Download - Tata Cara Pernikahan adat jawa
Tata Cara
Pernikahan Adat
Jawa
MARIANA SUDIRINANTI
XI MULTIMEDIA 1 (18)
1.Lamaran
LAMARAN : Upacara lamaran iku upacara
kanggo nrima kaluarga calon penganten
kakung neng daleme calon penganten putri.
Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa
kaluarga manten putri setuju yen putrine
didadeake pasangan urip calon penganten
kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian
kanggo nento'ake dina utawa tanggal
penyelenggaraan rangkeyan upacara
lanjutane, utamane tanggal pesta
penganten.
2.Siraman
SIRAMAN : Acara siraman iku sejati
upacara perlambang kanggo ngresi'ake
jiwa calon penganten. Upacara iki
diselenggaraake sedina sedurung ijab
kabul lan dilako'ake neng umah
masing-masing calon manten, umume
neng bagian umah sing radha terbuka
kaya neng halaman mburi umah utawa
neng taman ngarepan umah. Sing
nyiram pertama biasane wong tua calon
manten banjur sedulur liyane uga
pemaes.
3.Midodareni
MIDODARENI : Tembung midodareni iku asale saka
basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi
sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para
widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh
pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng
acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya
widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani
dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani
sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-
seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing
barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
4.Srah-Srahan
Srah-srahan : iku disebut ugo "asok
tukon" yaiku pihak kakung nyerahake
uba rampe lan biaya sing bakal kanggo
ngleksanakake pesta pengantenan.
Contone uba rampe iku beras, sayuran,
pitik, jajan pasar lan liyo-liyane.
Sakliyane iku sing paling penting ono
ing papasrahan yaiku duwit sing
tumprape pihak estri bakal dienggo
mbiayai pas acara pesta penganten.
5.Ijab Qabul
IJAB KABUL : akad nikah ingkang
acara penting yaiku nglibatake kabeh
pengurus KUA kanggo nglegalisir
perkawinan ing adepane agama,
Negara lan hukum. Calon penganten di
jupuk sumpah ing adepane penghulu
lan disaksikna wali saka keluargane
dewek-dewek. Sak uwise dados
penganten ingkang sah.
6.Panggih
PANGGIH : Sak rampunge acara ijab
kabul (akad nikah)dileksanakake acara
Panggih, ing acara iki kembang mayang
digowo metu seko omah lan di delehake
neng prapatan cedak omah sing tujuanne
kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku
penganten putri ketemu (panggih) karo
penganten kakung sak perlu nerusake
upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar
klimah, Mertui lan Sungkeman.
7.Balangan Suruh
BALANGAN SURUH :
Upacara balang suruh
minongko perlambang sih
katresnan lan kasetian ing
antarane penganten kakung
lan putri.
8.Wiji Dadi
WIJI DADI : Penganten kakung
ngidak endog pitik nganti pecah,
banjur penganten putri
ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane
penganten kakung nganggo banyu
kembang. Upacara iki minongko
perlambang sawijining kepala
keluarga sing tanggung jawab
mring keluarga.
9.Pupuk
PUPUK : Ibu penganten putri
ngusap-usap sirah/mustaka
mantu kakung minongko
tondho ikhlas nompo dadi
bageane kulawargo.
10.Sinduran
SINDURAN : Lumampah alon-
alon kanthi nyampirake kain
sindur, minongko tondho
pinanganten sak kloron wis
tinompo dadi kulowargo.
11.Timbang
TIMBANG : Pinanganten sak
kloron lungguh neng
pangkonane Bapake
penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane
wong tuwo marang anak lan
mantu soho besan.
12.Kacar Kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit
logam, beras lan uborampe
liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri
minongko perlambang paweh
nafkah.
13.Dahar Klimah
DAHAR KLIMAH : Penganten
sak kloron dahar dulang-
dulangan minongko
perlambang pinanganten sak
kloron arep urip susah lan
seneng kanthi bebarengan.
14.Mertui
MERTUI : Wong tuwane
penganten putri methuk wong
tuwane penganten kakung
neng ngarep omah lan
bebarengan tindak neng acara
resepsi.
15.Sungkeman
SUNGKEMAN : Pinanganten sakkloron sungkem nyuwunpangestu marang wong tuwa.
16.Resepsi
RESEPSI : Kenduren utawa kenduri
iku dadi puncak acara pengantenan,
uga kadang diarani resepsi utawa
walimahan. Sejatine kagiatan iki
nduwe makna upacara selametan,
selamet merga inti acarane yaiku
ijab kabul wis rampung
diselenggaraake. Neng acara iki,
pasangan penganten nerima ucapan
selamat saka kerabat, kanca uga
kabeh sing hadir neng acara iki.
Matur Nuwun