web viewbab i. pangertosan saha sarat pranata adicara. 1.1 pranatacara. jejibahaning pranatacara...

Download Web viewBAB I. PANGERTOSAN SAHA SARAT PRANATA ADICARA. 1.1 Pranatacara. Jejibahaning pranatacara limrahipun inggih prasaja, inggih menika ngaturaken acara

If you can't read please download the document

Upload: phungcong

Post on 06-Feb-2018

307 views

Category:

Documents


29 download

TRANSCRIPT

5

5

BAB I.PANGERTOSAN SAHA SARAT PRANATA ADICARA

1.1 Pranatacara

Jejibahaning pranatacara limrahipun inggih prasaja, inggih menika ngaturaken acara setunggal baka setunggal ing acara menapa kemawon. Acara sepisan menika, dhumateng Bapak samangga. Lajeng ngaso. Acara kaping kalih menika dhumateng Ibu sumangga. Lajeng ngaso. Mekaten salajengipun namung ngaturaken acara setunggal baka setunggal. Nalika para tamu ngunjuk pranatacara inggih ngemum, nalika tamu dhahar pranatacara inggih ndherek nedha. Ingkang baku acara sampun saged lumampah.

Beda kaliyan pranata adicara, kajawi nindakaken ingkang kados katindakaken pranatacara, pranata adicara saged ngisi acara damel regeng ngengrenging swasana. Upaminipun nalika para tamu nembe ngunjuk, pranata adicara nyandra paratamu, nyandra sasana pawiwahan, nyandra tarub. Nalika para tamu nembe dhahar, pranata adicara nyandra temanten. Gampilipun pranata adicara saged akarya regenging swasana, boten sepa sepi samun. Pranata adicara boten badhe katelasan wicara sarta prekawis ingkang kawedhar (materi/bahan) kangge ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi menika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres.

1.2 Busana

Tinilik saking busana, pranatacara cekap prasaja. Dene paraga ingkang sinebat pranata adicara, busananipun inggih ingkang edi endah.

Wonten unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana, aos lan botenipun tiyang gumantung wicara (kenging dipunpidatos, manis, mentes, wicaksana, lsp) lan busananipun (pantes, gandhes luwes, mriyayeni, wibawa, lsp). Busana ingkang trep kaliyan acara utawi upacara, acara rapat busana prasaja, ing temanten (Sala, Ngayogya, Sunda, nasional, lsp).

1.3 Wicara

Olah wicaraning pranatacara inggih langkung prasaja tinimbang pranata adicara. Kosok wangsulipun pranata adicara ing adicara mirunggan (ageng), pranata adicara kedah saged olah kridhaning wicara. Olah kridahing wicara menika wonten sekawan inggih menika: olah wicara monolog, semi dialog, dialog, saha panyandra. Sekawan prakawis menika ngginakaken lagu ingkang beda-beda. Pranata adicara saged mbedakaken olah swara ing adicara penganten, olah swara ing pasamuan prasaja, olah swara acara pentas panggung, olah swara ing tata pangrukti laya. Penget! mligi kangge tata upacara pangrukti laya, cekap dipunginakaken tembung paranatacara, boten pranata adicara. Awit prastawa kasisahan tinilar tiyang ingkang dipuntresnani menika boten adi, nanging sisah.

Perananganing olah wicara antawisipun mekaten.

1) Olah swara

Suwanten ingkang ageng, sedeng, alit, ulem, gandhang, lsp. Samenika wonten sound system saya murakabi. Nuwun sewu malah, wadam (waria) kagungan kalangkungan nyuwanten manekawarni.

2) logat

Nalika upacara resmi ingkang dipunanggep baku logat (cara/lagu micara) Sala saha Ngayogyakarta. Boten kenging dialek Madura, Banyumas, Kebumen. Nanging nalika santai kenging ngangge dialek.

3) Pocapan

Pocapan kedah cetha, las-las, boten bindheng, boten blero.

