liturgi minggu adven i jawa

39
Tata Pangibadah Minggu Advèn 1 Minggu, 30 November 2014 Katrangan: Ltgs: Liturgos; Pmp: Pemimpin; Prdt: Pradata; Lkt: Lèktor; Psw: Pasamuwan TANSAH JUMAGA DUMUGI ING DELAHAN

Upload: triaji79

Post on 09-Aug-2015

281 views

Category:

Spiritual


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Liturgi minggu adven I jawa

Tata PangibadahMinggu Advèn 1Minggu, 30 November 2014

Katrangan:

Ltgs: Liturgos; Pmp: Pemimpin;

Prdt: Pradata; Lkt: Lèktor; Psw: Pasamuwan

TANSAH JUMAGA DUMUGI ING

DELAHAN

Page 2: Liturgi minggu adven I jawa

 PECAWISANPamaosing Pawartos Pasamuwan

Page 3: Liturgi minggu adven I jawa

Ltgs Sih Rahmat lan tentrem rahayu tumraha mring kita, ingkang sami ndhèrèk ing pangibadah punika

Psw SAKING GUSTI YÉSUS KRISTUS, TUK-ING PANGAJENG-AJENG LAN SUKA RENA KITA

Ltgs Panjenenganipun punika Sang Mesih, ingkang kita antos-antos rawuhipun.

Psw INGKANG BADHÉ JUMENENG MINANGKA RATULtgs Katresnanipun nguwalaken kita saking jireting dosaPsw LAN NDADOSAKEN KITA MINANGKA PÉRANGANING KULA

WARGA KRATONING ALLAHLtgs Kagem Panjenenganipun Kaluhuran lan Kaurmatan saha

Pamuji.Psw SAPUNIKA LAN ING SALAMI-LAMINIPUN

PASAMUWAN NYAWIJI

Page 4: Liturgi minggu adven I jawa

Kidung Pambuka (Pasamuwan Jumeneng)KPK BMGJ 5:1-2 “PAMUJI KONJUK GUSTI”

Page 5: Liturgi minggu adven I jawa

KPK BMGJ 5:1-2 “PAMUJI KONJUK GUSTI”

Pinuji puji Gusti kang ni tahken jagad rayaNggih siyang dalah ratri tansah lubèr sihrahmatnya,Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya

Page 6: Liturgi minggu adven I jawa

Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah, salir ingkang pinanggya dados margining begja

Page 7: Liturgi minggu adven I jawa

Votum Lan Salam Pmp : Sumangga Pangibadah Minggu

Advèn ingkang kapisan ing wanci punika kita sengker kanthi pengaken: Pitulungan kita punika, pinangkanipun saking Yéhuwah Allah ingkang nitahaken langit lan bumi.

Psw: 5 6 ̕| 5 6 ̕ | 5 4 | 3 . || A – MIN, A - MIN, A - MIN!

Pmp :“Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing

para kula/sadhèrèk sadaya”. Psw : LAN WONTEN ING SADHÈRÈK UGI !

Page 8: Liturgi minggu adven I jawa

Atur Pambuka (Pasamuwan Jumeneng)Ltgs : Para Sadhèrèk, dinten punika kita lumebet ing Minggu Advèn kapisan kanthi jejer: “Tansah Jumaga Dumugi ing Delahan.” Lumantar Jejer punika, kita kaèngetaken supados tansah jumaga dumugi ing wekdalipun Gusti Yésus rawuh, kados Pangandikani-pun: “Sing padha ngati-ati lan tansah padha melèka! Sabab kowé ora padha sumurup ing wektu-né. 34Upamané kaya wong lelungan, omahé ditinggal dipasrahaké marang para baturé, kang siji-sijiné padha diwenehi kuwajiban dhéwé-dhéwé sarta juru regol dikon melèk.  (Mark.13:33).

Page 9: Liturgi minggu adven I jawa

Pasamuwan ngidungaken KPK BMGJ 210:1-3 KPK BMGJ 210:1-3 “RAWUHIPUN GUSTI “

Page 10: Liturgi minggu adven I jawa

Dhuh Gusti kados pundi nggèn kula sung urmatmethukken klayan puji mring ratuning jagadmugi Gusti madhangi lantaran Roh Sucimrih nggèn kula ngabekti mranani mring Gusti.

