nakula

10
NAKULA

Upload: rizki-dwi-herdianti

Post on 25-Oct-2015

120 views

Category:

Documents


12 download

DESCRIPTION

nakula pandawa

TRANSCRIPT

Page 1: Nakula

NAKULA

Page 2: Nakula

Kelompok 4 :

1.Dewi Kurniasari2. Dicky Pranata3.Nikmatal Hayati4.Rizkyana Efendi5.Yofi Firdan safri

Page 3: Nakula

WAYANG

Wayang dumadi saking tembung wod "yang/ hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkang dipepundhinamargi pinercaya roh saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.Nakula:

Satriya ing : Bumi Retawu / Sawojajar. Sifate : Rajin, manut marang kakang-kakang pendawa, setia, welas asih, bisa

nyimpen rahasia. Kaluwihane : Pinter ngobati lelara, eling marang peristiwa-peristiwa kang

kapungkur. Aji : Pranajati, cupu isi toya panggesangan saking Bathara Indra.

Page 4: Nakula

SILSILAHE PANDAWA

Prabu Pandhudewanata

Dewi Kunthi Dewi Madrim

Yudistira Arjuna

Werkudara

Nakula Sadewa

Page 5: Nakula

SILSILAH GARWA LAN PUTRANE NAKULA

Nakula Dewi Srengganawati

Dewi Sri Tanjung

Dewi Suyati

Pramusinta Pramuwati

Page 6: Nakula

Nakula ing pewayangan Jawa kasebut pula asma Pinten (asma wit-witan sing godonge saget digunakaken kangge obat) niku putra ke papat Prabu Pandudewanata, raja negara Hastina lan permaisuri Dewi Madrim, putri Prabu Mandrapati lan Dewi Tejawati, saking negara Mandaraka. nakula lahir kembar kalian adine, Sahadewa utawi Sadewa, Nakula uga nggadahi telu sederek siji ayah, putra Prabu Pandu kalian Dewi Kunti, saking negara Mandura asmane Puntadewa, Bima alias Werkudara lan Arjuna Nakula niku titisane Bathara Aswin, Dewa Tabib. nakula mahir nunggang jaran lan pinter nggunakaken senjata panah lan lembing. Nakula ora bakal entuk lali kaliyan sedoyo hal sing diretosi karana nakula gadahi Aji Pranawajati saking Ditya Sapujagad, Senapati negara Mretani. nakula uga gadahi cupu sing isine “Banyu Panguripan” utawi “Air kehidupan” saking Bhatara Indra.

Page 7: Nakula

Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.

Nakula nduwe garwa Dewi Suyati seka Awuawulangit. Sakloron peputra Pramusinta lan Pramuwati. Iki yang manut Pustaka Raja. Yen manut Purwacarita, garwane Nakula iku Dewi Srengganawati seka negara Gisiksamodra utawa Ekapratala, lan peputra Dewi Sri Tanjung.

Nakula nduwe watak jujur, welas asih, lan bisa njaga wadi. Dening Bathara Indra, Nakula diwenehi cupu kang bisa nguripke wong kang mati sadurunge wektune. Ing Bharatayudha, Nakula lan Sadewa ngrewangi nyedhaki Salya supaya menehi ngerti apa pangapesane. Mula Salya masrahake kratone marang Nakula. Dadine, sawise perang iku, Nakula nguwasani ing Madraka. Nanging dening Yudhistira, Nakula banjur diangkat dadi patih.

Sifate : jujur, alus, sabar, ntriman.

Page 8: Nakula

Nakula iku tiyang protagonis saking wiracarita Mahabharata. Tatapi nakula niku putra Dewi Madrim, adik Dewi Kunti. nakula niku sedulur kembar Sadewa lan dianggep putera Dewa Aswino, Dewa tabib kembar. Miturut kisah, Nakula sanget tampak parase.  Miturut catetan, si kembar Nakula-Sahadewa nggadahi kemampuan istimewa ingkang ngrawat jaran lan sapi. Nakula digambarken sebagae tiyang ingkang sanget ngibur ati. nakula uga teliti ingkang njalanaken tugase lan sregep ngawasi kenakalane mas’e, Bima. Nakula dipilih Yudistira kangge urip maleh pas pengasingan ing njero alas, sementara sederek-sederek’e sing liyo sedo karana ngombe banyu saking danau. niki karana Nakula niku putera Madrim, dan Yudistira, sing putera Kunti, kepengen bersikap adil kalian ibu loro kasebut. 

Page 9: Nakula

ing kitab Mahabharata, Nakula niku ksatria sing sanget ngganteng lan sanget elok parase. lan miturut Dropadi, Nakula niku suami sing paling ngganteng ing donyo. Lamun menika, Nakula gadahi sifat sing elek yaiku mbanggaaken kegantenganipun. Lan meniko diungkapken saking kakak pertamane, Yudistira ing kitabPrasthanikaparwa.

Nakula ing bahasa Sansekerta merujuk ing warna Ichneumon, yaiku jinising tikus utawi kewan pengerat saking Mesir. Nakula uga nggadahi arti “cerpelai” utawi bisa diartike “tikus benggala”. Nakula uga menika asma liyo saking Dewa Siwa.

Page 10: Nakula

ing Kitab Prasthanikaparwa (kitab ke-17 ing Astadasaparwa Mahabharata), diceritaken bahwa Nakula pejah ing perjalanan maring puncak gunung Himalaya kaliyan para Pandawa liyane lan uga garwa mereka Dropadi. Lamun sakdurunge, Dropadi pejah riyen lan disusul sederek kembar Nakula yaiku Sadewa. Nakula terjerembab maring njero lemah, Bima taken marang Yudistira “Kang masku,adik kita niki sanget sregep lan penurut, ganteng lan ora ono sing nandingi. Mengapa pejah tekan sakniki?”. Yudistira njawab “ pancen leres bahwa nakula sanget sregep lan seneng njalanke perintah kita. Namung ngertosilah, bahwa Nakula sanget mbanggaken ketampanan sing digadahi. Karana sikape kasebut, nakula mung urip tekan iki”. Sakwise krungu jawaban Yudistira, ketelu Pandawa yaiku, Arjuna, Bima lan Yudistira nglanjutken perjalanane. Arwah Nakula ncapai kedamaian ing Surga.