humor suroboyoan 4

17
Humor Suroboyoan Jilid 4

Upload: waluyosgg

Post on 15-Jan-2016

22 views

Category:

Documents


1 download

DESCRIPTION

Suroboyo Jokes

TRANSCRIPT

Page 1: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan Jilid 4

Page 2: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 3

Kata Pengantar

Derek-derek sedoyo,

Jilid papat iki isine mek ceritone Wonokairun thok. Lek sampeyan gak seneng utowo gak weruh watake Wonokairun, luwih apik ojok moco cerito iki timbangane ngersulo misuhi tonggone.

Jenenge wong urip, mesti rekoso tandang gawe, contone yo Wonokairun iku. Sembarang

penggawean dilakoni, kadang mbecak, kadang ngojek, sampek dibelani golek tetelane gubis. Masio uripe rekoso, Wonokairun iku wonge tetep semuangat gak gelem kalah ambek sing enom. Opo maneh sampek ono sing nggarai, bakalan bunyek dipongor.

Mugo-mugo ae sik pancet mujarab kanggo nambani bojo, pacar utowo morotuo sampeyan

sing lagi menderita nyaprut mbetutut.

Suwun Budhi Santoso Paiton, Agustus 2006

Peringatan Hak Cipta

Ngguyu iku termasuk salah siji hak asasine menungso, dhadhi gak perlu mbayar. Aku gak masalah lek bukuku iku nyebar nang endhi ae, tapi lek onok wong sing sampek wani ngomersilno, tak dungakno ngguyu pitung turunan gak isok mingkem.

Page 3: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 4

Daftar Isi

Gajah Matek .............................................................................................................................. 5

Bangga ....................................................................................................................................... 6

Bengkerengan............................................................................................................................ 7

Jaketan....................................................................................................................................... 8 Mbecak....................................................................................................................................... 9

Stasiun ..................................................................................................................................... 10

Jabut Gigi ................................................................................................................................ 11

Dhuwik sewu............................................................................................................................ 12

Bon Bin .................................................................................................................................... 13

Mbecak Maneh ........................................................................................................................ 14

Cegatan .................................................................................................................................... 15

Permen karet............................................................................................................................ 16

Bis Kota.................................................................................................................................... 17

Ngenyang Pithik ...................................................................................................................... 18

Page 4: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 5

Gajah Matek Isuk-isuk wong sak bonbin gupuh kuabeh krungu berita ono gajah matek mergo wis tuwek. Masio kulite kisut keriput tapi bobote ono lek 2 ton. Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili. "Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku iso ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo. Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik ono gajah liyane sing lucu-lucu." jarene Brudin. "He cak, aku iki dhudhu pawange gajah !!!! Ngawur ae !!!!" jarene Wonokairun. "Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang. Sejatine sampeyan iki apane gajah?? koncone opo dulure ??" jarene Brudin. "Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah..." Wonokairun nangis maneh. “Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis.” Jare Brudin. Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh. “Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok wong sugih ae.” Jare Wonokairun. “Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan.” Jare Brudin bangga. “Gombal !!!, lek pancene kon iku turunane wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong ??” jare Wonokairun. “Soale aku keturunan sing ke wolu . . .”

Page 5: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 6

Bangga Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene ngemis pisan. "Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?" takok Bunali. "Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu." jare Wonokairun. "Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. Eh Mbah, sampeyan gak nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?" takok Bunali. "Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang Unbra, loro maneh nang IKIP. " jarene Wonokairun bangga. "Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung ono sing lulus tah anak sampeyan?" takok Bunali. "Anakku gak ono kuliah cak !" jare Wonokairun. "Ooh dadi dosen tah??" takok Bunali. "Salah peno cak." jare Wonokairun. "Lha laopo lo ??" takok Bunali. "Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh..."

Page 6: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 7

Bengkerengan Brudin pethuk Wonokairun kate budhal nang sawah. "Laopo isuk-isuk kok wis mlaku ambek bedhes lungset kumus-kumus ?" jarene Brudin. "Ooo pancene picek, sing tak tuntun iki jenenge wedhus dhudhuk bedhes !!" jare Wonokairun. "Lho aku gak takok peno!!. Aku pancene takok nang wedhuse." jare Brudin. Ooo awas kon yo !! pikire Wonoklairun nggondhok. Mulih seko sawah, arek loro pethukan maneh. Moro-moro Wonokairun ngentut mak dut !!. Brudin muring-muring. "Damput, pancene dobol. Ngentut sembarangan" Brudin meh nggeblak gak kuat ambune. "Saiki kon tak takoni, ngentut iku apik opo elek ?" jare Wonokairun. "Yo mestine elek mbah.." jarene Brudin. "Lha mulakno tak buak" jarene Wonokairun. "Lek misale tak jawab ngentut iku apik, terus opoko ?" takok Brudin. "Lha mulakno kon tak ke'i...."

