bab i serat wÉdhatama · 2020. 7. 13. · pathokane tembang gambuh guru lagu : u,u,i,u,o guru...

16
Bahasa Jawa Kelas 11 PKBM Terang Bangsa BAB I SERAT WÉDHATAMA Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3 Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama, dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang asli Pangkur.( https://jv.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama) Paugerane Tembang Pocung Guru gatrane ana 4 Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris). Guru wilangane 12, 6, 8, 12 Tegese Gatra kapisan dumadi saka 12 wanda (suku kata), gatra kapindho enem wanda, gatra ketelu wolung wondo, lan gatra kaping papat rolas wanda. Guru lagune yaiku u, a, i, a Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (A), gatra kaping telu dipungkasi swara (I) lan gatra kaping papat dipungksi swara (A). Watak Tembang Pocung atau karakternya : Geguyon, nasehat, bebas Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama) Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan

Upload: others

Post on 29-Oct-2020

45 views

Category:

Documents


1 download

TRANSCRIPT

Page 1: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

BAB I

SERAT WÉDHATAMA

Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab

kawruh manunggaling kawula gusti. Teks iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipati

Arya (KGPAA) Mangkunagara IV kang lair kanthi asma Radèn Mas Sudira ing dina Senin

Paing, tanggal 8 Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya, taun Jawa 1738, utawa taun Masehi 3

Maret 1811. Tembung Serat Wédhatama dumadi saka telung wanda, ya iku: serat, wédha lan

tama. Serat, tegesé tulisan utawa kasusastran, wédha, tegesé kawruh utawa ajaran, lan tama,

dumadi saka tembung utama kang tegesé apik, dhuwur utawa luhur. Dadi Serat Wedhatama

duwèni pangertèn: siji susastra kang ngemot kawruh ajaran kautaman uga kaluhuran uripé

manungsa. Serat Wédhatama kalebu salah siji susastra Jawa kang banget misuwur lan unggul

mligi ing babagan reroncèning tembung uga kawruh kautaman uripé manungsa. Miturut

babon kang tinemu ana ing Ngayogyakarta, Serat iki kaya-kaya isih cedhak karo babone kang

asli Pangkur.( https://jv.wikipedia.org/wiki/Serat_W%C3%A9dhatama)

Paugerane Tembang Pocung

Guru gatrane ana 4

Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris).

Guru wilangane 12, 6, 8, 12

Tegese Gatra kapisan dumadi saka 12 wanda (suku kata), gatra kapindho enem wanda,

gatra ketelu wolung wondo, lan gatra kaping papat rolas wanda.

Guru lagune yaiku u, a, i, a

Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu

dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho

dipungkasi swara (A), gatra kaping telu dipungkasi swara (I) lan gatra kaping papat

dipungksi swara (A).

Watak Tembang Pocung atau karakternya : Geguyon, nasehat, bebas

Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama)

Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,

amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara

Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu

luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem

ngupadi kanthi tenan

Page 2: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Serat Wedhatama (Pupuh Pocung 1-15)

Pada 1

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budaya pangekese dur angkara

Ilmu(hakekat) itu diraih dengan cara menghayati dalam setiap perbuatan,

Diawali kemauan.

Artinya, kemauan membangun kesejahteraan sesama,

Teguh membudi daya menaklukkan semua angkara

Pada 2

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Nafsu angkara yang besar ada di dalam diri,

kuat menggumpal,

menjangkau hingga tiga zaman,

jika dibiarkan berkembang akan berubah menjadi gangguan.

.

Pada 3

Beda lamun kang wus sengsem Reh ngasamun

Semune ngaksama

Sasamane bangsa sisip

Sarwa sareh saking mardi martatama

Berbeda dengan yang sudah menyukai

dan menjiwai,

watak dan perilaku memaafkan pada sesama

selalu sabar berusaha menyejukkan suasana,

Pada 4

Taman limut Durgameng tyas kang weh limput

Karem ing karamat

Karana karoban ing sih

Sihing sukma ngrebda saardi pengira

Dalam kegelapan angkara dalam hati yang menghalangi,

Larut dalam kesakralan hidup,

Karena tenggelam dalam samodra kasih sayang,

kasih sayang sukma (sejati) tumbuh berkembang sebesar gunung.

