08. liturgi minggu 5 oktober 2014

25
BRAYAT NGUPADI GUSTI PASAMUWAN MAKEMPAL Pacawisan Ngibadah Loncèng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncèng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin lan maosaken underaning Warta Gréja. Wekdal ening sawatawis lajeng pasamuwan kaaturan jumeneng Timbalan Ngibadah [pasamuwan jumeneng] Prdt : Dinten punika Minggu 5 Oktober 2014 sesarengan kita murwakani Wulan Brayat LPP Sinode Wulan Brayat 2014 65 WULAN BRAYAT Minggu I, 5 Oktober 2014 Katrangan: Prdt : Pradata Pmp : Pemimpin Psw : Pasamuwan AY : Adi Yuswa Pmd : Pemudha LR : Laré-laré Lkt : Lèktor PNJ : Pemandu Nyanyian Jemaat

Upload: nitarusana

Post on 18-Jan-2016

52 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

BRAYATNGUPADI

GUSTI

PASAMUWAN MAKEMPAL

Pacawisan Ngibadah Loncèng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncèng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin

lan maosaken underaning Warta Gréja. Wekdal ening sawatawis lajeng pasamuwan kaaturan

jumeneng

Timbalan Ngibadah [pasamuwan jumeneng]Prdt : Dinten punika Minggu 5 Oktober 2014

sesarengan kita murwakani Wulan Brayat 2014 makaten ugi Dinten Bujana Suci Sajagad. Kados ingkang sampun kawartosaken ing Pawartos Pasamuwan rambah kalih Minggu, sesarengan umatipun Gusti sajagad, sumangga kita miwiti

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

65

WULAN BRAYAT

Minggu I, 5 Oktober 2014

Katrangan:Prdt : PradataPmp : PemimpinPsw : PasamuwanAY : Adi YuswaPmd : PemudhaLR : Laré-laréLkt : LèktorPNJ : Pemandu Nyanyian

Jemaat

Page 2: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Wulan Brayat 2014 punika kanthi sesarengan ndhèrèk kembul bujana ing salebeting Bujana Suci.

Kidung Pambuka

KPK 31: 1,3 “PINUJIA ALLAH”Sesarengan : Pinujia tansah Allah Mamirah,

kang gung tresnanira mring salir titah,LR : tyang dosa duraka sinung apuraPmd : tinebus sing pati temah basuki,Psw priya : luhurna, mulyakna Psw wanita : Gusti Sang Pamarta, AY : luhurna, mulyakna PNJ : pangruwating dosa,Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya,

margining waluya tentrem raharja.-interlude-

Psw wanita : Pinuji tan kendhat Allah Murbèng rat,Psw priya : kang nunggil wah ngreksa mring kagungannya,AY : tyang bekti lan setya sinung nugraha,LR + Pmd : gesang langgeng nyata nèng kraton

swarga,Psw priya : luhurna, mulyakna PNJ : Gusti Sang Pamarta,Psw wanita : luhurna, mulyaknaPNJ : pangruwating dosa,Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya,

margining waluya tentrem raharja.

Votum lan SalamPmp : Pitulungan kita punika wonten ing asmanipun

Gusti Allah, ingkang nitahaken langit lan bumiPsw : Ingkang tansah ngrimati titahipun.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

66

Page 3: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Pmp : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus, wonten ing para sadhèrèk (kita) sadaya.

Psw : (aklamasi) Amin, Amin, Amin.Pambuka [pasamuwan lenggah]Pmp : Kidung jiarah. Begja saben wong sing ngabekti

marang Allah, lan sing ngambah dalan pitedahé. Kowé bakal mangan pametuné pagawéanmu, uripmu kebak kabungahan lan mubra-mubru. Rabimu bakal kaya wit anggur sing awoh ana ing njero omah. Lan anak-anakmu lanang prasasat wit-wit zaitun nom, kang ngepung ing méjamu. Kaya mangkono kena dipesthèkaké wong kang ngabekti marang Allah enggoné kaberkahan.

(Jabur Masmur 128:1-4 adhedhasar Kitab Suci cap-capan 1994)

Kidung Pamuji Sokur

KPK 304:1,2 “BRAYAT KANG NENGSEMKEN SESAMI”PNJ : Brayat kang tinangsulan ing tresna

tetales pitados mring Gusti,Psw priya : mesthi ayem tentrem lan raharjaPsw wanita : atut rukun wah lestari,PNJ : silih asah lan asihSesarengan : silih asuh tan pamrih,

temah adeging brayat punikinengsemken mring sesami.

