tuladha atur pasrah lamaran

7

Click here to load reader

Upload: muhammad-syukron

Post on 01-Oct-2015

329 views

Category:

Documents


3 download

TRANSCRIPT

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Assalamualaikum Wr. Wb

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, Mugi Rahayuha Sagung Dumadi, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bpsekalihan.Penjenganipun Bp..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp..sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp.sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg..kaliyan Bpsekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr. ...Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bpsekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. .. sekalihan garwa inggih punika;Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah salami-laminipun.Kasoking katresnan Bpsekalihan dhumateng Bpsekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putriMboten kekilapan Bp..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bpsekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika , panyuwunipun Bp..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayahWassalamualaikum Wr.Wb(SUMBER: http://pendidikan-agung33.blogspot.com/p/atur-pambagyaharjo-temanten.html)

\\\\

Assalamu'alaikum wr.wb.( ayat )Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen.Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing..................(kampung)..............ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid'alhamdulillahirobbil'alamin.'Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu......(pemangku gati)...........dalah gotrah kulawarga,Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu......(pemangku gati)...........sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu......(pemangku gati)...........sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing........(kampung)..........ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur assalamu'alaikum wr.wb.Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp......(pemangku gati)...........sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.Panjenenganipun Bp/Ibu......(pemangku gati)...........dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih.........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu......(pemangku gati)...........dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.(sumber : http://panatacara-kampung.blogspot.com/2011/04/atur-pasrah-penganten-kakung.html)

Assalamualaikum Wr.Wb. Kawula nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, Mugi Rahayuha sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ......................., kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu ........................ Panjenenganipun Bapa ....................... ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ....................... ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan. Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu ....................... boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu ........................ Ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Jangkep kaping kalih, rehning putra calon temanten calon kakung pun Bagus ....................... atmaja kakung saking Bapa/Ibu ....................... ingkang pidalem ing ....................... sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan Rara ....................... kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu ....................... kala wau dinten ....................... surya kaping ....................... wanci tabuh ....................... WIB mapan ing dalem ....................... mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa. Sahrening sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya. Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga. Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,Wassalamualaikum Wr. Wb. (sumber: http://lareangon-mixyblog.blogspot.com/2011/08/tuladha-atur-pasrah-temanten-kakung.html)