Page 3: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Pada 5

Yeku patut tinulat tulat tinurut

Sapituduhira,

Aja kaya jaman mangkin

Keh pra mudha mundhi diri Rapal makna

Itulah yang pantas ditiru,

contoh yang patut diikuti

seperti semua nasehatku.

Jangan seperti zaman nanti banyak anak muda yang menyombongkan diri dengan hafalan

ayat

Pada 6

Durung becus kesusu selak besus

Amaknani rapal

Kaya sayid weton mesir

Pendhak pendhak angendhak gunaning jalma

Belum mumpuni sudah berlagak pintar.

Menerangkan ayat seperti sayid dari Mesir

Setiap saat meremehkan

kemampuan orang lain

Pada 7

Kang kadyeku Kalebu wong ngaku aku

Akale alangka

Elok Jawane denmohi

Paksa langkah ngangkah met Kawruh ing Mekah

Yang seperti itu termasuk orang mengaku-aku

Kemampuan akalnya dangkal

Keindahan ilmu Jawa malah ditolak.

Sebaliknya, memaksa diri mengejar ilmu di Mekah

Pada 8

Nora weruh rosing rasa kang rinuruh

lumeketing angga

Anggere padha marsudi

kana kene kaanane nora beda

Tidak memahami hakekat ilmu yang dicari,

Sebenarnya ada didalam diri,

Asal mau berusaha,

sana sini (ilmu) tidak berbeda.

Page 4: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Pada 9

Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu

Yen kabul kabuka

Ing drajat kajating urip

Kaya kang wus winahya sekar srinata

Asal tidak banyak tingkah, agar supaya merasuk ke dalam sanubari

Bila berhasil terbuka,

pada derajat kemuliaan hidup yang sebenarnya,

Seperti yang telah tersirat dalam tembang sinom.

Pada 10

Basa ngelmu mupakate panemune

Pasahe lan tapa

Yen satriya tanah Jawi

Kuna kuna kang ginilut tripakara

Yang namanya ilmu, dapat berjalan bila sesuai dengan cara pandang kita.

Dapat dicapai dengan usaha yang gigih.

Bagi satria tanah Jawa,

dahulu yang menjadi pegangan adalah tiga perkara.

Pada 11

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sakserik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Ikhlas bila kehilangan tanpa menyesal,

Sabar jika hatidisakiti sesama,

Ketiga, lapang dada sambil berserah diri pada Tuhan.

Pada 12

Bathara gung inguger graning jajantung

Jenek Hyang wisesa

Sana pasenedan suci

Nora kaya simudha mudhar angkara

Tuhan Maha Agung diletakkan dalam setiap hela nafas

Menyatu dengan Yang Maha Kuasa

Teguh mensucikan diri

Tidak seperti yang muda, mengumbar nafsu angkara

Page 5: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Pada 13

Nora uwus kareme anguwus uwus

Uwose tan ana

Mung janjine muring muring

Kaya buta buteng betah anganiaya

Tidak henti hentinya gemar mencaci maki.

Tanpa ada isinya

kerjaannya marah- marah seperti raksasa bodoh,

mudah marah dan menganiaya sesama

Pada 14

Sakeh luput ing angga tansah linimput

Linimpet ing sabda

Narka tan ana udani

Lumuh ala ardane ginawa gada

Semua kesalahan dalam diri selalu ditutup tutup dengan kata2,

mengira tak ada yang tahu,

bilang enggan berbuat jahat

padahal tabiat buruknya membawa kehancuran.

Pada 15

Durung punjul ing kawruh kaselak jujul

Kaseselan hawa

Cupet kapepetan pamrih

tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa

Belum cakap ilmu buru2 ingin dianggap pandai

Tercemar nafsu

selalu merasa kurang dan tertutup oleh pamrih,

sulit untuk manunggal pada Yang Maha Kuasa.

