Download - PARIBASAN

Transcript
Page 1: PARIBASAN

PARIBASAN           Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.Tuladha paribasan:1. Anak catur mungkur     tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.

2. Keplok ora tombok     tegese :  melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.

3. Blaba wuda     tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.

BEBASAN         Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.Tuladha bebasan :1. Kocak tandha lukak     tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.

2. Sedhakep ngawe-awe     tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.

3. Ngubak-ngubak banyu bening    tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.

SALOKA       Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.Tuladha saloka :1. Gajah ngidak rapah    tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe

2. Sumur lumaku tinimba       tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah

3. Lahan karoban manis     tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene


Top Related