bawa-laras-slendro-menyuro

5
SA. BANJARANSARI. SL.M (Bawa : Gd. Gandrung manis Sl.M) Den ira campuh prang Sri Harjuna sasra Lawan Raden Sumantri Aliru prabawa Tan ana kasoran, mangkana Sri Narendra Mangun triwikrama, tedhak saking rata Mrepegi mungsuh ira Jawateng awiyat Ngudanaken kembang lumrang Banjaran sari SA. DHUDHA GANDRUNG SL.M (Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M) Paksi pita, sendhanglit kinurung, sun cacadhang, wiwit timurnya Wong ing mayang, pandaming kang ratri Ing tembe sun kawulani Perak rekta, mangke wus diwasa, suteng baya, warnanya punjul Gandes luwes gapyak kaduk manis Wyeng enget amring kawula SA. HARINIDWANI. SL.M (Bawa : Ktw. Sri Kacaryan Sl.M) Dahat kacaryan, Janma lyan praja, myat mring nagari kita Indonesia, atur pratandha, samya suka ,mamitran Mila sangsaya, gemah ripah, ngambar arum kang nama SA.JALADHA. SL.M (Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M) Kagagas ing galih Rama Wijaya ngling Dhuh ari Leksmana, iku tala gasri Unining bremara, humem pertangise Putri manthili myang, kukila sauran

Upload: mbah-e

Post on 07-Jun-2015

339 views

Category:

Documents


21 download

TRANSCRIPT

Page 1: bawa-laras-slendro-menyuro

SA. BANJARANSARI. SL.M (Bawa : Gd. Gandrung manis Sl.M) Den ira campuh prang Sri Harjuna sasra Lawan Raden Sumantri

Aliru prabawa Tan ana kasoran, mangkana Sri Narendra

Mangun triwikrama, tedhak saking rata Mrepegi mungsuh ira Jawateng awiyat Ngudanaken kembang lumrang Banjaran sari SA. DHUDHA GANDRUNG SL.M (Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M) Paksi pita, sendhanglit kinurung, sun cacadhang, wiwit timurnya

Wong ing mayang, pandaming kang ratri Ing tembe sun kawulani

Perak rekta, mangke wus diwasa, suteng baya, warnanya punjul Gandes luwes gapyak kaduk manis

Wyeng enget amring kawula SA. HARINIDWANI. SL.M (Bawa : Ktw. Sri Kacaryan Sl.M) Dahat kacaryan, Janma lyan praja, myat mring nagari kita

Indonesia, atur pratandha, samya suka ,mamitran Mila sangsaya, gemah ripah, ngambar arum kang nama

SA.JALADHA. SL.M (Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M) Kagagas ing galih Rama Wijaya ngling

Dhuh ari Leksmana, iku tala gasri Unining bremara, humem pertangise

Putri manthili myang, kukila sauran

Page 2: bawa-laras-slendro-menyuro

SA. MADURETNA SL.M (Bawa : Gd. Lobong Sl.M) Baya ta madu Retna kang pinasthika Pinusthi dadi, kusuma pepujanku Kekuwung ira Kang wehrudah ing driya Driya matrenyuh, tis tis linobong brang ta SA. MINTAJIWA SL.M (Bawa : Ktw. Puspawarna Sl.M) Laras ingreh Sang nahenkung Ing dyantan kapadhan ingsih Kang sangsaya ing turidaha, rudatine angranuhi Ngrancaka temah wigena, ginupita ing sahari Rineptapa mapuspita. Pantes patrape kang warni SA. PAMULARSIH SL.M (Bawa : Gd. Loro-loro Topeng, Ldr. Sigramangsah Sl.M) Rukmi kinusweng hasta, parekane Sang Maharsi Dhuh Gusti dasih ira Anrus ing gilu memarap Jineman …………. Hamelang melang kalangkung Sahari hari ratri Mring kusuma kangngendhangi Wedhiri puspa kresna, engeta Sang Pamularsih SA. PRITANJALA SL.M (Bawa : Gd. Widasari Sl.M) Rikat lamlahireng, rata tan antara, prapteng sukuning ardi Eram tumingaling, pakuwon arsine, dhengdheng saengga praja Umyung kang pradangga, busekan kang janma, wor wor gredeging kuda Kang njajari rata, amawa bandera, kumlaplir pritan jala

Page 3: bawa-laras-slendro-menyuro

SA. SUMEKAR SL.M (Bawa : Gending-Gendhing Sl.M)

Paran tumirah ingsun prihatin, waspanira gung mijil Tuhu dahat, ingkang tanpa karya, sengkangnya rinemekan Gelung rinu saksekarnya mawur ingkang gambir melathi Upamatyas, sira amangungkung, mulat sira dyah ari SA. SURARETNA SL.M (Bawa : Gd. Pucung Sl.M) Lela lela, linali saya kadriya Driyas mara, marang rising kadi Ratih Ratih Ratu Ratune wong Cakra kembang Kembang jaya, kusuma asih mring kula SA. TEBUKASOL SL.M (Bawa : Ldr. Sekargadhung Sl.M) Hajrah ingkang, puspita arum Katiyubing, samirana mrik Sekargadhung, kongas gandanya Maweh raras, renaming driya SA. TEPIKAWURI SL.M (Bawa : Gd. Montro Sl.M) Ulun caos atur Yen panujweng karsa, mugi parenga Kalilan anyekar, ing tepi kawuri, tibeng Montro nya Binarung abareng, gendhing nut wirama, supaya ramya Wimbuh sukeng driya, mbokmanawa bias, golong sambada SA. TIKTAMADU SL.M (Bawa : Ldr. Mugi Rahayu Sl.M) Sang pandhita Durna Lon ngandika nira Angger Dananjaya Sayogya wurungna

Page 4: bawa-laras-slendro-menyuro

SM. KINANTHI SEKAR GADHUNG SL.M (Bawa : Ktw. Lebdasari Sl.M)

Antagopa klenthang klenthung

Mring sawah anyangking kudhi Angendhangi rowang ira Kang samya anambut kardi Sigra wau ing ngundangan Tinanya sawiji wiji

SM. PUCUNG SL.M (Bawa : Rujak Jeruk Sl.M) Semar iku pamonging satriya agung Trah ing Witharadya Tut wuripan handayani

Jineman …………….. Datan kewran datan kewran Saliring kang sanis kara

Page 5: bawa-laras-slendro-menyuro

ST. KENYA KEDIRI SL.M (Bawa : Gendhing-Gendhing Sl.M) Kalembak gung paminta mawa basarum Tansah puji ning pradasih Suhing garan kendhil alit kisma mawur Karaharjan nira Kanjeng Sang aprabu Pan Narendra kawiwisma mring leluhur Jineman …………….. Garwa putra myang sentana Sapraja samya basuki Lir apindhanipun Dyah ayu Kenya Kedhiri

ST. KUSWARAGA SL.M (Bawa : Gd. Perkutut Manggung Sl.M)

Sri Maha jawata Katong Handaku wulune rekta Jroning nendra gung kaepi Buja wreksa kawiwuwus Panggya handika kusuma Balenata rondhon pari Paran margane wak mami Kapithing kang sabeng rawa nguswa ragan ta wong ayu ST. PRANASMARA SL.M ( Bawa : Ktw. Tarupala Sl.M) Neng karang dhempel leledhang Kyai Lurah Semar sapranak anne Miyat kebon Jineman ……….. Kebon tegal lan aleren Sami ngundhuh tarupala Suka sindhen sesendhonan Sarywan njoged genti genti