-interlude-Adi Yuswa : Brayat kang tresnanira sayekti

kados sihé Sang Kristus Gusti,Laré : lung tinulung silih angladosi

tan nguja karsèng pribadi,Pmd : yèn bebaya anrajang

linawan sesarengan,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

67

Page 4: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Sesarengan : temah adeging brayat punikinengsemken mring sesami.

Pangaken DosaPmp : Nglenggana bilih anggèn kawula nglampahi

gesang punika, dèrèng kuwagang nglarasaken gesang kawula kaliyan karsanipun Gusti, awit saking punika, kanthi andhap asoring manah kawula sami ngakeni dosa-dosa kawula.

Adi Yuswa : Kawula asring mbaléla, dadosa dhumateng Gusti, / sémah, / anak-anak, / punapa déné sesami kawula.

Laré+Pmd : Kawula asring nglawan dhateng Gusti, / tiyang sepuh / lan sesami kawula.

Psw : Kawula asring damel dosa dhumateng Gusti, / dhiri kawula pribadi / saha sesami ing sakiwa-tengen kawula.

Pmp + Psw: Kanthi keduwung kawula ngakeni, / bilih kawula dèrèng tumemen mbangun-turut dhumateng Paduka. / Gusti mugi melasi kawula.

Kidung Pratélan Panalangsaning Umat

KPK 48:1,2 “NYUWUN SUCI SAÈSTU”Sesarengan : Dhuh Pangluwar sejati myarsakna

pasambat kulaGusti mugi ngresiki manah kula sadaya,

Psw priya : Gusti mugi rah Paduka nucèkken manah kawula,

Psw wanita : temah suci saèstu wah sirna najising kalbu,

Psw priya : Suci sèstu Psw wanita : suci sèstu,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

68

Page 5: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Sesarengan : temah suci saèstu wah sirna najis ing kalbu.

-interlude-PNJ : Dhuh Pangluwar sejati paringa kiyat mring

kula, LR : setya ing lampah suci ngetut wingking

Paduka,Pmd : Gusti mugi rah Paduka nucèkken manah

kawula,AY : temah suci saèstu wah sirna najising

kalbu,Psw priya : Suci sèstu Psw wanita : suci sèstu,Sesarengan : temah suci saèstu wah sirna najis ing

kalbu.

Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]Pmp : Sami nampènana sih-rahmatipun Gusti: “Manawa

kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengané iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakèhing dosa kita sarta ngresiki sakèhing piala kita” (1 Yokanan 1:9). Makaten sih-rahmatipun Gusti.

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Kidung Tanggapan [pasamuwan tetep jumeneng]

KPK 81:1-3 “NDHEREK GUSTI”Sesarengan : Kula mesthi ndhèrèk Gusti

kang jumeneng Panutantetep setya dugèng janji tan wigih karibedan,dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan èwah gingsirtut wuria salaminya ing satindaké Gusti.

-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

69

Page 6: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Adi Yuswa : Kula mesthi ndhèrèk Gusti martosken Injil suci,

Laré + Pmd : datan ajrih ing sangsara wit Gusti nganthi kula,

Sesarengan : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan èwah gingsirtut wuria salaminya ing satindaké Gusti.

-interlude-Pmp : Kula mesthi ndhèrèk Gusti

mbabarken sih piwlasnya, PNJ : mring sagung titah ing bumi

dimèn samya raharja, Sesarengan : dhuh nyawaku ja kwatir Gusti tan èwah

gingsirtut wuria salaminya ing satindaké Gusti.

PALADOSAN PANGANDIKA

Donga Èpiklèse [pasamuwan lenggah]Kapimpin déning Pemimpin

Pamaosing Kitab SuciWaosan I Lkt : Waosan kapisan kapethik saking kitab

Pangentasan 20:1-4, 7-9, 12-20 (sasampunipun maos) “Makaten pangandikanipun Gusti.”

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Masmur TanggapanLkt : Sumangga kita tanggapi waosan kapisan kanthi

maos Jabur Masmur 19 kanthi sesautan.[saged ugi dipun daras/ dipun repèkaken déning

lèktor]

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

70

Page 7: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Waosan II Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun

Rasul Paulus dhateng pasamuwan Filipi bab 3 ayat 4-14 [Filipi 3:4-14] (sasampunipun maos) “Makaten pangandikanipun Gusti.”

