udhaling perangan ukara

Upload: mts-al-maarif-satu

Post on 18-Jul-2015

106 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Dening : Agus Riyadi NIM : S 441 202 001 Minat Utama Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Program Pasca Sarjana Universitas Sebelas Maret Surakarta

Jejer wonten bahasa Indonesia : Subyek Tegesipun : Peranganipun ukara ingkang dipun terangaken, dipun cariyosaken tingkah lakunipun. Ngadeg utawi wiwit Dados perangan ukara ingkang baku. Dados lajering ukara, utawi adeg-adeg ing ukara. Racakipun Jejer manggen wonten ngajeng.

Ananging ugi saget wonten tengah utawi pungkasaning ukara. aran

Racakipun jejer awujud : tembung & frasa

Tembung & frasa ingkang ugi

saget dados

jejer: tembung & frasa : kriya, kaanan, wilangan, sesulih kriya.

Jejer mboten saged dipun rumiyini mawi Tembung ancer-ancer. Ingat !!! Jejer tidak boleh didahului dengan kata depan

A.

1. Jejer awujud Tembung aran (kata benda) - Ibu tindak pasar - Sarimin munggah pangkat 2. Jejer awujud Frasa aran - Beras ketan murah regane - Omah kayu angel golekane

B. 1. Jejer awujud Tembung kriya (kata kerja) - Mangan marahi wareg - Sholat perintahing agama 2. Jejer awujud Frasa kriya - Perang iku ngrusak negara - Padu kuwi ngedohke kekancan

C. 1. Jejer awujud Tembung kaanan (kata keadaan). - Rukun agawe santosa - Jujur pakarti kang utama 2. Jejer awujud Frasa kaanan - Crah iku bisa gawe bubrah - Ngapusi kuwi marai ati sumpeg

C. 1. Jejer awujud Tembung wilangan - Loro klebu wilangan ganep - Sata tegese satus 2. Jejer awujud Frasa Wilangan - Dhomas iku ateges wolung atus - Setaun iku rolas sasi

E. 1. Jejer awujud Tembung sesulih Purusa (kata ganti orang) - Aku budhal sekolah - Kowe arep mangkat jam pira? 2. Jejer awujud Frasa Sesulih purusa. - Kowe kuwi lagi ngopo bud? - Aku karo kowe iku dadi mahasiswa UNS

Kanthi

sumringah, Budiman mangan sate : jejer wonten tengahing ukara. mangkono, ditulis kabeh welingku : jejer wonten pungkasaning ukara.

Yen

Ugi mboten saged dipun rumiyini kanthi Tembung Ancer-ancer. Dhumateng para tamu kula aturi

sabar sawetawis. (lepat) ingkang leres : Para tamu kula aturi sabar sawetawis.

Matur Nuwun