tradhisi kirap encek nganten ing dhusun grenjeng sraturejo, bojonegoro

26
Tradhisi Kirap Encek Nganten Ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro TRADHISI KIRAP ENCEK NGANTEN ING DHUSUN GRENJENG SRATUREJO, BOJONEGORO Riska Sundarwati, Dra. Suwarni, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya [email protected] Abstrak Tradhisi Kirap Encek Nganten (TKEN) minangka salah sawijine tradhisi kanggo wujud rasa syukure masyarakat Grenjeng marang Gusti Pangeran kang wis paring panen rendhengan arupa pari lan asil bumi liyane, kasarasan, sarta kaslamatan tumrap para warga. TKEN dilaksanakake ing dina Senin Pon. Punjering panliten kang bakal dijlentrehake sajrone panliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane TKEN ing Grenjeng (2) Kepriye tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone TKEN (3) Apa wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone TKEN (4) Apa fungsi/piguna kang kinandhut sajrone TKEN (5) Kepriye owah gingsire TKEN. Tujuan panliten umum kanggo nggambarake kepriye TKEN ing Grenjeng Sraturejo, Baureno, Bojonegoro. Dene tujuwan khusus saka panliten iki yaiku: (1) Ngandharake mula bukane TKEN (2) Ngandharake tatarakit lan makna kang kinandhut (3) Ngandharake wujud ubarampe lan makna (4) Ngandharake fungsi/piguna (5) Ngandharake owah gingsire TKEN. Teori folklor saka Danandjaja digunakake kanggo mawas wujud folklor. Sajrone panliten iki kanggo ngandharake ngenani makna nggunakake teori semiotik Pierce. Kanggo ngandharake piguna nggunakake teorine Bascom, dene kanggo ngandharake ngenani owah gingsire nggunakake pamawase Koentjaraningrat lan Sukarman. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata kasebut dipikolehi kanthi cara metodhe lan teknik observasi, wawancara lan dokumentasi. Tatacara nganalisis dhata sajrone panliten iki nggunakake open coding, axial coding, lan selective coding. Asil panliten TKEN iki ngandharake ngenani mula bukane TKEN ing Grenjeng, yaiku ing jaman biyen Prabu Lembu Amisena lan permaisurine yaiku Kanjeng Ratu Lebdasari dipakunjara dening patihe kanthi asma Patih Jaya Singa. Nalika kekarone kasil metu saka pakunjaran, banjur dikirap ngubengi Grenjeng dening para prajurit lan warga. Urut-urutan tatarakit TKEN yaiku diwiwiti ngresiki Dhusun Grenjeng lan dipungkasi adicara langen tayub. Ubarampe-ubarampe kang ana sajrone TKEN iku cacahe ana 28 kayata encek nganten, encek sega, lan liya-liyane. Fungsi/piguna saka TKEN yaiku: (1) Minangka sistem proyeksi (2) Minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan (3) Minangka sarana panggulawenthah, (4) Minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi, (5) Kanggo nguwatake rasa solidaritas sosial, (6) Fungsi kanggo pelestarian budaya, (7) Fungsi hiburan, (8) Fungsi ekonomi. Owah gingsire sajrone TKEN iku dijalari saka loro faktor. Faktor saka njero kang njalari owah gingsire tradhisi yaiku discovery lan invention, dene faktor saka njaba yaiku anane difusi lan akulturasi. PURWAKA Landhesane Panliten Kabudayan minangka sakabehe kawruh manungsa minangka makhluk sosial kang digunakake kanggo 1

Upload: alim-sumarno

Post on 08-Nov-2015

92 views

Category:

Documents


16 download

DESCRIPTION

Jurnal Online Universitas Negeri Surabaya, author : RISKA SUNDARWATI

TRANSCRIPT

Paper Title (use style: paper title)

Tradhisi Kirap Encek Nganten Ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro

Tradhisi Kirap Encek Nganten Ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro

TRADHISI KIRAP ENCEK NGANTEN ING DHUSUN GRENJENG

SRATUREJO, BOJONEGORO Riska Sundarwati, Dra. Suwarni, M.PdPendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

[email protected]

Abstrak

Tradhisi Kirap Encek Nganten (TKEN) minangka salah sawijine tradhisi kanggo wujud rasa syukure masyarakat Grenjeng marang Gusti Pangeran kang wis paring panen rendhengan arupa pari lan asil bumi liyane, kasarasan, sarta kaslamatan tumrap para warga. TKEN dilaksanakake ing dina Senin Pon. Punjering panliten kang bakal dijlentrehake sajrone panliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane TKEN ing Grenjeng (2) Kepriye tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone TKEN (3) Apa wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone TKEN (4) Apa fungsi/piguna kang kinandhut sajrone TKEN (5) Kepriye owah gingsire TKEN. Tujuan panliten umum kanggo nggambarake kepriye TKEN ing Grenjeng Sraturejo, Baureno, Bojonegoro. Dene tujuwan khusus saka panliten iki yaiku: (1) Ngandharake mula bukane TKEN (2) Ngandharake tatarakit lan makna kang kinandhut (3) Ngandharake wujud ubarampe lan makna (4) Ngandharake fungsi/piguna (5) Ngandharake owah gingsire TKEN.

Teori folklor saka Danandjaja digunakake kanggo mawas wujud folklor. Sajrone panliten iki kanggo ngandharake ngenani makna nggunakake teori semiotik Pierce. Kanggo ngandharake piguna nggunakake teorine Bascom, dene kanggo ngandharake ngenani owah gingsire nggunakake pamawase Koentjaraningrat lan Sukarman. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata kasebut dipikolehi kanthi cara metodhe lan teknik observasi, wawancara lan dokumentasi. Tatacara nganalisis dhata sajrone panliten iki nggunakake open coding, axial coding, lan selective coding.

Asil panliten TKEN iki ngandharake ngenani mula bukane TKEN ing Grenjeng, yaiku ing jaman biyen Prabu Lembu Amisena lan permaisurine yaiku Kanjeng Ratu Lebdasari dipakunjara dening patihe kanthi asma Patih Jaya Singa. Nalika kekarone kasil metu saka pakunjaran, banjur dikirap ngubengi Grenjeng dening para prajurit lan warga. Urut-urutan tatarakit TKEN yaiku diwiwiti ngresiki Dhusun Grenjeng lan dipungkasi adicara langen tayub. Ubarampe-ubarampe kang ana sajrone TKEN iku cacahe ana 28 kayata encek nganten, encek sega, lan liya-liyane.

Fungsi/piguna saka TKEN yaiku: (1) Minangka sistem proyeksi (2) Minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan (3) Minangka sarana panggulawenthah, (4) Minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi, (5) Kanggo nguwatake rasa solidaritas sosial, (6) Fungsi kanggo pelestarian budaya, (7) Fungsi hiburan, (8) Fungsi ekonomi. Owah gingsire sajrone TKEN iku dijalari saka loro faktor. Faktor saka njero kang njalari owah gingsire tradhisi yaiku discovery lan invention, dene faktor saka njaba yaiku anane difusi lan akulturasi.

PURWAKA Landhesane Panliten

Kabudayan minangka sakabehe kawruh manungsa minangka makhluk sosial kang digunakake kanggo mangerteni lingkungan sarta pengalaman manungsa lan dadi paugeran tumindake manungsa. Kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku buddhayah yaiku wujud jamak saka tembung buddhi kang tegese budi utawa akal. Kanthi etimologis, tembung kabudayan yaiku bab kang sesambungan karo akal (Koentjaraningrat, 1985:9).

Sudikan (2001:4-6) ngandharake kabudayan nuswantara kaperang dadi telu, yaiku (1) kabudayan lokal, (2) kabudayan dhaerah, lan (3) kabudayan nasional. Salah sawijine kabudayan lokal kang narik kawigaten lan arep ditliti ing kene yaiku kabudayan lokal kang arupa Tradhisi Kirap Encek Nganten sabanjure dicekak TKEN kang dianakake ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro.

Kang gawe pepinginane panliti anggone nliti TKEN yaiku :

(1) Tradhisi kang dianakake sacara gedhen-gedhen lan masyarake wiwit mudha nganti tuwa katon nyengkuyung anane TKEN wiwit jaman biyen nganti saiki.

(2) Encek ing tradhisi liyane biasane cacahe amung siji, nanging sajrone TKEN iku enceke cacahe ana loro yaiku encek nganten lan encek sega. Encek nganten diperang dadi loro yaiku encek lanang lan wadon kang digawe wujude gedhe saengga diarani encek raseksa kang gawe saka asil bumi saka masyarakat kayata palapendhem, palasandhung lan palagantung banjur diarak ngumeti Dhusun Grenjeng.

(3) TKEN ing Grenjeng diwujudake kanthi sawenehing tatarakit adicara lan ubarampe kang maneka warna. Sakabehe ubarampe kang diprelukake kasebut kudu disiapake dening masyarakat. Tatarakite lan ubarampe sajrone adicara TKEN iku beda karo tatarakiting tradhisi liyane. Saben tatarakite lan ubarampe TKEN iku nduweni makna kang beda karo tatarakite liyane. Tatarakit lan ubarampe kang dirasa aneh utawa akang iku ing jaman modern jarang ana masyarakat Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo lan generasi mudha kang mangerteni makna lan pigunane kang kinandhut saka adicara TKEN, mula akeh pitakonan-pitakonan saka masyarakat

(4) Anane kaprecayan saka masyarakat yen ora nindakake bakal ana bebendu ing Grenjeng.

(5) TKEN kang wis dianakake nalika jaman biyen nganti jaman saiki nduweni owah-owahan salaras karo pangaribawa ngrembakane jaman lan lingkungan sosial, amarga TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang asipat dinamis. Anane owah-owahan sajrone TKEN iki tetep ora nyuda makna sarta fungsine tumrap masyarakat ing Grenjeng.

(6) Upacara kasebut miturute pamawase panliti lan masyarakat Grenjeng Desa durung diteliti kanthi luwih rowa.

Adhedhasar mula bukane kang wis diandharake ing dhuwur, panliti kepengin nliti lan nganalisis kabudayan TKEN ing Grenjeng kanthi setiti.1.2 Punjering Panliten

Adhedhasar lelandhesaning panliten kasebut ing dhuwur mula punjering panliten yaiku:

1.2.1 Kepriye mula bukane TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo Bojonegoro?

1.2.2 Kepriye tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone TKEN?

1.2.3 Apa wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone TKEN?

1.2.4 Apa fungsi/piguna kang kinandhut sajrone TKEN?

1.2.5 Kepriye owah gingsire tradhisi sajrone TKEN?

1.3 Ancase PanlitenMiturut undhering panliten ing dhuwur nuwuhake anane tujuwan kaya andharan iki:

1.3.1 Tujuwan Panliten Umum

Tujuwan panliten umum ing panliten iki kanggo nggambarake kepriye TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo, Bojonegoro.

1.3.2 Tujuwan Panliten Khusus

Panliten babagan TKEN ing Dhusun Grenjeng nduweni tujuwan khusus, yaiku:

1.3.2.1 Ngandharake mula bukane TKEN ing Grenjeng Sraturejo Bojonegoro.

1.3.2.2 Ngandharake tatarakit lan makna kang kinandhut sajrone TKEN.

1.3.2.3 Ngandharake wujud ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone TKEN.

1.3.2.4Ngandharake fungsi/piguna TKEN.