Page 7: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 8

Jaketan Isuk-isuk Wonokairun pethukan ambek Brudin budhal kerjo. "Wuik gaya rek . .saiki areke jaketan rek." jare Wonokairun. "Iyo mbah, saiki aku kerjo nang nggon adem" jare Brudin. "Ketrimo nang kantor endhi Din?" jare Wonokairun. "Aku gak kerjo nang kantor mbah." jare Brudin. "Nang endhi lho??" takok Wonokairun. "Nang pabrik es batu . ."

Page 8: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 9

Mbecak Bosen ngemis, saiki Wonokairun mbecak. Be'e hasile luwih akeh pikire. Pas mancal ambek tingak-tinguk golek penumpang, moro-moro ono turis bule nyeluk. "Come ...please . . ." jarene bule ambek ngawe becake Wonokairun. "Kamplis... ??? . . .wah salah, sing bener iku Klampis mister..cedhake jalan Mletho kono lho . . ." jare Wonokairun. "Pardon me..??" bulene bingung. "Parmi ..?? oalah Parmi tah ? iyo weruh aku omahe." jare Wonokairun ambek ngguya ngguyu. "What ??!!" bulene sik bingung. "Kuat ??? . ..yo kuat rek, masio wis tuwek tapi sik tahes iki . ." jare Wonokairun ambek mantuk mantuk. "Lets go !! . ." jarene bule mantuk-mantuk pisan. "Pekgo !! . .wok kemalan rek !! wong ngomong limang ewu ae athik boso mandarin barang. Oke Mister !!" jare Wonokairun. Mari bulene munggah, Wonokairun langsung nyengklak becake. Bareng wis mlebu Klampis gang buntu, Wonokairun langsung bengok-bengok. "Diiinnn !!! Bruuuudiinnnn !!!! Ono wong bule nggoleki bojomuuuuu .!!!!"

Page 9: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 10

Stasiun Wonokairun teko nang stasiun Gubeng, pethukan ambek Brudin dhodholan es. "Din, sepur nang jakarta wis liwat tah?" takok Wonokairun. "Wah telat sampeyan mbah, wis budhal jam pitu mau . ." jare Brudin. "Lek sepur nang banyuwangi wis liwat tah durung ..? takok Wonokairun. "Lho sik tas ae Mbah, kiro-kiro sepulung menit kepungkur . ." jare Brudin. "Lek sepur sing nang semarang wis liwat tah durung . .?" takok Wonokairun. "Oooh lek iku mengo awan jam rolas budhale. Sik tah Mbah, ben sepur sampeyan takokno !! Sampeyan iku sakjane arep nang endhi ? " Brudin bingung. "Arep nyabrang . ."

Page 10: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 11

Jabut Gigi Wonokairun loro untu lungo nang dokter gigi konco lawase jenenge Bunali. "Waduh mbah, untu sampeyan kudhu dicabut . ." jare Bunali. "Yo wis jabuten ae ben ndang waras " jare Wonokairun. Mari dijabut Bunali takok "Wis gak loro maneh mbah ?" "Iyo wis enak saiki, piro ongkose dok ?" Wonokairun takok. "Wis gak usah mbayar mbah, gratis ae " jare Bunali. "Waduh suwun suwun, . . tak dungakno sampeyan mlebu suargo" jare Wonokairun. Pas nang omah Wonokairun ngoco, langsung nggeblak semaput. Tibake sing dijabut iku untu emase.

Page 11: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 12

Dhuwik sewu Wonokairun mbecak mulai isuk sampek awan gak oleh penumpang. Dhuwike kari sewu tapi kerongkongane ketelak pol. Moro-moro Brudin lewat nyurung rombong es gronjong. "Din, dhuwikku mek sewu, iso gawe tuku es tah ?" jare Wonokairun. "Iso mbah, tapi es batu thok gathik setrup." jare Brudin. Medhite rek pikire Wonokairun, uawas kon yo.. Sisuke Wonokairun pethukan ambek Brudin mulih pasar mari kulakan. "Mbah, dhuwikku kari sewu, iso gawe numpak becak tah ?" takok Brudin. "Iso Din, tapi tak pancal thok gathik ngerem..."

Page 12: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 13

Bon Bin Wonokairun sir-siran nang Bon Bin, dhadhak pethukan maneh ambek Brudin dhodholan es gronjong. "Coca cola loro Cak !" jare Wonokairun. "Aku gak ndhuwe Coca Cola Mbah, modalku cilik, durung cukup gae kulak coca cola. Es gronjong ae yo, tak jamin sueger Mbah" jare Brudin. "Aku ngomong ambek wong sing ndhuwe rombong nang mburimu." jare Wonokairun. Oooh uawas kon yo, Brudin nggondhok. Mari muter-muter dhodholan es gronjong, Brudin pethukan maneh ambek Wonokairun lagi guyon ambek gendhakane. "Oo !! Pancene gak nggenah !!! Wingi anake dhewe disikat, saiki bojone koncone arep disikat pisan. Wis tuwek petakilan " jare Brudin. "He !! Kon lek ngomong ojok sembarangan lho yo !!! Tak suantap lambemu !!! Sing wingi nyikat anake dhewe iku lho sopo !!!. Iki yo dhudhuk bojone koncoku, arek iki wis rondo, sak umur-umur gak tau ndelok bon bin, mulakno tak jak nglencer !!" Wonokairun mencak-mencak gak trimo. Begitu krungu wong loro iku gegeren, arek wedhok gendhakane Wonokairun langsung ngilang minggat. "Aku ngomong ambek bedhes tuwek nang mburimu . ." jare Brudin.

