paribasan
Post on 05-Dec-2015
240 Views
Preview:
DESCRIPTION
TRANSCRIPT
PARIBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan.Tuladha paribasan:1. Anak catur mungkur tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.
2. Keplok ora tombok tegese : melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.
3. Blaba wuda tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.
BEBASAN Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke.Tuladha bebasan :1. Kocak tandha lukak tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
2. Sedhakep ngawe-awe tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
3. Ngubak-ngubak banyu bening tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
SALOKA Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge.Tuladha saloka :1. Gajah ngidak rapah tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe
2. Sumur lumaku tinimba tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan karoban manis tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
top related