Page 11: Liturgi minggu adven I jawa

2. Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi, Gusti tedhak ing donyanunggil lan manungsa, tumut nandhang sangsara ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran.

Page 12: Liturgi minggu adven I jawa

3. Punapa kang njalari dhuh Ratuning swarga, Paduka rawuh mriki karsa nandhang papa,mung sih piwlas Paduka dhumateng manungsa, manggiha gesang mulya nunggil lan Sang Rama.

Page 13: Liturgi minggu adven I jawa

Pangakening DosaAngger-anggering Katresnan saking Matéus 22:37-40.  

7Paring wangsulané Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. 38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. 39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé. 40Kabeh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”  

Page 14: Liturgi minggu adven I jawa

KPK BMGJ 43: 1,2“NYUWUN ÉNGGALING MANAH”

Page 15: Liturgi minggu adven I jawa

Gusti kula sèstu nalangsa, awit asring mbaléla,

damel sekel galih Paduka, kèlu ombyaking donya,

Rèfrèin: Dhuh Gusti kawula nyuwun

apura, sinucèkken sing dosamugi manah kula kaénggalna,

mituhu Paduka.

Page 16: Liturgi minggu adven I jawa

Sèstu kula angraosaken sisah déning momotan,

nging lamun Paduka apunten manah kawula padhang,

Rèfrèin: Dhuh Gusti kawula nyuwun

apura, sinucèkken sing dosamugi manah kula kaénggalna,

mituhu Paduka.

Page 17: Liturgi minggu adven I jawa

Pawartos Sih Rahmat lan Pitedah Gesang Anyar (Pasamuwan Jumeneng) Pmp : Tumrapipun tiyang ingkang sowan wonten ngarsanipun Gusti kanthi manah ingkang keduwung, kacawisan pangapuntenan saking Gusti, kados Pangadikanipun Gusti ingkang sinerat ing 1 Yokanan 1:9 “Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengané iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita. ” 

Page 18: Liturgi minggu adven I jawa

Samangké, sumangga kita mirengaken Pitedah Gesang Anyar saking Gusti; “3Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah iku titikané yaiku manawa kita padha netepi ing pepakoné. 4Sing sapa duwé ujar: “Aku wanuh karo Panjenengané,” mangka ora netepi ing pepakoné, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten. 5Balik sing sapa netepi pangandikané, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margané anggon kita padha sumurup, yèn kita padha dumunung ana ing Panjenengané. 6Sing sapa duwé ujar yèn ana ing Panjenengané, iku kawajiban nglarasaké uripé kalawan sugengé Sang Kristus.” (1 Yokanan 2:3-6).

Page 19: Liturgi minggu adven I jawa

Pdt : Makaten Pitedah Gesang Anyar saking Gusti.Psw : PUJI KONJUK WONTEN ING NGARSANIPUN GUSTI

Pasamuwan sami jawat asta kanthi ngucap:” Tentrem Rahayu, Gusti mberkahi Panjenengan”

Page 20: Liturgi minggu adven I jawa

Kidung Kesanggeman KPK BMGJ 83: 1,2”PASRAH DHATENG GUSTI”

Page 21: Liturgi minggu adven I jawa

Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka,kula masrahken manah, badan kaliyan nyawa,Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang,saèstu kula tresna dhumateng PadukaRèfrèin:kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang, kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.

Page 22: Liturgi minggu adven I jawa

Gusti ngrumiyini tresna mring kula tyang dosa,tan nggalih gung sangsara pinenthang ngruwat dosa, pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, wah tresna mring sesami kanthi trusing atiRèfrèin:kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang, kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang. 

Page 23: Liturgi minggu adven I jawa

PELADOSANING PANGANDIKA Donga Èpiklèse( Pasamuwan lenggah)Pmp : (ngunjukaken donga peladosaning Pangandika)

 

Page 24: Liturgi minggu adven I jawa

Pamaosing Kitab SuciWaosan Kapisan : Yesaya 64:1-9Tanggapan: Masmur 80:1-7;17-19 (sesautan ganjil – ganep) Waosan kaping kalih: 1 Korinta 1:3-9Waosan Injil: Markus 13:24-37Pmp : Makaten Injilipun Gusti Yésus Kristus. Ingkang Rahayu inggih menika tiyang ingkang tansah mirengaken Pangandikanipun Gusti, lan dipun gatosaken. Maranatha. PSw :5 5 | 6 5 F 1 1 | 2 1 F 4 4 | 3 2 1 2 | 1 ||MA RA NATHA, MARANATHA, MARANA THA!

