13. 29 maret kk

6
TATA PANGIBADAH GKJ SAMPANGAN KRADENAN MINGGU, 29 MARET 2015, Pep. Karangkumpul Pacawisan a.Bel 1x – Wedal ening, Pandonga wonten ing konsistori b.Panyumeting Lilin Pra Paskah 5 lan Pawartos Pasamuwan dening pradata c.Timbalan pangibadah Pasamuwan Jumeneng ngidung BMGJ 14 : 1 – “ALLAH Maha Suci”. ( prosesi Majelis lan PF lumebet wonten papan pangibadah ) Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng Raja Suci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya Votum l an Salam PF : Sumangga pangibadah Minggu Palmarum punika kita wiwiti kanthi pengaken : P+J : Pitulungan kita punika pinangkanipun awit saking berkahipun Yehuwah ingkang nitahaken langit lan bumi. PF : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking ALLAH Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing kawula ( para Saderek ) sadaya. P+J :( ngidung ) Amin, Amin, Amin... ( Pasamuwan Lenggah ) Atur Pambuka Ltg :Para sadhèrèk ingkang dipun tresnani dening Gusti, dinten punika Pasamuwan suci mahargya dinten Minggu Pra Paskah 6 utawi Minggu Palmarum. Pahargyan punika katujokaken kanggé menggalihaken sangsara kaca | 1

Upload: gloria-permata

Post on 19-Dec-2015

41 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

j

TRANSCRIPT

Page 1: 13. 29 Maret KK

TATA PANGIBADAH GKJ SAMPANGAN KRADENANMINGGU, 29 MARET 2015, Pep. Karangkumpul

Pacawisana. Bel 1x – Wedal ening, Pandonga wonten ing konsistorib. Panyumeting Lilin Pra Paskah 5 lan Pawartos Pasamuwan dening pradatac. Timbalan pangibadah Pasamuwan Jumeneng ngidung BMGJ 14 : 1 – “ALLAH Maha

Suci”. ( prosesi Majelis lan PF lumebet wonten papan pangibadah )

Suci, suci, suci, pinuji Hyang suci Allah Maha mulya kang jumeneng RajaSuci, suci, suci, pinundhi Hyang Widi titah sadaya bra muji samya

Votum l an Salam PF : Sumangga pangibadah Minggu Palmarum punika kita wiwiti kanthi pengaken : P+J : Pitulungan kita punika pinangkanipun awit saking berkahipun Yehuwah

ingkang nitahaken langit lan bumi.

PF : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking ALLAH Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing kawula ( para Saderek ) sadaya.

P+J : ( ngidung ) Amin, Amin, Amin...

( Pasamuwan Lenggah )

Atur Pambuka Ltg : Para sadhèrèk ingkang dipun tresnani dening Gusti, dinten punika

Pasamuwan suci mahargya dinten Minggu Pra Paskah 6 utawi Minggu Palmarum. Pahargyan punika katujokaken kanggé menggalihaken sangsara Sang Kristus. Kita nélakaken pakurmatan dhumateng Panjenengan Dalem ingkang rawuh. Sumangga kita pethukaken wonten gapuraning kabeneran, kanthi pratéla : “Aku arep lumebu, arep ngunjukaké panuwun marang Sang Yehuwah. Iki gapuraning Sang Yéhuwah kang bakal dileboni déning para wong mursid”. Kita ngrepèkaken KPK Lami 35 : 6,8 - Kula mugi kawenganana lan saklajengipun.

Pangaken ing Dosa PF : ( maos angger-anggering katresnan wonten ing Mateus 22 : 37-40 )PF : Sumangga kita dedonga...

Gusti Allah, Rama langgeng saha maha kuwaos, Putra Dalem ingkang kinasih paring angger-angger suci, supados kawula sangsaya ngrembaka gesang ing sih katresnan, temahan pakaryan kawilujengan tansah lumampah.

kaca | 1

Page 2: 13. 29 Maret KK

Kawula ngakeni dhuh Gusti, bilih karingkihan saha dosa kawula, asring mambengi lumampahing pakaryan kawilujengan. Pramila dhuh Rama, kawula nyuwun sih wilasa.

P+J : Amin.