1.3.2.5 Ngandharake owah gingsire tradhisi sajrone TKEN.

1.4 Paedahe PanlitenAsiling panliten iki diajab supaya bisa kanggo:

1.4.1 Nambahi kawruh kanggo panliten-panliten liyane ngenani budaya Jawa mligine TKEN ing Grenjeng.

1.4.2 Nglestarekake budaya Jawa mligine TKEN ing Grenjeng.

1.4.3 Menehi kawruh bebrayan ing Bojonegoro ana obyek wisata budaya yaiku TKEN.

1.4.4 Nambahi referensi bab kabudayan Jawa tumrap piwulangan basa Jawa ing sekolah.

1.4.5 Minangka dokumentasi tradhisi, mligine tumrap warga Grenjeng ing babagan kabudayan Jawa supaya tansah dijaga luhur pambudidayane.

1.5 Watesane Panliten

Wewatesane panliten iki mligine ngenani mula bukane TKEN, tatarakiting, ubarampe, lan makna sajrone TKEN, pigunane TKEN, owah gingsir tradhisi sajrone TKEN.

1.6 Watesane Tetembungan

(1) Tradhisi yaiku sakabehing adat, kapitayan, lan liya-liyane kang diwarisake para leluhur lan isih ditindakake dening masyarakat (Poerwadarminta, 1939:1069). (2) Kirap yaiku metu bareng arak-arakan (Sudaryanto, 2001: 445)

(3) Encek yaiku salah sawijine samubarang kan dieyeng-eyeng wong akeh (2001:264)

(4) Nganten yaiku wong lanang lan wadon kang ngresmekake anggone urip bebrayan (Sudaryanto, 2001:668)

(5) Dhusun Grenjeng yaiku minangka jeneng kanggo salah sawijine dhusun kang ana ing Desa Sraturejo. Dhusun Grenjeng minangka dhusun kang manggone sisih kulon saka Desa Sraturejo Kecamatan Baureno Kabupaten Bojonegoro. Dhusun Grenjeng uga minangka panggonan kang dianakake adicara TKEN. (6) Owah utawa ewah yaiku salin kahanan, malih dadi beda karo sakawit. Owah-owahan tegese molah malih kahanane, ora lestari(Poerwadarminta,1939:1409)

TINTINGAN KAPUSTAKANKonsep Kabudayan

Kabudayan minangka salah sawijine idhentitas bangsa. Saben kabudayan nduweni wujud universal kang beda-beda jinise. Jinis lan pambedane yaiku saka wujud kabudayan kang duweni dening masyarakat tartamtu. Pambedane kaasilake saka olah tangane lan pangalaman-pangalamane masyarakat panyengkuyunge kabudayan kasebut. Bebrayan Jawa minangka klompok kang nduweni kabudayan lan titikan dhewe kang mbedakake antarane kabudayan Jawa karo kabudayan liyane.

Koentjaraningrat, (1985:9) kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku buddhayah yaiku wujud jamak saka tembung buddhi kang tegese budi utawa akal. Mula saka iku kabudayan bisa diarani bab kang nduweni gegayutan karo budi lan akal. Koentjaraningrat, (2009: 146) kabudayan yaiku arupa cipta, karsa, lan rasa. Saliyane iku miturut Koentjaraningrat kang dikutip dening (Sukarman, 2006: 21) kabudayan yaiku minangka sakabehe sistem gagasan, tumindak lan asil karya manungsa sajrone urip bebrayan kang didadekake idhentitas dhiri dening masyarakat lan carane kanthi cara sinau.

Bakker (1984:22) ngandharake kanthi ringkes ngenani kabudayan, yen kabudayan yaiku anggone nyipta, anggone ngatur lan anggone ngolah nilai-nilai insani. Miturut Bakker kang dikutip dening Simon (2008:10) kabudayan minangka kagiyatan utawa proses kang nduweni asil, lan asil kasebut mesthi diwujudake maneh. Manungsa minangka salah sawijine paraga kang nyengkuyung kabudayan. Konsep Folklor

Sacara etimologis tembung folklor minangka jarwan saka tembung Inggris folklor, kang asale saka rong tembung yaiku folk lan lore. Folk yaiku sakelompok wong kang nduweni ciri-ciri fisik, sosial lan kabudayan, saengga bisa dibedakake dadi klompok-klompok liyane. Lore minangka tradhisi saka folk, yaiku saperangan kabudayan kang diwarisake kanthi cara turun temurun lumantar cara lisan utawa kanthi cara tuladha kang dijangkepi gerak isyarat (Danandjaja, 1984:1-2). Sejatine, istilah folklor iku ditemokake dening William John Thoms minangka ahli kabudayan antik (antiquarian) Inggris. Konsep Tradhisi

Poerwadarminta, (1939:1069) tradhisi yaiku sakabehing adat, kapitayan, lan liya-liyane kang diwarisake para leluhur lan isih ditindakake dening masyarakat. Mula adat bisa ateges tumindak samubarang kang wis dadi pakulinan kang ditindakake wiwit jaman biyen nganti saiki. De Hann (sajrone Widayati, 2008:79) tradhisi minangka salah sawijine tumindake manungsa kang nyakup sakabehe panguripan sosial, politik ekonomi lan teknik sarta kawruh kang nduweni gegayutan karo piguna sajrone urip bebaryan, lan lumaku kanthi cara turun tumurun kanthi diiket dening norma. Konsep Fungsi

Bascom kang dikutip dening Danandjaja (1984: 19) piguna folklor kanggo masyarakat panyengkuyunge bisa kaperang dadi papat, yaiku: (1) minangka sistem proyeksi, yaiku minangka sarana piranti kang dadi kaca benggalaning angen-angen sawijine kolektif, (2) piranti pengesahan pranata-pranata lan lembaga kabudayan, (3) kanggo sarana pendidikan, (4) pameksa lan ngawasi supaya norma-norma masyarakat bisa diugemi dening kolektif. Konsep Makna Simbolis

Ilmu kang nyinauni ngenani simbol iku diarani semiotik. Pangerten semiotik miturut Luxemburg (1992:44) ngandharake semiotik minangka ilmu kang ngandharake babagan simbol lan pratandha. Tembung semiotik asale saka basa Yunani yaiku semion (pratandha) kang tegese ilmu kang nyinaoni sistem pratandha lan pralambang, sistem lambang sarta proses pralambang (Luxemburg, 1992:44). Pierce (sajrone Luxemburg, 1992:46) ngandharake yen faktor-faktor kang nemtokake anane tandha, yaiku (1) tandha kuwi dhewe, (2) bab kang ditandhani, lan (3) sawijine tandha anyar kang dumadi ing batine panampa. Saliyane nyinaoni ngenani tandha, semiotik uga nyinaoni babagan pralambang utawa simbol.Konsep Owah Gingisr

Maran (2007:50-52) owah-owahane kabudayan iku krana limang perkara, yaiku: (1) faktor kahanan utawa lingkungan alam, (2) anane kontak karo masyarakat kang nduweni norma, nilai, lan teknologi kang beda, (3) discovery (panemuan) lan invention (reriptan kang anyar), (4) masyarakat ngadhopsi utawa njupuk kabudayan liya, lan (5) bangsa nganakake modifikasi kanthi ngadhopsi kawruh lan kapitayan kang anyar. Sukarman (2006: 38) owah gingsir kabudayan iku bisa amarga faktor saka njaba lan saka njero. Faktor saka njero kayata discovery lan invention. Faktor saka njaba yaiku saka proses difusi, akulturasi, lan asimilasi.Lelandhesan Teori

Teori folklor saka Danandjaja digunakake kanggo mawas wujud folklor. Sajrone panliten iki kanggo ngandharake ngenani makna nggunakake teori semiotik Pierce. Kanggo ngandharake piguna nggunakake teorine Bascom, dene kanggo ngandharake ngenani owah gingsire nggunakake pamawase Koentjaraningrat lan Sukarman.METODHE PANLITEN

Ancangan Panliten

Panliten ngenani Wujud, Makna, Piguna, lan Owah Gingsire TKEN ing Dhusun Grenjeng yen ditintingi saka jinise, kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Panliten kualitatif tumrap TKEN luwih asipat dheskriptif, amarga dhata kang dikumpulake awujud tembung-tembung lan gambar, ora nengenake ing babagan angka. Bab dheskriptif sajrone panliten nduweni teges eksplorasi utawa nggambarake swasana sosial kang arep ditliti kanthi jero, amba, tur rowa. Senajan wujud panliten kualitatif tansah ngrembaka lan owah, nanging panliten kualitatif dheskriptif kalebu tintingan panliten kang cetha, amarga bisa ngasilake dhata panliten kang sistematis adhedhasar kasunyatan tumrap objek panliten.

Papaning Panliten

Papan panliten minangka papan kang didadekake tujuwan kanggo nggolek sakabehing dhata dening panliti. Papan panliten ngenani TKEN ditindakake ing Dhusun Grenjeng Sraturejo Bojonegoro.Sumber Dhata

Sumber dhata primer yaiku sumber dhata kang mligi ana sajrone panliten iku dhewe, sajrone panliten kualitatif iku sumber dhatane yaiku informasi ngenani TKEN ing Grenjeng kang dipikolehi saka informan. Informasi kasebut arupa tembung-tembung lan tumindake manungsa. Sumber dhata sekundher yaiku sumber dhata tambahan sajrone panliten kang nyengkuyung sumber dhata primer, tuladhane kang awujud rekaman, dhokumentasi, lan sapanunggalane. Dhata Panliten

Dhata minangka perangan saka panliten. Dhata sajrone panliten TKEN ing Grenjeng iki awujud dhata lesan yaiku saka asiling rekaman wawancara kang arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana saka informan. Dhata tulisan yaiku arupa pethikan-pethikan katrangan saka para ahli kang tinulis ing buku. Dene dhata kang awujud barang yaiku arupa gambar saka asiling dhokumentasine tata laku lan ubarampe TKEN.

Instrumen Panliten

Ing panliten iki, panliti minangka pihak sepisan kang dadi instrumen utama amarga panliti nindakake utawa pelaku saka awal nganti akhir panliten, kang diwujudake ing laporan panliten. Panliten TKEN ing Grenjeng iki minangka panliten lapangan kang nggunakake piranti-piranti panliten kang lumrahe kanggo nggolek dhata yaiku:

(1) Kamera Digital, (2) Hp, (3) Daftar pitakonan (4) Buku cathethan lan pulpen. Tata Cara Ngumpulake Dhata

Tata cara pangumpulane dhata ing sajrone panliten iki diperang dadi telu yaiku Teknik observasi, wawancara, dhokumentasi. Tata Cara Nganalisis Dhata

Panliten iki nggunakake analisis dhata kaya kang diandharake dening Sudikan (2001:80) yaiku (1) open coding, tegese panliti kudu nggolek variasi dhata saakeh-akehe kang salaras karo panliten kang dilakoni, (2) axial coding, tegese ngurutake dhata saka open coding mau miturut panggolongane, (3) selective coding, tegese panliti nggolongake proses pemeriksaan kategori inti kang ana gegayutane karo liyane supaya mujudake dudutan. ANDHARAN Mula Buka TKEN ing Dhusun Grenjeng Sraturejo

Mula bukane TKEN ing Grenjeng, yaiku ing jaman biyen Prabu Lembu Amisena lan permaisurine yaiku Kanjeng Ratu Lebdasari dipakunjara dening patihe kanthi asma Patih Jaya Singa. Nalika kekarone kasil metu saka pakunjaran, banjur dikirap ngubengi Grenjeng dening para prajurit lan warga. Sawise Kaki Krebut lan Nyai Krebut tilar donya, para warga Grenjeng banjur nganakake kirap kanthi nggunakake jodhang, banjur ing taun 2011 para warga nggunakake asil bumi kanthi diwujudake gunungan.Babagan adicara TKEN diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:

Rumiyin menika Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang dikirap ngubengi dhusun, lajeng sasampunipun Kaki Krebut lan Nyai Krebut tilar donya lajeng dingawontenaken kirap kanthi nggunakake jodhang. Menawi kirap saking kawontenan dhusun menika sakitar kepala desa ingkang sepisan inggih menika taun 1921 menika wonten kepala dhusun Grenjeng, amarga rumiyin menika Desa Sraturejo gadhah tiga kepala dhesa, dados Desa Sraturejo menika sakitar taun 1923. Lurah kapisan asmane Mbah Sarijan. Rumiyin ingkang didamel kirap menika jodhang, ingkang isinipun inggih kadosta kembang goyang, kucur, jadah, ondhe-ondhe, nagasari pokoe ingkang didamel adicara ngantenan ngoten niku, niku diwiwiti taun 1921 lajeng vakum taun 1984-1990 mboten nate dipun ngawontenaken malih mung dingawontenaken nanging manganan kemawon. Niku kok dirasa wonten ingkang aneh ngoten nalika mboten ngawontenaken Kirap Encek Nganten menika kathah pageblug lan kacingkrangan, inggih lajeng dipun ngawontenaken malih dening masyarakat amargi masyarakat inggih ajrih, wiwit taun 2011 niki didamel encek nganten ingkang arupi woh-wohan lan janganan menika. (Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen TKEN iku kawiwitan kang dikirap yaiku sepasang nganten (Kaki Krebut lan Nyai Krebut) amarga wis bisa bebas saka Patih Jaya Kanga. Sawise Kaki Krebut lan Nyai Krebut tilar donya, adicara TKEN tansah diuri-uri dening warga, nanging para warga nggunakake jodhang kanggo dikirap. Ing jaman biyen, Desa Sraturejo iku nduweni telu kepala desa. Salah sijine kanthi asma Mbah Sarijan kang dadi Kepala Desa ing Grenjeng. Panjenengane nganakake TKEN kanthi nggunakake jodhang sakitar taun 1921. Jodhang kang cacahe loro kasebut diarak saka balaki desa menyang omahe Pak Lurah banjur sawise iku digawa menyang petilasan Sumur Nganten. Jodhang yaiku minangka salah sawijine piranti kanggo wadhahe jajan kang digawe saka kayu jati kang dibentuk pesagi panjang.

Nalika taun 1984-1990 adicara TKEN iku banjur ora dianakake dening warga Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo. Alesan kang ndhasari ora dianakake adicara TKEN ora jelas. Adicara TKEN iku ora ana amarga kaputusan saka Bapak Silam Hadi nalika dadi Kepala Desa Sraturejo periode 1971-1990. Anane peraturan kang kaya mangkono iku para warga kudu melu naati kaputusan Kepala Desa senadyan para warga Dhusun Grenjeng ora mangerteni alesan kang njalari ora dianakake TKEN.

Adicara TKEN ora dianakake nganti taun 2010, banjur dianakake maneh taun 2011. Alesan kang nyebabake para warga nganakake maneh adicara TKEN amarga nalika ora dianakake ing Dhusun Grenjeng akeh pageblug. Nalika iku para warga padha bingung lan wedi saengga para warga nduweni pepinginan lan niat supaya adicara TKEN dianakake maneh. Nalika adicara TKEN dianakake maneh ngalami owah-owahan. Ing jaman biyen kang dikirap yaiku jodhang kanthi isi jajan-jajan nanging nalika taun 2011 diganti kanthi woh-wohan lan janganan kang ditata kaya gunung. Woh-wohan lan janganan kasebut arupa palasandhung, palagantung, lan palapendhem. Sakabehe mau asale saka warga kang ditata apik lan cacahe ana loro yaiku encek lanang lan encek wadon. Encek lanang minangka lambang saka Kaki Krebut (Prabu Lembu Amisena) dene encek wadon minangka Nyai Krebut (Kanjeng Ratu Lebdasari). Babagan TKEN uga diandharake dening Mbah Simat kang minangka sesepuh desa kaya andharan iki:

Rumiyin menika namung sedhekah bumi biasa mbak, bektane namung encek ingkang nginggile wonten sekule, nanging saya dangu niku masyarakat nggadhahi pamikiran amrih tradhisi menika dados ageng, lajeng caranipun ndamel encek ageng. Encek ageng niku didamel saking asil panenipun para masyarakat Grenjeng kadosta lombok, tomat, kacang lanjaran, melon, terong. Masyarakat kang guyub rukun iku nggawe encek lan banjur dikirap mubeng Dhusun Grenjeng, encek iku banjur dipanggonake ing sumur nganten.(Mbah Simat, 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening Mbah Simat kang minangka sesepuh Grenjeng bisa dideleng yen TKEN ing jaman biyen karo jaman saiki ana owah-owahane. Ing jaman biyen , kang digawa iku mung encek cilik-cilik kang dhuwure ana segane lan lawuhe dene ing jaman saiki TKEN iku diwujudake kanthi cara encek gedhe kang cacahe ana loro yaiku encek lanang lan encek wadon. Encek gedhe mau kang diarani encek nganten. Isi saka encek nganten yaiku woh-wohan kang saka asil bumi kayata terong, lombok, tomat, kacang lanjaran lan sapiturute.Tatarakit TKEN

TKEN iku nduweni tatarakit kang beda karo tatarakit sajrone tradhisi liyane kang ngrembaka mligine ing Kabupaten Bojonegoro. TKEN iki wis ana wiwit jaman biyen nganti saiki, saya suwe TKEN saya ngrembaka. Adicara TKEN biasane diwiwiti nalika dina Minggu Pahing, nanging rame-ramene ing dina Senin Pon. Tatarakiting sajrone TKEN iku nduweni makna kang becik tumrap panguripane manungsa mligine kanggo warga Grenjeng. Tatarakit sajrone adicara TKEN yaiku: (1) Ngresiki Dhusun Grenjeng

TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang diwarisake dening para leluhur lan ngrembaka ing Grenjeng. Sadurunge adicara TKEN kalaksanan ing dina Senin Pon, biasane kanggo nyambut adicara TKEN wis diwiwiti nalika dina Minggu Pahing. Tatarakite kang sepisan yaiku ngresiki dhusun.Tata lairipun ngresiki rerumbukan supados padhang saengga mboten wonten reregedan, dene tata batinipun ngresiaken ati lan pikiran supados padhang dados mboten butek, menapa ingkang ngalangi ibadah menika saged kabuka padhang. (Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Saka andharan Bapak Haryanto bisa dideleng yen makna saka tatarakit ngresiki dhusun yaiku ana rong makna. Makna kapisan yen dideleng saka lair ngresiki rerumbukan supaya katon resik lan endah. Dadi dhusun kang biyene reged jarang diresiki bebarengan, yen diresiki bebarengan mesthi bae katon resik lan endah. Kahanan Grenjeng kang katon resik iku mau ndadekake para warga padha seneng anggone nyawang. Kaping pindho yaiku nduweni makna kang dideleng saka tata batin manungsa. Ngresiki dhusun dideleng saka tata batin yaiku ngresiki ati kang buthek supaya padhang. Dadi para warga kang sadurunge ing njero atine nduweni uneg-uneg utawa prakara pribadi utawa prakara karo tetangga bisa resik, saengga bisa ndadekake anggone nglaksanakake ibadah kalaksanan kanthi ati kang padhang.(2) Ater-ater (sega bingung)

Ater-ater utawa dening masyarakat Kabupaten Bojonegoro kerep ngarani weweh, dene ing Dhusun Grenjeng nduweni aran kang mligi yaiku sega bingung. Diarani sega bingung amarga sega kang bingung ora mangerteni arep digawa menyang ngendi bae, ing ratan katon rame wong-wong kang padha ater-ater.Wonten ngriki inggih diwastani weweh. Weweh menika andum. Tiyang ngriki ngarani sega bingung amarga wonten kang teka wonten kang budhal, dados radosan ten ngriki rame mbekta sekul wewehan, wonten kang ngalor, ngidul, ngetan, ngulon. Sejatosipun menika inggih mboten bingung wong sampun semerep tujuwanipun, nanging ingkang panggih wonten dalan menika lo ngedhika sega kok ngalor, ngidul, ngetan, ngulon, dados ingkang semerep menika ingkang bingung, amargi saking kathahipun ingkang slira-sliri. Maknanipun maringi pasugatan utawa sedhekah marang kaluwarga utawa tangga teparo supados sedaya sami ngraosaken saengga paseduluran saged langkung rumaket lan ningkataken karukunan.(Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Makna saka ater-ater utawa sega bingung yaiku menehi sedhekah marang wong kang mbutuhake amarga seben manungsa iku ora kacukupan kabeh, ana kang mbutuhake pitulungan saka wong liya.(3) Nyekar makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut sarta Para Sesepuh.

Nyekar sajrone tatarakit TKEN yaiku menyang ing makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut dening juru kunci sumur nganten (Bapak Haryanto Abdoellah). Makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang manggon ing petilasan Sumur Nganten kasebut diwenehi cungkup ing dhuwure.Sabibaripun menika lajeng nyekar wonten nggene Kaki Krebut lan Nyai Krebut, bakda niku nyekar wonten pesarehan umum. Maknanipun menika minangka wujud rasa kurmat manungsa ingkang taksih gesang marang sesepuh ingkang sampun kapundhut. (Bapak Haryanto, wawancara :19 Mei 2014) Makna saka nyekar yaiku minangka wujud rasa kurmat para warga marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang wis kasil mbuka alas dadi dhusun-dhusun ing Desa Sraturejo. Senadyan Kaki Krebut lan Nyai Krebut wis tilar donya wiwit jaman biyen nanging isih dikenang dening para warga. Saliyane menehi kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut uga menehi kurmat marang para sesepuh desa liyane utawa para kaluwarga kang wis tilar donya.(4) Tahlilan

Tahlilan minangka tatarakit adicara kang kaping papat. Tahlilan yaiku maca surat kang ana ing Al-Quran mligine Surat Yasin lan liya-liyane.Tahlilan menika rame sanget Mbak. Maknanipun kirim donga marang Gusti Pangeran lan sesepuh ingkang sampun tilar donya. (Bapak Sutrisno, wawancara: 12 Januari 2015)

Makna saka tahlilan kang dilaksanakake dening para warga priya yaiku kirim donga marang para sesepuh kang wis tilar donya supaya dosa-dosane nalika isih urip ing donya diampuni dening Gusti Pangeran saengga yen dosa-dosane diampuni bisa mlebu surga. (5) Tirakatan

Sudaryanto (2001:1026) ngandharake tirakatan yaiku lek-lekan utawa jagongan nalikane nduwe gawe. Pawongan kang kerep nganakake tirakatan umume dilaksanakake dening para priya. Tirakatan iku ora mung ing omah, pos, nanging uga ana tirakatan ing makam. Kayadene warga Grenjeng nganakake tirakatan ing makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Tirakatan dilaksanakake sawise tahlilan. Tirakatan kang dilaksanakake dening warga Dhusun Grenjeng nduweni makna kang bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto lan Mbah Simat:

Bakda tahlil wangsul, lajeng wonten sumur nganten. Ing sumur nganten ngrika sampun dideki tarub kangge tirakatan dalunipun kalih ngrantos senin enjing. Maknanipun menika ningkataken karukunan antar warga lan supados sedaya warga Dhusun Grenjeng ingkang nggadhahi niyat utawi pepinginan marang Gusti saged kasembadan kanthi ngawontenaken tirakatan menika, dados tirakatan menika saged dipun ngawontenaken dening sinten kemawon.. (Bapak Haryanto, wawancara 19 Mei 2014)

Biasanipun Minggu dalu menika wonten tirakatan Mbak, tiyang ngriki niku la mastani jagongan. Menika sedaya sami ngempal ngoten ing Sumur Nganten. Maknane inggih supados menapa ingkang dipingini niku saged kasembadan ngoten. (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)

Makna saka tirakatan yaiku ningkatake karukunan antar warga lan supaya apa kang dadi pepinginane warga Dhusun Grenjeng bisa kasembadan kanthi nganakake tirakatan, kayata para warga kang nduweni pepinginan supaya adicara TKEN iku bisa kalaksanan kanthi lancar ora ana alangan apa-apa.(6) Nggawe Encek Nganten

Encek nganten iki digawe dening para warga mligine saka Sanggar Pakeliran. Sanggar Pakeliran minangka salah sawijine sanggar kabudayan Jawa kang ngrembaka ing Grenjeng. Anggota saka sanggar pakeliran iku ora mung wong tuwa nanging para generasi mudha uga dadi anggota lan malah ana kang dadi penguruse. Para warga kang putri padha ngumpulake asil panen kang arupa palapendhem, palagantung, lan palasandhung. Sakabehe mau dikumpulake dadi siji ing omahe Pak Carik (Bapak Haryanto). Mas Agung Yatmoko uga ngandharake babagan nggawe encek:Ndamel encek nganten bahanipun nggawe encek menika saking asil bumi kadosta janganan lan buah-buahan saka asil panen. Para mudha lan para sepuh sami gotong royong manunggal dados setunggal ndamel encek nganten menika Mbak. (Mas Agung, wawancara: 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen warga padha gotong royong lan tansah guyub rukun nggawe encek nganten kang minangka simbol saka Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Encek nganten digawe dening para warga mudha lan tuwa. Saliyane iku uga ana tatarakit liyane kang ngandhut makna tartamtu, saliyane iku tatarakit adicara TKEN yaiku (7) Kondangan (slametan), (8) ngobong menyan, (9) para warga nggawa encek sega saka omah, (10) ngirap encek nganten lanang lan wadon, (11) mapag pamong desa, (12) ngirap encek nganten lanang lan wadon, (13) odhek dhuwit, (14) para paraga kirap (limpad) mlebu ing cungkup Kaki Krebut lan Nyai Krebut, (15) sesorah saka Pak Lurah, (16) sesorah saka Bapak Camat utawa Bupati Kabupaten Bojonegoro, (17) tanduk (ujub saka Pak Modin, (18) rebutan encek nganten, (19) manganan, (20) langen tayub. Ubarampe TKEN

Sajrone TKEN iku nduweni ubarampe kang kudu dicukupi dening warga Dhusun Grenjeng. Miturut Sudaryanto (2001:1051) panganan lan lelawuhan kang dicaosake marang dhedhuwuran nalika duwe gawe utawa apa-apa kang klebu praboting kapreluan.(1) Encek lanang lan wadon (encek nganten)

Encek nganten uga diarani encek raseksa amarga ukurane kang gedhe tinimbang encek-encek liyane. Encek nganten iku cacahe ana loro yaiku encek lanang kang minangka Kaki Krebut lan encek wedok kang minangka Nyai Krebut. Encek nganten digawe saka pring kanthi ukuran 1x1m.Maknanipun menika encek lanang minangka pralambang Kaki Krebut encek wadon menika Nyai Krebut, ananging saget diwastani priyantun kakung lan putri inggih menika lingga yoni ingkang maknanipun pralambang kasuburan wonten bumi, ingkang kita tanem wonten saben arupi asil tetanen ingkang baku menika kangge rasa syukur marang Gusti Pangeran, mula sabibaripun panen ngawontenaken syukuran. Ubarampe ingkang dipun damel inggih menika encek lanang lan wadon ingkang isinipun tetanen saka para kadang tani kadosta pantun, sayuran, palapendhem ingkang dipun tanem dening masyarakat ngriki.(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen encek nganten iku cacahe loro yaiku lanang lan wadon. Kekarone encek nganten mau nduweni makna kang kinandhut yaiku encek lanang minangka lambang saka Kaki Krebut (Prabu Lembu Ameswari) lan encek wadon iku minangka lambang saka Nyai Krebut (Kanjeng Ratu Lendasari) utawa encek nganten iku uga minangka pralambang lingga lan yoni. (2) Encek sega Encek sega minangka salah sawijine ubarampe sajrone TKEN. Encek sega iku digawe saka pring banjur disisiki lan dipecahi tipis-tipis. Sawise iku banjur dinyam kanthi wujude pesagi, biasane encek sega iku pinggire diwenehi papah gedhang nanging ana uga kang ora diwenehi. Babagan encek sega diandharake dening Bapak Haryanto lan Mbah Simat ing pethikan iki: Makna saka ubarampe encek sega yaiku minangka wujud rasa syukur para warga marang Gusti Kang Maha Kuwaos kang wis paring rejeki tumrap warga saengga para warga bisa nyukupi kabutuhane lan kaluwargane, anane rejeki kang saka asil panen utawa pakaryan liyane iku ndadekake para warga dadi kacukupan sandhang, pangan, lan papan.

(3) Kembang mayang

Kembang mayang yaiku salah sawijine ubarampe kang digawe saka wit gedhang kang isih cilik banjur diwenehi janur ing pinggir-pinggire. Jinis wit gedhang kang umume digunakake kanggo kembang mayang yaiku wit gedhang gedhang sepet lan kluthuk.Babagan ubarampe kang arupa kembang mayang diandharake dening Bapak Haryanto: Saderengipun encek lanang lan wadon menika wonten kembang mayang. Kembang mayang menika minangka bedholanipun saking kembang Jayandaru Dewandaru ingkang diboyong kangge ngiring nganten dados mestinipun mawi ubarampen menika patembayan ingkang saged mbedhol kembang mayang Dewandaru Jayandaru menika minangka pralambang saking khayangan saking kadhewatan ingkang dipun suwun supados saged paring berkah kangge penganten sarimbit dados ing kawontenan menika ditujukaken kangge Kaki Krebut lan Nyai Krebut supados tansah pikantuk anugerah saking Gusti.(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Makna supaya Gusti Pangeran paring berkah kanggo penganten sarimbit yaiku Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Kekarone minangka pasangan penganten kang ora bisa dipisahake.Saliyane iku ubarampe-ubarampe liyane kayata (4) Gendera abang putih, (5) Tebu ireng (6) godhong jati, (7) godhong kelor, (8) payung, (9) kendhi, (10) kembang setaman, (11) jenang werna, (12) cok bakal, (13) beras putih, abang, kuningm ireng, (14) jajan pasar kang digawa kirap, (15) jajan pasar kang digawa manganan, (16) palapendhem, (17) sega golong lima buceng siji, (18) jangan menir, (19) iwak kali lan lele, (20) pari sagedheng, (21) cengkir gadhing lan ijo tanpa gambar wayang, (22) cengkir gadhing lan ijo kanthi gambar wayang, (23) gedhang raja kuning lan ijo, (24) menyan madu, (25) kupat lepet, (26) ingkung, (27) endhas wedhus, (28) dhuwit receh kang dicampur beras kuning. Piguna TKENPiguna kang kinandhut sajrone adicara TKEN yaiku:

(1) Minangka sistem proyeksi

Sistem proyeksi yaiku minangka sarana kaca benggalane angen-angen kolektif. TKEN kang ngrembaka ing Dhusun Grenjeng kasebut minangka sawijine piranti kanggo ngandharake apa sejatine kang dikarepake lan diangen-angen dening masyarakat.Babagan iki diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:

Minangka wujud rasa syukur masyarakat Dhusun Grenjeng marang Gusti Pangeran lan minangka wujud kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang sampun mbukak alas dados samangke. Masyarakat Dhusun Grenjeng ngraos syukur amargi Gusti Pangeran sampun maringi asil panen lan kaslamatan lan minangka kurmat niku inggih kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang dados sesepuh. (Bapak Haryanto, wawancara : 19 Mei 2014)

Adhedhasar andharan kang wis diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng bilih salah sawijine piguna saka TKEN yaiku minangka sarana proyeksi, TKEN iku ana sesambungan antarane manungsa karo Gusti Pangeran lan alam ghaib. Anane ubarampe-ubarampe lan tujuwan saka nganakake adicara TKEN kasebut minangka wujud rasa syukur marang Gusti Pangeran lan wujud kurmat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut.

(2) Minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan Ing TKEN kasebut ana aturan-aturan kang mligi lan aturan kasebut wis ana wiwit jaman biyen lan diuri-uri dening warga nganti saiki. Sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan bisa dideleng saka pethikan iki:

Rumiyin menika Kaki Krebut lan Nyai Krebut ingkang dikirap ngubendi dhusun, lajeng sasampunipun Kaki Krebut lan Nyai Krebut tilar donya lajeng dingawontenaken kirap kanthi nggunakake jodhang. Menawi kirap saking kawontenan dhusun menika sakitar kepala desa ingkang sepisan inggih menika taun 1921 menika wonten kepala dhusun Grenjeng, amarga rumiyin menika Desa Sraturejo gadhah tiga kepala dhesa, dados Desa Sraturejo menika sakitar taun 1923. Lurah kapisan asmane Mbah Sarijan. Rumiyin ingkang didamel kirap menika jodhang, ingkang isinipun inggih kadosta kembang goyang, kucur, jadah, ondhe-ondhe, nagasari pokoe ingkang didamel adicara ngantenan ngoten niku, niku diwiwiti taun 1921 lajeng vakum taun 1984-1990 mboten nate dipun ngawontenaken malih mung dingawontenaken nanging manganan kemawon. Niku kok dirasa wonten ingkang aneh ngoten nalika mboten ngawontenaken Kirap Encek Nganten menika kathah pageblug lan kacingkrangan, inggih lajeng dipun ngawontenaken malih dening masyarakat amargi masyarakat inggih ajrih, wiwit taun 2011 niki didamel encek nganten ingkang arupi woh-wohan lan janganan menika. (Bapak Haryanto, wawancara: 19 Mei 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen salah sawijine piguna TKEN yaiku minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembagalembaga kabudayan. Ing jaman biyen TKEN iku tau ora dianakake dening warga, nalika ora nganakake TKEN, para warga ngrasa panguripan kang ana ing Dhusun Grenjeng aneh amarga anane pageblug, bebendu.(3) Minangka sarana panggulawenthah

Jaman kang modern kaya saiki iki, akeh masyarakat kang nduweni pamikiran luwih maju. Saya maju cara pamikire manungsa mula manungsa bakal gampang nrima kabudayan-kabudayan saka njaba, kayata kabudayan saka manca bakal luwih gampang ditampa dening masyarakat mligine para generasi mudha tinimbang kabudayan kang asipat tradhisional. Babagan kaya mangkono iku diandharake ing pethikan iki:

Miturut kula inggih kangge piweling bilih kita kedah tansah njagi karukunan balewisma ing antawisipun garwa (kakung-putri), rama ibu lan putra-putrinipun. Talining akrami kedah tansah wuled, atut runtut kados nganten anyar terus, ningaktaken karukunan salebetipun paseduluran, sodakoh marang sesami, dados nalika TKEN anane ater-ater utawa kang diarani sega bingung, Udhik dhuwit, menika minangka wujud sodhakoh kang ditindakake dening para warga marang warga sanesipun. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen salah sawijine piguna saka TKEN yaiku minangka sarana panggulawenthah tumrap masyarakat. Saka adicara TKEN kasebut tanpa ora disadhari dening masyarakat nduweni piweling tumrap para warga kang dadi nganten anyar utawa kang lagi mbangun balewisma suapaya bisa rukun nganti mati.(4) Minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi

TKEN wis dianakake wiwit jaman biyen nganti jaman saiki senadyan tau ora dilaksanakake dening warga Dhusun Grenjeng. Warga Dhusun Grenjeng nduweni kaprecayan kang kuwat wiwit saka tata lakune tradhisi lan ubarampe-ubarampe kang digunakake sajrone TKEN. Anane piguna kang kaya mangkono iku diandaharake dening Mbah Simat kayata andharan iki: Mengeti kirap encek nganten menika kersanipun masyarakat makmur amarga pikanthuk barokah saking Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang baureksa Dhusun Grenjeng kang disekseni dening Gusti Pangeran, saliyane niku supados warga Dhusun Grenjeng Desa Sraturejo niki diparingi kaslamatan, aman lan tentrem supados mboten gangguan saking pundi-pundi, inggih supados saged diparingi rejeki ingkang kathah. Winginane wonten jawah angin ageng niku nggih mboten wonten napa-napa wonten dhusun niki amargi sampun dikangkrihne dening Kaki Krebut lan Nyai Krebut niku. Pramila, inggih saben bakda panen pantun dinten Senin Pon kedah ngawontenaken kirap. Supados sedaya warga slamet, kahananipun dhusun inggih makmur, mboten kados rumiyin nate gagal panen amargi mboten nindakaken kirap, saniki inggih sampun ditindakaken terus. Ajrih tiyang ngriki, saniki inggih sedaya warga sami ndherek mbekta encek nganten ngoten niku wonten Sumur Nganten. (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Mbah Simat bisa dideleng yen adicara TKEN iku nduweni tujuwan supaya warga iku diwenehi rejeki kang akeh dening Gusti Pangeran lan minangka wujud kurmat warga marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut. Para warga Dhusun Grenjeng kanthi nganakake TKEN kepengin uripe bisa tentrem lan slamet ora ana bebendu kang teka ing Dhusun Grenjeng.

(5) Kanggo nguwatake rasa pangrasane klompok masyarakat

Sajrone TKEN uga ana solidaritas antar para warga kang melu nyengkuyung adicara kasebut. Solidaritas yaiku wujud rasa kang senasib, antarane siji klawan sijine ora ana bedane. Piguna kang arupa rasa solidaritas sosial sajrone TKEN iku bisa dideleng saka anane warga masyarakat kang guyub rukun, gotong royong dadi siji ngresiki dhusun kang bisa dideleng saka pethikan iki:

Miturut kula kangge ngeluri kabudayan Jawi, ningakataken karukunan Mbak amargi nalika TKEN menika mboten wonten sugih miskin utawa sawalike sedaya sami rukun sesarengan ngregengaken, ningkatake gotong royong kadosta nalika wonten adicara TKEN menika saderengipun wonten resik-resik desa. (Bapak Kusnan, wawancara : 12 Januari 2015)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Kusnan bisa dideleng yen salah sawijine piguna TKEN yaiku kanggo nguwatake rasa solidaritas sosial. Piguna kasebut bisa dideleng saka nalika resik-resik desa. Para warga padha guyub rukun dadi siji saperlu ngresiki dhusun kang reged. Ing kono ora ana bedane antarane sugih miskin kabeh tansah guyub rukun lan gotong royong. Saliyane iku piguna TKEN kanggo nguwatake rasa solidaritas sosial uga bisa dideleng nalika anane rebutan encek nganten.

(6) Fungsi kanggo pelestarian budaya

Adicara TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang diturunake saka para sesepuh. TKEN nganti saiki isih ditindakake dening warga Dhusun Grenjeng senadyan ana owah-owahan sajrone tatarakit utawa ubarampe. Para warga tansah nguri-uri kabudayan kang wis ana wiwit jaman biyen. Babagan piguna TKEN kang minangka sarana pelestarian budaya diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan wawancara iki:

Ngeluri kabudayan Jawi supados mboten cures, amargi saniki kathah kabudayan saka manca kang mlebu ing Indonesia. Saengga kirap encek nganten kang minangka warisan niki kedah dilestantunaken. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan bisa dideleng yen salah sawijine piguna TKEN yaiku kanggo ngeluri budaya Jawa supaya ora cures, amarga ing jaman saiki akeh kabudayan-kabudayan saka manca kang ora dimangerteni piguna lan nilai-nilai kang kinandhut kang mlebu ing Indonesia. (7) Fungsi hiburan

Adicara TKEN kang saben taun dianakake sepisan iki saliyane minangka adicara ritual uga nduweni fungsi hiburan. Mligine ing Dhusun Grenjeng jarang ana hiburan kang rame kayata TKEN, mula saben ana TKEN para warga padha ndelok, kang ndelok adicara TKEN ora mung wong tuwa nanging bocah-bocah uga ndelok adicara TKEN. Babagan adicara TKEN kang nduweni fungsi hiburan bisa dideleng saka pethikan wawancara iki: Piguna sanes inggih minangka sarana panglipur (hiburan) kangge masyarakat, mligine masyarakat Dhusun Grenjeng lan masyarakat sakitar. Amarga tradhisi menika katon regeng dados kathah ingkang ningali. Kawontenanipun langen tayub inggih dados hiburan, wonten drambenipun inggih dados hiburan para warga amargi mboten sabendinten saget mirsani ngoten niku. (Bapak Haryanto: wawancara : 27 September 2014) Adhedhasar pethikan bisa dimangerteni yen sajrone TKEN nduweni fungsi minangka sarana hiburan mligine tumrap warga Dhusun Grenjeng lan sakitare. Nalika adicara TKEN iku kahanan Dhusun Grenjeng kang maune sepi dadi rame banget. Akeh masyarakat saka Dhusun Grenjeng lan saka dhaerah njaba kang mung kepengin ndelok adicara TKEN saka wiwitan nganti pungaksan adicara.(8) Fungsi ekonomi.

TKEN uga menehi piguna ekonomi tumrap masyarakat sakupenge Dhusun Grenjeng. Nalika ana adicara TKEN yaiku ing dina Senin Pon akeh warga saka Dhusun Grenjeng lan sakitare kang nawakake dagangane marang wong-wong kang lagi ndelok adicara TKEN. Kanggo mbuktekake anane fungsi ekonomi kasebut kaya pethikan andharan iki:

Wonten TKEN niku inggih saged nambahi arta kangge para tiyang ingkang sadean sosis, pentol, bakso, jajanan-jajanan sanesipun ngoten niku. Ingkang biasanipun namung antuk arta sekedhik lha wonten tontonan niku mesthi antuke langkung kathah. Niku siyang ngantos manjing subuh acarane inggih kathah ingkang tumbas, napa malih lare alit-alit ngoten niku sami tumbas sosis, pentol, es. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kang diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen nalika anane TKEN iku bisa nambahi dhuwit kanggo para warga kang nawakake dagangane. Dagangan kang ditawakake nalika adicara TKEN kayata sosis, pentol, bakso, jajanan-jajanan liyane.Owah Gingisre Tradhisi Sajrone TKEN

TKEN ing jaman biyen lan saiki tamtune wis beda jalaran masyarakat minangka panyengkuyung kabudayan uga wis beda. Babagan kang beda bisa dideleng saka tatarakit, ubarampe, lan piranti panyengkuyunge.1) Tatarakit

TKEN kasusun saka tatarakit kang diwiwiti saka wiwitan nganti pungkasan. TKEN kang dilaksanakake ing dina Senin Pon kasebut sajrone tatarakite ngalami owah-owahan. Anane owah-owahan kang ana sajrone tatarakit iku dipangribawani tumrap jaman kang saya modern lan warga masyarakat. Saka lumakune jaman iki ora ndadekake masyarakat lali dening adat kang wis diduweni, mula saka iku TKEN kang minangka tradhisi Jawa isih diuri-uri nganti saiki.

TKEN kang ditindakake ing jaman biyen kalebu tradhisi kang prasaja banget, amung sakanane bae. Senadyan ditindakake kanthi prasaja banget, masyarakat anggene nindakake TKEN bisa kanthi temen-temen amarga para warga nduweni rasa ngajeni lan tundhuk marang tradhisi leluhure kang wis diturunake wiwit jaman biyen. TKEN kang tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng iki uga ana gegayutane karo kapitayan masyarakat saengga masyarakat temenan anggone nindakake TKEN, amarga anane TKEN iku minangka wujud rasa syukure warga Dhusun Grenjeng marang Gusti Pangeran saengga warga Dhusun Grenjeng bisa cedhak marang Gustine, banjur nyuwun donga amrih para warga Dhusun Grenjeng lan sakitare diwenehi rejeki kang akeh, kasarasan, lan kaslamatan, didohake saka ama lan penyakit.

Tatarakit kang ngalami owah-owahan tradhisi yaiku ing jaman biyen nalika masang terop. Para warga nggunakake terpal lan pring. Nggawe terop saka terpal lan pring iku mbutuhake wektu kang suwe mula masyarakat Grenjeng ngedekake terop dina Minggu isuk. Nanging ing jaman saiki terop gampang didekake kari nyewa lan wis dipasangake, tur wujude uga apik. Babagan owah-owahan ngedekake terop ing jaman biyen karo jaman saiki bisa dideleng kaya andharane Bapak Haryanto:

Rumiyin menika masang terop dina Minggu Paing isuk, saiki masang terop dina Minggu Paing sore, amarga saniki sampun ndamel terop modern ingkang cepet dipasang. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen ana owah-owahan sajrone TKEN. Ing jaman biyen terop dipasang dina Minggu esuk kang bebarengan karo bersih desa, nanging ing jaman saiki terop didekake nalika dina Minggu sore kang ngedekake yaiku para tukang. Dadi warga Dhusun Grenjeng ora angel-angel anggone nggawe terop. Dadi kang dadi pambedane yaiku ing jaman biyen dipasang esuk nanging ing jaman saiki dipasang sore.

