kidung 35

Post on 14-Jan-2016

70 Views

Category:

Documents

11 Downloads

Preview:

Click to see full reader

DESCRIPTION

Kidung 35. Masmur 118. Masmur 118. Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih darma Wit sih kadarmaning Pangeran Alanggeng ing salamanya Para kang ngabekti mring Allah Ngucapa lan sukarena Yen sih kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya. 2. Sajroning rubed lan sangsara - PowerPoint PPT Presentation

TRANSCRIPT

Kidung 35Kidung 35

Pra jalma padha angluhurnaMring Allah kang asih darma

Wit sih kadarmaning PangeranAlanggeng ing salamanya

Para kang ngabekti mring AllahNgucapa lan sukarena

Yen sih kadarmane PangeranAlanggeng ing salamanya

2.Sajroning rubed lan sangsaraAku nyebut mring Pangeran

Tumuli pinaringan omberPasambatku sinembadanAllah anunggil karo aku

Aku bakal ora wediJalma bisa manggawe apa

Kang tumrap ing awak mami?

3.Allah anunggil karo aku

Kang sarta paring pitulungMula tansah ayem atiku

Nadyan satruku luwih agungBecik angungsi mring Pangeran

Karo sumendhe ing jalmaBecik angungsi mring Pangeran

Karo kumandel ing raja

4.Pangeran mitulungi aku

Karsa paring pangentasanMula tansah dakluhurakeSaumurku klawan girang

Neng omahe para wong mursidAna sabawa gumiyak

Arame dennya ngidungakeKaunggulane sihrahmat

5.Asmane Allah ingkang luhur

Anindakken kaprawiranSun bakal tan ngalami matiNging urip tumekeng dlahan

Kang sarta anyaritakakePakaryane Allah mami

Dhahat paniksane mring akuNging ora tumekeng pati

6.Kula mugi kawengananaGapuraning kamursidan

Kula mlebet maring pamujanMemuji dhateng Pangeran

Lah iki gapurane AllahPara kang mursid mlebua

Dhuh Allah, gung panuwun kulaDe karsa nrimah ing kula

7.Watu kang biyen wus tinampik

Dening juru gawe omahTeka dadi ugering padonKang pinilih dening Allah

Iki riyayane PangeranPayo padha suka rena!

Dhuh Allah sapunika mugiTuwan paring berkah arja

8.Binerkahana ingkang rawuhNgagem asmanya Pangeran

Paduka kula suwunakenBerkah wonten ing pamujan

Yehuwah iku Allah kitaKang paring padhang ing manah

Pisungsunge sapasamuwanSinaosna klawan bungah

9.Tuwan punika Allah kula

Mila kawula pepujaDhlih Allah kula ngluhurakenTuwan langgeng salaminyaPra jalma padha angluhurnaMring Allah kang asih-darmaWit sih-kadarmane Pangeran

Alanggeng ing salamanya

top related