TEMBANG GAMBUH

Tembang Gambuh – Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu

kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana

perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal

anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro

pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana

telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang. Ing tembang iku

rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa

utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho

iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung,

dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung. Serat kang

tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau

Page 6: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan,

lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan

paugerane tembang macapat.

Pathokane tembang Gambuh

Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5

Watake tembang Gambuh

Watake yaiku kakulawargan/akrab, sumadulur.

Makna tembang Gambuh

Tembang Gambuh kui ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang iki

menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem tenterem.

Serat Wedhatama (Pupuh Gambuh 1-35)

Pada 1

Samengko ingsun tutur,

Sembah catur supaya lumuntur,

Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,

Ing kono lamun tinemu,

Tandha nugrahing Manon.

Kelak saya bertutur,

Empat macam sembah supaya dilestarikan,

Antara lain sembah raga, cipta, jiwa, rasa, anakku!

Disanalah akan bertemu,

tandha anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga punika,

Pakartine wong amagang laku,

Susucine asarana saking warih,

kang wus lumrah limang wektu,

wantu wataking wawaton.

Sembah raga adalah,

Perbuatan orang yang olah batin,

Menyucikan diri dengan sarana air,

Yan sudah biasa lima waktu,

Sebagai rasa hormat terhadap waktu.

Pada 3

Inguni-uni ersua,

Sinarawung wulang kang sinerung,

Page 7: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,

mintoken kawagnyanipun,

sarengate elok-elok.

Pada zaman dahulu,

Belum pernah dikenal ajaran yang penuh tabir,

Baru kali ini ada orang menunjukkan hasil rekaan,

Memamerkan kebiasaannya,

amalannya aneh-aneh.

Pada 4

Thithik kaya santri Dul,

Gajeg kaya santri brahi kidul,

Saurute Pacitan pinggir pasisir,

Ewon wong kang padha nggugu,

Anggere guru nyalemong.

Kadang seperti santri Dul,

Seperti santri wilayah selatan,

Sepanjang pinggir pantai Pacitan,

Ribuan rang yang mempercayai,

Asal-asalan dalam berbicara.

Pada 5

Kasusu arsa weruh,

cahyaning Hyang kinira yen karuh,

ngarep-arep urup arsa den kurebi,

Tan wruh kang mangkoko iku,

akale keliru enggon.

Terburu-buru ingin tahu,

Cahaya Tuhan dikira dapat ditemukan,

Menanti-nanti besar keinginan mendapatkan anugrah,

Namun gelap mataOrang tidak paham yang demikian itu,

Nalarnya sudah salah kaprah.

Pada 6

Yen ta jaman rumuhun,

tata titi tumrah tumaruntun,

bangsa srengat tan winor lan laku batin,

dadi ora gawe bingung,

kang padha nembah Hyang Manon.

Bila zaman dahulu,

Tertib teratur runtut harmonissariat

Tidak dicampur aduk dengan olah batin,

Jadi tidak membuat bingung,

Page 8: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

bagi yang menyembah Tuhan.

Pada 7

Lire sarengat iku,

kena uga ingaranan laku,

dihin ajeg kapindhone ataberi,

pakolehe putraningsun,

nyenyeger badan mwih kaot.

Sesungguhnya sariat itu

Dapat disebut olah,

Pertama tetap kedua tekun.

Anakku, hasil sariat adalah,

Menyegarkan badan agar lebih baik,

Pada 8

Wong seger badanipun,

otot daging kulit balung sungsum,

tumrah ing rah memarah antenging ati,

antenging ati nunungku,

angruwat ruweting batos.

Orang segar badannya,

Otot, daging, kulit dan tulang sungsumnya

Mempengaruhi darah membuat tenang di hati.

Ketenangan hati membantu,

Membersihkan kekusutan batin.

Pada 9

Mangkono mungguh ingsun,

ananging ta sarehne asnafun,

beda-beda panduk panduming dumadi,

sayektine nora jumbuh,

tekad kang padha linakon.

