bahasa jawa

Upload: reza-aditya-putra

Post on 15-Jul-2015

105 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

DIKERJANIWis seminggu sak durunge ulang tahune Dony. Dony sing bocahe apikan, paling seneng nek kumpul karo kanca-kancane, arep dikerjani karo kanca-kancane. Amarga seminggu meneh Dony ulang tahun. Dony sing biasane lalinan karo ulang tahune dewe, bingung ndeloki kancane podo ketok kesusu neng kelas. Dony tekok karo kancane. Ji, koe napa to kok kesusu terus seko wingi? takonane Dony. Opo, sek Don aku jek kesusu ki, mengko wae yo? saute Aji. Dony sing tambah bingung, mlayu goleki kancane sing liyane. Tapi orak ketemu. Akhire Dony tekok karo kancane sing ning kelas liya. Ron, koe ngerti rak nek kanca sing neng kelasku pada kesusu? takone Dony. Wah aku rak ngerti nek kui, lha emang koe rak ngerti? omonge Rona. Lha aku ki tekok koe, yo wes lah nek koe rak ngerti. Dony akhire balik kelas. Tekan kelas Dony malah tambah gumun, kanca sak kelase pada rak gelem ngomong karo Dony. Akhire Dony ning kelas meneng wae.

Sesoke Dony malah di adohi karo kancane. Dony malah tambah gumun. Akhire Dony kumpul-kumpul karo kancane ning liya kelas. Saiki Dony kumpulane karo kanca-kancane sing ning liya kelas. Dony ngumpul terus seko esuk nganti balik sekolah. Amarga di adohi karo kanca-kancane sak kelas, Dony saiki jarang ning kelase.

Sesoke yo podo wae. Dony tetep di adohi. Nek ngene terus mending aku rak usah ning kelas terus. Mending aku karo kanca-kancaku sing ning liya kelas wae, batine Dony. Pas istirahat, Dony mangan ning kantin. Ijik enak-enak mangan, Aji teka. Don, kowe ketoke ngambek terus to? takone Aji. Yo mesti aku ngambek, aku wingi orak di ajak ngomong malah di adohi, omonge Dony. Yo wes lah nek ngono. Tapi aku aja ngambek terus. Aku meh tekok Don, omonge Aji. Arep tekok apa? takone Dony. Kowe seneng nonton pelm horror to? Wedi aku, emange ngopo? Wes tau delok sing tenanan durung? Aku delok sing tenanan wae tambah wedi, malahan. Yo wes. Mangan sek kono, Yo. Ati-ati,

Sedina sak durunge ulang tahune Dony, kanca-kancane Dony sak kelas pada balik gasik. Mergane Dony rak ana kanca. Akhire Dony kumpul-kumpul meneh karo kancane sing liya. Sakwise kumpul-kumpul, Dony ditekoni Siti, kancane Dony sak kelas. Jarene Siti sesuk jam 7 kon teko ning sekolah. Dony melu wae kon teko. Sakjane Dony malah bingung. Aku kon teka bengi jam 7 ning sekolah kon apa, batine Dony. Sakwise kui Dony balik ning omah.

Akhire dino ulang tahune Dony teko. Dony teko jam 7 ning ngarep sekolah. Dony ditekoni Siti meneh. Terus Siti ngajak Dony ning panggon sing rada sepi banget. Amargane Dony malah wedi dewe. Siti ngejak Dony ning omah kosongan sg peteng banget. Dony dikongkon mlebu sek karo Siti. Dony sing tambah wedi, malah orak wani mlebu. Geleme nek bareng. Ngomonge Siti mengko deknen nyusul. Akhire Dony mlebu dewean. Ning jero omah, krungu kaya suara setan, ana ireng-ireng mlaku dewe. Dony tambah wedi, terus deknen nunggoni Siti. Tapi orak teko-teko. Akhire Dony arep metu dewean. Nanging lawange dikunci. Doni sing malah tambah bingung karo wedi, malah nangis. Akhire krungu suarane Siti sing alon-alon ijik ngomong. Akhire kanca-kancane Dony sekelas ngageti Dony amarga Dony saiki ulang tahun. Oalah, aku ki dikerjani to, batine Dony. Akhire Dony malah ngguyu ngakak-ngakak dewe.