Ngobong menyan, menyan minangka sawijine samubarang kang ngetokake ambu wangi nalika diobong. Menyan bisane digunakake ing adicara-adicara ritual, kaya dene sajrone TKEN. Ngobong menyan iku kalebu tatarakit TKEN kang ngalami owah-owahan. Babagan owah-owahan ngobong menyang diandharake dening Bapak Haryanto ing pethikan iki:

Rumiyin ngobong menyan menika dalu ngobong menyan diobong wonten sumur nganten kanthi dhelik-dhelikan, nanging saniki menika ngobong menyan kanthi blak-blakan. Rumiyin menika menyan didamel persembahan nanging saniki kangge ngicali ambu kang ora sedhep.(Bapak Haryanto, wawancara: 27 September 2014)

Ing jaman biyen ngobong menyan iku kanthi cara dhelik-dhelikan dadi supaya ora ana wong kang mangerteni amarga menyan digunakake kanggo persembahan marang lelembut. Mbiyen ngobong menyan iku manggon ing petilasan Sumur Nganten, bedane karo jaman saiki yaiku ngobong menyan kanthi cara blak-blakan, alesane yaiku menyan bisa digunakake kanggo nyikirake ambu kang ora sedhep. Dadi anane ambu kang ora sedhep ing Dhusun Grenjeng bisa ilang. Ngobong menyan uga dilaksanakake ing ngarepe masjid.2) Ubarampe

TKEN kang minangka tradhisi kang diturunake dening para sesepuh ing jaman biyen ditindakake kanthi cara kang prasaja banget. Senadyan ing jaman biyen TKEN katon prasaja lan ditindakake kanthi saanane nanging para warga mligine warga Dhusun Grenjeng tansah temenan anggone nindakake tradhisi kasebut. TKEN saliyane minangka warisan saka leluhur, uga nduweni gegayutan karo kapitayane masyarakat saengga masyarakat dadi katon temenan anggone nindakake TKEN. Kapitayan kang diugemi yaiku masyarakat kepengin oleh kaslamatan, rejeki kang lancar, kasarasan saka Gusti Pangeran lan rasa kurmate masyarakat marang Kaki Krebut lan Nyai Krebut kang wis dadi sesepuh Dhusun Grenjeng.

Sajrone TKEN ana owah-owahan yaiku owah-owahan sajrone ubarampe. Ubarampe yaiku minangka salah sawijine samubarang utawa piranti kang kudu tansah dicepakake dening manungsa sadurunge nindakake adicara ritual. TKEN ing jaman katon durung prasaja, nanging ing jaman saiki TKEN katon ngalami owah-owahan amarga manut lumakune jaman kang saya modern. Sakabehe ubarampe ing adicara TKEN ana kang ngalami owah-owahan lan uga ana kang ora ngalami owah-owahan. Ing andharan iki, panliti bakal ngandharake ngenani ubarampe-ubarampe kang ngalami owah-owahan.

Ing jaman biyen kang diarak utawa dikirap dening warga Dhusun Grenjeng yaiku jodhang nanging ing jaman saiki encek kang diarani encek nganten. Encek nganten minangka salah sawijine ubarampe kang paling wigati. Ing jaman biyen para warga isih nggunakake jodhang kanthi isi jajan-jajan tradhisional kang saiki diganti karo encek kanthi isi woh-wohan lan janganan. Babagan owah-owahan ubarampe ang arupa jodhang bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto iki:

Ing jaman rumiyin kang didamel kirap menika jajan-jajan tradhisional kadosta kucur, nagasari, rengginang, kembang goyang, kang diwadhahi jodhang, nanging saya dangu owah dadi woh-wohan lan janganan ingkang didamel kirap. Milih ndamel woh-wohan lan janganan inggih supados langkung etis menawi dipun rebut. Amargi menawi ndamel sekul utawi jajan mesthi kemawon kirang minat tiyang-tiyang lan malah mubadzir. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan kasebut bisa dideleng yen ubarampe kang arupa jodhang ngalami owah-owahan. Jodhang ing jaman biyen kang isine jajanan tradhisional kayata rengginang, kucur, tape, kembang goyang, kembang jambu lan sapiturute. Jajan-jajan tradhisional kang biyen digawe kirap kasebut sejatine minangka jajan kanggo sasrahan nganten, nanging ing jaman saiki diganti encek. Alesan masyarakat ora nggunakake jodhang amarga jodhang saiki wis jarang ana, angel golekane, dene milih nggunakake encek kanthi isi woh-wohan lan janganan kang minangka asil bumi warga kang kasusun saka tanduran palapendhem, palagantung, lan palasandhung. Alesan milih nggunakake encek kang gedhe kanggo lambang nganten lanang lan wadon yaiku amarga encek luwih katon apik anggone direbut lan ora mubadzir.

Encek sega minangka ubarampe kang ngalami owah-owahan. Encek sega ing jaman biyen iku nggunakake wadhah encek nanging ing jaman saiki ana kang nggunakake ember, cething, kotakan lan sapiturute. Babagan encek sega bisa dideleng saka andharan Bapak Haryanto iki:

Ing jaman mbiyen sekul dipun wadhahi encek nanging ing jaman saniki wonten ingkang diwadhahi ember amargi kantun sekedik ingkang saged damel lan mundhut praktis ingkang gampil dipun tumbas, saniki tiyang kathah ingkang mboten saged ndamel encek.(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Jaman rumiyin sekulipun diwadhahi encek ingkang didamel saking pring, ingkang saniki sekulipun diwadhahi wakul utawa ember. (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014) Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen jaman biyen sega diwadhahi encek nanging jaman saiki diwadhahi ember. Kang njalari para warga akeh kang nggawa ember amarga saiki jarang bisa wong nggawe encek dene milih nggunakake ember amarga ember luwih praktis lan gampang dituku. Mula saiki akeh warga kang nggunakake ember utawa kotakan.

Jajan pasar sajrone adicara TKEN iku cacahe ana loro yaiku jajan pasar kang digawe kirap lan jajan pasar kang digawe manganan. Jajan pasar kang digawe kirap iku biasane diwadhahi ing besek dene jajan pasar kang digawa manganan biasane dideleh ing dhuwur encek sega. Jajan pasar kang digunakake kanggo manganan ngalami owah-owahan. Babagan kasebut bisa dideleng saka pethikan iki:

Rumiyin manganan menika jajanipun krecek, nagasari, tape, lemet saniki niku sampun owah kathah ingkang mbekta roti, donat, semangka. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Jaman rumiyin niku jajanipun kucur, ondhe-ondhe, rengginang lha saniki niku saya modern kadosta donat, jeruk, apel niku inggih menawi ibu-ibu niku mundhut praktisipun. (Mbah Simat, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan kang diandharake dening Bapak Haryanto lan Mbah Simat bisa dideleng yen ubarampe kang arupa jajanan pasar kang digunakake ing manganan iku ngalami owah-owahan. Jajan pasar ing jaman biyen kang digunakake manganan kayata krecek, nagasari, tape, lemet, rengginang, lan sapiturute dene ing jaman saiki para waega padha nggawa jajan pasar kang wis modern kayata donat, jeruk, apel, roti. Para warga milih jajan kang luwih modern amarga praktis lan gampang dituku ing toko tinimbang jajan pasar kayata krecek, nagasari kang ribet nggawene.

Iwak kali minangka salah sawijine ubarampe kang ana ing TKEN. Iwak kali sajrone TKEN ngalami owah-owahan. Iwak kali kang digunakake jaman biyen yaiku wader. Babagan iwak kali kang ngalami owah-owahan bisa dideleng saka pethikan iki:

Rumiyin ubarampe kadosta iwak kali niku kados wader saniki wader mboten wonten digantos ulam sanes ingkang mirip kalih wader kali. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014) Saniki niku awrat to Mbak pados iwak kali. Kathah ingkang diobati ngoten dados mboten wonten iwak kali. Nanging terkadhang inggih mundhut ngoten. (Mas Agung, wawancara : 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kasebut bisa dideleng yen jaman biyen nggunakake iwak kali kang arupa wader nanging ing jaman saiki nggunakake iwak kang mirip kaya wader. Biasane kayata iwak nila, mujair. Kang njalari owah-owahan kasebut amarga ing jaman biyen iwak kali isih akeh lan isih gampang digoleki ing kali nanging ing jaman saiki iwak kali kang arupa wader wis angel golekane amarga akeh kang wis mati.

Pari minangka salah sawijine ubarampe kang uga ngalami owah-owahan. Jinis pari kang digunakake sajrone TKEN iku bisa pari apa bae. Nanging pari ing jaman biyen kang kudu digunakkae ing adicara TKEN yaiku pari kang landhung. Babagan pari bisa dideleng saka andharane Bapak Haryanto lan Bapak Kusnan ing pethikan iki:

Pantun rumiyin landhung-landhung ingkang didamel ingkang saniki sawontenipun, amargi inggih sampun jarang wonten pantun ingkang landhung ngoten niku, saniki pantun digrantek rumiyin diani-ani. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Wonten ngriki niku saniki sampun jarang Mbak wonten pantun landhung ngoten. Pantun saniki cekak-cekak ngoten. Saniki niku didhos ngangge mesin rumiyin niku diani-ani ngoten niku lajeng dilebetaken lumbung.(Bapak Kusnan, wawancara: 12 Januari 2015)

Adhedhasar andharan kasebut bisa dideleng yen pari iku ngalami owah-owahan. Ing jaman biyen pari kang digunakake ing TKEN yaiku pari kang landhung nanging ing jaman saiki nggunakake pari saanane. Amarga pari ing jaman saiki wis cekak-cekak lan anggone manen nggunakake grantek mesin utawa dhos pancal dene jaman biyen isih diani-ani. Faktor kang Njalari Owah Gingsire Tradhisi

Owah gingsire sajrone TKEN iku dijalari saka loro factor yaiku faktor internal lan eksternal.

1) Faktor internal

Faktor saka jero utawa utawa kang aran faktor internal yaiku faktor kang dumadi ana ing jerone, yaiku masyarakat. Faktor saka jaba utawa kang aran faktor eksternal yaiku faktor kang njalari owah-owahane tradhisi, bisa arupa discovery lan invention. Discovery yaiku sawijine panemu kanthi ora sengaja, dene invention yaiku minangka asil panemu nanging kanthi upaya lan disengaja (Sukarman 2006:38). Sabanjure Koentjaraningrat (2009:210) nduweni pamawas, discovery yaiku sawijine panemu saka salah sawijine unsur kabudayan kang anyar, kang arupa piranti anyar, pamikiran kang anyar, kang diciptakake dening salah sawijine pawongan, utawa saka saperangan klompok. . Discovery bisa dadi invention yen masyarakat wis ngakoni, nampa, lan ngecakake panemu kang anyar kasebut.

Sajrone rerangken TKEN, masyarakat Jawa uga nduweni panemu anyar kanggo pangrembakane tradhisi. Panemu kasebut uga dicakake sajrone adicara TKEN. Nalika dianakake TKEN, sadurunge para paraga kirap encek nganten budhal ngirap ngumeti Dhusun Grenjeng, mula dianakake kondangan. Adicara kondangan utawa slametan kasebut dianakake ing omahe Pak Carik kang minangka juru kunci Sumur Nganten (Bapak Haryanto). Ing kono para paraga kirap encek nganten padha kondangan saperlu njaluk marang Gusti Pangeran supaya tradhisi kirap kasebut bakal kalaksanan kanthi lancar lan ora ana alangan apa-apa. Panemu ngenani anane kondangan sadurunge budhal ngirap iku saiki ditampa dening para warga. Nganti saiki yen arep budhal ngirap para paraga kirap encek nganten padha kondangan lan mangan dhisik ing omahe Pak Carik supaya kirap encek nganten kang dianakake saben taun pisan yaiku ing dina Senin Pon bisa kalaksanan kanthi apik.