Ltg : Kita ngrepèkaken Kidung 142 : 1,2,6,8 – “Kidung Panelangsa”

Pangapuntening Dosa ( Pasamuwan Jumeneng )

PF : ( maos pawartos Sih Rahmat saking II Tesalonika 2 : 16-17.... )PF : Mekaten Sih Rahmatipun Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

Tentrem RahayuLtg : Pasamuwan kaaturan sami jawat asta, kanthi ngucapaken ”Tentrem Rahayu”

Kidung KasanggemanLtg : Kita ngrepèkaken kidung KPK Lami 34 : 1,2 – He, serupaning pra umat,

padha mujia mring Allah....

( Pasamuwan Lenggah )

PALADOSAN PANGANDIKANIPUN GUSTI

a. Donga Eplikese dening PF

b. Waosan Kitab Suci Waosan Sepisan

Lk.1 : ( maos Yésaya 50:4-9a.... ) Lk.1 : Mekaten Sabda dalem Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

Waosan TanggapanLk.2 : Sumangga pangandikanipun Gusti ing waosan sepisan kita tanggapi sesa-

rengan srana maos kanthi sesautan saking Jabur Masmur 118 :1-2, kalajengaken ayat 19-29.

Waosan Kaping KalihLk.1 : ( maos Filipi 2 : 5-11.... )Lk.1 : Mekaten Sabda dalem Gusti!Psw : Puji sokur konjuk Gusti!

kaca | 2

Page 3: 13. 29 Maret KK

Waosan InjilPF : ( maosaken Injil Yesus Kristus miturut Yokanan 12 : 12-16.... ) PF : Mekaten waosan Injil Yesus Kristus : “Ingkang rahayu inggih punika

tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun ALLAH saha kanthi setya tuhu nindakaken. Hosiana”

Psw : (ngidungaken ) Hosiana, Amin – [4x]

c. Khotbah

d. Wekdal ening

PANGAKEN PITADOS ( Pasamuwan Jumeneng )Prd : Sumangga kanthi jumeneng kita sami mratelakaken sahadhat kalih welas kanthi

ngucapaken sesarengan Pangaken Pitados Rasuli :“Kawula pitados dhateng ALLAH Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang

nitahaken langit kaliyan bumi.Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula.Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam.Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib,

nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan.Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun ALLAH

Sang Rama ingkang Mahakawasa. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.

Kawula pitados dhateng Roh Suci. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patungggilanipun para suci. Punapa dene pangapuntening dosa, Tanginipun raga, Sarta gesang langgeng.”

( Pasamuwan Lenggah )

Pandonga Safaat dening PF

P A LADOSAN PISUNGSUNG

a. Pangatag caos pisungsung kapethik saking I Petrus 2 : 5

“Kowé dadia kaya watu kang urip, supaya kaagem mbangun pedaleman kasukman. Ana ing pedaleman kuwi kowé dadi imam-imam suci, sing leladi nyaosaké kurban-

kurban rohani, sing merga déning Gusti Yésus Kristus katrimah ing Allah.”

b. Pasamuwan ngrepèkaken KPK Lami 120 : 1 – “Sih Kamirahanipun Allah”

c. Ngaturaken pisungsung kairingan ungelipun instrumen orgen

kaca | 3

Page 4: 13. 29 Maret KK

d. Pasamuwan jumeneng ngrepèkaken KPK 120 : 3

e. Pandonga pisungsung lan Donga Rama Kawula

“Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken, Kraton Paduka mugi rawuh, Karsa Paduka mugi kalampahan

wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.

Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula. Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami

Paduka uwalaken saking piawon. Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun, Amin.”

( Pasamuwan Lenggah )

PANGUTUSAN LAN BERKAH

KIDUNG PANGUTUSPF : ( bereg pasamuwan ngrepèkaken KPK 137 : 1,2 – “Manggul Salib” )

( Pasamuwan Jumeneng )

BERKA H PF : “Pangeran Yehuwah maringi berkah dhateng kita (panjenengan) lan ngayomi

kita (panjenengan). Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wedananipun dhateng kita (panjenengan) lan maringi sih-rahmat. Pangeran Yehuwah nungkulaken wedananipun dhateng kita (panjenengan) lan maringi tentrem rahayu. Amin.”

Jmt : ( ngidung ) Hosiana [5x], Amin [3x]

kaca | 4