kliping budaya jawa
Post on 28-Dec-2015
796 Views
Preview:
TRANSCRIPT
KLIPING BUDAYA JAWA
BABAGAN
MANTEN / PENGANTEN
Dening
Nami : Retno Wulansari
No : 27
Kelas : VIII A
SMP NEGERI 7 SEMARANG
Jl. Imam Bonjol 191 A
Semarang
1
Tataran sak derengipun Mantu
Nontoni
Nontoni menika salah setunggaling sarana silaturrahmi dhateng keluarga calon besan,
keluarga calon pengantin sekalian putra kakung kang bade pun nikahaken ugi tumut, ingkang
estinipun nepangaken calon temanten kekalih ingkang pun jodohaken, Keranten wonten ing
jaman kina adicara perjodohan tasik kalampah, sahengga perlu dipun wontenaken adicara
nontoni menika, amargi dereng samya tepang setunggal lan setunggalipun.
Biasanipun saksampunipun keluarga dugi wonten dalemipun calon pengantin putri, calon
putri pun tepangaken kaliyan keluarga calon pengantin kakung kanthi sarana calon penganten
putri dipun aturi medal kasamar, umpaminipun kanthi sarana ngedalaken pasugatan lan
unjukan wonten ing panggenan kempaling para tamu, kanthi mekaten sedaya keluarga calon
temanten kekaleh ing samya njodohaken putra putrinipun samya pitepangan kanthi langkung
rumaket.
Ananging wonten ing mangsa sakmenika adicara nontoni sampun kirang kaprah kalampah,
amargi adat perjodohan tiyang sepuh sampun arang lan meh mboten wonten ( mboten ateges
ical, keranten tasih wonten keluarga ingkang tasih mbudi daya adat perjodohan wonten ing
lingkungan tartamtu ). Ananging ingkang kaprah, calon temanten sakderengipun di
nikahaken, sampun sami-sami pitepangan piyambak-piyambak, biasanipun seng kakung
inggih sampun asring tindak wonten panggenanipun kang putri, ingkang putri, ugi sampun
nate dipun ajak ingkang kakung wonten ing griyanipun, kanthi mekaten sedaya keluarga
sampun pitepangan sakderengipun adicara mantu kalampah, menawi mekaten adicara nontoni
menawi mboten dipun laksanakaken mboten punapa-punapa.
2
Pangantènan adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing
nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki
nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan
sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing
dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu
déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi
saben kaluwarga.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
Bab lan Paragraf
1 Lamaran
2 Siraman
3 Midodaren
4 Srah-srahan
5 Ijab kabul
6 Upacara panggih
7 Upacara balangan suruh
8 Upacara wiji dadi
9 Pupuk
10 Sinduran
11 Timbang
o 11.1 Dhékorasi
12 Dhahar Klimah
13 Mertui
14 Sungkeman
15 Kendurèn / resèpsi
3
o 15.1 Dhékorasi
o 15.2 Masang Tarub
o 15.3 Pemaes
15 Uga pirsani
1. Lamaran
” Lamaran inggih punika rerangken tata cara parapara ingkang badhe bebesanan,
salajengipun badhe tumuju dhateng tata cara pawiwahan adat jawi, tata cara lamaran
punika minangka tata trapsila lan subasitaning bebrayan.
Tata cara sanesipun inggih menika :
Ningset utawi atur srah-srahan sanggan.
Siraman
Malem midodareni
Ijab qobul. Tuwin
Upacara dhaup..
Leresipun ingkang nindakaken panglamar punika inggih tiyang sepuhipu putra kakung
piyambak, limrahipun, tiyang sepuhipun putra kakung lajeng ngresaya kulawarganipun
ingkang cinaket supados nindakaken panglamar.
Putra kakung mboten perlu nderek wonten ing panglamaran, sedaya kala wau namung
kangge ngawekani mbokbilih lamaran kalawau dipuntolak, ingkang tamtu sanget damel
lingsemipun kulawarga utawi putra kakung piyambak.