4) Wirama

Wonten membat mentul (cekak panjang, andhap inggil), boten namung ajeg, dipunolah ingkang sinebat olah swara. Olah vokal ing panggung hiburan, beda kaliyan olah vokal ing upacara penganten, ugi beda kaliyan olah vokal ing upacara sripah.

5) Kajiwa

Nalika micara nglaras surasa. Upami adicara remen inggih ingkang gumyak. Nanging yen tata upacara pangruktu laya saged nenangi bela sungkawa, wonten ing rapat ingkang prasaja kewala.

Olah swara trep kaliyan bab-bab ing gandhap menika.

1) Acara resmi/formal utawi boten resmi/formal (santai)

Olah swara ing acara resmi/formal inggih menika gandhang, antep, saha antal. Olah swara ing acara santai inggih menika cetha, antal, prasaja, kados wicara padintenan, tiyang pirembagan,

2) Ageng aliting adicara

Olah swara ing acara ingkang ageng/agung inggih menika gandhang, antep, antal, wibawa, upaminipun ing upacara pengantin. Upacara pengantin Jawi olah suwantenipun wibawa, gandhang, antal, membal mentuling suwanten (melodius: tempo, dinamik, length/pemanjangan). Upacara pengantin nasional utawi internasional, tentara (pedang pora, ponyet pora) olah suwantenipun gandhang, antal, greget (semangat, heroik).

3) Suasana bingah, sisah, utawi limrah.

Olah swara ing suasana bingah inggih gandhang, antep, melodius, greget. Olah swara ing suasana sisah (upaminipun ing kesripahan) inggih menika langsam (boten melidius, boten greget, bonteng gandhang), nenangi bela sungkawa. Olah swara ing suasana limrah olah swantenipun inggih prasaja, cetha, kados wicara pirembangan padintenan.

1.4 Basa saha Sastra

Basanipun pranatacara inggih basa-basa prasaja, basa padintenan, paramasas-tranipun inggih ingkang prasaja (cekak-cekak, ukara lamba). Panci ing tataran menika pranatacara dereng saged ngginakaken basa ingkang langkung muyeg awit winatesing gudhang tembung (miskin kosakata). Mila pranatacara dereng besus micara. Pranatacara ugi winates anggenipun ngginakaken susastra awit inggih taksih cupeting pangertosan.

Beda kaliyan pranata adicara, basa saha sastranipun muyeg, malah kadhang kala para tamu ngantos boten dhamang. Boten dhamangipun para tamu boten dados prekawis sauger wicara wau boten wonten sambetipun kaliyan jejibahanipun tiyang sanes, upaminipun nalika pranata adicara nyandra. Pranata adicara sugih tembung, wasis lan besus micara, rinengga ing basa susastra. Paramasastranipun panjang-panjang (ukara camboran ingkang sambung-sinambung) kados boten wonten telasipun. Basa susastra angrenggani kadosta: panyandra, basa rinengga, purwakanthi, parikan, paribasan, bebasan, saloka, tembung garba, wangsalan, lsp. Pranata adicara gadhah wawasan ingkang jembar saha gudhang tembung ingkang wiyar. Pramila pranata adicara boten badhe mati ngadeg, kados-kados boten katelasan wicara sanajan kedah micara 2, 3, ngantos 4 jam danguning adicara. Mati ngadeg inggih menika paraga panata laksana ingkang namung jumeneng kemawon awit sampun katelasan materi satemah boten saged micara.

1) Prasaja

Kangge panatacara/pamedharsabda tataran awal, kangge gladhen cekap ngangge basa ingkang prasaja (basa krama sadinten-dinten. Boten sisah menggalih ingkang dakik-dakik, mangke mindhak kangelan lajeng nglokro. Samenika saged basa prasaja kemawon sampun ampuh menawi dipuntata kanthi patitis.