2) Faktor eksternal

Salah sawijine wujud difusi yaiku panyebaran unsur-unsur kabudayan saka panggonan siji menyang panggonan liya kang digawa dening manungsa-manungsa kang pindhah (Koentjaraningrat, 2009: 199). Proses difusi bisa dideleng saka wujude maneka warna kagiyatan-kagiyatan gedhen sawise para kadang tani panen pari ing Kabupaten Bojonegoro kayata adicara TKEN kang dilaksanakake dening warga Dhusun Grenjeng. Babagan kasebut bisa dideleng saka andharan iki: Menawi jaman rumiyin menika inggih encek ingkang didamel menika alit-alit kadosta encek sekul ngoten niku, dados sedaya pawongan ingkng bidhal wonten Sumur Nganten menika mbekta encek lajeng kita nuladhani saking pewaris kraton Mataram, Ngayogyakarta, lan Surakarta kok encekipun ageng kados gunungan ageng ngoten, inggih niku dipun tuladhani lan dikembangaken wonten ngriki. (Mas Agung, wawancara : 23 November 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Mas Agung ing dhuwur bisa dideleng yen anane arak-arakan kanthi nggunakake encek nganten mligine kanggo warga Dhusun Grenjeng lan gunungan kanggo masyarakat umum iku nuladhani saka kabudayan kang diwarisake dening Kraton Mataram, Ngayogyakarta lan Surakarta. Biyen kang diarak utawa dikirap yaiku jodhang nanging ing jamn kang saya modern iki nggunakake encek. Unsur Anyar kang Mlebu sajrone TKEN

TKEN minangka salah sawijine tradhisi Jawa kang isih diuri-uri dening warga Dhusun Grenjeng. Sajrone adicara TKEN ana unsur anyar. Anane unsur anyar kang mlebu sajrone TKEN lumrahe mujudake unsur kang nduweni gegayutan karo majune jaman saiki. Jaman saiki minangka jaman kang modern utawa maju kang nduweni daya marang amame TKEN kasebut. Masyarakat wis ora prelu kangelan kaya jaman biyen.

Majune jaman kasebut ndadekake TKEN tansah ngrembaka lan ora kagiles jaman. Unsur anyar kang mlebu sajrone TKEN yaiku unsur kang nduweni sesambungan karo babagan teknologi. Ora bisa diselaki yen owah-owahane jaman iki bisa nggawa piguna mligine ing unsur teknologi. Anane teknologi kang saya modern lan canggih bisa ndadekake masyarakat ora kangelan kaya ing jaman biyen. Owah-owahan jaman kasebut pancen kudu dieloni yen ora kepengin keri utawa diarani masyarakat tradhisional.

Jaman saniki sampun maju dados teknologiniku saya dangu saya modern, dados sedaya niku inggih ndamel teknologikadosta wonten soundsistem, wadhah berkatan, lan sapanunggalanipun. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen unsur-unsur kang anyar iku ana sesambungane karo teknologi. Amarga jaman saiki kalebu jaman kang wis maju dadi sakabehe nggunakake teknologi kayata piranti kang digunakake sajrone adicara TKEN. Piranti-piranti kasebut ora bisa dipisahake karo adicara TKEN.

Masyarakat saiki wis padha kagerus sairing lumakune jaman kang saya modern, bisa dideleng saka anane piranti-piranti kang digunakake sajrone adicara TKEN. Ing jaman biyen TKEN iku dilaksanakake kanthi prasaja lan nggunakake piranti-piranti kang tradhisional saengga bisa nuwuhake unsur kang khas saka tradhisi nanging ing jaman saiki nggunakake piranti-piranti kang modern saengga ngurangi kekhasan saka tradhisi. Anane barang teknologiing jaman saiki dilebokake dening masyarakat sajrone reroncene adicara TKEN.

Bisa dideleng saka berkat, berkat kang jaman biyen diwadhahi encek saiki diwadhahi cething lan sabangsane. Masyarakat saiki nggunakake godhong, cething, ember lan sabangsane amarga dirasa luwih apik lan praktis. Mula masyarakat nggunakake wadhah kang wis umum digunakake ing masyarakat. Godhong gedhang utawa godhong jati saiki angel golekane. Berkat kang biyen ditutupi godhong gedhang utawa jati saiki ditutupi nganggo taplak, amarga taplak dianggep luwih apik tinimbang godhong gedhang utawa godhong jati, malah ana kang nutupi berkat nggunakake plastik kang diwujudake kaya parcel. Mula masyarakat wis milih nggunakake tutup kang umum digunakake ing masyarakat. Berkat biyen dibungkus nganggo godhong jati utawa godhong gedhang nanging saiki dibungkus nganggo kresek utawa kertas minyak. Milih nggunakake kresek utawa kertas minyak amarga luwih apik lan praktis saliyane iku gampang ditemokake ing toko.

Dampak anane owah-owahan sajrone TKEN yaiku ana loro dampak positif lan dampak negatif. Dampak Positif Owah Gingsire TKEN :

1) Mikuwati TKEN

TKEN kang ngalami owah-owahan tardhisi bisa menehi kauntungan kanggo masyarakat panyengkuyunge. Kauntungan anane owah-owahan tradhisi sajrone TKEN iku salah sawijine yaiku bisa mikuwati TKEN. Ing jaman saiki TKEN wis oleh kawigaten saka pihak kecamatan Baureno lan saka Dinas Kabudayan lan Pariwisata Bojonegoro mula sajrone tatarakit ing adicara TKEN uga ngalami owah-owahan. Tatarakit sajrone adicara TKEN luwih akeh tinimbang sadurunge. Babagan kasebut bisa dideleng saka andaharan iki:

Kita rumaos seneng bilih saged kaleksanan supados kirap menika taksih regeng lan taksih lestantun. Kawontenanipun Tradhisi Kirap Encek Nganten menika saniki inggih disengkuyung dening Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro kanthi saniki wonten sesorah saking Pak Camat utawi Pak Bupati utawi saking Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro ingkang isinipun menika inggih supados tradhisi menika tansah ngrembaka lan tansah regeng. Inggih nate saking pamrintah Kabupaten Bojonegoro maringi sumbangan arupi arta. Sasanesipun pamrentahan Kabupaten Bojonegoro, tradhisi menika inggih dipun sengkuyung dening Pabrik Rokok Wismilak kang wonten ing Desa Sraturejo niki. Pabrik Rokok Wismilak malah maringi dana ingkang kathah inggih arupi bener lan sapanunggalanipun. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan wawancara kang diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen anane owah-owahan sajrone adicara TKEN iku bisa nguwati TKEN. Anane kawigaten saka pihak kecamatan, Dinas Pariwisata, PT. Wismilak iku bisa mikuwati. Saiki ana sambutan saka Camat, Bupati, utawa Dinas Pariwisata Kabupaten Bojonegoro. Saka sambutan mau nduweni tujuwan supaya TKEN kasebut bisa tansah ngrembaka nganti dina tembe lan saya suwe uga tansah rame, saengga TKEN bisa kawentar sajrone bebrayan.2) Ngapiki TKENAnane owah gingsire tradhisi kang arupa difusi yaiku anane dramben lan anane panyengkuyung saka masyarakat Dhusun Grenjeng, pamrintahan kecamatan lan pamrintahan Kabupaten Bojonegoro sarta PT. Wismilak menhi sumbangan tumrap kamajuane adicara TKEN. Kanthi anane difusi kang arupa dramben kang nuladhani saka kabudayan kraton Mataram, Surakarta lan Ngayogyakarta iku bisa ngapiki lan ngrameake adicara TKEN. Babagan owah-owahane TKEN kang bisa ngapiki adicara TKEN bisa dideleng saka andharan iki:

Wonten owah-owahan ugi saged ngapiki Tradhisi Kirap Encek Nganten menika Mbak saniki kanthi kawontenanipun dramben menika saged damel regengipun tradhisi menika. Amargi swara dramben menika saged ndamel semangat para paraga kirap lan warga Dhusun Grenjeng. Kanthi kawontenanipun dramben menika lare-lare alit inggih remen ningali. Saniki malah para paraga menika sami dandan-dandan ayu lan bagus kados ngantenan dados tambah sae tradhisi menika. Ingkang estri ndamel kebaya, sewek lajeng dipun snaggul rambute, ingkang jaler ndamel sewek, busanane sarwa cemeng kanthi ngagem udheng niku malah ndamel langkung saenipun tradhisi menika. Kawontenanipun langen tayup menika inggih saged damel saenipun adicara menika dados wonten hiburanipun saged sae. Salebetipun tradhisi kirap encek nganten menika ingkang kedah nyelarasaken kaliyan kamajuanipun teknologidados ndamel piranti-piranti ingkang sae kadosta saniki wonten terop, wonten shoting, kamera, sound sistem niku ndamel adicara menika langkung sae. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen anane difusi kang arupa anane dramben iku nuladhani saka kabudayan kraton Mataram, Surakarta, lan Ngayogyakarta kasebut bisa ngapiki adicara TKEN kasebut. Dramben iku minangka unsur kang anyar nanging nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap TKEN. Akeh masyarakat kang kepengin ndelok TKEN amarga anane dramben mligine bocab-bocah cilik. Dramben iku saliyane bisa ngapiki lan ngramekake adicara TKEN nanging uga bisa menehi semangat marang paraga kirap lan warga panyengkuyunge. Saengga TKEN bisa luwih apik. Dampak negatif owah-owahan TKEN :

1) Ngrusak TKENSalah sawijine dampak negatif saka anane owah-owahan tradhisi sajrone TKEN yaiku bisa ngrusak TKEN iku dhewe. Babagan owah-owahan tradhisi kang bisa ngrusak TKEN diandharake dening Bapak Haryanto ing andharan iki:

Ngrusak Tradhisi Kirap Encek Nganten amarga saniki tiyang menika milih ingkang praktis kadosata ron menika digantos kertas minyak utawi kresek, encek digantos kotakan. Kawontenanipun menika saged damel penyakit amargi mboten alami saking bahan-bahan kimia ingkang diolah dening pabrik saengga pramila saniki kathah penyakit, jaman rumiyin ndamel godhong gedhang lan ron menika bahan-bahanipun alami dados saged sehat-sehat Mbak.(Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka andharan kasebut bisa dideleng yen anane owah-owahan sajrone TKEN bisa ndadekake TKEN dadi rusak. Manungsa ing jaman saiki senengane milih kang praktis amarga wis ora kepengin ribet. Jaman biyen sadurunge ana owah-owahan tradhisi warga Dhusun Grenjeng nggunakake bungkus berkat nganggo godhong gedhang utawa godhong jati nanging sawise ana owah-owahan tradhisi nggunakake kresek utawa kertas minyak. Senadyan kertas minyak iku katon luwih praktis lan gampang digoleki nanging bisa ndadekake penyakit tumrap manungsa amarga kresek lan kertas minyak iku digawe saka pabrik kang bahane saka bahan kimia. Sejatine bungkus godhong gedhang utawa godhong ajti iku luwih apik amarga luwih alami. Saliyane iku bungkus saka godhong gedhang utawa godhong jati iku uga bisa digoleki ing sakitare Dhusun Grenjeng.

