atur pambagya pasrah lamaran

Upload: yoni-ahmad

Post on 09-Apr-2018

285 views

Category:

Documents


2 download

TRANSCRIPT

  • 8/8/2019 Atur Pambagya Pasrah Lamaran

    1/2

    Atur Pambagya Pasrah Lamaran

    Bismillah hirrohman nirrohim

    Assalamualaikum Wr.Wb.

    Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta

    saraya saking calon saha badhe/calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes

    kinurmatan, para lenggah kakung putrid ingkang satuhu bagya mulya.

    Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya karana kula

    paniji panjenenganipun Bp. .. sekalian, kinen ngaturaken pambagyaharja,

    raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.

    Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji

    syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah

    barokah ingkang rumentah dhumateng panjenenganipun sedaya dalasan kula, saengga ing

    kalenggahan punika maksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing

    sambekala.Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan punika, Bp.

    . Sekalian lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para

    pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna,

    sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para

    lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.

    Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya

    wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sadya hambol bilij sampun

    ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni Panjenenganipun

    Bp. .. sekalian garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan

    panjenenganipun Bp. sekalian anggadhahi siwi putri taruni kanthi asesilih

    Rr. manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken ingkang

    putra calon penganten satataning agami miwah satataning adhat. Inggih awit saking menika

    samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika

    badhe kaleksanakaken tata upacara pasarah panampining upa karti winastan lamaran saha

    walimanah.

    Mugi-mugi wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun

    Bp. .. sekalian mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah

    sadaya hanggenya Bp. .. sekalian badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah

    manggih basuki ing salwiring reh.

    Hambok bilih Bp. .. sekalian sumrambah para kulawarga anggenipun

    nampi karawuhan panjenengan sadaya kiranging tanggap tangguh miwah guguh labethanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp.

    sekalian naming tansah tumadhah lumbering pangaksama.

    Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bp. .. sekalian lumantar kula, hambok

    bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging

    seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, mugi diagug pangaksama panjenengan

    sadaya, wekdal kula aturaken kadang panata cara.

    Wassalamu alaikum Wr. Wb.

  • 8/8/2019 Atur Pambagya Pasrah Lamaran

    2/2