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan Injil Pmp : Samangké nampènana Injiling Yésus Kristus

manut paseksining Matèus 21:33-46 (sasampunipun maos) “Makaten Injiling Yésus Kristus. Ingkang rahayu inggih punika ingkang sami mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Haléluya!”

Psw : (aklamasi) Haléluya, Haléluya, Haléluya, Amin.

Kotbah

Wekdal Ening

Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]Prdt : Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing

bumi, ing sadhéngah papan saha wekdal, kita pratélaken Sahadat kita kanthi ngidung sesarengan.

KAWULA PITADOS[Cakepan déning Uri Christian Sakti Labèti

manut Pangaken Pitados Rasuli,Notasi saking KPK-BMGJ 143]

Sesarengan : Mung pitados dhateng Allah ingkang Maha kawasa, kang nitahken langit bumi wah langgeng kasetyanya,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

71

Page 8: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

nggih pitados Yésus Kristus Putra Allah Sang Rama,kang wit rèhing Sang Roh Suci dadya tuhu Pamarta.

-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Sesarengan : Nggènnya karsa nandhang sisah

sangsara myang Golgota,tedhak maring palimengan mrih jalma samya rarja,séda wit jemala laknat*) pinenthang lir durjana,nging énggal wungunya mulya unggul sing pati baka.

-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Sesarengan : Pangéran ngratoni swarga

ing dhamparing Sang Rama,mengku pangwasa slaminya wit rèh Rohing Pamarta,samya nunggil pasamuwan nggih pra suci umatnya,sihnya sung apunten dosa mrih langgeng gesangira.

*) Jemala: gitik, gebug.

Pisungsung [pasamuwan lenggah] Prdt : I Babad 29:14 mratélakaken: “Amargi sinten ta

kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, déné kawula sami ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdéné sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.”

Kidung Pisungsung

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

72

Page 9: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

KPK 141:1-3 “GESANG DADOS KIDUNG”Sesarengan : Gesang kula dados kidung

sumaos mring Pangéran,wit sihnya saklangkung agung maringken kaslametan,ing kabegjan wah sangsara tansah memuji Gusti,srana kamursidan nyata krana anyar ing budi.

-interlude-Sesarengan : Lamun kabotan ing susah

wah karoban ing bungah, kula manteb ing pracaya ngayom ing sih-rahmatnya, sanadyan sengseming donya nggodha wah milut ati, kula mesthi tansah setya mbangun-turut mring Gusti.

-interlude-Sesarengan : Pocapan wah tingkah laku

mobah mosiking kalbu, dadya kidung konjuk Allah wit sih-rahmatnya tumrah, sayogya sengkut makarya kagem Kratoning Allah, yèku sokur trusing driya konjuk mring Gusti tansah.

Donga Pisungsung [pasamuwan jumeneng](Donga kapimpin déning Pradata, underanipun ngaturaken pangucap sokur awit berkahipun Gusti lan nyuwun berkah anggènipun badhé ndhèrèk ing pambujanan.)

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

73

Page 10: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Paladosan Sakramèn Bujana [pasamuwan lenggah]Pacawisan

(Menawi Bujana Suci kaladosaken kanggé warganing pasamuwan dadosa warga diwasa lan

warga laré)

KatranganPmp : Samangké kita nindakaken Bujana Suci

sesarengan kaliyan pasamuwanipun Gusti ing saindenging jagad. Gusti Yésus piyambak ingkang netepaken dan nimbali kita nindakaken Bujana Suci punika. Wonten ing Bujana Suci punika para laré ugi katimbalan dhèrèk kembul bujana. Gusti Yésus ngandika: “ Cikbèn bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha sowan ing ngarsa-Ku, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang nduweni Kratoning Swarga” (Matéus 19:14).Wonten ing salebeting kita boten sampurna, kita pitados bilih Gusti Allah badhé nyucèkaken sedaya dosa kita lan nyampurnaaken pangertosan kita bab wewadining Bujana Suci punika.

