paribasan

2
PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. Tuladha paribasan: 1. Anak catur mungkur tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga. 2. Keplok ora tombok tegese : melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad. 3. Blaba wuda tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan. BEBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke. Tuladha bebasan : 1. Kocak tandha lukak tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe. 2. Sedhakep ngawe-awe tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh. 3. Ngubak-ngubak banyu bening tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem. SALOKA Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge. Tuladha saloka : 1. Gajah ngidak rapah tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe 2. Sumur lumaku tinimba

Upload: edwinalif

Post on 05-Dec-2015

240 views

Category:

Documents


7 download

DESCRIPTION

paribasan

TRANSCRIPT

Page 1: PARIBASAN

PARIBASAN           Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.Tuladha paribasan:1. Anak catur mungkur     tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.

2. Keplok ora tombok     tegese :  melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.

3. Blaba wuda     tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.

BEBASAN         Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.Tuladha bebasan :1. Kocak tandha lukak     tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

2. Sedhakep ngawe-awe     tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.

3. Ngubak-ngubak banyu bening    tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

SALOKA       Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.Tuladha saloka :1. Gajah ngidak rapah    tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

2. Sumur lumaku tinimba       tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

3. Lahan karoban manis     tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene