novel sala lelimangan anggitane suparto brata: tintingan postkolonial

Download NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA: TINTINGAN POSTKOLONIAL

Post on 15-Dec-2015

214 views

Category:

Documents

5 download

Embed Size (px)

DESCRIPTION

Jurnal Online Universitas Negeri Surabaya, author : LENI FITRIA WATI

TRANSCRIPT

Paper Title (use style: paper title)

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

NOVEL SALA LELIMANGAN ANGGITANE SUPARTO BRATA:TINTINGAN POSTKOLONIAL

Leni Fitria Wati, Prof. Dr. Darni, M. HumPendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)Fakultas Bahasa dan SeniUniversitas Negeri Surabayainelzf@yahoo.comAbstrak

Novel sala Lelimangan kang sabanjure dicekak SL ngemot crita ngenani kaprawirane saperangan paraga kang bela kabecikan ing jaman kolonial. Tuwuhe kaprawiran ing jaman kolonial ora gampang ditindakake amarga ana pawongan sing ora setya marang bangsa kang aran pangkhiyanat. Perjuwangane kasebut dadi sawijine bab kang patut ditliti. Onjone bab kaprawiran kasebut, mula novel iki bakal diandharake kanthi tintingan postkolonial.Ana telung underan panliten yaiku (1) kepriye gegambarane kaprawiran sajrone novel SL?, (2) kepriye wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL?, (3) kepriye tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL? Ancas saka panliten iki yaiku: (1) ngandharake gegambarane kaprawiran sajrone novel SL, (2) ngandharake wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL, (3) ngandharake tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone novel SL. Panliten iki diajab bisa menehi paedah yaiku: nyengkuyunglanngrembakakepanlitensastramliginesastraJawa modern, bisanambahikawruhtumrappamaoslanbisadidadekakebahanrujukandeningpanlitisabanjure.Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa novel kanthi irah-irahan Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata.Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone novel Sala Lelimangan.Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan.Kanggo ngandharake lannjlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis kanthi tintingan postkolonial.Asile panliten nuduhake gegambarane kaprawiran kang ana ing novel SL.gegambarane kaprawiran kang kawedhar ing novel Sala Lelimangan bisadiperanganapitu (1) jiwa satriya, (2) tanggung jawab, (3) ora gampang nyerah, (4) jujur, (5) ora grusah-grusuh, (6) ngakoni kaluputan, (7) wani nglabuhi bebener. Asil panliten sabanjure yaiku wujud cidra kang kinandhut sajrone novel SL yaiku cidra marang bangsa, pawongan sing nyidrani bangsa diarani pangkhiyanat, pangkhiyanat kang ana ing novel SL yaiku paraga Dhondhi.Dhondhi minangka salah sawijine prajurit Republik Indonesia kang klebu ing anggota I.S (Intelegent Service), nanging wis khiyanat marang Indonesia amarga menehna informasi-informasi kang wigati ngenani Republik marang pihak Walanda. Asil panliten kang pungkasan yaiku tumindak degsiya tumrap wanodya. Wanodya kang ngalami tumindak degsiya yaiku Estuningsih, lan paraga kang nindakake tumindak Degsiya yaiku paraga Dhoreng.

