacarane gawe ali- ali saka mote, yaiku 1. mote dilebokake ing senar 2. diukur sacukupe driji. 3 Cara kang no 3 yaiku . a. Ditambahi mote maneh b. Senare ditambahi c. Senar A Lan B digathukake banjur diobong. d. Wis dadi Pak Burhanudin tindak Jakarta, bis Sinar Jaya. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara iku . a. kondur b. nitih c. ngasta d.kagungan. Yen disawang saka kadohan, omah kae isih katon kukuh. Bareng dicepaki nembe ketara yen sakane wis dhoyong lan kropos. Tembung sakane ing ukara iku duwe teges a. asal b. mula c. cagak d. payon Bocah-bocah ing kampung Sewon, Bantul, sinau (gawe) dolanan wayang saka gerdus.Bocah-bocah iku (sinau) tokoh wayang mung sarana ngrungokake crita lan (waca) buku. Supaya surasane cetha, tembung-tembung lingga sajroning kurung owahana dadi tembung andhahan kang trep, yaiku . a. Nggawe, nyinaoni, maca b. Digawe,disinau, diwaca c. Gawe-gawe, sinau-sinau,waca-waca d. Dakgaweni, daksinau, dakwaca Sabubare sekolah, Andari sinau bareng karo kancane sakelas. Sadurunge mangkat, dheweke pamitan karo ibune dhisik. Supaya ibune ora kuwatir, amarga anggone sinau nganti sasore. Ing pratelan kasebut, ater-ater sa kang ateges bareng wis, tinemu ing tembung a. Sakelas

52

53

54

55

b. Sabubare c. Sasore d. Sadurunge. 56 (1) Siswa siswi SMP padha nguri-uri kabudayan Jawa. (2) Guru basa Jawa dadi semangat kanggo nglatih siswane ing babagan Macapat, maca geguritan lan uga sesorah Basa Jawa. (3) Lomba Basa Jawa dieloni dening SMP sa Kabupaten Wonosobo. (4) Sing dadi juara lomba Basa Jawa, SMP 2 Putra Bangsa, SMP 2 Mulya Siswa, SMP 2 Tepa Tuladha. Ukara lamba ing pratelan iku tinemu ing angka .: a. 1, 2 c. 2,3 b. 1, 3 d. 3,4 Raden Ajeng Srini lan R.M Riyanto iku padha-padha trahing ngaluhur ing Solo. Karane R.M Riyanto iku Mas Riyo. R.M Riyanto putrane R,A Natasewaya. Wis tekan dhiwasa durung kersa krama tur senengane dolan. Sejatine R.M Riyanto iku dudu bocah sing mrusal. Nanging ibune kuwatir mundhak selak nerak pager ayu. Kabeh pituture ibune supaya kersaa ora dolan ora digugu. Sing didhawuhi nyrateni R.M Riyanto yaiku putra keponakane, jenenge R.A. Nestri. Crita kasebut pethikan saka asiling kasusastran jawa modern kang irah-irahane a. Ngulandara b. Serat Riyanto c. Rembulan Kasaput Mendhung d. Calon Arang. Wong urip tanpa banyu iku ngayawara. Banyu dasanamane , iku ya bisa digawe wedang, we kang didang. Ana uga kang diarani tirta suci, yaiku banyu kang miturut wong akeh, dianggep suci lan bisa dianggo sarate sawijining upacara. Dasanamane banyu kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg iku . a. arga b. tyas c. soca d. toya Miturut nom tuwane, Kasusastran Jawa kaperang dadi 3, yaiku . . a. Jaman pra sejarah, Jawa tengahan, Jaman Islam b. Jawa kuna, Jaman sejarah, Jawa anyar c. Jawa kuna, Jawa tengahan, Jawa anyar d. Jaman pra sejarah, jaman sejarah, Jawa moderen, Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran : a. Dania latihan nari saben dina Kemis sore. b. Dani kepilih dadi ketua OSIS taun 2009. c. Retno ngumpulake kancane ing omahe. d.Dewi lan Wulan mlaku-mlaku menyang Malioboro, banjur mampir menyang kraton Yogyakarta

57

58

59

60

KUNCI PAKET A (SUSULAN) Mata Pelajaran Kelas 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 C B C D A A D A B A D B B C A D B D C A : Bahasa Jawa : IX (sembilan) 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30 31 32 33 34 35 36 37 38 39 40 B D B A A D C A C A C A D B B C C D D B 41 42 43 44 45 46 47 48 49 50 51 52 53 54 55 56 57 58 59 60 A C D B C B D C D A C B C A B B B D C D

NORMA PENILAIAN UJIAN SEKOLAHMAPEL : BAHASA JAWA SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15

1,66 3,33 5,00 6,66 8,33 10 11,66 13,33 15 16,66 18,33 20 21,66 23,33 25

16 17 18 19 20 21 22 23 24 25 26 27 28 29 30

26,66 28,33 30 31,66 33,33 35 36,66 38,33 40 41,66 43,33 45 46,66 48,33 50

31 32 33 34 35 36 37 38 39 40 41 42 43 44 45

51,66 53,33 55 56,66 58,33 60 61,66 63,33 65 66,66 68,33 70 71,66 73,33 75

46 47 48 49 50 51 52 53 54 55 56 57 58 59 60

76,66 78,33 80 81,66 83,33 85 86,66 88,33 90 91,66 93,33 95 96,66 98,33 100