pidato

8
Perangan-perangane naskah sesorah : 1. Pambuka (gatekna jinise acara lan para tamu kang rawuh!) 2. Atur pambagya marang Gusti Allah kang nuduhake bangsa kita bangsa kang religius. (marang Gusti Allah lan tamu undhangan kang kinurmatan) 3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan. 4. Isi sesorah (kaperluwane kegiatan lan lapuran panitia) 5. Atur panuwun lan pangajab. (marang kabeh para kang rawuh, kalebu pangajabe panitia marang para pasarta lomba, yen ana tetandhingan) 6. Salam panutup

Upload: yuliahertismansa

Post on 21-Jul-2015

899 views

Category:

Health & Medicine


2 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pidato

Perangan-perangane naskah sesorah :1. Pambuka

(gatekna jinise acara lan para tamu kang rawuh!)2. Atur pambagya marang Gusti Allah kang nuduhake

bangsa kita bangsa kang religius.(marang Gusti Allah lan tamu undhangan kangkinurmatan)

3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan.4. Isi sesorah

(kaperluwane kegiatan lan lapuran panitia)5. Atur panuwun lan pangajab.

(marang kabeh para kang rawuh, kalebu pangajabepanitia marang para pasarta lomba, yen anatetandhingan)

6. Salam panutup

Page 2: Pidato

Kula nuwun,

Asslammualaikum Wr. Wb.

Para pinisepuh, ibu saha bapak ingkang satuhukinabekten.

Page 3: Pidato

Saderengipun kula ngandharaken wosing

pepanggihan wonten ing siyang menika, mangga kula

dherekaken ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng

ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang

sampun maringi kawilujengan dhumateng kula lan

panjenengan. Katitik panjenengan sedaya taksih saged

ngrawuhi pepanggihan wonten ing siyang menika.

Page 4: Pidato

Sugeng enjang saha sugeng rawuh kula aturaken

dhumateng Bapak Kepala SMA 1 Blora ingkang kinurmatan,

bapak saha ibu guru SMA 1 Blora ingkang pantes

sinambrama ing pamboja, para siswa kelas X, XI, XII ingkang

satuhu kinasih ing Gusti, waradinipun dhumateng para

rawuh kakung putri, wredha mudha minulya

Page 5: Pidato

Para rawuh ingkang kinurmatan, wontening kalodhangan menika, kulakadhawahan sampur supadosngandharaken bab …

Page 6: Pidato

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Kula sakrencang nyuwun pangestu, mugi-mugiacara menika saged kaleksanan kanthi sae, boten wonten alangan satunggal menapa. Bilihwonten lepating atur, kula nyuwun agungingpangaksami.

Page 7: Pidato

Pungkasaning atur, menawi wonten ceweting basasaha kiranging suba sita, kula nyuwun agungingsamudra pangaksami.

Nuwun,

Wassalammualaikum Wr. Wb.

Page 8: Pidato

1. Basane kudu basa krama inggil, jalaranngurmati para tamu kang kinurmatan.

2. Sabisa-bisa aja maca teks, nanging kaya-kayawis ngerti utawa ngerti apa sing arepdiomongake.

3. Pangucaping tembung lan pamedhoting ukarakudu cetha lan pas.

4. “Eye contact”, yaiku ndeleng utawa nyawangpara tamu (nguwasani para rawuh), nalikanyapa salah sawijining tamu, nyawang arahlenggah lan manthuk karo priyayine.