Amargi tata cara lamaran namung mujudaken pepanggihan tiyang sepuhipun putra kakung
tuwin tiyang sepuhipun putri kemawon, tata cara lamaran saged dipun tindakaken kanthi
prasaja, mboten kedah mawi upacara utawi ugi mboten prelu wonten pranatacara adicara.
4
2. Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn.
Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon
pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi
omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn
banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.
3. Midodareni
Midodarèni saking tembung widadari, pikantuk ater-ater hanuswara (m-) saha
panambang (-i).[1] Midodarèni tegesipun tumindaking tata upacara kanthi ancas
pinangantèn kados widadara saha widadari.[1] Acara midodarèni menika dipunadani wayah
dalu nalika sasampunipun acara siraman. Ingkang rawuh wonten ing dalemipun calon
pengantèn putri menika inggih menika kaluwarga, tangga teparonipun calon pengantèn
putri, calon pengantèn kakung saha kaluwarganipun. Calon pengantèn kakung dèrèng
angsal kepanggih kaliyan calon pengantèn putri. Calon pengantèn putri dèrèng angsal
5
medal saking kamar awit jam 6 sonten ngantos tengah dalu. Wonten ing acara menika
wonten acara peningsetan.
Peningsetan
Peningsetan iku upacara penyerahan barang-barang saka calon penganten kakung
kanggo calon penganten putri. Acara penyerahan barang-barang iki diarani srah srahan.
Barang–barang kanggo peningset umume sing kusus kanggo calon penganten putri dadi
umume barang-barang wong putri, misale rasukan putri, selendang lan sing utama
perhiasan cincin kanggo simbol pengikat utawa nyatu'ake pasangan penganten lan
kaluargane masing-masing.
Nyantri
Nyantri inggih menika kegiatan calon pengantèn kakung sapengombyong nyantri
wonten ing dhaerah ingkang celak kaliyan dalemipun calon pengantèn putri.
Tuladhanipun pihak calon pengantèn putri mbiyayai utawi nyewakaken papan kanggé
pengantèn kakung nyantri. Wonten ing mrika wonten perwakilan setunggal saking
kaluwarga pengantèn putri.
4. Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung
mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan.
Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané
iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati
upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.
5. Ijab Kabul
6
Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo
pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
6. Upacara panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki
kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah.
Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo
pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
7
7. Upacara balangan suruh / gantalan
Gantalan iku suruh sing ketemu rose banjur di wenehi gambir lan digulung, di iket
nganggo benang Lawe. Penganten putri mbalang temanten kakung kasebut Gondhang
kasih ugi tementen kakung mbalang temanten putrid kasebut Gondhang Tutur. Upacara
balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten
kakung lan putri.
8. Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri
misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki
minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang
kaluwargane.
8
9. Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha
ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha
pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11. Timbang
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri,
minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé werna-werna.
9
12. Dhahar Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn
kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
13. Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep
omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
14. Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.
15. Kendurèn / resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani
resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet
merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki,
10
pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing
acara iki.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalemé sing duwé kajad.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
11
Siraman
Siraman iku salah siwijiné rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku
upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sedina
sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing bagéyan omah sing rada
kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan
biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga
pemaès nganti gunggung pitu.
Uba rampé
tumpeng, salah sawijiné sesajèn ing upacara siraman
Uba rampé sing kudu disiyagakaké antara liya:
Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber
Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang
kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
Wedhak teles limang werna kanggo sabunan
Shampo tradhisional saka awu merang
Duduh klapa
Banyu peresan jeruk
Klapa loro sing ditalèni dadi siji
Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
Kain putih
Godhong dlingo-benglé
Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
Kain batik motif grompol lan nagasari
12
Andhuk
Kendhi
Gayung (siwur).
Rantaman Upacara Siraman
Rantaman ing upacara siraman, yaiku:
1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduwèni ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo
mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo pralambang
gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Déné tetuwuhan sing
dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron
kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan kuwi kanggo pralambang
pengarepan supaya pengantèn kekalih énggal éntuk momongan. [1]
2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya yaiku sawisé toya 7 sumber
dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahè calon
pengantèn priya. Sing ngirimaké yaiku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman Sadurungé siraman, calon pengantèn sungkem marang wong tuwa kanggo
njaluk pangapura lan pangèstu anggoné arép mbangun abaléwisma.
