tugas jawa pidato

3
Bapak Kepala SMA N 1 Wonosari ingkang dhahat kinurmatan,lan Bapak/Ibu guru SMA N 1 Wonosari ingkang tansah kawula hurmati, Saha kanca-kanca kula ingkang satuhu kula tresnani, Assalamualaikum wr.wb. Tepangaken asmi kulo Elsana Bekti Nugroho, murid kelas XI A3 SMA N 1 Wonosari. Wonten ing akhir tahun pembelajaran puniko, mugi keparenga kulo badhe paring pidato perkawis Gesang kang Ijo”. Namung sakderengipun sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha kawilujengan dumateng kita sedaya saengga kita saget makempal wonten ing kaludangan puniko, saperlu nderek nyengkuyung mangayubagya lumampahipun patembaya sesorah basa Jawi ing enjang puniko. Mboten kesupen, shalawat saha salam mangga kita tansah unjukaken dumateng Nabiyullah Muhammad SAW, ingkang sampun nderekaken kita saking jaman Jahiliyah tumuju jaman ingkang kebak rahmat saking Gusti Allah. Poro rawuh ingkang munulyo, kathah sanget perkawis ing negari puniko kalebet perkawis ingkang nembe sumarak wonten ing Bumi Pertiwi menika. Saking perkawis ingkang alit kanyata kamiskinan lan kasus kriminal, dumugi perkawis ingkang ageng kados korupsi, krisis multidimensi kaliyan polusi ingkang dados panyebab wontenipun “ Pemanasan Global”. Nah, saking kasus ingkang sampun saget kita raosaken bahayanipun menika, kulo wonten ing mriki anggadahi usulan dumateng kula panjenengan sami, bilih linuwih becik supadhos kito tresna kalian “ijo-ijoan”. Ingkang dipunarani “Ijo” puniko mboten namung salah siwijining werno, ananging wonten hubunganipun kalian seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat. Wonten teng pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng- ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwanipun trotoar dalan. Mboten wonten macet lan sampah pating semerawut wonten dalan. Saklajengipun daerah kang kathah wit-witanipun, saget kulo jamin, tiyang wonten ing mriko nggadahi gesang kang sae lan tebih saking penyakit.

Upload: elsens-viele

Post on 01-Jul-2015

1.366 views

Category:

Education


7 download

TRANSCRIPT

Bapak Kepala SMA N 1 Wonosari ingkang dhahat kinurmatan,lan

Bapak/Ibu guru SMA N 1 Wonosari ingkang tansah kawula hurmati,

Saha kanca-kanca kula ingkang satuhu kula tresnani,

Assalamualaikum wr.wb.

Tepangaken asmi kulo Elsana Bekti Nugroho, murid kelas XI A3 SMA N 1 Wonosari.

Wonten ing akhir tahun pembelajaran puniko, mugi keparenga kulo badhe paring pidato

perkawis “Gesang kang Ijo”. Namung sakderengipun sumangga kita tansah ngunjukaken raos

syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha

kawilujengan dumateng kita sedaya saengga kita saget makempal wonten ing kaludangan

puniko, saperlu nderek nyengkuyung mangayubagya lumampahipun patembaya sesorah basa

Jawi ing enjang puniko. Mboten kesupen, shalawat saha salam mangga kita tansah unjukaken

dumateng Nabiyullah Muhammad SAW, ingkang sampun nderekaken kita saking jaman

Jahiliyah tumuju jaman ingkang kebak rahmat saking Gusti Allah.

Poro rawuh ingkang munulyo, kathah sanget perkawis ing negari puniko kalebet

perkawis ingkang nembe sumarak wonten ing Bumi Pertiwi menika. Saking perkawis ingkang

alit kanyata kamiskinan lan kasus kriminal, dumugi perkawis ingkang ageng kados korupsi, krisis

multidimensi kaliyan polusi ingkang dados panyebab wontenipun “Pemanasan Global”. Nah,

saking kasus ingkang sampun saget kita raosaken bahayanipun menika, kulo wonten ing mriki

anggadahi usulan dumateng kula panjenengan sami, bilih linuwih becik supadhos kito tresna

kalian “ijo-ijoan”. Ingkang dipunarani “Ijo” puniko mboten namung salah siwijining werno,

ananging wonten hubunganipun kalian seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat. Wonten

teng pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-

ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwanipun trotoar dalan. Mboten wonten macet lan

sampah pating semerawut wonten dalan. Saklajengipun daerah kang kathah wit-witanipun,

saget kulo jamin, tiyang wonten ing mriko nggadahi gesang kang sae lan tebih saking penyakit.

Kagem kulo, lingkungan ijo nggadahi pangartosan menawi kulo saget dholanan lan

gegojekan kalian konco-konco, memanas wonten ngandapipun srengenge tanpo kuawatir kulit

dados ireng. Mboten cekap semanten, tasih kathah paedahipun menawi kita saget

ngulinakaken supadhos gesang kang sehat lan saget njagi lan ngrumat alam kang asri saking

Gusti Pangeran.

Para sadherek ingkang kawulo hurmati, sakniki pamarentah ugi sampun giat-giatipun

gancaraken semboyan “Mencegah Lebih Baik daripada Mengobati”. Semboyan meniko

nggadahi pangertosan bilih penyakit menika teka amargi kito ingkang mboten saget miyara

gesang kito. Nah, sakderengipun menika kadadean kita kedah “Mencegah” miturut semboyan

menika. Lajeng kepripun? Ingkang langkung utami, lingkungan inggih menika factor ingkang

awrat. Saengga ngresiki lan ndamel endah lingkungan kito, lajeng nandur wit-witan alit wonten

ing sakkiwa-tengenipun omah saget njagi daur oksigen ingkang dados supply utami metabolism

wonten ing gesang kita panjenengan sami.

Kulo percados, bilih kito nggadahi coro ingkang benten-benten,ananging tujuanipun

sami. Contonipun, kulo tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh

tanggungjawab marang lingkungane piyambak-piyambak. Masyarakat lan pemerintah

tanggungjawab wonten ing lingkunganipun, mongko kota menika bakal dados kota ingkang ijo

lan sehat.

Puniko wau urun rembug kulo, cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, mugi-

mugi sedaya menapa ingkang sampun kawula aturaken wau saget dados dipunlampahi kanthi

sae. Mbokblih menawi wonten kuciwaning boja karami, anggenipun kulo nampi menggah ing

ing rawuh panjengan sedoyo, mugi tansah paring sih samudra pangaksami. Semonten ugi kula,

minangka tetalinging basa mbok bilih wonten galap-gangsuling atur saha kiranging subasita.

Kupat bumbune santen, menawi lepat nyuwun pangapunten

Akhirul kalam...

Wassalamualaikum wr. Wb.