Page 25: Liturgi minggu adven I jawa

Khotbah: “Tansah Jumaga Dumugi ing Delahan”  

Page 26: Liturgi minggu adven I jawa

Wekdal Ening

Page 27: Liturgi minggu adven I jawa

Pengaken Pitados Rasuli (pasamuwan Jumeneng)

Page 28: Liturgi minggu adven I jawa

Donga Syafaat(kapungkasan Donga Rama Kawula)

Page 29: Liturgi minggu adven I jawa

PISUNGSUNG  

PANGATAKPrdt : Sumangga kita ngaturaken pisungsung

sokur kanthi ngèngeti Pangandikanipun Gusti: “13Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya

padha kaènthèngna, nanging supaya dadia timbang. 14Mulané beciké saiki kaluwihanmu

kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi

kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang. 15Kaya kang katulisan: “Wong kang oleh akèh, ora turah lan kang oleh sathithik

ora kurang.” (2 Kor. 8:13-15).

Page 30: Liturgi minggu adven I jawa

Pasamuwan Ngidungaken KPK BMGJ 185: 1- ”PISUNGSUNG KONJUK MRING ALLAH”

Page 31: Liturgi minggu adven I jawa

1. Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung cihnaning bingahing manah wit berkahing Allahsumengka wah sinengkera lan temen rineksadadya srana mun pangati mrih kamulyaning Gusti. 

Page 32: Liturgi minggu adven I jawa

2. Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti,dadya lantaraning berkahtumraha mring tyang kathah

Page 33: Liturgi minggu adven I jawa

3. Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih asih kula wit gung sih rahmatnya, mugi Gusti nggih karenan temah binerkahan dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi

Page 34: Liturgi minggu adven I jawa

Donga Pisungsung (Pasamuwan Jumeneng)(Kapimpin déning salah satunggaling Pradata)

Page 35: Liturgi minggu adven I jawa

Pasamuwan ngidungaken KPK BMGJ 216: 1,3“KANCA AGIYAKA“

Page 36: Liturgi minggu adven I jawa

1 Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swargatedhaking donya dados bayi papaRèfrèin:Payo sujud ngabekti, payo sujud ngabektisung pisungsung panggunggung mring Gusti.

Page 37: Liturgi minggu adven I jawa

2 Kanca agiranga ngundhangken Injilnya, dé Allah netepi prasetya,ngentas manungsa sing kwasaning dosa.Rèfrèin:Payo sujud ngabekti, payo sujud ngabektisung pisungsung panggunggung mring Gusti.

Page 38: Liturgi minggu adven I jawa

Pmp

Ngenerna manah panjenengan dhateng Gusti

Psw KULA NGENERAKEN MANAH KAWULA DHATENG GUSTI

Pmp

Dadosa seksinipun Sang Kristus

Psw PUJI SOKUR KONJUK GUSTI

Pmp

Pinujia Gusti

Psw SAMANGKÉ LAN ING SALAMI-LAMINIPUN

PANGUTUSAN

Page 39: Liturgi minggu adven I jawa

BERKAHPmp : Sumangga kita nilaraken dalem pamujan punika kanthi suka bingah, lan sumanggem ngéstokaken sabdanipun Allah, sarta nampi berkahipun:

“Sih rahmatipun Gusti Yésus Kristus, saha Sihipun Allah Sang Rama, tuwin Patunggilanipun Sang Roh Suci, nunggila ing para sadhèrèk sadaya.” AminU : 1 .2 3 5 │ 6 . 7 1 7 │ i . 7 6 5 │ Ma ra na tha ma ra na tha ma ra na tha 5 .1 2 3 │ 4 . 3 5 i│ 5 6 5 4 │ 3 . 2 . │ 1 Ma ra na tha ma ra na tha a min amin a min