Begitulah menurut ku,

Tetapi karena orang itu berbeda-beda,

Beda pula garis pembagian nasib,

Sebenarnya tidak cocok,

Tekad yang pada dijalankan itu.

Pada 10

Nanging ta paksa tutur,

rehning tuwa tuwase mung catur,

bok lumuntur lantaraning reh utami,

sing sapa temen tinemu,

nugraha geming Kaprabon.

Page 9: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Namun terpaksa bertutur,

Karena sudah tua kewajibannya menasehati,

Siapa tahu dapat lestari menjadi pedoman tingkah laku utama,

Barang siapa bersungguh-sungguh mendapatkan,

Anugrah kemuliaan dan kehormatan.

Pada 11

Samengko sembah kalbu,

yen lumintu uga dadi laku,

laku agung kang kagungan Narapati,

patitis tetesing kawruh,

meruhi marang kang momong.

Berikutnya sembah kalbu,

Jika berkesinambungan juga menjadi olah,

Olah tingkat tinggi yang dimiliki Raja,

Tujuan ajaran ilmu ini,

Memahami yang mengasuh diri (guru sejati/pancer).

Pada 12

Sucine tanpa banyu,

mung nyenyuda mring ersuasi kalbu,

pambukane tata, titi, ngati-ati

atetetp talaten atul,

tuladhan marang waspaos.

Bersucinya tidak menggunakan air

Hanya menahan nafsu di hati

Dimulai dari perilaku yang tertata, teliti dan hati-hati

Teguh, sabar dan tekun,menjadi watak dasar,

Teladan bagi sikap waspada.

Pada 13

Mring jatining pandulu,

panduk ing ndon dedalan satuhu,

lamun lugu ersuasi reh maligi,

lageane tumalawung,

wenganing alam kinaot.

Alam penglihatan yang sejati,

Menggapai sasaran dengan tata cara yang benar,

Biarpun sederhana tatalakunya dibutuhkan konsentrasi,

Sampai terbiasa mendengar suara sayup-sayup dalam keheningan,

Itulah terbukanya “alam lain”

Page 10: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Pada 14

Yen wus kambah kadyeku,

sarat sareh saniskareng laku,

kalakone saka eneng, ening, eling,

Ilanging rasa tumlawung,

kono adile Hyang Manon.

Bila telah mencapai seperti itu,

Saratnya sabar segala tingkah laku,

Berhasilnya dengan cara membangun kesadaran, mengheningkan cipta, pusatkan fikiran

kepada Tuhan,

Dengan hilangnya rasa sayup-sayup,

Di situlah keadilan Tuhan terjadi.

Pada 15

Gagare ngunggar kayun,

tan kayungyun mring ayuning kayun,

bangsa anggit yen ginigit nora dadi,

Marma den awas den emut,

mring pamurunging lelakon.

Gugurnya jika menuruti kemauan jasad (nafsu),

Tidak suka dengan indahnya kehendak rasa sejati,

Jika merasakan keinginan yang tidak-tidak akan gagal,

Maka awas dan ingat lah,

Dengan yang membuat gagal tujuan.

Pada 16

Samengko kang tinutur,

sembah katri kang sayekti katur,

mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari,

arahen dipun kecakup,

sembah ing Jiwa sutengong.

Nanti yang diajarkan,

Sembah ketiga yang sebenarnya,

Diperuntukkan kepada Hyang sukma (jiwa) setiap hari,

Usahakan agar mencapai sembah jiwa ini anakku !

Pada 17

Sayekti luwih prelu,

ingaranan pepuntoning laku,

kalakuan kang tumrap bangsaning batin,

sucine lan Awas Emut,

mring alame alam amot.

Sungguh lebih penting,

Page 11: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Yang disebut sebagai ujung jalan spiritual,

Tingkah laku olah batin,

Sucinya dengan awas dan selalu ingat,

Akan alam nan abadi kelak.

Pada 18

Ruktine ngangkah ngukut,

ngiket ngrukut triloka kakukut,

jagad agung gimulung lan jagad cilik,

Den kandel kumandel kulup,

mring kelaping alam kono.

