tresna sajrone cerkak kupu tanpa elar
DESCRIPTION
psiko sastraTRANSCRIPT
TRESNA SAJRONE CERKAK KUPU TANPA ELARANGGITANE JMV SUNARJO
Ah. Syahrul Rahmat12020114047-2012 B
Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, FBS-Unesa
A. Purwaka
Akal kang diduweni saben manungsa mangaribawani kahanan kajiwane. Manungsa
nduweni akal saengga manungsa bisa mbedakake endi samubarang kang apik lan endi samubarang
kang elek. Akal ing kene kang mangaribawani kahanan kajiwane manungsa saengga manungsa
bisa ngerti endi kahanan kang apik kanggo dheweke lan endi kahanan kang ora apik kanggo
dheweke, kanggo ngerteni babagan kasebut manungsa dipangaribawani alam sadhar lan alam ora
sadhar kang tuwuh sajrone dhiri pribadhi saben manungsa.
Senajan rasa tresna kuwi minangka sesambungan antar manungsa kang apik, nanging
kadhang kala rasa tresna uga nuwuhake sesambungan antar manungsa mau malih dadi ora apik.
Rasa tresna mau kadhang kala ora kewales, mula ndadekake rasa lara ati tumrap pawongan liyane.
Sawise lara ati kadhang kala pawongan mau wis ora gelem nyedheki pawongan kag ditresnani,
malahan kanggo nyawang wae ora gelem.
Cerkak kanthi irah-irahan “Kupu Tanpa Elar” kapacak ing Jaya Baya edisi 09 Minggu
kaping I sasi Nopember 2015. Cerkak iki dianggit dening JMV Sunarjo, nyritakake katresnane
wong wadon, jenenge Yuni. Katresnane Yuni karo wong lanang kang wis seneng marang dheweke
wiwit SD lan katresnane Yuni karo bojone. Karya kang dianggit dening JMV Sunarjo rumangsaku
isih ditemoni ing Jaya Baya sepisanan iki, nanging karya kang awujud cerkak iki kalebu cerkak
kang apik amarga critane apik. Senajan isih kapacak sepisanan ing Jaya Baya nanging bisa dadi
dalan kanggo karya-karya liyane.
B. Lelandhesan Teori
Freud ngandharake ngenani psychoanalisa minangka sawijining teori ngenani
kapribadhen. Sajrone teori psikoanalisis, rerangken kapribadhen manungsa iku dumadi saka telung
perangan, yaiku id, ego, lan superego.
1. Id (das Es)
Id yaiku sakumpulan naluri-naluri kang ana ing ngisor alam sadhare manungsa. Id
minangka komponen kapribadhen manungsa kang paling dhasar, kang digawa wiwit lair. Id
nduweni tugas kanggo ngandharake kabutuwan salah sawijine manungsa supaya dadi daya
motivasional kang diarani insting utawa nepsu.
1
2. Ego (das Ich)
Lapisan pamikire manungsa kang ana ing alam sadhar kang nduweni gegayutan karo
jagading panguripan iku diarani ego. Miturut Freud (1920:371) sajrone ego ana kekuwatan kang
ora bisa leren olehe ngritik lan mbandhingake. Miturut Berry, ana patang andharan kang wigati
ngenani ego, yaiku:
a. Ego nuduhake marang awake dhewe ngenani apa kang “nyata”. Ego minangka pemersatu
utawa kang nggawe akal sehat.
b. Ego asipat praktis lan rasional.
c. Rasa kuwatir lair saka ego.
d. Ego diwawas luwih lemah tinimbang id, nanging teratur lan luwih egois saengga bisa
ngurusi babagan kelemahan.
3. Superego (das Uber-Ich)
Superego yaiku moral utawa ukum saka kapribadhen. Supergo yaiku sistem kapribadhen
kang nduweni nile-nile lan aturan-aturan kang asipat evaluative. Superego yaiku zat kang paling
dhuwur sajrone awake manungsa kang menehi garis-garis pengarahan etis lan norma-norma kang
kudu dianut. Freud uga ngandharake superego dumadi lumantar internalisasi pranatan dening
manungsa kang nduweni daya pangaribawa tumrap dheweke, tuladhane wong tuwa lan guru.
Superego paling ora nduweni telung fungsi yaiku:
a. Kanggo ngendhaleni impuls-impuls naluri id, supaya rangsangan kasebut bisa
disalurake kanthi cara utawa awujud kang bisa ditampa dening masyarakat
b. Nuntun ego kanthi pranatan moral, tinimbang kasunyatan
c. Menehi dhukungan marang manungsa supaya bisa sampurna uripe
Problem kajiwene paraga kang diandharake saka teorine Sigmund Freud yaiku rasa kuwatir kaya
kang dinadharake ing ngisor iki:
1. Rasa Kuwatir
Kahanan apa wae sing bisa njalari ora nyamane sawijine pawongan nuwuhake kahanan
kang diarani rasa kuwatir. Maneka warna masalah lan wujude owah jiwa bisa dadi alangan
sawijine pawongan kanggo gayuh tujuwan minangka salah sawijine sumber rasa kuwatir.
Ancaman utawa alangan ing kene bisa arupa fisik, psikis, lan maneka sebab sing njalari rasa
kuwatir.
Kasenengan, nesu, wedi, lan sedhih kerep diarani minangka emosi kang paling mendhasar
(primary emoticons). Kahanan kang dialami mengkono bisa mangaribawani apa kang bakal
dilakoni ing urip bebrayan iki. Kayata gething marang wong liya bisa mangaribawani perasaan
nesu, cemburu, lan iri hati. Titikan kang khas kanggo mratandhani gething yaiku kapenginan
kanggo mbuwang bab kang digethingi iku mau. Rasa gething mau bisa ilang yen kita nduweni
2
rasa tresna marang pawongan kasebut. Masiya sejatine rasa tresna uga bisa njalari pawongan
gething marang wong liya. Bab iku dititiki kanthi maneka werna panyebab. Mula rasa tresna uga
kalebu sub bab ing andharan iki.
