ngelingi jaman medang - mula bukane kemajuan teknologi, kawruh lan peradaban nuswantoro - dr budiono...

Post on 11-Feb-2017

308 Views

Category:

Education

5 Downloads

Preview:

Click to see full reader

TRANSCRIPT

Ngelingi Jaman MedangMula Bukane Kemajuan Teknologi, Kawruh

lan Peradaban Nuswantoro

Budiono Santoso Masyarakat Pecinta Warisan Medang

(Medang Heritage Society)

Apa kang diarani Medang ?Keraton Jawa Kuna • Keraton Jawa Kuna kang wiwitane

madeg nang tatah Jawa Tengah, banjur pindah menyang Jawa Timur, abad 8 – 11.

• Mataram Kuno & Mataram Hindu

• Ibu kutha keraton Medang di Jawa Tengah • Wonosobo,• Temanggung, • Magelang,• Batang • Yogyakarta dan • Klaten.

Medari – Mdang Rie

Warisan Medang – warisan budaya donya• Borobudur & Prambanan

UNESCO World Heritage (1991)

• Tinggalan tinggalan sejarah kuna kang arupa candhi wis akeh sing diwuningani donya, mratelakake kemajuan teknologi kuna ing jaman semana.

• Ewasemana, sak perangan gedhe masyarakat Indonesia durung mangerteni sejarah lan peradaban Medang.

• Sejarah Medang kayadene kesisih nang pinggiran seka sejarah Nuswantoro.

Prasasti Canggal – Tetenger Madege Krajan Medang

Madege krajan Medang dicatet nang prasasti Canggal ing taun 732 M, dening Raka I Mataram Sang Ratu

Sanjaya

Ibukutha kerajan Medang kang kasebut ing prasasti – pindah pindah• Medang I Bhumi Mataram ( era

Raja Sanjaya & era Dyah Wawa)• Medang I Mamratipura (era

Raka I Pikatan)• Medang I Pohpitu (era Dyah

Balitung)• Medang I Tamwlang (era Mpu

Sindok) • Medang I Watugaluh (era Mpu

Sindok)• Medang i Wwatan (era

Darmawangsa Teguh)

Raja raja Medang Raka I Mataram Sang Ratu

Sanjaya Raka I Panangkaran

(Dharanindra) Raka I Warak (Samaragrawira) Raka I Garung (Samaratungga) Raka I Pikatan ( garwane

Pramodawardani) Raka I Kayuwangi Dyah Lokapala Raka I Watuhumalang Raka I Watukura Dyah Balitung( Prasati Mantyasih, 907 M)

Mpu Daksa Raka I Layang Dyah Tulodong Raka I Sumba Dyah Wawa Mpu Sindok Sri Lokapala Makuthawangsawardhana Teguh Darmawangsa

Makna Raka : sedulur tua Para raja ora disakralke kaya penguwasa absolut. Sistem kenegaraan – negara kesatuan/federasi ?

Keraton Boko

Keraton Jawa kuna, kompleks Ratu Boko

Kompleks ibadah

Candhi Dieng

Candhi Gedong Sanga

Candi Plaosan

Candhi Buddha Durung kabukten, nanging

dipercata candhi sing dirampungke dening Raka I Pikatan, kanggo ngurmati garwane Pramodawardhani.

Lambang katresanan langgeng sak lawase jaman.

Masyarakat Pecinta Warisan Medang(Medang Heritage Society) Pakumpulan para sedulur sing duwe

krentek, gegayuhan lan laku kanggo nyengkuyung studi multidisipliner, ngumpulake lan nyebarake informasi, memetri sarta ngupakara warisan budaya lan tinggalan peradaban Medang.

Mangadeg ing tanggal 29 April 2013.

Program Diskusi & kajian keilmuwan

multidisipliner Seminar & penyuluhan Publikasi.

Seminar Sejarah dan Peradaban Medang – Aspek Perkembangan Teknologi dan Ilmu Pengetahuan Nusantara ( 13 Agustus 2014).

Jaman Medang – titiwanci mula bukane kemajuan teknologi, imu lan peradaban Matematika biner yang wanci

jaman modern dadi dasare ilmu komputer lan teknologi informasi, asas asas dasare wis ngerteni lan dipatrapke in jaman Medang.