Cara menjaganya dengan menguasai, mengambil,

mengikat, merangkul erat tiga jagad yang dikuasai,

Jagad besar tergulung oleh jagad kecil,

Pertebal keyakinanmu anakku,

Akan kilaunya alam tersebut.

Pada 19

Keleme mawa limut,

kalamatan jroning alam kanyut,

sanyatane iku kanyatan kaki,

Sajatine yen tan emut,

sayekti tan bisa awor.

Tenggelamnya rasa melalui suasana “remang berkabut”,

Mendapat firasat dalam alam yang menghanyutkan,

Sebenarnya hal itu kenyataan, anakku,

Sejatinya jika tidak ingat,

Sungguh tak bisa “larut”.

Pada 20

Pamete saka luyut,

sarwa sareh saliring panganyut,

lamun yitna kayitnan kang mitayani,

tarlen mung pribadinipun,

kang katon tinonton kono.

Jalan keluarnya dari luyut (batas antara lahir dan batin),

Tetap sabar mengikuti “alam yang menghanyutkan”,

Asal hati-hati dan waspada yang menuntaskan ,

Tidak lain hanyalah diri pribadinya,

Yang tampak terlihat di situ.

Pada 21

Nging away salah surup,

kono ana sajatining Urub,

Page 12: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

yeku urup pangarep uriping Budi,

sumirat sirat narawung,

kadya kartika katongton.

Tetapi jangan salah mengerti,

Di situ ada cahaya sejati,

Ialah cahaya pembimbing, ersua penghidup akal budi,

Bersinar lebih terang dan cemerlang,

Tampak bagaikan bintang.

Pada 22

Yeku wenganing kalbu,

kabukane kang wengku winengku,

wewengkone wis kawengku neng sireki,

nging sira uga kawengku,

mring kang pindha kartika byor.

Yaitu membukanya pintu hati,

Terbukanya yang kuasa-menguasai (antara cahaya/nur dengan jiwa/roh),

Cahaya itu sudah kau (roh) kuasaiTapi kau (roh),

juga dikuasai oleh cahaya,

yang seperti bintang cemerlang.

Pada 23

Samengko ingsun tutur,

gantya sembah ingkang kaping catur,

sembah Rasa karasa rosing dumadi,

dadine wis tanpa tuduh,

mung kalawan kasing Batos.

Nanti ingsun ajarkan,

Beralih sembah yang ke empat,

Sembah rasa terasalah hakekat kehidupan,

Terjadinya sudah tanpa petunjuk,

Hanya dengan kesentosaan batin.

Pada 24

Kalamun ersua lugu,

aja pisan wani ngaku-aku,

antuk siku kang mangkono iku kaki,

kena uga wenang muluk,

kalamun wus pada melok.

Apabila belum bisa membawa diri,

Jangan sekali-kali berani mengaku-aku,

Mendapat laknat yang demikian itu anakku,

Artinya, seseorang berhak berkata,

Apabila sudah mengetahui dengan nyata.

Page 13: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Pada 25

Meloke ujar iku,

yen wus ilang sumelang ing kalbu,

ersu kandel kumandel ngandel mring takdir,

iku den awas den emut,

den memet yen arsa momot.

Menghayati pelajaran ini,

Bila sudah hilang keragu-raguan hati,

Hanya percaya dengan sungguh-sungguh kepada takdir,

Itu harap diwaspadai, diingat,dicermati

Bila ingin menguasai seluruhnya.

Pada 26

Pamoring ujar iku,

kudu santosa ing budi teguh,

sarta sabar tawekal legaweng ati,

trima lila ambeh sadu,

weruh wekasing dumados.

Melaksanakan petuah itu,

Harus kokoh pada budi pekertinya teguh,

Serta sabar tawakal lapang dada,

Menerima dan ikhlas apa adanya,

Mengerti kepercayaan yang terjadi.

Pada 27

Sabarang tindak-tanduk,

tumindake lan sakadaripun,

den ngaksama kasisipaning ersua,

sumimpanga ing laku dur,

ersuasiv budi kang ngrodon.