Tresna kang satemene gumantung ing individu lan objek tresna iku dhewe (kapenginan
kanggo urip bebarengan). Rasa tresna nduweni maneka werna bentuk utawa wujud. Intensitas
pengalaman uga nduweni rentang saka kang paling lembut nganti kang paling jeru. Esensi rasa
tresna yaiku rasa kepencut dening wong liya kanthi pengarep-arep suwalike. Tresna dieloni rasa
setya lan rasa sayang. Ana kang ngarani yen trena iku ora mentingake diri pribadi, yen ora kaya
mangkono ateges dudu tresna sejati (Minderop, 2011:45).
C. Andharan
Cerkak “kupu tanpa elar” anggitane JMV Sunarjo iki nyritakake ngenani kisah asmarane
paraga aku lan paraga kang jenenge Yuni. Kisah asmarane kawiwitan nalika kekarone ketemu
sepisanan, nanging Yuni wiwitane ora seneng marang paraga aku. Yuni rabi klawan pawongan
kang sugih, nanging ora suwe umure nenikahane kuwi mau. Dheweke cerai klawan pawongan
mau. Sawise dheweke cerai, dheweke kerep ndhewe, ora srawung karo kanca-kancane. Kamangka
Yuni iku minangka guru ing salah sawijine sekolahan. Kanca-kancane uga ana sing simpati
marang dheweke, nanging uga ana kang nyokurake dheweke.
Gegambaran iku kayata kasetyane kang mung ana ing pawongan siji wae.
a. Tresna
Rasa tresna kuwi pancen bisa tuwuh kapan wae lan karo sapa wae. Ora preduli kuwi lagi
kenalan utawa wis suwe kenalan. Yen pawongan wis bisa tresna ya ora bisa kapenggak maneh.
Amarga rasa tresna pancen ora bisa dilarang. Tresna iku bisa tuwuh nalika kita sepisanan ketemu
marang pawongan kasebut. Biyasane kang ngalami bab kaya mangkono yaiku wong lanang. Kaya
kang dicritakake ing cerkak iki.
Jujur wae, wiwit ketemu pisanan ing SD iki biyen atiku kepranan marang dheweke. Usahaku nyedhaki yaw is ora kurang-kurang. Budhal mulang dakampiri, wayah mulih uga dakboncengake dak ter mulih, yen ana tugas sing mbutuhake tenaga lan pikiran abot aku uga tansah aweh pambiyantu (JB N0. 9, kaca 28).
Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen paraga aku wis tresna marang dheweke (Yuni)
wiwit ketemu kang sepisanan. Malahan apa wae dilakoni kanggo nyedhaki Yuni, nanging or kasil.
Bab kasebut dilakoni amarga dheweke nduweni rasa tresna kang gedhe marang Yuni. Yen
dheweke ora tresna temenan marang Yuni ora mungkin dheweke nglakoni apa wae amrih cedhak
marang Yuni. Kabeh iku mau amarga rasa tresnane kang gedhe.
b. Wedhare Katresnan
3
Saben pawongan kang tulus tresna marang pawongan liya mesthi kepengin urip mulya
karo wong kang ditresnani. Nanging kadhang kala wong kang ditresnani ora ngrasa mulya karo
kita. Mula ora sethithik pawongan kang lila nglakoni apa wae kanggo mulyane wong kang
ditresnani. Senajan awake dhewe ngrasa lara ati. Kabeh mau dilakoni kanggo wong kang
ditresnani.
“Aku yakin ora. Tresna ora kenal keduwung, sing ana mung piye supaya katresnan iku bisa tetep ngrembuyung nganti sing nresnani bisa mulyakake wong sing ditresnani.”Yuni mesem. Mesem manis kaya eseme Yuni rong taun kepungkur. Atiku lega. (JB No. 9, kaca 29)
Kutipan ing ndhuwur ngandharake yen paraga aku lila nglakoni apa wae kanggo wong
kang ditresnani, yaiku Yuni. Dheweke wis lega banget bisa ngingeti Yuni mesem. Kamangka
kuwi lagi mesem. Kepriye rasane yen ngingeti Yuni mulya uripe, ya mesthi seneng banget tanpa
kinira. Saka kutipan omongane paraga aku mau katon banget yen dheweke tresna banget marang
Yuni, mula dheweke kepengin mulyakake si Yuni.
D. Panutup
Adhedhasar andharan ing ndhuwur bisa didudut yen cerkak kanthi irah-irahan “Kupu
Tanpa Elar” bisa dianalisis nagnggo psikologi sastra. Cerkak anggitane JMV Sunarjo iki ngandhut
babagan pertahanan ego kang dituduhake dening paraga Aku lan paraga Yuni. Mekanisme
pertahanan ego iki lumrah ana ing sakabehe manungsa, apa maneh yen kahanane kaya kang
dicritakake ing cerkak iki.
Cerkak kanthi irah-irahan “Kupu Tanpa Elar” uga menehi piwulang becik tumrap pamaca.
Piwulang iki yaiku kudu dadi manungsa kang migunani tumrap liyan. Saliyane iku dadi manungsa
kudu gelem ngrungokake nasehat saka wong liya. Yen nasehat kuwi bisa njaga awake dhewe saka
urip susah.
Kapustakan
Jaya Baya No. 09 Edhisi minggu I Nopember 2015.
Minderop, Albertine. 2011. Psikologi Sastra. Jakarta: Yayasan Pustaka Obor Indonesia.
4