Candi candi dirancang kanthi dasar matematika biner. Ukuran metrik durung ana rikala semana.

Struktur bangunan candi simetris.

Asas matematika biner uga dtrapake nang sastra kuna/kakawin.

Gatra atau ukara samben bait dikodifikasi nganggo 3 digit biner, arupa guru lagu lan guru wilangan.( Hadiwaratama)

Konsistensi kawicaksanan lan presisi teknologi wektu mbangun candi Borobudur.

Komponen komponen candi Borobudur, cacahe jutaan, digawe sakjroning rentang wektu suwene nganti 60 -75

tahun, dening kelompok karya/masyarakat sing beda asale, beda wektune, ning wusanane isa di pasang

digandeng gandeng dadi bangunan kolosal sing solid.

Candi dibangun kanthi dasar teknologi & ilmu, dudu magik lan mistik

Akeh masyarakat sing isih percaya nek candhi candi iku dibangun kanthi pambiyanti seka jin, setan.

Kepercayaan keliru Borobudur sing mbangun Nabi

Suleiman (?) Prambanan sing mbangun

Bandung Bondowoso Pikiran sing ora isa ngurmati

kaprigelan, teknologi lan ilmu nenek moyange dewe.

Teknologi kelautan jaman Medang

Perahu cadik Borobudur, Pelaut pelaut Medang isa

ngulandara nyabrang laut Asia Tenggara, Pasifik, lautan India.

Medang negara agraris lan maritime sing sugih.

Komoditas perdagangan kayu manis, pari, kayu manis, kapulaga, rempah rempah dll

Replika perahu Borobudur, 2003

Pranatan pasaran pancawara ( limang dina)

KliwonPancer

WageLor

LegiWetan

PaingKidul

PonKulon

Siatem pasaran Pancarawarna

( 5 dina) wis ditrapke ing jaman Medang jaman Medang.

Isih lestari nganti saiki ing daerah daerah bekas Medang.

Merupakan sistem pemerataan kesejahteraan, supplai logistik dan jejaring pasar di suatu lokasi

Sumber Ki Sondong Mandali (MHS, 15 Maret 2014).

Pranatan politik & pamarentahan Medang - Otonomi & Desentralisasi

Konsep otonomi lan desentralisasi wis dipatrapke ing jaman Medang.

Shima - daerah perdikan Bebas seka pajek Kuajiban daerah perdikan

ngupakara sumber banyu, ngupakara candi, ngatur daerahe dewe

Shima nang prasasti Mantyasih (Mateseh,

Magelang) Hampra (Salatiga) Kampak (Surabaya) Bagelen, Purbalingga,

Grobogan (?) dll.

Prasasti Plumpungan Salatiga

Wanita Medang wis ngayahi tugas & jejibahan penting.

Sing mrantasi ngrampungke pembangunan candi Boorobudur yaiku Pramodawardhani ( permaisuri Rakai Pikatan).

Kawiwitan dening Samaragrawira, diteruske dening Samaratungga

Wanita ngayahi peran lan jejibahan penting ing babagan politik & sosial Gender balance

Pertanian, irigasi dan produksi pangan Pertanian sudah berkembang, baik

pertanian lahan basah (padi) maupun lahan kering (palawija).

Sistem pengairan/irigasi sudah berkembang

Titimangsa dan petanggalan dipakai dalam pertanian. Perbintangan dipakai dasar untuk pertanian

Lintang Waluku Gubug penceng

Produksi pertanian cukup memenuhi kebutuhan dan padi sudah menjadi komoditas perdagangan di Asia Tenggara.

Medang Bumi Mataram

1. Moyange wong Jawa ing jaman Medang wis mbangun pranatan teknologi, ilmu pengetahuan, pranatan politik, pemerintahan lan soaial.

2. Masyarakat Jawa kuna ; masyarakat logis, rasional, ilmiah kanthi ethis budaya kang duwur.

3. Generasi Jawa modern perlu mangerteni, memetri lan nglestarekake tinggalan lan waris budaya Jawa.

Kuliner Medang

Rawon – kuliner Jawa Timur

Ning jane asline wiwit seka Medang ing Jawa Tengah

top related