Segala perbuatan,

Dilakukan apa adanya,

lalu minta maaf atas kesalahan ersua,

Menjauhlah dari perbuatan tercela,

(dan) watak angkara yang besar.

Pada 28

Dadya wruh iya dudu,

yeku minangka pandaming kalbu,

ersua buka ing kijab bullah agaib,

sesengkeran kang sinerung,

dumunung telenging batos.

Page 14: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Sehingga tahu baik dan buruk,

Demikian itu sebagai ketetapan hati,

Yang membuka penghalang/tabir antara ersua dan Tuhan,

Tersimpan dalam rahasia,

Terletak di dalam batin.

Pada 29

Rasaning urip iku

krana momor pamoring sawujud,

wujuddullah sumrambah ngalam sakalir,

lir manis kalawan madu,

endi arane ing kono.

Rasa hidup itu,

Dengan cara manunggal dalam satu wujud,

Wujud Tuhan meliputi alam semesta,

bagaikan rasa manis dengan madu.,

Begitulah ungkapannya.

Pada 30

Endi manis endi madu,

yen wis bisa nuksmeng pasang semu,

pasamaoning hebing kang Maha Suci,

kasikep ing tyas kacakup,

kasat mata lair batos.

Mana manis mana madu,

Apabila sudah bisa menghayati gambaran itu,

Bagaimana pengertian sabda Tuhan,

Hendaklah digenggam di dalam hati,

Sudah jelas dipahami secara lahir dan batin.

Pada 31

Ing batin tan keliru,

kedhap kilap liniling ing kalbu,

kang minangka colok celaking Hyang Widi,

widadaning budi sadu,

pandak panduking liru nggon.

Dalam batin tak keliru,

Segala cahaya indah dicermati dalam hati,

Page 15: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

Yang menjadi petunjuk dalam memahami hakekat Tuhan, Selamatnya karena budi (bebuden)

yang jujur (hilang nafsu), Agar dapat merasuk beralih “tempat”.

Pada 32

Nggonira mrih tulus,

kalaksitaning reh kang rinuruh,

ngayanira mrih wikal warananing gaib,

paranta lamun tan weruh,

sasmita jatining endhog.

Agar usahamu berhasil,

Dapat menemukan apa yang dicari,

Upayamu agar dapat melepas penghalang kegaiban,

Apabila kamu tidak paham maka lihatlah,

Tentang bagaimana terjadinya telur.

Pada 33

Putih lan kuningpun,

lamun arsa titah teka mangsul,

dene nora mantra-mantra yen ing lair,

bisa aliru wujud,

kadadeyane ing kono.

Putih dan kuningnya,

Bila akan mewujud (menetas),

Wujud datang berganti,

Tak disangka-sangka bila kelahirannya,

Dapat berganti wujud,

Kejadiannya di situ.

Pada 34

Istingarah tan metu,

lawan istingarah tan lumebu,

dene ing njro wekasane dadi njawi,

raksana kang tuwajuh,

aja kongsi kabasturon.

Dipastikan tidak keluar,

Juga tidak masuk,

Kenyataannya yang di dalam akhirnya menjadi di luar,

Rasakan sunguh-sungguh,

Jangan sampai terlanjur tak bisa memahami.

Pada 35

Karana yen kebanjur,

kajantaka tumekeng ersua,

Page 16: BAB I SERAT WÉDHATAMA · 2020. 7. 13. · Pathokane tembang Gambuh Guru lagu : u,u,i,u,o Guru wilangan : 7,10,12,8,8 Guru gatra : 5 Watake tembang Gambuh Watake yaiku kakulawargan/akrab,

Bahasa Jawa Kelas 11

PKBM Terang Bangsa

tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,

dadi wong ina tan wruh,

dheweke den anggep dhayoh.

Karena jika terlanjur,

Kajantaka tumekeng ersua,

Tanpa tuwas kalau sia-sia dalam kejadian,

Jadi orang hina tapi mengerti,

Dia di anggap dhayoh