bahasa jawa

8
Assalamu alaikum wr.wb. bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin,waala alihi wa askhabihi aj'main ama bakdu Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia. ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami. Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW,nabi pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan ! Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah,ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan.amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah. salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami.gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan,lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten,suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana.sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten. Poro rawuh ingkang minulyo selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak....... nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking

Upload: lenyy-adhesqha-pholeopel

Post on 09-Dec-2015

48 views

Category:

Documents

0 download

DESCRIPTION

bahasa jawa

TRANSCRIPT

Page 1: Bahasa Jawa

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu wassalamu ala sayidina muhammadin,waala alihi wa askhabihi aj'main ama bakdu

Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormatidumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormatidumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormatidumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.

ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko.mugi-mugi pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,fidinnii fidun ya wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng kulo soho panjenengan sami.

Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad  dumateng junjungan kito Nabi agung Muhammad SAW,nabi pungkasan ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing yaumul akhir. Amiin

bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !

Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah,ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan.amargi panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan rumah.

salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten nyocoki dumateng manah panjenengan sami.gupuh ateges didalam penerimaan panjenengan sami mboten sopan,lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut kados mekaten,suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana.sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.

Poro rawuh ingkang minulyo

selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten kakung inggih puniko Bapak....... nampi kanti leganing penggalih pasrah temanten saking Bapak .......,pinongko walinipun temanten putri.nggeh selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh tanggungane keluargo mriko.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !

saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak-piyambak mboten wonten alangan setunggal punopo.amiin.

Page 2: Bahasa Jawa

sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken,katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro pangaksami.

kawulo akhiri,Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

Page 3: Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Warahmatullah WabarakatuhPara pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bapak Sukimin sakulawarga mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana. Mangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT, amargi saking nikmat, taufik, hidayah, inayah, sarta ridhoning Gusti Alloh SWT ingkang sampun rumentah dhumateng kita sedaya, satema kita sedaya saged rawuh ing ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala. Mugi salam sholawatipun Gusti Alloh SWT tansah tetep konjuk ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafangatipun benjing ing yaumul kiyamah. Saklajengipun, saking atur pasrah penganten kakung, inggih menika Arya Sukma, saking panjenenganipun Bapak Sukimin, ing ngriki minangka sulih kulawarga Bapak Suratman sekaliyan, kula kadhawuhan nampi pasrahing penganten kakung menika. Pramila, keparenga amratelakaken bilih anggen panjenengan masrahaken panganten kakung kula tampi kanthi asta kalih lan kanthi suka renaning penggalih. Mugi-mugi kanthi menika, berkah nugrahaning Gusti Alloh SWT tansah rumentah dhumateng panganten sekaliyan lan sumrabat dhumateng kulawarga kita sedaya. Salajengipun panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putrinipun Sundari Ayu dumungkup upacara candhakipun. Menika ingkang saged kula matur, mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Mugiya sedaya para rawuh ngluberaken sih agunging pangapunten.Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Page 4: Bahasa Jawa

Page 5: Bahasa Jawa

Nuwun,

      Para rawuh ingkang minulya, langkung-langkung dhumateng

rombongan Bapak Ibu Harjono saking tlatah Bantul Ngayogyakarta.

Minangka sesulihipun kadang kula Bapak Ibu Abdullah kula nanggapi

dhawuh pangandikan panjenengan sarombongan.

Ingkang sepisan kula ngaturaken Agunging Panuwun dhumateng Gusti

Ingkang Maha Wikan dene ing kalodhangan menika kula sakaluwarga saged

pepanggihan kaliyan rombongan saking keluarga Bapak Ibu Harjono, kanthi

seger waras, diayomi diayemi.

Kaping kalihipun atur pangandika panjenengan sampun kula tampi

kanthi bombonging panggalih dene Bapak Ibu Harjono sampun paring

kapitadosan dhumateng kadang kula Bapak Ibu Abdullah saperlu

kadhaupaken kaliyan Rara Surthikanthi. Dene uba rampe kangge  sarana

upacara adat sampun katampi kanthi jangkep.

      Ing pungkasaning atur kula pribadi nyuwun agunging pangapunten

manawai wonten klenta-klentuning atur ingkang kasengaja utawi mboten

kasengaja. Bapak Ibu  Abdullah ugi ngaturaken maturnuwun dene

panjenengan sarombongan saged rawuh kanthi bombong saha kersa 

ngrahapi dhedhaharan sawontenipun.

Maturnuwun

Page 6: Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun Bp. Hadi Sumarto ingkang ngemban wajib luhur wonten

madyaning pawiwahan ingkang pantes sinudarsana.

Nun inggih !

Kula minangka sulih sarira saking Bp. Rusli saking Gresik saderengipun kula matur

menggah wosing gati, wonten ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula ngaturaken puji

syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, inggih awit saking panjenengan kula

tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu hanetepi darmaning agesang wonten

madyaning bebrayan ing kalenggahan punika kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala.

Wondhene wosing gati perlu kula aturaken wonten ngarsa panjenengan.

Nun inggih !

Awit saking kula piniji minangka dhuta saraya, chundaka kinen hanglarapaken miwah

nyowanaken putra temanten kakung inggih sekar cepaka mulya sasele, karana putra temanten

kakung Nopiadi sampun samekta badhe netepi upacara panggih, ingkang punika sumangga sekar

cepaka mulya sasele inggih temanten kakung, kula aturaken dhumateng panjenengan Bapak Hadi

Sumarto bebasan sawergung asirah janma mangsa borong kaleksananning sedya.

Amung hambok bilih sowan kula sakadang temanten kakung, wonten kirang susilaning

akrama miwah kirang suba sita saha tuna dungkaping basa kula ingkang mboten hanuju prana,

kula hanglenggana. Kula kawula sawantah ingkang boten kalis saking kalepatan, mugi

panjenenganipun Bapak Hadi Sumarto kersoa paring agenging samodra pangaksami.

Ing wasana rahayuning sedya kaleksananing panggayuh kula ndherek asesanti Jaya -

Jaya, wijayanti rahayu ingkang sami tinemu.

Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Page 7: Bahasa Jawa