sesorah b jawa
Post on 10-Aug-2015
127 Views
Preview:
TRANSCRIPT
Assalamu’alaikum wr.wb
Bapak Kepala Sekolah SMA I Banguntapan ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru
lan karyawan karyawati ingkang tansah kula kurmati, lan para kanca-kanca ingkang tansah kula
tresnani.
Saderengipun sumangga sesarengan kula panjenengan sedaya ngaturaken puja puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujegan, saha
kabagyan dhumateng kula penjenengan sedaya, saengga ing wekdal punika saged makempal
manunggal ing papan menika kanthi sae nir ing sambekala.
Salajengipun keparenga kula ing mriki ngaturaken sesorah babagan kabudayan wayang
ing tlatah Ngayogyakarta menika ingkang sampun ical saking jiwa para kawula muda.
Para rawuh ingkang minulya,
Kabudayan wayang menika perangan saking salah satunggaling kabudayan bangsa
Indonesia. Ananging kaliyan lelampahing wekdal, kabudayan wayang menika sampun awis kula
panjenengan sami kepanggih malih. Tuladhanipun rumiyin asring diwontenaken pagelaran
wayang, ananging ing wekdal punika sampun awis. Salintunipun saniki kathah para muda
ingkang ndherek budaya kilen saengga kesupen kaliyan kabudayan wayang menika. Kawula
muda nganggep kabudayan wayang menika bab ingkang jadul utawi kuna. Nanging anggepan
menika klentu. Kabudayan wayang menika kedah dipunjagi lan dipunlestantunaken kanthi
lestari, supados Ngayogyakarta menika pancen dados kutho ingkang gadhah maneka kabudayan
Jawi. Pramila sekolah-sekolah ing Ngayogyakarta menika gadhah pelajaran bahasa jawi, ingkang
ancasipun supados kawula muda menika saged nglestantunaken lan majengaken kabudayan jawi
menika khususipun kabudayan wayang ing tlatah Ngayogyakarta
Para rawuh ingkang minulya,
Satemenipun kabudayan wayang menika sampun misuwur lan sampun dimangertosi
dening masyarakat Indonesia. Saengga kita para kawula muda kedah nglestantunaken kabudayan
wayang menika supados kabudayan wayang menika mboten ical saking jiwanipun negari
Indonesia samangke.
Para rawuh ingkang minulya,
Ing wasana cekap semanten atur kula, mugi wigatining sesorah menika saged kula
panjenengan sami pendet manfaatipun. Menawi wonten kalepatan anggen kula matur saha solah
bawa ingkang mboten mranani ing penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangapunten, lan
matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb
Nami : Ida Sulastri
Kelas : XII IPA 3
No : 02
top related