pengetan warsa enggal

9
Pengetan Warsa Enggal Wonten ing sekolahan Danar pinanggih dateng Isyhar kaliyan Juntria. Danar lajeng ngajak Isyhar kaliyan Juntria dateng Alun-alun. Isyhar : “Wah kadingaren tindak ipun enjang?” Danar : “Nggih mboten menapa menapa ta.” Juntria : “Wonten menapa to Nar, kadosipun kok remen sanget?” Danar : “O nggih, mangkih dalu kersa tindak Alun-alun boten?” Bapak : “Lha arep jam pira le?” Danar : “Manawi jam 7 kados pundi Pak?” Isyhar : “Oh nggih, kula saget nderek” “Tett...tett...tett...” Bell tanda mlebet kelas sampun kapirungu. Lare tiga kala wau lajeng mlebet klas. Ndalunipun, Danar lajeng tindak wonten dalemipun Isyhar. Juntria : “Isy sampun siap menapa dereng? Juntria : “Aduhh...nyuwun pangapunten sampun dangu nggih anggenipun nengga wonten mriki?”

Upload: fita

Post on 22-Nov-2015

69 views

Category:

Documents


13 download

TRANSCRIPT

Pengetan Warsa Enggal

Wonten ing sekolahan Danar pinanggih dateng Isyhar kaliyan Juntria. Danar lajeng ngajak Isyhar kaliyan Juntria dateng Alun-alun.Isyhar: Wah kadingaren tindak ipun enjang?Danar: Nggih mboten menapa menapa ta.Juntria: Wonten menapa to Nar, kadosipun kok remen sanget?Danar: O nggih, mangkih dalu kersa tindak Alun-alun boten?Bapak: Lha arep jam pira le?Danar: Manawi jam 7 kados pundi Pak?Isyhar: Oh nggih, kula saget nderekTett...tett...tett... Bell tanda mlebet kelas sampun kapirungu. Lare tiga kala wau lajeng mlebet klas.Ndalunipun, Danar lajeng tindak wonten dalemipun Isyhar.Juntria: Isy sampun siap menapa dereng? Juntria: Aduhh...nyuwun pangapunten sampun dangu nggih anggenipunnengga wonten mriki?Danar: Dereng dangu kok, kula nggih nembe kemawon anggenipun dugi.Isyhar: Oh nggih, mangga bidal sak menika kemawon. Bapak: Ayo le enggal mangkat!Isyhar kaliyan Juntria lajeng bidhal dateng Alun-alun. Bapak Yudha, Danar, Juntria kaliyan Isyhar lajeng pados papan engkang sakeca kagem lenggahan sesarengan, sinambi nengga dhatengipun warsa enggal. Bapak: Ayo padha golek papan kanggo lungguh!Isyhar: Nggih mangga Pak.Bapak: Tak tuokke jagung bakarD.I.J: matur nuwun Pak.Danar: Eeh.. eh.., aduh.. aduh.. panas!!Juntria: Milanipun ngantos-atos mboten sah kesesa.Bapak: Uwis uwis, kene cuwilan ro Bapak wae.Danar: Matur nuwun nggih pakIsyhar: Eh..eh, nika mirsani nika, kembang apine sae sanget.Juntria: Wah sampun tahun 2014 iki!Bapak Yudha, Danar, Isyhar kaliyan Juntria ketingal remen manahipun amargi saged mengeti warsa enggal sesarengan.

sinau bareng (dialog bahasa jawa)(nang sekolahan)

Yula : (karo panik) Ike tugase yopo iki

Aneke : (karo kaget) Lho.. aku yo gak ngerti.. takono nang

arek-arek

Dewi : (karo suara radak lembut) Onok opo se rek.. kok

podho panik

Yula : (karo muring-muring) Koen iku ancene.. di goleki

nang endi ae se

Dewi : (nanggapi karo suara sabar) Aku lho.. gak nang

endi-endi..Ngene ae lho.. tugase di kerjano nang omahe ike ae

Aneke : (karo suara radha alon) Yo wes .. yul jaken arek-

arek

Yula : Ti tanti,ry rery,nang anang..

Tanti+rery+anang : (bingung) Opo ..?

Yula : (jelasno karo suara mangkel) Kene lak dikei tugas

nggawe drama.. lha iki rencanane ngerjakno nang omahe ike.. setuju ta gak

Rery : aku ambek anang setuju-setuju ae.. jam piro se

Tanti : (bingung) Lho.. aku gak isok, lak nang omahe ike

Aneke : Lha.. opoo

Tanti : (ngomong campur wedi) Aku gak oleh, nek gak

nok seng nyusul

Rery : Omah mu nang endi se

Tanti : (karo suara wedi) Nang kedunglengkong iku lho..

Aneke : (karo suara mangkel) Yo wes.. saiki kerja

kelompok nang endi

Dewi : (karo suara radha banter) Yo nang omahmu ae

lho ke Tanti gak usah melok kelompokan, ceke

di garap arek-arek ae

Rery : (karo suara teges) Yo wes.. saiki kerja

kelompoke dino opo ambegk jam piro..?

Aneke : (karo teges) Dino minggu ae jam 8

Yula : (karo suara biasa) Yo wes.. masalah drama

digawe mene ae pas kelompokan

Tanti : (njalok sepuro+suarane radha wedi) Ike..

sepurane yo aku gak isok melok

Anang+aneke+dewi+rery : (suara radha alon) Yo.. gak po-po

kok

Anang : (njalok bantuan) Eh..ry mene aku jemputen yo

Rery : (karo mlaku) Yo

(Yula karo Dewi wes budhal nang omahe Aneke)

Yula+dewi : (wes nang ngarep omahe aneke)

Assalamualaikum.. ike..

Aneke : (metu teko njero omah) Waaliakummussalam

WR.WB.. oOh.. yo rek mlebuo

Yula : (nrima tawarane terus mlebu nang njero omah)

Yo.. ke

Dewi : (karo arep lungguh) Ike.. arek-arek wes teko

ta..

Aneke : Durung (karo ngetokno buku bahasa jawa)Yula : (karo muring-muring+kaget)

LhoO.. yopo se.. jarene jam 8

Dewi : (karo muring-muring)

Mboh.. arek lanang-lanang iku mesti plin-plan

Aneke : (nyoba nyabarno)

Yo wes lah rek.. saiki di garap dhisik ae

Yula : (karo suara banter + muring-muring)

Yo.. emoh ke.. kenaken arek lanang-lanang laan, gak mikir

Dewi : (karo mbelani ike+mangkel)

Yo wes.. lah yul, dikerjano dhisik ae, engkuk seng terakhire dikerjano arek lanang

Aneke : (karo nawarno panganan) Iki lho rek, ngombene

ambek panganane, dipangan rek !

Yula : (measam-mesem) Yo ke, suwun lho ke, ngerepoti

Aneke : (njupuk HP) Yo gak po-po, eh rek, aku tak sms

rery yo

Yula : Yo

(radhak suwe)

Yula+Aneke : (karo suara banter) Ry..

Rery : (muter balik)

Aneke : (karo protes) Ry, suwene se, nang endi ae se

koen iku

Rery : (nyritano+nggawe dulinan kunci sepeda motor)

Ikumaeng lho, aku wes nang omahe anang tapi areke gak onok

Yula+Dewi : (bingung) Nang endi ?

Rery : (melok-melok bingung) Gak eroh

Aneke : (karo radha muring-muring) Ealah ry, ojo

ngomong lak ngunu !

Yula : (karo males) Uwalah, yopo iki, di garap ta gak

Dewi : (karo ngusulno saran) Areke gak lengkap ngene,

mendingan gak usah di garap ae

Rery : (karo muring-muring) Lho, gendeng ta koen iku,

tugase lho digawe mene

Dewi : (karo muring-muring) Lha areke gak lengkap

ngene, lha engkuk seng liyane gak mikir laan lak di garap saiki, di garap nang sekolahan ae lho di garap bareng-bareng, aku tak mulih ae, masalahe aku nang omah lagi sibuk lak dino minggu ngene iki

Yula : (karo bentak-bentak) Uwes-uwes, ojo muring-

muring terus,ambek gak usah mulih-mulihan, saiki ngene ae pertama gawe dramana iki yopo, ojo ngomong lak gak isok rek

Aneke : (karo smsan) sak garepmu lah yul, koen lak

pinter se nang sekolahan, lak arek piter iku isok nggawe dhewean, kene lho gak isok nggawe

Yula : (karo muring-muring) Yo emoh rek lak aku

ngerjano dhewe, lak ngunu koen-koen kabeh iki lapo sinau bareng lak aku tetep ngerjano tugas kelompok iki dhewean

Dewi : (karo smsan) Yo wes lah yul, gaweo kerangkane

ambek judule ae engkuk isi drama ne tak lengkapi tapi nang omah

Aneke : (karo protes) Lha, Oalah, lak ngunu yo di

kerjano wingi sabtu ae, lak eroh saiki koyok ngene

Yula : (karo muring-muring) Owalah rek, ojo smsan

terus ta, iki lho durung di garap blas

Rery : (karo suara radha banter) Ngene ae wes,

garepo siji-siji mene di cocokno bareng-bareng, tapi saiki aku tak mulih

Dewi : Yo, ngunu ae lho, lak saiki, aku kesel mikir rek

Yula : Yo yo, yo wes, saiki mulih ae, tapi ojo lali rek

garepen, mene lak gak nok seng nggarap, tak uring-uring koen engkuk

Rery : (karo mangkel+njupuk buku+njupuk kunci sepeda

motor) Yo

Dewi : yo wes, ke aku mulih, wassalamulaikum WR. WB

Yula : (melok-melok) Yo ke aku mulih pisan,

wassalamualaikum WR. Wb

Aneke : Yo, waalaikummussalam WR. WB. Ati-ati yo rek