Page 13: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 14

Mbecak Maneh Isuk-isuk Wonokairun wis mruput mancal becak golek penumpang. Mari ngono oleh penumpang cewek uayu ambune wangi rambute teles mari kramas, Wonokairun sueneng poll. "Arep nang endhi Ning ?" jare Wonokairun. "Nang slompretan mbah . ." jare ceweke. "Waduh gak weruh aku nggone ning . ." jare Wonokairun. "Wis mbah pokoke sampeyan mancal ae nurut komandoku . ." jare ceweke. "Oke boss . . " jare Wonokairun ambek mbukak terpal becake, karepe ben iso ngrasakno mambu wangi rambute cewek iku. "Kiri mbah . ." Wonokairun nurut menggok kiwo. "Kanan mbah . ." Wonokairun nurut menggok kanan. "Kanan maneh . ." Wonokairun nurut. "Kiri ." "Kanan . ." "Kenceng ae mbah .." "Kanan maneh . .terus kiri " Wonokairun nurut ae sing penting iso ndelok gegere ceweke ayu iku. "Wis stop kene ae Mbah !!" moro-moro ceweke mbengok ambek ngekeki dhuwik limang ewu. Wonokairun nuangis mbrebes mili. "Lho opoko mbah, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik sepuluh ewu. Wonokairun sik nuangis ae. "Sepurane yo mbah, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . ." jare ceweke ambek ngekeki dhuwik seket ewu. Wonokairun sik nuangis ae. "Waduh mbah sampeyan njaluk piro ? Age ngomongo." ceweke bingung. "Ning aku nuangis gak perkoro dhuwike kurang . ." jare Wonokairun. "Lho opoko mbah ?" jare ceweke. "Aku lali dalane mulih . . ."

Page 14: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 15

Cegatan Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus. Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit. Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi. Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe. "Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali. "Ono nang dompetku" jare Wonokairun. "Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM" jare Bunali. Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM. "Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM . ." jare Wonokairun. "Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah" jare Bunali. "Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo !!!. Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang !! Gak isok !!!" Wonokairun nguamuk. Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang. Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh. Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh. "Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne ! " jare Bunali. "Ono nang dompetku" jare Wonokairun. "Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK" jare Bunali. Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo STNK. "Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK . ." jare Wonokairun. "Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran" jare Bunali. "Gak isok !!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo !!! " Wonokairun nguamuk maneh. Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang. Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh. Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh. "Ayo minggir !!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh. Iki lho dheloken, helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh. Hayo kate lapo kon !!! " jare Wonokairun suombong. "Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh " jare Bunali. "Gak mungkin !! Lali opone . .?" Wonokairun bingung, "Laopo sampeyan mancal becak ? Lha bronpite endhi ?"

Page 15: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 16

Permen karet Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan. Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion. "He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok" jare Brudin. "Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek." jare Wonokairun. "Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku." jarene Brudin. "He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!" jare Wonokairun. "Arep laopo lho ...?" jare Brudin bingung. "Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . "

Page 16: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 17

Bis Kota Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah. "Lho mbah, jange nang endhi ?" Brudin nyopo. "Nang pasar turi jange tuku klambi." jare Wonokairun. "Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun. "Wis gak usah !! Kon longgo ae !!." jare Wonokairun. Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh. "Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek maneh nawakno kursine. "Wis gak usah !! Kon longgo ae !!." jare Wonokairun. Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh. "Longgo kene lho mbah" Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine. Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari longgo. "Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!" jare Wonokairun. Brudin nesu pisan. "Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen..."

Page 17: Humor Suroboyoan 4

Humor Suroboyoan – Jilid 4

Halaman 18

Ngenyang Pithik Wonokairun ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan. "Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?" jare Brudin. "Iki lho sing wulune abang. ." jare Wonokairun. Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. "Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . ." jare Brudin ambek mbalekno pithike. "Cobak sing putih iki . ." jare Wonokairun ambek nawakno pithik putih. Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. "Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo ." jare Brudin. Wonokairun nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh. "Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!" Wonokairun wis gak iso nahan emosi. "Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . ." jare Brudin. "Iki lho pithikku sing kari dhewe ." jare Wonokairun ambek nawakno pithik ireng. Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas. "Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin. "Satus ewu !!!" jare Wonokairun ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu. Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu. "Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?" jare Brudin. "Aku asli wong jerman !!" jare Wonokairun. "Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !" jare Brudin. "Lek gak percoyo dheloken dhewe . ." jare Wonokairun ngangkat sarung ambek njengking.