Ngeneraken ManahPmp : Sumangga kita ngeneraken manah dhumateng

Gusti.Psw : Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.Pmp : Sumangga kita tansah ngucap sokur dhumateng

Gusti, Allah kita.Psw : Sampun samesthinipun kawula ngucap sokur

dhumateng Paduka.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

74

Page 11: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Donga SokurKapimpin déning Pemimpin

Prefasi dan Sanctus Benedictus Pmp: Dhuh Allah ingkang Maha Suci lan Maha Kuwaos,

kawula ngaturaken panuwun awit Paduka ingkang nuntun jagad punika lan nresnani saben titah. Wonten ing Bujana Suci punika Paduka sampun nunggilaken kawula sedaya dados satunggal badan wonten ing patunggilaning gréja saha brayat saprelu mulyakaken Asma Paduka sesarengan kaliyan malaékat ing Swarga sarta sadhéngah para suci ing bumi ingkang boten kendhat sami memuji:

(Pasamuwan Ngrepèkaken KPK 14:1)

KPK 14:1 “ALLAH MAHA SUCI”Suci, suci, suci, pinuji Hyang Suci,Allah Maha mulya kang jumeneng Raja.Suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi,

titah sadaya bra muji samya.

Tetepan Bujana SuciPmp : Kita ngucap sokur déné Allah Rama ingkang

Maha Suci tansah nunggil kaliyan kita, lan Sang Kristus ngulemi kita ndhèrèk kembul bujana ing paladosan Bujana Suci punika.

Psm : KAWULA NYAWISAKEN MANAH KAWULA Laré : SINAGEDNA KAWULA PITADOSPmp : Kita yakin bilih Roh Suci katumrahaken dhateng

kita, temahan kanthi pitados èstu, kita ngraosaken rawuhipun Sang Kristus ing ngriki. Sang Kristus, ing dalu ndungkap Panjenenganipun kaulungaken, mundhut roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil roti wau lan maringaken dhateng para

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

75

Page 12: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

sakabat sarta ngandika, “Ini badanku kang kaulungaké marga saka kowé. Tampanana lan panganen iki minangka pangéling-éling marang Aku!”

Sasampunipun punika, Sang Kristus mundhut tuwung unjukan, ngucap sokur saha maringaken tuwung wau dhateng para sakabat sarta ngandika, “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaécap kalawan getih-Ku. Saben-saben kowé padha ngombé, iku gawénen pangéling-éling marang Aku!”

Psw : Sédanipun Sang Kristus / badhé kawula suwuraken! / Wungunipun Sang Kristus / badhé kawula pahargya! / Rawuhipun Sang Kristus / badhé kawula antu-antu!

Ngèngeti Sang KristusPmp : Ing dinten punika kita sami makempal

ngènget-ènget pratélan sihipun Gusti Allah ingkang milujengaken donya

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.Pmp : Kita ndhèrèk kembul bujana, Roh Suci ingkang

mitulungi kita temahan kita katunggilaken wonten ing Sang Kristus dados tunggil badan lan tunggil Roh minangka kurban ingkang satuhu konjuk Gusti Allah.

Psw : Pinujia Sang Roh Suci.Pmp : Lumantar Sang Kristus, sesarengan Sang Kristus,

wonten ing Sang Kristus, sadhéngah pakurmatan saha kamulyan konjuk Allah Sang Rama, wonten ing panunggilipun Sang Roh Suci, samangké dumugi ing salaminipun.

Psw : Pinujia Sang Rama, / Sang Putra / lan Sang Roh Suci.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

76

Page 13: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Donga Rama KawulaKaucapaken sesarengan

Tentrem Rahayu [pasamuwan jumeneng]Pmp : Gusti sampun ngapunteni saha nunggilaken kita,

awit saking punika sumangga kita gesang ing salebeting tentrem-rahayu lan samidéné ngapunteni. Tentrem-rahayunipun Gusti wontena ing panjenengan sadaya!

Psw : Wontena ing panjenengan ugi!

(Pasamuwan sami tangkep asta/ salaman, sasampunipun punika lenggah malih.)

Paladosan RotiPmp : (nyuwil-nyuwil roti) Roti ingkang kita cuwil-cuwil

punika, dados pratandha patunggilan kita kaliyan sariranipun Sang Kristus. Sumangga panjenengan tampèni!

(Roti kaladosaken ngantos wradin,kacepeng rumiyin, mangké dipun dhahar sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngèngeti lan pitados, bilih sariranipun Sang Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita tedha sesarengan roti punika!

(Roti kadhahar sesarengan.)

Paladosan Anggur

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

77

Page 14: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Pmp : (ngesokaken anggur ing tuwung) Tuwung punika, dados pratandha patunggilan kita kaliyan rahipun Sang Kristus.