2) Nganggu TKEN

Anane owah-owahan tradhisi sajrone TKEN iku bisa ngganggu kahanane TKEN. Sakabehe tumindak kang ditindakake ana ing TKEN prelu banget diwulangake marang para genersai mudha, amarga ing jaman modern iki akeh generasi mudha kang ora kenal lan ora mangerteni sacara jero apa kang kinandhut sajrone TKEN. Apa maneh ing jaman saiki TKEN wis ngalami owah-owahan. Owah-owahan tradhisi sajrone TKEN bisa ngganggu TKEN kang bisa dideleng saka andharan iki:

Kawontenanipun owah-owahan salebetipun Tradhisi Kirap Encek Nganten menika inggih saged ngganggu kalestantunanipun tradhisi menika, amarga tradhisi menika dianggep mung saderma tradhisi kemawon ingkang kedah dilaksanakaken amargi tuntutan lan dilaksanakaken saben taun sepisan pramila saben ubarampe saben tatarakit menika nggadhahi makna ingkang ageng tumrap panguripan mligine wonten Dhusun Grenjeng menika. (Bapak Haryanto, wawancara : 27 September 2014)

Saka pethikan kang diandharake dening Bapak Haryanto bisa dideleng yen anane owah-owahan sajrone TKEN iku bisa ngganggu TKEN. Para generasi mudha mligine kang manggon ing Dhusun Grenjeng lan sakitare nganggep yen TKEN iku mung tradhisi bae kang ditindakake amarga tuntutan dadi ora nduweni makna utawa piguna ing jerone TKEN. Mula saka iku bisa ngganggu pamikire para generasi mudha, pramila TKEN kang dilaksanakake saben taun iku nduweni makna lan piguna kang wigati banget tumrap panguripane manungsa. Generasi mudha yen ora bisa nduweni pamikiran kang apik saya suwe bakal ora bisa ngregani lan ngrembakake adicara TKEN kang diwarisake dening para sesepuh.

Panutup

Adhedhasar dhata kang wis diandharake ing sub bab sadurunge bisa didudut asiling panliten. Dudutan ngenani asiling panaliten mujudake sawijining bab kang wigati banget lan cundhuk karo tujuwan nganakake panaliten. Dudutan kang bisa diandharake, yaiku:

Adicara TKEN minangka salah sawijine tradhisi kang tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng Sraturejo Bojonegoro. TBS iki dianakake wiwit jaman biyen nganti saiki kanthi tatarakit lan ubarampe kang ngalami owah-owahan. TKEN dilaksanakake nalika sawise panen pari yaiku ing dina Senin Pon. Asiling saka panaliten iki yaiku, yen panaliten iki ngandharake makna, wujud, piguna, lan owah gingsire tradhisi.

Mula bukane TKEN iki adhedhasar legendha mula bukane madege Desa Sraturejo lan mula bukane TKEN ing Dhusun Grenjeng. Saliyane iku uga ana tatarakit sajrone adicara TKEN, yaiku (1) ngresiki Dhusun Grenjeng Sraturejo, (2) ater-ater (sega bingung), (3) nyekar makam Kaki Krebut lan Nyai Krebut sarta Para Sesepuh, (4) tahlilan, (5) tirakatan, (6) nggawe Encek Nganten, (7) kondangan (slametan), (8) ngobong menyan, (9) para warga nggawa encek sega saka omah, (10) ngirap encek nganten lanang lan wadon, (11) mapag pamong desa, (12) ngirap encek nganten lanang lan wadon, (13) odhek dhuwit, (14) para paraga kirap (limpad) mlebu ing cungkup Kaki Krebut lan Nyai Krebut, (15) sesorah saka Pak Lurah, (16) sesorah saka Bapak Camat utawa Bupati Kabupaten Bojonegoro, (17) tanduk (ujub saka Pak Modin, (18) rebutan encek nganten, (19) manganan, (20) langen tayub.

Ubarampe sajrone adicara TKEN yaiku, (1) encek lanang lan wadon (encek nganten), (2) encek sega, (3) kembang mayang, (4) gendera abang putih, (5) tebu ireng, (6) godhong jati, (7) godhong kelor, (8) payung, (9)kendhi.

(10) kembang setaman, (11) jenang werna, (12) cok bakal, (13) beras putih, abang, kuningm ireng, (14) jajan pasar kang digawa kirap, (15) jajan pasar kang digawa manganan, (16) palapendhem, (17) sega golong lima buceng siji, (18) jangan menir, (19) iwak kali lan lele, (20) pari sagedheng, (21) cengkir gadhing lan ijo tanpa gambar wayang, (22) cengkir gadhing lan ijo kanthi gambar wayang, (23) gedhang raja kuning lan ijo, (24) menyan madu, (25) kupat lepet, (26) ingkung, (27) endhas wedhus, (28) dhuwit receh kang dicampur beras kuning.

Piguna kang kinandhut sajrone adicara TKEN yaiku, (1) minangka sistem proyeksi kayata TKEN iku ana sesambungan antarane manungsa karo Gusti Pangeran lan alam ghaib, (2) minangka sarana pangesahan pranata-pranata lan lembaga-lembaga kabudayan kayata ana aturan-aturan kang mligi lan aturan kasebut wis ana wiwit jaman biyen lan diuri-uri dening warga Dhusun Grenjeng nganti saiki, (3) minangka sarana panggulawenthah, (4) minangka piranti kanggo meksa lan ngawasi supaya aturan bebrayan tansah diugemi, (5) kanggo nguwatake rasa pangrasane klompok masyarakat, (6), fungsi kanggo pelestarian budaya (7) fungsi hiburan, (8) fungsi ekonomi.

TKEN mujudake sawijining tradhisi kang asipat dinamis lan bisa owah gingsir ginawa mangsa. TKEN kang wis dilaksanakake ing jaman biyen lan saiki wis akeh bedane, utamane ing babagan tatarakit, ubarampe, lan piranti panyengkuyunge. Pangrembakane jaman ing babagan teknologi melu mlebu minangka unsur anyar kang mangaribawani tradhisi. Dene Faktor kang ndayani owah gingsire TKEN yaiku faktor intern kang awujud discovery lan invention, sarta faktor eksternal kang awujud difusi lan akulturasi. Anane owah gingsire TKEN sajrone TKEN uga bisa menehi dampak positif lan dampak negatif. Dampak positif owah gingire TKEN yaiku (1) Mikuwati TKEN, (2) Ngapiki TKEN dene dampak negatif yaiku (1) Ngrusak TKEN, (2) Nganggu TKEN.5.2 Pamrayoga

Sajrone bebrayan Jawa akeh banget tradhisi kang urip lan ngrembaka sajrone masyarakat. Tradhisi kasebut diwarisake dening para leluhur kanggo para generasi mudha. Mula saka kuwi masyarakat Jawa diarani masyarakat kang kebak tradhisi. TKEN minangka salah sawijine tradhisi Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing Dhusun Grenjeng. Anane pangrembakan jaman kang saya modern kasebut bisa ndadekake masyarakat kurang mangerteni ngenani tradhisi Jawa mligine TKEN. Masyarakat saka tuwa nganti generasi mudha kudu tresna lan nduweni kawigaten marang TKEN, saengga saka anane rasa tresna lan kawigaten marang TKEN, para masyarakat gelem nguri-uri kabudayan Jawa kayata TKEN kang kasusun saka tatarakit, ubarampe kang nduweni makna sarta nduweni piguna tartamtu.

Urip ing ngalam donya iku mesthi ngalami owah-owahan, mula masyarakat kudu tansah waspada marang owah-owahan mligine sajrone owah-owahan TKEN. Anane pangrembakan jaman kasebut masyarakat kudu bisa selektif marang owah-owahan kang ana ing TKEN. Adhedhasar panliten ngenani TKEN, panliti ngaturake (1) TKEN kang minangka warisan saka para leluhur kudu tansah diuri-uri lan dirembakake supaya ora cures, (2) Pihak kecamatan, Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kabupaten Bojonegoro kudu nduweni kawigaten kang luwih tumrap TKEN saengga TKEN bisa kawentar ing dhaerah liyane, (3) masyarakat kang luwih tuwa kudu menehi pembinaan marang generasi mudha saengga generasi mudha mligine ing Dhusun Grenjeng bisa tresna lan mangerteni ngenani TKEN. KAPUSTAKANArikunto, Suharsimi. 2010. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik. Jakarta: Rineka Cipta.

Bakker, JWM. 1984. Filsafat Kebudayaan, Sebuah Pengantar. Yogyakarta: Penerbit Kanisius.

Berger, Arthur Asa. 2010. Pengantar Semiotika: Tanda-tanda dalam Kebudayaan Kontemporer. Terjemahan M. Dwi Marianto. Sleman: Penerbit Tiara Wacana.

Danandjaja, James. 1984. Folklor Indonesia (Ilmu Gosip, Dongeng dan lain-lain). Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.

Endraswara, Suwardi. 2010. Folklor Jawa, Bentuk, Macam, dan Nilainya. Jakarta: Penaku.

Herawati, Nanik. 2009. Kesenian Tradisional Jawa. Klaten : PT Macanan Jaya Cemerlang.

Herusatoto, Budiono. 2008. Simbolisme Jawa. Yogyakarta: Penerbit Ombak.

Hutomo, Suripan Sadi. 1991. Mutiara Yang Terlupakan. Pengantar Studi Sastra Lisan. Malang: Hiski Jawa Timur.

Kaplan dan Menners. 2001. Teori Budaya. Yagyakarta: Pustaka Pelajar.

Koentjaraningrat. 1985. Kebudayaan, Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: Gramedia.

. . 1994. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balaki Pustaka.

.. 2009. Pengantar Ilmu Antroplogi. Jakarta: Rineka Cipta.

Kuntowijoyo. 1987. Budaya dan Masyarakat. Yogyakarta: PT. Tiara Wacana.

Liliweri, Alo. 2003. Makna Dalam Komunikasi Antar Budaya. Yogyakarta: Lkis Yogyakarta

Luxemburg. 1992. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: PT. Gramedia.

Maran, Rafeel Raga. 2007. Manusia dan Kebudayaan dalam Perspektif Ilmu Budaya Dasar. Jakarta: Rineka Cipta.

Maryaeni, 2005. Metode Penelitian Kebudayaan. Jakarta : PT Bumi Aksara

Moleong, Lexy. 2009. Metode Penelitian Kualitatif. Bandung: PT. Remaja Rosdakarya.

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

Poerwadarminta, WJS. 1939. Bausastra Djawa. Jakarta: J. B. WoltersUitgevers atau Maatchappij N.V. Groningen.

Rendra. 1984. Mempertimbangkan Tradisi. Jakarta: Gramedia.

Sarwono, Jonathan. 2006. Metode Penelitian Kualitatif dan Kuantitatif. Yogyakarta: Penerbit Graha Ilmu.

Simon, Fransiskus. 2008. Kebudayaan Dan Waktu Senggang. Yogyakarta: Jalasutra.

Sudaryanto (Ed). 2011. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa.

Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Budaya. Surabaya: Unesa Unipres- Citra Wacana.

Sudikan, Setya Yuwana. 2001. Metode Penelitian Sastra Lisan. Lamongan: CV. Pustaka Ilalang Group.

Sukarman. 2006. Pengantar Kebudayaan Jawa. Surabaya: Unesa Unipress.

Suwarni. 2013. Sastra Jawa Pertengahan. Surabaya: Perwira Media Nusantara (PMN)

Suwarni & Widayati, Sri Wahyu. 2011. Dasar-Dasar Upacara Adat Jawa. Surabaya: Penerbit Bintang.

Tim ISBD UNESA. 2008. Ilmu Sosial Budaya Dasar. Surabaya: Unesa University Press.

Tim Penyusun. 2014. Pedoman Penulisan Skripsi. Surabaya: UNESA.

Teeuw, A. 1984. Sastra dam Ilmu Sastra. Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Girimukti Pustaka.

21