KAKEHAN DOLANANAri sing senenge dolanan terus, mesti entuk biji elek-elek. Padahal wis dijak kancane nggo sinau bareng, tapi deknen malah dolanan wae. Padahal wong tuwane yo wis ngejak karo wes nyimpen dolanane, tapi Ari yo tetep nggolek dolanan sing liya. Pas akhire arep ujian nasional, Ari yo orak sinau. Tapi malah tetep wae dolanan. Akhire wong tuwane njaluk tulung karo guru-guru sing ning sekolahe supaya iso mbenekke bijine sing elek mau. Esuke pas sekolah, Ari dijak ngomong. Ri koe orak sinau, padahal sesuk wes ujian nasional, ujare Beny. Halah nggo apa sinau, mending dolanan wae, omonge Ari. Lha mengko nek biji ne elek kan orak lulus karo kudu mbaleni sak tahun meneh. Kui urusan gampang. Bengi ne, Ari yo tetep dolanan. Padahal Ari wes reti nek sesuke ujian nasional. Nanging Ari malah orak sinau. Sesuke pas ujian nasional, Ari sing pas ngerjakke malah rak iso nggarap. Pas ujian kui, Ari malah bingung dewe. Wah nek koyo ngene mending mau bengi aku sinau wae, batine Ari. Pas ganti mata pelajaran, Ari sinau. Nanging Ari malah orak mudeng. Akhire Ari njaluk tulung kancane. Tapi kancane orak gelem mbantuni. Terus Ari sinau dewe. Yo podo wae, Ari tetep orak mudeng. Akhire pas ujian meneh, Ari yo orak iso ngerjakke. Akhire Ari nyonto kancane. Nanging orak ono sing gelem nyontoni. Ari malah bingung dewe.

Pas bubar ujian, Ari langsung balik terus sinau. Nanging yo podo wae, Ari tetep orak mudeng. Akhire Ari pasrah. Ujian dino keloro, Ari tambah bingung. Saben mata pelajaran, Ari rak iso nggarap. Ari ngroso bingung lan deweke arep nangis. Deknen ngroso ngremehke ujian iki. Akhire pas bubar ujian, Ari nangis. Pas dino pengumuman, Ari nangis amarga deweke orak lulus. Akhire Ari ngroso salah nek pas ujian kok kakehan dolanan.

HP ANYARWektu kui, Agus sing paling pinter ning kelase duwe kanca akeh lan disenengi karo kanca-kancane. Amarga deknen orak mung pinter tapi yo apikan marang kancane. Pas ono UHT, Agus sing paling sregep dewe sinau dhisik. Amarga deknen dimotivasi karo ibuke. Gus, koe kan sesuk UHT? omonge ibuke Agus. Inggih bu, saute Agus. Koe nek iso entuk 100 koe tak hadiahi HP anyar, Krungu kui, Agus langsung sregep sinau. Supaya entuk 100 ning UHT ne. Kanca-kanca ne ndeloki Agus ketoke seneng banget. Amarga deknen saben istirahat mesti sinau terus. Pas UHT, Agus wis sinau lan deknen wis yakin nek biji kudu entuk 100. Pas nggarap, Agus iso nggarap kabeh, amarga deknen wis sinau. Pas istirahat, Agus sinau meneh. Mata pelajaran sing ke loro Agus tetep iso nggarap. Akhire pas balik, Agus langsung balik lan langsung sinau. Dino keloro UHT, Agus tetep yakin nek deknen entuk 100. Saben mata pelajaran deknen iso nggarap kabeh. Pas UHT dino ketelu tekan rampung, Agus ngroso yakin deknen entuk 100. Agus kudu entuk 100, amarga nek entuk 100 mengko dihadiahi HP anyar karo ibuke. Pas dino pengumuman, Agus entuk 100 kabeh ning saben mata pelajaran. Akhire Agus seneng banget lan langsung ngandani ibuke. Tekan omah Agus ngandani ibuke nek deknen entuk 100. Akhire Agus diajak ibuke ning toko HP. Agus akhire dihadiahi HP anyar karo ibuke.