Tuladha:

Ing wanci menika Bapak-Ibu Suganda muji syukur dhumateng Gusti Allah awit sampun nindakaken jejibanipun tiyang ndhaupaken putripun ingkang nama Nur Cahyaningsih kaliyan Bagus Jaka Sulaksana.

2) Saperangan Rinengga

Ing tataran madya menika, paraga kedah sampun nyukani bumbu-bumbu basa lan sastra minangka rerengganing wicara satemah basa sastranipun edi, wicaranipun sae. Upami patamanan sekaripun wonten ingkang sae lan menjila. Dados wonten basa saha sastra ingkang kinarya kekembanganing wicara. Menawi sampun saged ingkang prasaja temtu badhe tambah ingkang sakedhik susastra.

Tuladha:

Ing wanci menika Bapak-Ibu Suganda muji syukur dhumateng Gusti Allah awit sampun nindakaken darmaning asepuh, ngentas pitulus, hamiwaha putra mahargya siwi kanthi ndhaupaken putripun ingkang nama Nur Cahyaningsih kaliyan Bagus Jaka Sulaksana.

3. Rinengga

Basa rinengga pancen edi endah milangoni, manis manuhara, nanging boten gampil. Paraga kedah kathah saged mocapaken kanthi leres saha mangertos maknanipun. Basa Jawi endah limrahipun kathah kadhapuk kanthi basa kawi (Jawi kina). Menika trep kaliyan ngendikanipun Zoetmulder[footnoteRef:2] saha Efendy Kadarisman[footnoteRef:3] bilih basa kawi menika gadhah kawibawan sarta gadhah daya susastra ingkang linangkung. [2: P.J. Zoetmulder menika trah Walandi satunggaling ahli basa Jawi kina. Kathah anggitanipun ingkang miji basa Jawi kina kadosta Kalangwan Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang, Tata Bahasa Kawi, lsp. Priyagung menika titi saha pratitis menawi hamiji satunggaling prakawis sastra Jawi kina, kanthi tata ngracik ukara, tatas ngantos buntas mahyakaken wedharing gagasan.] [3: Salah satunggaling priyagung ingkang winasis ing babagan etnopuitika, doktor saking Amerika disertasinipun Wedding Narrative as Verbal Art Performance: Explorations in Javanese Poetics (Kadarisman, 1999).]

Ing hari kang pinilih dina kang piniji wus widagda Bapa-Ibu Suganda nindakaken darmaning wredha wajibing asepuh, kanthi hamiwaha putra hamahargya siwi, hamalakramaken putri kinasih ingkang asesilih Nimas Hayu Nur Cahyaningsih dhaup kaliyan jejaka tumaruna Bagus Jaka Sulaksana. Marma datan kendhat Bapa-Ibu Suganda nggenya tansah hamuji syukur ing pepadaning Pangeran, nun inggih Allah swt.

1.5 Olah Raga

Olah raga ing riki boten olah raga (gerak badan), nanging pangolahing raga kados pundi nindakaken solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang trep kaliyan jiwanipun panatacara/pamedharsabda ingkang empan papan. Sudiyatmana mahyakaken sapta-MA pangolahing raga

1. magatra: patrap wajar boten dipundamel-damel

2. malaksana: luwes, boten ingah-inggih

3. mawastha: jejeg, boten kendho/dhoyong

4. maraga: boten rongeh/edheg/gumeter, mantep,

5. malagawa: enthengan, trengginas

6. matanggap: tanggap swasana (susah, seneng)

7. mawwat: ngentasi karya

1.6 Jejibahan

Kangge ngayahi jejibahan, pranatacara boten saged dadakan. Menawi dipundadak (impromptu) mesthi badhe muntir (jayaendha, klepat kusuma). Awit panci dereng ready for use (siap pakai), kedah damel rantaman, nyamektaken rumiyin, malah kepara gladhen, ngapalaken. Mental kadhang kala dereng jejeg, malah kepara ndredheg (katingal saking wicaranipun). Dados pranatacara menika taksih wonten ing tataran awal (pemula) ingkang kedah