artikel ilir ilir

Upload: jatikahmad

Post on 06-Mar-2016

29 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

Basa Jawa

TRANSCRIPT

Lila Legawi ing Tembang Dolanan Ilir-Ilir Jumbuh Sipating Kawula Mudha

Tembang Ilir-Ilir inggih menika tembang ingkang kapunserat dening salah satunggaling Wali Sanga inggih menika Sunan Kalijaga. Tembang kasebat kalebet salah satunggaling piranti kangge Sunan Kalijaga nyebaraken dhakwah Islam ing tlatah Jawi. Cakepanipun ngawrat kathah hakikat panguripan. Cakepanipun kirang langkung mekaten: Lir-ilir, lir-ilir, tandure wus sumilir, tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar. Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dadatira. Dadatira-dadatira kumitir bedhah ing pinggir, dandamana jlumatana kanggo seba mengko sore. Mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane, ya surak o surak hiya!

Tembang ilir-ilir wonten ing inggil ngampu kathah angka-angka panguripan. Salah satunggalipun angka panguripan inggih menika sipat lila legawi utawi Ikhlas. Kahanan lila legawinipun tiyang rumiyin langkung sae menawi dipunbandhingake kalihan kathah-kathahing tiyang utawi kawula mudha jaman sakmenika. Lila legawinipun tiyang rumiyin langkung sae mbokmenawi amargi dereng angsal lebetan-lebetan saking acara ingkang boten ndhidhik, kados sinetron, pilem, lan sakpanunggalanipun. Tiyang rumiyin kathah taksih ngurmati marang tiyang sepuh, taksih legawi ing nampi pitutur saking tiyang sepuh. Lila legawi ugi saged dipunpirsani nalika tiyang menika ngadhepi pacobaning urip. Tuladhanipun menawi tiyang rumiyin angsal pacoban, langkung saged mangertosi ugi mendhet hikmah saking pacoban kasebut, amargi dereng kalebetan pengaruh saking acara-acara ingkang tumuju ing nyalahake kahanan.

Kawula mudha jaman sakmenika sampun angsal pengaruh saking majunipun jaman. Gadget, smartphone, televisi, internet, ugi sakpanunggalanipun ingkang dados ngrusak mentalipun kita para kawula mudha. Babagan menika saged kadadosan menawi kita boten saged mendhet nggon ingkang sae saking wontenipun teknologi punika. Asilipun kita dados ilang legawinipun menawi ngadhepi pacoban. Dados nyalahake kahanan menawi kabotan. Tuladhanipun menawi kita kaluputan dhompet, boten malah metani genea ngantos saged kaluputan, ananging malah nyalahaken kahanan, ngantos nyalahaken Gusti, genea kok kita sampun susah malah dipuntambahi susah. Ing tembe burinipun namung kesel ingkang kita angsal. Kados mekaten ingkang saged kita tingali saking pripun paraga lampahi wonten ing televisi nalika nampi pacoban.Salajengipun inggih menika mbantah pitutur saking tiyang sepuh. Kita dados tiyang enom, kedah mapanaken dhiri kita piyambak ing panggonan ingkang leres. Boten pareng kok kita mbantah pitutur saking inggil. Kita kedah legawi nampi punapa kemawon ingkang dhawah saking tiyang sepuh, amargi sejatinipun tirta punika dhawah saking inggil tumuju ngandhap. Menawi kita nggadhahi uneg-uneg, kita kedah legawi njagi supados uneg-uneg menika boten medal saking pocapan kita. Ananging menawi sampun boten kuwat, inggih dipunaturaken kanthi sae, boten pareng ndadosaken panggenan kita sami kalihan tiyang sepuh, kados ingkang saged dipunpirsani ing jaman punika. Kahanan-kahanan ingkang kados mekaten ingkang kedah dipunowah kanthi nanemaken biji-biji ingkang sae lan aji, salah satunggalipun inggih menika kanthi tembang dolanan ilir-ilir.Lir-ilir, lir-ilir, tandure wus sumilir, tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar anggadhahi pitutur supados kita tangi, tangi saking sipat ingkang boten legawi, males, ugi nyuwun pangapunten saking Gusti Ingkang Maha Luhur, supados kita saged angsal mupangat, kados para temanten anyar. Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dadatira. Cah angon tegesipun tiyang ingkang saged angon, angon manahipun piyambak, supados legawi ing nahan hawa nepsu, ngupayakaken rukun islam ingkang wonten 5 kados wuh blimbing. Dadatira, dadatira, kumitir bedhah ing pinggir, dandamana, jlumatana kanggo seba mengko sore, tegesipun kita kedah legawi mbenahi dhiri kita ingkang reged, boten pareng kita rumaos paling leres, amargi kita bakal nanggung punapa kemawon ingkang kita lampahi, ing wekdal sore utawi ing akhir jaman. Mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane, ya surak o surak hiya! tegesipun mumpung taksih wonten wekdal, kita kedah legawi nahan punapa kemawon nepsu ingkang boten sae, nyuwun pangapunten marang Gusti, ugi mbenahi ingkang sampun kalampahan, kanthi legawi ugi.Tembang ilir-ilir ing ngandhap punika anggadhahi ancas kangge kita sedaya. Ancasipun tembang ilir-ilir inggih menika, kaping setunggal inggih kita supados dados titah ingkang taqwa marang Allah. Taqwa saged dipunarani inggih menika ngindar saking babagan-babagan ingkang nista (larangan Allah) ugi nglampahi babagan-babagan ingkang utama (prentah Allah). Kanthi ngupayakaken taqwa, kita dedunga supados dipuntebihaken saking naraka. Angka kalih inggih menika supados kita para kawula mudha saged anggadhahi sipat lila legawi ing ngadhepi punapa kemawon. Ingkang kita adhepi saged awujud musibah, nepsu, emosi, ugi sapanunggalanipun. Kaping kalih, supados kita minangka titah Gusti Allah kedah emut kalihan pangeran kita, ampun ngantos kita kesupen ugi rumaos paling leres. Kaping tiga inggih menika supados kita emut menawi gesang menika boten namung kangge seneng ing donya, ananging ugi wonten alam saksampunipun donya, menawi kita iman ing rukun iman. Sedaya kalepatan ingkang sampun kalempahan supados saged kita benahi ugi kita jlumati, kangge siap dhiri kita ngadhepi alam akherat. Amargi kita taksih dipunparingi wekdal kangge bebenah, pramila saged kita ginakaken wekdal punika kanthi saksae-saenipun.Kanthi tembang ilir-ilir, kita saged angsal kathah mupangat. Kaping setunggal inggih menika kita saged dipuntebihaken saking rumaos boten optimis utawi pesimis. Pesimis inggih menika boten nggadhahi kapitadosan menawi kita saged nglampahi pacoban. Tiyang ingkang legawi upami ngadhepi pacoban saged nglampahi pacoban kanthi lerem ing manah. Ing gesang bebrayan, kanthi sipat lila legawi ingkang kawrat ing tembang ilir-ilir, kita saged anggadhahi kathah kanca amargi tebih saking nesu utawi ngamuk, ndadosaken kathah kanca remen kalihan sipat kita. Sipat lila legawi ugi saged ndadosaken gesang ingkang tentrem, ingkang dipuntumuju kalihan sakathahing manungsa ingkang gesang ing donya. Mula sumangga kita nanemaken sipat lila legawi ing gesang bebrayan kita, saged dipuntuwuhaken saking nembang ugi mangertosi tembang dolanan ilir-ilir.Nama: Ahmad Jati Kudus

Kelas: XII MIPA 1

Absen: 02

3