tembang gambuh

Post on 18-Aug-2015

368 Views

Category:

Education

96 Downloads

Preview:

Click to see full reader

TRANSCRIPT

KENISHA ADRISTI SUSANTO / 08MAULANA YULFA F. / 09

SALMA MAISUN AQILA / 11YESICA GRAHITA.R.M / 14

Tembang Gambuh

Sejarah singkat

Macapat ana kira-kira ing jaman akhir Majapahit lan nglekasi pengaruh Walisanga, anamung bisa diomongke situasi ing Jawa Tengah, amarga ing Jawa Timur lan Bali wis ana sadurunge tekane Islam.

Tembang Macapat Sifat

Maskumambang Nelangsa, ngeres-eresi, mathuk nggambarake sedhih.

Pocung Gregetan, kendho, sembrana parikena, mathuk sembranan.

Gambuh Sumanak, sumadulur, nggenahake, mathuk kanggo paring pitutur.

Mijil Prihatin, mathuk kanggo carita kang sedhih paring pitutur kang ngemu rasa.

Kinanthi Seneng lan tresna.

Pangkur Sereng, nesu lan mathuk kanggo mitutur sereng.

Asmaradana Sedhih, prihatin ing asmara.

Durma Sereng, nesu lan galak.

Megatruh Trenyuh, lan nglangut.

Sinom Canthas, ethes lan ngresepke.

Dhandhang gula Ngresepke, ngeres-ngeresi, mathuk nggambarake rasa apa wae.

Tembang Macapat Gambuh

Gambuh utawa gampang nabuh yaiku sifat angkuh, rumangsa wis dadi pribadi kang teguh lan keluargane ora bakalan kukuh.

Ndadekake ora bisa nyawang tumindak kang becik utawa ala, lan angel ngukur dhiri.

Aja dadi wong kang gumunan lan kagetan. Menawa wis paham diresepi saben tumindak. Supaya ditemokake jati dhiri sadurunge raga diagul-agulake dadi mati.

Tembang Gambuh

Tembang macapat sing nomer 6. Guru gatrane mung ana 5, nanging akeh mumpangate.

Gambuh

Sekar gambuh ping caturKang cinatur polah kang kalanturTanpa tutur katula-tula kataliKadaluwarsa katutuhKapatuh pan dadi awon Aja nganti kabanjurSabarang polah kang nora jujurYen kabanjur sayekti kojur tan becikBecik ngupayaa ikuPitutur ingkang sayektos

Pitakonan

1. Tulisen tembung-tembung kang koanggep angel lan sebutna tegese!

Wangsulan

Catur : PapatKatula-tula katali : SengsaraKatutuh : KebablasenAwon : Ala, elek.

Pitakonan

2. Critakna isine tembang gambuh iku kanthi katulis dhisik!

Wangsulan

GambuhSekar gambuh ping catur,Kang cinatur polah kang kalantur,Tanpa tutur katula-tula katali,Kadaluwarsa katutuh,Kapatuh pan dadi awon. Aja nganti kabanjur,Sabarang polah kang nora jujur,Yen kabanjur sayekti kojur tan becik,Becik ngupayaa iku,Pitutur ingkang sayektos.

Wangsulan

Tembang Gambuh ing ndhuwur iku nyritakake wong kang tumindak ora becik, yen ora diwenehi pituduh lan ora ngupaya dadi wong becik , mesthi uripe bakal ora becik lan sengsara.

Pitakonan

3. Jlentrehna pathokane tembang gambuh iku!

Wangsulan

Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

1 7 U

2 10 U

3 12 I

4 8 U

5 8 O

Pitakonan

4. Piwulang apa kang ana ing tembang gambuh iku kanggo awake dhewe? Jlentrehna!

Wangsulan

Awake dewe mesthi ngupaya tumindak sing becik. Supaya awake dewe ora kulina tumindak sing ala. Uga ben ora kebanjur ing liya dina.

Pitakonan

5. Gawenen sapada tembang gambuh nganggo basamu!

Wangsulan

Sekar gambuh ping catur,Kang cinatur polah kang kalantur,Tanpa tutur katula-tula katali,Kadaluwarsa katutuh,Kapatuh pan dadi awon,

Aja nganti kejegur,Manuta wong sing budine luhur,Pitutur ingkang becik marang sesami,Rungokna pesene gurumu,Sangu ‘nggo uripmu mengko.

Tegese

Pituduh supaya dadi bocah sing santun lan bisa dadi panutan wong akeh.

Matur Nuwun

top related