Novel Sala Lelimangan Anggitane Suparto Brata

1

PURWAKA Landhesane PanlitenSastra ora bisa adoh saka lelakone urip manungsa. Karya sastra tuwuh uga ngrembug perkara-perkara panguripan kang ana bebrayan. Sastra minangka salah sawijining wujud seni kang mujudake pikiran lan pangrasane manungsa kanthi endahe basa, asline gagasan, lan jerone pesen kang kinandhut. Sastra minangka ekspresi pikiran lan pangrasane manungsa asale saka kanyatan panguripane masyarakat. Sastra uga bisa digunakake kanggo ngandharake maksud tartamtu, lan karya sastra iku bakal akeh ana gandheng cenenge karo kahanan panguripan (Hutomo,1993:293)Sastra Jawa Modern ngalami proses kang dawa saka Sastra Jawa kang sadurunge nuju sastra modern struktur karya sastra kasebut bener-bener beda karo karya sastra sadurunge. Sajrone sastra Jawa, jaman modern iki nduweni pangerten manawa pangripta iki anggone ngripta nduweni kesadharan nulis crita kang anyar. Widati (2001:38) ngandharake yen saka wujud crita-crita kang terbit ing jaman transisi (Modern) bisa dibedakake dadi loro, yaiku gancaran lan geguritan. Gancaran utawa prosa iki kedadeyan saka prosa fiksi anyar. Kang diarani prosa fiksi lawas iki awujud dongeng kang jinise ana sage, legendha, mite, lan fabel. Dene prosa fiksi anyar jinise ana roman, novel, cerbung, lan cerkak.Novel yaiku sawijining karya sastra fiksi kang wujud crita dawa lan rowa. Dumadine novel iku saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku perangan kang bisa mbangun karya sastra. Perangan kasebut sing njalari karya sastra bisa tuwuh minangka karya sastra. Perangan iku uga perangan kang sacara faktual, bakal ditemoni nalika pamaca iku maca karya sastra kasebut. Unsur instrinsik ing sawijining novel, perangan kang sacara langsung uga melu nambahi apike crita mau. Unsur ekstrinsik yaiku perangan sing ana sanjabane karya sastra, nanging sacara ora langsung mangaribawani isine karya sastra (Nurgiyantoro,2009:23).Novel Sala Lelimangan mujudake sawijine novel kang narik kawigaten kanggo ditliti. Perangan-perangan kang narik kawigaten yaiku Kaprawiran kang ditindakake dening paraga-paragane. Perangan mau bakal dijlentrehake nganggo tintingan postkolonial. Tintingan postkolonial yaiku cara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang nate dadi koloni Eropa modern (Ratna,2008:90). Pangganggone teori postkolonial mawa ancas kanggo ngerteni kaprawiran paraga-paragane sajrone novel Sala Lelimangan ing jaman kolonial.Kaprawiran ing kene, obyek kang bakal didadekake panliten yaiku novel Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata kang dicekak dadi SL. Saka andharan kasebut, mula irah-irahan saka panliten kang arep ditliti yaiku Novel Sala Lelimangan anggitane Suparto Brata: Tintingan Postkolonial.Underane PanlitenAdhedhasar landhesane panliten kang wus diandharake ing ndhuwur,underane panliten yaiku:(1) Kepriye gegambarane kaprawiran sajrone Novel SL anggitane Suparto Brata?(2) Kepriye wujud cidra kang kinandhutsajrone Novel SL anggitane Suparto Brata?(3) Kepriye tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone Novel SL anggitane Suparto Brata?Tujuwan PanlitenAdhedhasar underane panliten ing ndhuwur bisa ditemokake tujuwan panliten kaya ing ngisor iki:(1) Ngandharake gegambarane kaprawiran sajrone Novel SLanggitaneSuparto Brata.(2) Ngandharake wujud cidra kang kinandhut sajrone Novel SL anggitane Suparto Brata.(3) Ngandharake tumindak degsiya tumrap wanodya sajrone Novel SL anggitane Suparto BrataPaedahe PanlitenPanliten iki nduweni paedah kaya ing ngisor iki:(1) Sastra Jawa ModernBisa ngramekake kritik sastra sajroning donyani sastra Jawa modern. Uga bisa dadi masukan kanggo para pangripta kanggo luwih kreatif anggone nulis. Lan bisa nambahi kawruh kanggo ngapresiasi karya sastra Jawa modern. (2) PamacaSajrone panliten iki bisa nambahi kawruh lan pamawas ngenani babagan analisis karya sastra, mligine panliten kang nggunakake tintingan sastra bandhingan. Tumrap pamaca uga bisa didadekake studi bandhingan karo tulisan-tulisan liyane.(3) Piwulangan sastraIng kene uga anak paedah kanggo piwulangan sastra, mligine kanggo para Mahasiswa. Kaajab bisa migunani kanggo panliten sing sabanjure. Bisa nambah krenteg kanggo mahasiswa kang arep nindakake panliten sastra.

