param as astra

4
PARAMASASTRA ; jenisTemB|= ; JENISING TEMBUNG Jenis tembung iku ana 10, miturut Arisoteles yaiku : 1. Tembung Aran (Nomina); yaiku tembung kang kanggo ngarani saweneh barang, utawa apa-apa kang dianggep barang. Tembung Aran iku ana loro Tembung Aran Maujud kaya ta uwong, wit-witan, barang kang kasat mripat. Umpamane meja, kursi, langit, godhong, lsp. Tembung Aran Tan Maujud yaiku samubarang kang kena diarani nanging ora bisa disawang lan didumuk kanthi lair. Tuladhane : jin, neraka, kabagyan, kasedhihan, pepenginan, lsp. 2. Tembung Kriya (Verba); yaiku tembung-tembung kang mratelakake panindak lan pakaryan. Ana Tembung Kriya Lingga, yaiku tembung kriya kang wujude tembung lingga, kayata tangi, adus, budhal, golek lsp. Ana maneh Tembung Kriya Tanduk yaiku tembung kriya kang asale saka tembung lingga oleh ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-) tuladhane mbalang, nunggoni, nyemplungake, nggolek, lsp. Tembung Kriya Tanggap yaiku tembung kriya kang asale saka tembung lingga olehater-ater Tripurusa (dak- ko-, di-), ater- ater ka- lan uga seselan –in-. Tuladhane : dakgawa, kokjupuki, disilihake, katimbalan, jinupuk, lsp. 3. Tembung Sifat/Kahanan (Adjectiva); yaiku tembung-tembung kang mratelakake kahanan lan sesipatan. Tuladhane : adhem, garing, adoh, nakal, ayu, sabar, ijo, mateng, lsp. 4. Tembung Ancer-ancer (Preposisi) ; yaiku tembung kang kanggo ngancer-anceri tembung liyane. Tembung Ancer-ancer iki tansah gegandhengan karo tembung sing diancer-anceri. Tuladha : ing, saka, menyang, dhek, tekan, kanthi, sarwa, marang, karo, dening, lsp. 5. Tembung Wilangan (Numeria) ; yaiku tembung kang mratelakake etungan, ukuran, angka, cacah lan wilangan. Tembung Wilangan iku werna-werna; Tembung Wilangan Wutuh. Tuladhane : siji, loro, telung puluh, rong ewu, lsp.

Upload: sulisyono-imam-jayaharja

Post on 05-Dec-2015

121 views

Category:

Documents


13 download

TRANSCRIPT

Page 1: Param as Astra

PARAMASASTRA; jenisTemB|= ;

  JENISING TEMBUNG

Jenis tembung iku ana 10, miturut Arisoteles yaiku :

1.      Tembung Aran (Nomina); yaiku tembung kang kanggo ngarani saweneh barang, utawa apa-apa kang dianggep barang.Tembung Aran iku ana loro Tembung Aran Maujud  kaya ta uwong, wit-witan, barang kang kasat mripat. Umpamane meja, kursi, langit, godhong, lsp.

Tembung Aran Tan Maujud yaiku samubarang kang kena diarani nanging ora bisa disawang lan didumuk kanthi lair. Tuladhane : jin, neraka, kabagyan, kasedhihan, pepenginan, lsp.

2.      Tembung Kriya (Verba); yaiku tembung-tembung kang mratelakake panindak lan pakaryan. Ana Tembung Kriya Lingga, yaiku tembung kriya kang wujude tembung lingga, kayata tangi, adus, budhal, golek lsp. Ana maneh Tembung Kriya Tanduk yaiku tembung kriya kang asale saka tembung lingga oleh ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-) tuladhane mbalang, nunggoni, nyemplungake, nggolek, lsp.Tembung Kriya Tanggap yaiku tembung kriya kang asale saka tembung lingga olehater-ater Tripurusa (dak- ko-, di-), ater-ater ka- lan uga seselan –in-. Tuladhane : dakgawa, kokjupuki, disilihake, katimbalan, jinupuk, lsp.

3.      Tembung Sifat/Kahanan (Adjectiva); yaiku tembung-tembung kang mratelakake kahanan lan sesipatan. Tuladhane : adhem, garing, adoh, nakal, ayu, sabar, ijo, mateng, lsp.

