upacara brokohan

2
a. Andharan Dhautan utawi puputan saking tembung dhaut utawa puput ingkang ngemu teges ucul. Upacara puputan dipun anakaken ing wanci sonten kangge tanda tali puser bayi ingkang sampun pedhot kanthi lelampahan adicara gendhuren slametan. Gendhuren menika kagem gambaran raos syukur dipun pimpin kaum dipun rawuhi kaliyan sanak kadang ugi bapak-bapak tangga tepalihipun. b. Sesaji Sajen ingkang dipun betahaken inggih menika sekul gudangan: sekul kaliyan lawuh sayur mayor saha klapa parut, jenang abang, jenang putih, saha jajanan pasar. Wekdalipun adicara puputan boten mesthi, amargi tali puser ingkang pedhot saben bayi menika boten mesthi. Wonten ingkang umuripun seminggu sampun pedhot, wonten ingkang kirang saking seminggu. c. Tatacara Upacara puputan menika dipun tandani rikala sawuran dipun pasang, inggih menika brambang, dlingo, bengkle ingkang dipun lebetaken ing kupat, saha maneka warna ri kemarung ing pojok-pojok kamar jabang bayi. Kajawi menika wau dipun pasang godhong nanas dipun poles warna pethak- cemeng, awar-awar, saha girang, ugi ri kemarung. Ing

Upload: jeffrey-ramos

Post on 22-Nov-2015

80 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

b

TRANSCRIPT

a. AndharanDhautan utawi puputan saking tembung dhaut utawa puput ingkang ngemu teges ucul. Upacara puputan dipun anakaken ing wanci sonten kangge tanda tali puser bayi ingkang sampun pedhot kanthi lelampahan adicara gendhuren slametan. Gendhuren menika kagem gambaran raos syukur dipun pimpin kaum dipun rawuhi kaliyan sanak kadang ugi bapak-bapak tangga tepalihipun.b. SesajiSajen ingkang dipun betahaken inggih menika sekul gudangan: sekul kaliyan lawuh sayur mayor saha klapa parut, jenang abang, jenang putih, saha jajanan pasar.Wekdalipun adicara puputan boten mesthi, amargi tali puser ingkang pedhot saben bayi menika boten mesthi. Wonten ingkang umuripun seminggu sampun pedhot, wonten ingkang kirang saking seminggu.c. TatacaraUpacara puputan menika dipun tandani rikala sawuran dipun pasang, inggih menika brambang, dlingo, bengkle ingkang dipun lebetaken ing kupat, saha maneka warna ri kemarung ing pojok-pojok kamar jabang bayi. Kajawi menika wau dipun pasang godhong nanas dipun poles warna pethak-cemeng, awar-awar, saha girang, ugi ri kemarung. Ing pekarangan ngajeng griya dipun adhegkaken tumbak sewu. Ing papan bayi menika bobok dipun caosi barang-barang ingkang landhep kadosta gunting, peso. Bayi estri sasampunipun tali puser menika ucul, puseripun(wudel) dipun tutupi ngagem wiji tumbar, menawi jaler dipun tutupi ngagem mrica saha diparingi ramuan tradhisional jawi inggih menika ramuan benangsari sekar nagasari, lan sapanunggalanipun ingkang diuleg alus. Tali puser ingkang saweg pedhot dipun buntel ngagem kain S untul bantal jabang bayi ngantos umur bayi selapan.