4. Dedonga
5. Siraman Sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon pengantèn banjur ibu pengantèn lan
diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paès. Sawisé kuwi, banjur calon pengantèn wudlu
nganggo banyu sing dipancuraké saka kendhi dening bapak calon pengantèn.
6. Pagas Rikma Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong rambut.
Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké siji banjur ditanem ing upacara
tanem rikma.
7. Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawèt. Iki nduwèni pralambang
lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten suasanané bisa rengèng. Sing dodol
dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibuné, karo nyeyuwun ing ngarsané
Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan
seneng dèdana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit
krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné (tujuané) dodolan dhawet yaiku: wong omah-13
omah iku lanang wadon nggayuh jejegé balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha
marem ing ati (ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan enak rasané, lan bisa ngresiki
ganda sawisé dhahar, mula tatacara ngombé dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe.
Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng kuwi saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka
lemah kang lantaran bapa biyungé, asalé saka Gusti Allah.
8. Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantèn putri motong tumpeng kamulyan
banjur diwènèhaké ibu banjur didulangaké pengantèn putri.
9. Dulangan Pengantèn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.
Sesaji
Sesaji jroning acara siraman arupa tumpeng, panganan-panganan adhem, gedhang lan
woh-wohan liyané, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulité, gula klapa, lentéra, kembang
telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung werna bubur, kuwé-kuwé legi, panganan saka beras
ketan, lan ingkung.
Upacara adat siraman iki uga isa ditemokaké neng rantaman upacara pengantènan adat suku-
suku liya neng Nusantara.
14
PANYANDRA
Panyandra ( Janturan )
Panyandra utawi atur ingkang biasanipun dipun aturaken dening para pranatacara
kangge nggambaraken utawi ngaturi kaweruhan kahanan lan swasana tartamtu dhateng para
ingkang samya hamidangetaken utawi para pamiyarsa, dipun aturaken kanthi gamlang lan
saget dipun tampi kanthi pengangen lan saget mangertosi kawontenan sak estunipun, lan
dipun aturaken kanthi, cetho, aris, terwaca, gamblang, lan ngangge kasusastraan ingkang sak
sae-saenipun, bahasa ingkang alus lan biasanipun ginambaraken kanthi rinumpaka ingkang
trep kaliyan swasana ingkang dipun aturaken.
Kangge pamilihing basa ingkang trep kangge ngaturaken panyandra, punika kedah
mengertosi babakan kasusastraan jawi ingkang sakjatosipun, ampun ngantos ginambaraken
kanthi rerumpaka ingkang kirang pas, punapa malih ngantos slewah kaliyan kahanan sak
estunipun, ugi dhumateng ingkang ngaturaken panyandra piyambak, kedahipun mangertosi
artos tujuan lan artinipun kanthi saestu sahingga saget nerapaken kanthi sae babakan
rinumpaka dhateng kahanan ingkang dipun aturaken.
Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman pengantin :
Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi
sampun paripurno titi laksono adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko
dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………
awit badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun asikep gegaman.
Arih tindakiro sri pinanganten sarimbit lumarap marak sowan ing ngarsanipun romo saha ibu,
kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….
“ Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,
Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganti ingkang garwo
lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu, lampah
jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem dhateng
padanipun ingkang romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane temanten
sarimbit,
15
Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto rumasuk
ing sanubari, anyuwun rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring esthining
driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti
kang Moho Welas lan Asih.
Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko, kadyo
sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus dewoso
arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo akaryo tumetesing waspo lamun
kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putro, ingusap – usap
rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.
Punopo tho menggah darunane…..?
Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang
purwaning dumadi duk rikolo linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang
kinudhang kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,
Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning
tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa candra
dasa ari, sarto anglelinthing anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti tumekeng
akhir dewoso, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng romo ibu
lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.
Eling – eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning
kautamen, amilo namung sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan
anandhang sungkowo cekap ing samudono.
Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo
kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan
. :
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo
tomo / wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng
delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus 16
dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning
Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah
anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko,
nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko,
binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso
atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan,
tebih ing sukerto lan godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal
antuk talining brayat , yoiku wujuding pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang
datan liyo momongan minongko rengganing bale wismo lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten
lajeng kanthi kebak toto lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah
lon-lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edipeni.
Opo tho rerengganing dhampar…..?
Rerenggan tarub kajawi janur kuning ingkang karenggo adi, ugi kawistoro sawenehing
tetuwuhan miwah puspo rinonce , kadi tho tetuwuhan wulung cengkir gadhing dwegan wilis,
gedang mas sarakit, sinonggo pisang rojo ron kemuning, pari wulen sak angkan pinoro kalih,
jagung otek, godhong moyo, godhong opo-opo, miwah sekar kenongo, mawar melati ingkang
ajrah jroning babut permadani, kongas ngambar arum gandane ginondho gondho jebat kasturi,
punopo tho werdining tebu kang kadayang saking antebing kalbu, tiyang sepuhipun kekalih,
sampun sumedyo agolong agulung, sumedyo bebesanan ingkang sinambet kaliyan raos
kencenging pikir,
Ingkang pangajab panganten tuwuh tumuwuh, tumangkar gampil anggenipun nguladi guno
koyo, manggiyo kalanggengan ing sugengipun, satemah ngambar arum ing asmo pindho sekar
kemuning, lan saged dados pangayomaning poro sanak sederek, kadang pawong sumitro,
raharjo kalis ing saporo-poro, tebih ing sesuker talak panyendhu.
Yayah suryo kembar candrane, penganten sarimbit milo cingaking poro-poro ingkang samyo
humiyat, pindho bathoro komojoyo ngejowantah ingkang sarimbit kaliyang ingkang garwo
bathari kumoratih, gesang reruntungan wiwit saking madyo podo ngantos dumugyo alam
janaloko, rukun sayuk pindho gesangipun mimi lan mintuno, menawi kacondro ing jaman
purwo, kadyo brayanipun risang pamadyaning pandowo risang harjuno kaliyan putri dewi
17
woro ireng yo woro sembodro, kasanepo ing jaman madyo kadyo dhaupipun risang panji
asmoro bangun kaliyan dewi sekar taji, putri ing beboyo ing kediri
Kacondro ing jaman mojopahit, kacondro kadyo prastyanipun raden damarwulan lan ingkang
garwo dewi anjasmoro,
Kathah pangrumpoko lan penyondro ingkang pantes kagem penganten ingkang sayekto
sampun satraju, kawiwoho kapahargyo lenggah wonten ing pasewakan, pramilo dateng
pinisepuh, poro sutresno lan poro priyagung, penganten amung nyuwun sih pariwirmo,
kaparingo pandungo pengesti, miwah sakatahing wursitoworo, kangge sangu miwah dedamar
gesangipun penganten, anggenipun arso lelangen ing bebrayan agung, mugyo kekalihipun
saged awatak momong, momot, momor, mursid lan murakabi, momong mengku pamrih
sageto tansah ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri handayani, momot
tan gampil serik lamun cinacat, ugi mboten gampil bombong menawi kaalembono, momor
gampil ing pasrawungan, mursid landep panggraitane, mboten cengkah kaliyan jejering
kautamen, murakabi lir ipun mboten kalajeng nyekapi betahing priyonggo kemawon, nanging
ugi sageto yrumambahi ing asanes,
Jumbuh kaliyan wewaton dhasaring negari, nun ninggih ponco silo ingkang satuhu luhur.
Wasono cekap semanten agrumpoko, janturan kagem jejering penganten ingkng nembe
kawiwoho, wiwit panggih, kacar kucur ngantos dumugineng sungkeman, pangalembono
miwah panyaruwe kasumangga aken dhumteng poro tamu, damar mancung cinukep
semanten, lan jenang selo wader kali sesonderan, apuranto yen wonten lepat kawulo,
Nuwun.
18
top related