PanjlentrehaneTetembungan Ing ngisor iki bakal diandharake wewatesane istilah sajrone panliten iki. Anane wewatesan istilah iki kanthi tujuwan supaya panliten iki ora ngambra-ambra.1) Kaprawiranwong sing onjo amarga kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani (KBBI,1993:648).2) Novel Sawijining karya sastra fiksi kang wujud crita dawa lan rowa utawa ruwet. Dumadine novel iku saka rong unsur, yaiku unsur intrinsik (njero) lan unsur ekstrinsik (njaba) sing mbangun karya sastra (Nurgiyantoro, 2009:23).3) Postkolonialcara-cara kang digunakake kanggo nintingi maneka warna gejala kultural, kayata: sejarah, politik, ekonomi, sastra, lan maneka warna dhokumen liyane kang dumadi ing negara-negara kang tau dadi koloni Eropa modern (Ratna, 2008:90)TINTINGAN KAPUSTAKANKonsep KaprawiranMiturut KBBI (KBBI, 1993:648) kaprawiran yaiku wong sing onjo amarga kewanen lan ngorbanake sajrone bela kabecikan pejuwang sing gagah lan wani. kaprawiran yaiku wong sing tumindake luwih nengenake kapentingane liyan tinimbang kapentingane dhewe. Tumindak kasebut menehi daya pangaribawa kanggo wong liya, amarga tumindake nduweni paedah kanggo kapentingane masyarakat, bangsa utawa umat manungsa.Prawira yaiku manungsa ideal sing dianggep minangka perumusan sarta simbol saka apa sing arepe digayuh pawongan kanggo awake dhewe. Sajrone panliten ngenani tokoh prawira sajrone sastra nuswantara kanthi sedherhana biyasane minangka gegambaran wong sing pantes dicontoh lan diteladhani. Sajrone masyarakat moderen tokoh prawira awujud saka pamimpin sing kudu dadi teladhan marang nisorane, wiwit saka sikap uripe uga sajrone tumindake.Konsep kaprawiran miturut Badjoeri Widagdo (2012:60-61), tresna marang bangsa yaiku rasa tresna marang bangsane dhewe kang tujuwane bela bangsa saka penjajah. Sajrone tresna marang bangsa ana nilai-nilai kaprawiran yaiku lila korban kanggo bangsa lan negara. Gelar prawira biasane diwenehna marang pawongan sapa wae kang wani mati ing pertempuran amarga bela bangsa lan negarane utawa bela agamane. Nanging ing era moderen iki pahlawan ora mung ing medan pertempuran nanging wong kang wis ngorbanake wektu, bandha, jasa uga nyawane kanggo bela kabecikanTumindak Dagsiya tumrap Wanodya Tumindak degsiya tumrap wanodya awujud tumindak kang nyata merga anane diskriminasi tumrap wong wadon. Kakerasan kasebut iku mujudake tumindak kang ora oleh ditiru, tumindak sewenang-wenang, sakarepe dhewe marang wanodya. Ana maneka werna wujud tumindak degsiya tumrap wanodya yaiku wong lanang sing ngruda peksa wong wadon. Tumindak sing kaya mangkono kuwi minangka tumindak dagsiya sing paling nistha. Anane sabab sosio budhaya, yaiku ana diskriminasi tumrap wong wadon lan patriarkhi ndadekake wong lanang dadi panguwasa. Iku kabeh nyebabake wanodya ana ing panggonan kang dadi

Recommended

View more >