4.      Tembung Ancer-ancer (Preposisi) ; yaiku tembung kang kanggo ngancer-anceri tembung liyane. Tembung Ancer-ancer iki tansah gegandhengan karo tembung sing diancer-anceri. Tuladha : ing, saka, menyang, dhek, tekan, kanthi, sarwa, marang, karo, dening, lsp.

5.      Tembung Wilangan (Numeria) ; yaiku tembung kang mratelakake etungan, ukuran, angka, cacah lan wilangan. Tembung Wilangan iku werna-werna;Tembung Wilangan Wutuh. Tuladhane : siji, loro, telung puluh, rong ewu, lsp.

Tembung Wilangan Gumathok. Tuladhane sejinah, salusin, seminggu, sawindu,  rong kilo, petang dhus, sacengkeh, petang gegem, lsp.

Tembung Wilangan Pecahan. Tuladhane seprapat, setengah, rong protelon, saproliman, lsp.

Tembung Wilangan Undha Usuk. Tuladha kapisan, kapindho, katelu, kasanga, lsp.

Tembung Wilangan Ora Gumathok. Tuladhane akeh, sethithik, saumbruk, pirang-pirang, sathekruk, lsp.

6.      Tembung Panyilah (Artikula) ; yaiku tembung kang gunane kanggo nyilahake pangkat lan sebutan. Lumrahe tembung panyilah manggon ing sangarepe tembung aran sing disilahake. Tuladha : si, sang, hyang, dhang hyang, ingkang, para, nimas, Bagus, Raden, lsp.

7.    Tembung PanggandhengYaiku tembung kang gunane kanggo nggandheng tembung utawa nggandheng ukara. Tembung Panggandheng iku werna-werna, wujude yaiku :

a)      Gandheng sajajar          : lan, karo, sarta, uga, kambi, tur, apadene, tuwin, saha, lsp

Page 2: Param as Astra

b)      Gandheng kosok balen            : nanging, dene, ewadene, kosok baline, mung bae, senajan, lsp

c)      Gandheng sebab           : sebab, awit, amarga, jalaran, krana, wong, jer, lspd)     Gandheng janji, syarat : waton, pokok,   yen, samangsa, menawa, waton, lamun, lsp.e)      Gandheng wektu          : banjur, terus, sawise, sadurunge, bubar, biyene, nalika, nganti, lspf)       Gandheng akibat          : mulane, akibate, dadine, lsp.g)      Gandheng tujuwan       : supaya, amrih, ben, kareben, amrih, pamrihe, lsp.

8.    Tembung Sesulih (kata ganti)

       Yaiku tembung kang gunane kanggo ngganteni, nyulihi tembung liyane kang awujud uwong, barang, utawa apa-apa kang dianggep barang.

a) tembung sesulih purusa : kanggo ngganteni uwong umpamane :

     -utama purusa : aku, kula, kawula, adalem, ingsun, ingong, lsp

                 -madyama purusa : kowe, ndika, rika, sampeyan, Panjenengan,  lsp

     -pratama purusa : dheweke,dhekne, piyambake,panjenenganipun, lsp

b) sesulih panuduh

tuladhane : iki, iku, kae, ika, mrene, mrono, kene, kana, lsp

c) sesulih pandarbe

tuladhane : -ku, -mu, -e/-ne

d) sesulih pitakon

tuladha :: apa, sapa, geneya, la apa, kepriye, ya’apa, kapan, ing endi, pira,

e) sesulih wektu/wayah

     tuladha : mau, wau, mengko, mbesuk, sapunika,  nalika,  lsp

f) sesulih sadhengah : sapa-sapa, sapa bae, apa-apa, sing sapa, pira-pira, lsp

9.   Tembung Panguwuh (kata seru)

      Tembung panguwuh iku tembung kanggo nelakake rasa bungah, sedhih, wedi, nggumun, kaget, lsp,

      Tuladhane yaiku : biyuh, wadhuh, ee, lha dalah, hah, he, hem, hus, lho, nah, sst, wo, elo, Woalah, huh, prung, brug, byur, pis, jret, ngung, bles clup, lsp

10. Tembung Katrangan (kata keterangan)

Yaiku tembung kang nerangake tembung liyane, kaya ta tembung kriya, tembung kahanan, tembung wilangan.

Page 3: Param as Astra

Tuladhane yaiku : arep, uwis, durung, mesthi, rada, banget, paling, maneh, tansah, kaya, padha, dudu, wae, lagi, gelem, sida, bae, meh, saben, nganti, lsp.