pidato

8
SESORAH Perangan-perangane naskah sesorah : 1. Pambuka (gatekna jinise acara lan para tamu kang rawuh!) 2. Atur pambagya marang Gusti Allah kang nuduhake bangsa kita bangsa kang religius. (marang Gusti Allah lan tamu undhangan kang kinurmatan) 3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan. 4. Isi sesorah (kaperluwane kegiatan lan lapuran panitia) 5. Atur panuwun lan pangajab. (marang kabeh para kang rawuh, kalebu pangajabe panitia marang para pasarta lomba, yen ana tetandhingan) 6. Salam panutup

Upload: yuliahertismansa

Post on 25-May-2015

2.155 views

Category:

Health & Medicine


5 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pidato

SESORAHPerangan-perangane naskah sesorah :1. Pambuka (gatekna jinise acara lan para tamu kang rawuh!)2. Atur pambagya marang Gusti Allah kang nuduhake

bangsa kita bangsa kang religius.(marang Gusti Allah lan tamu undhangan kang kinurmatan)

3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan.

4. Isi sesorah (kaperluwane kegiatan lan lapuran panitia)

5. Atur panuwun lan pangajab.(marang kabeh para kang rawuh, kalebu pangajabe panitia marang para pasarta lomba, yen ana tetandhingan)

6. Salam panutup

Page 2: Pidato

1. Salam Pambuka

Kula nuwun, Asslammualaikum Wr. Wb.

Para pinisepuh, ibu saha bapak ingkang satuhu kinabekten.

Page 3: Pidato

2. Atur pambagya marang Gusti Allah

Saderengipun kula ngandharaken wosing

pepanggihan wonten ing siyang menika, mangga kula

dherekaken ngaturaken puja lan puji syukur

dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng

Dumadi, ingkang sampun maringi kawilujengan

dhumateng kula lan panjenengan. Katitik panjenengan

sedaya taksih saged ngrawuhi pepanggihan wonten

ing siyang menika.

Page 4: Pidato

3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan.

Sugeng enjang saha sugeng rawuh kula aturaken

dhumateng Bapak Kepala SMA 1 Blora ingkang kinurmatan,

bapak saha ibu guru SMA 1 Blora ingkang pantes

sinambrama ing pamboja, para siswa kelas X, XI, XII ingkang

satuhu kinasih ing Gusti, waradinipun dhumateng para rawuh

kakung putri, wredha mudha minulya

Page 5: Pidato

4. Isi sesorah

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing kalodhangan menika, kula kadhawahan sampur supados ngandharaken bab …

Page 6: Pidato

5. Atur panuwun lan pangajab

Para rawuh ingkang kinurmatan,Kula sakrencang nyuwun pangestu, mugi-mugi acara menika saged kaleksanan kanthi sae, boten wonten alangan satunggal menapa. Bilih wonten lepating atur, kula nyuwun agunging pangaksami.

Page 7: Pidato

6. Salam panutup

Pungkasaning atur, menawi wonten ceweting basa saha kiranging suba sita, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Nuwun,Wassalammualaikum Wr. Wb.

Page 8: Pidato

SING KUDU DIGATEKAKE

1. Basane kudu basa krama inggil, jalaran ngurmati para tamu kang kinurmatan.

2. Sabisa-bisa aja maca teks, nanging kaya-kaya wis ngerti utawa ngerti apa sing arep diomongake.

3. Pangucaping tembung lan pamedhoting ukara kudu cetha lan pas.

4. “Eye contact”, yaiku ndeleng utawa nyawang para tamu (nguwasani para rawuh), nalika nyapa salah sawijining tamu, nyawang arah lenggah lan manthuk karo priyayine.