Download - BAHASA JAWA KELAS V SEMESTER GENAP
ULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP
TAHUN AJARAN 2013-2014
KELOMPOK KERJA GURU (KKG)
GUGUS III
KECAMATAN ROGOJAMPI
Pandhawa
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa lima. Puntadewa ya Yudistira
minangka pembarepe. Watake ambeg darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro
arane Raden Werkudara ya Bima Sena. Pawakane gedhe duwur lan gagah perkasa. Sing nomer telu jenenge Raden
Janaka ya Raden Arjuna kang kondang baguse, prigen lan trampil manah. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriya
kembar kang dadi wuragil. Pandhawa lima wujudake satriya kang nduweni watak utama, ambeg darma, lan luhur
budine. wiwit cilik mula wus katon luhuring budi. Seneng welas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong
kang nandang sengsara.
Gurune Pandhawa iku Pendhita Durna. Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa Lima wis bisa
ngatonake kapinterane lan kaprigelane. Raden Janaka prigel menthang gendhawa lan trampil migunakake keris.
Raden Werkudara, dhasar gagah prakosa lan kondhang kagungan gada Rujak Polo prigel ngolahake gada lan tumbak.
Ewa semono Padhawa ora seneng pamer kadigdayan. Malah watake andhap asor, lemah manah, lan ngajeni marang
liyan.
Kapetik saking Remen Basa Jawa kelas 5 SD
I. Wangsulono pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi prastiti !
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur ?
2. Pandhawa iku cacahe ono pira? Sebutna!
3. Kepriye pawakani werkudara?
4. Kepriye watake Puntadewo?
5. Sapa gurune Pandhawa?
II. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe pratelan kang bener!
1. Bus lan truk kendharaan sing lumaku ono ing….
a. dharat c. angkasa
b. banyu d. rel
2. Menawa numpak sepedha motor kudu gawa layang STNK karo….
a. BPKB c. SIM
b. Sertifikat d. KTP
3. Nalika jaman Jepang para mudha nyambut gawe kanthi rekasa, jenenge….
a. Rodi c. Rosalia
b. Paksa d. Romusha
4. Rukun agawe santosa, crah agawe….
a. Kepenak c. bubrah
b. Sengsara d. sugih
5. Negara Indonesia iku gemah ripa loh….
a. Gemeh c. ripah
b. Sawiji d. jinawi
6. Pupuk kang digawe saka godhong kang dipendem diarani
a. Pupuk kandhang c. pupuk urea
b. Pupuk kompos d. pupuk pabrik
7. Godong kacang lanjaran diarani….
a. So c. lembayung
b. Jlegor d. rendeng
8. Gatutkaca satriya ing….
a. Jodipati c. Pringgondani
b. Sawojajar d.Plangkawati
9. Kwali, kendhil, gentong lan pedasan iku jenise…
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA No/Nama :....................................
Kelas : V(lima) Hari/Tanggal :....................................
Waktu : ……………………
a. gendhang c. gendhing
b. gerabah d.gubuk
10. Sapi, kebo lan embek kalebu jenis …
a. rajabrono c. rajakaya
b. raja agung d. raja kewan
11. jalukan ora wewehan, tegese….
a. Gelem njaluk emoh njaluk c. njaluk emoh gelem menehi
b. Njaluk emoh menehi emoh d. gelem njaluk emoh menehi
12. Isine nangka jenenge …
a. Pongge c. beton
b. Kentus d.kelungsu
13. Bu sarti (pundhut) beras sekilo. Tembung jroning kurung sing bener….
a. Dipundhut c. kopundhut
b. Mundhut d. dakpundhut
14. Yen kirim layang kudune ditempeli ….
a. Prangko c. gambar
b. Kwitansi d. resi
15. Wong kang nyelengi ono bank diarani….
a. Nasabah c. kasir
b. Debitur d. rekening
16. Bocah seneng jajan diarani boros. Kosok baline boros yaiku…
a. Gemi c. cethil
b. Juwet d. ngebreh
17. Acara televise sing becik kanggo bocah sekolah yaiku acara kang ngerembug bab….
a. Hiburan c. ilmu pengetahuan
b. Kebutuhan d. iklan
18. Wong kang pegaweane nggawe gaman jenenge….
a. Belantik c. pande
b. Montir d. kusir
19. Wong kang tumindhake ala bakal nemu ….
a. Mulya c. beja
b. Kaya d. cilaka
20.
a. Mangan duku c. tuku duku
b. Duku pitu d. wulu pitu
21. Bocah-bocah kelas lima pada nyilih buku ana ing ….
a. Koperasi c. toko buku
b. Perpustakaan d. kantor
22. Santoso kae kebangeten, bocah kok ora duwe isin. Orang duwe isi pada karo….
a. Andhap asor c. rai gedheg
b. Adus kringet d. adol bagus
23. Anak lara wadon kabeh diarani….
a. Kembang sepasang c. kendhana kendhini
b. Uger-uger lawang d. onthang anthing
24. Wong kang pegaweane nyatet ono ing rapat yaiku….
a. Ketua c. bendahara
b. Anggota d. sekretaris
25. Semar, Gareng, Petruk lan Bagong iku wulucumbune….
a. Madukara c. Ayodya
b. Ngalengka d. Jodipati
III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki ngangggo tembung kanng mathuk!
1. Kang kelebu tanduran apotek hidup yaiku…
2. Tulisan jawa iki diwaca…
3. Bocah kembar iku rupaane padha plek kaya ….
4. Lakonane kaya macan luwe, yen bangkekane kaya….
5. Simbah lagi turu ana kamar. Kromo inggile …
6. Wong kang pegaweane ngatur banyu ono ing sawah jenenge ….
7. Maceme piranti kanggo nggarap sawah yaiku….
8. Sing kelebu sampah anorganik yaiku ….
9. Layang kanggo ngundang wong jeneenge layang ….
10. Panggonan kanggo ngingu dara jenenge ….