(Anggur kaladosaken ngantos wradin,kacepeng rumiyin mangké dipun unjuk sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngèngeti lan pitados, bilih rahipun Sang Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita ombé sesarengan anggur punika!

(Anggur kaunjuk sesarengan.)

Donga Sokur lan SyafaatKapimpin déning Pemimpin.

(Menawi Bujana Suci kaladosaken namung kanggé warga diwasa)

PratélanPmp : Samangké kita sesarengan badhé kembul bujana

ing Sakramèn Bujana punika awit Gusti Yésus piyambak ingkang netepaken lan ngulemi kita ngènget-ènget katresnanipun lumantar pambujanan punika. Bujana Suci punika kaladosaken kanggé sadaya tiyang ingkang sampun kabaptis saha ngakeni kapitadosanipun, makaten ugi tumrap umatipun Gusti ingkang boten kaperdi. Bok menawi wonten sadhèrèk-sadhèrèk saking pasamuwan sanès ingkang

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

78

Page 15: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

rawuh ing pangibadah punika, menawi rena ing galih lan sumadiya ndhèrèk, kula aturi sesarengan kaliyan kita ing ngriki kembul bujana sesarengan.

Supados bujana punika èstu dados berkah tumrap kita sadaya, sumangga kita sami ndadar manah kita piyambak-piyambak kanthi pitakènan-pitakènan makaten: [1] Punapa kita sampun ngudi gesang mbangun-bedhamèn kaliyan Gusti Allah? [2] Punapa kita sampun gesang tentrem-rahayu kaliyan sesami kita dadosa sémah, tiyang sepuh, anak, kadang-sadhèrèk, mitra-pitepangan, tangga tepalih saha sinten kémawon ingkang pepanggihan kaliyan kita ing gesang padintenan?

Ing salebeting kawontenan boten sampurna, kita pitados bilih Gusti Allah karsa nucèkaken kita saking sawarnining dosa kalepatan, nganyaraken gesang punapa déné ndayani kita anggèn kita tinimbalan neksèni sihipun Sang Kristus lumantar gesang padintenan saha ngeparengaken kita nampèni bujana suci ing wekdal samangké.

Ngeneraken ManahPmp : Sumangga kita ngeneraken manah dhumateng

Gusti.Psw : Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti.Pmp : Sumangga kita tansah ngucap sokur dhumateng

Gusti, Allah kita.

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

79

Page 16: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Psw : Sampun samesthinipun kawula ngucap sokur dhumateng Paduka.

Kidung Pamuji Sokur

KPK 14:1 “ALLAH MAHA SUCI”Suci, suci, suci, pinuji Hyang Suci,Allah Maha mulya kang jumeneng Raja.Suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi,titah sadaya bra muji samya.

Donga SokurKapimpin déning Pemimpin

Tetepan Bujana SuciPmp : Kita ngucap sokur déné Allah Rama ingkang Maha

Suci tansah nunggil kaliyan kita, lan Sang Kristus ngulemi kita ndhèrèk kembul bujana ing paladosan Bujana Suci punika. Kita yakin bilih Roh Suci katumrahaken dhateng kita, temahan kanthi pitados èstu, kita ngraosaken rawuhipun Sang Kristus ing ngriki.

Sang Kristus, ing dalu ndungkap Panjenenganipun kaulungaken, mundhut roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil roti wau lan maringaken dhateng para sakabat sarta ngandika, “Iki badanku kang kaulungaké marga saka kowé. Tampanana lan panganen, iki minangka pangéling-éling marang Aku!”

Sasampunipun punika, Sang Kristus mundhut tuwung unjukan, ngucap sokur saha maringaken tuwung wau dhateng para sakabat sarta ngandika,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

80

Page 17: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

“Tuwung iki prajanjian anyar kang kaécap kalawan getih-Ku. Saben-saben kowé padha ngombé, iku gawénen pangéling-éling marang Aku!”

Psw : Sédanipun Sang Kristus / badhé kawula suwuraken! / Wungunipun Sang Kristus / badhé kawula pahargya! / Rawuhipun Sang Kristus / badhé kawula antu-antu!

Ngèngeti Sang KristusPmp : Ing dinten punika kita sami makempal

ngènget-ènget pratélan sihipun Gusti Allah ingkang milujengaken donya: wiwit wiyos lan sugengipun Sang Kristus Putra Ontang-anting pantaranipun manungsa, pambatipsanipun Gusti, bujana pungkasan sesarengan kaliyan para siswa punapa déné sédanipun Yésus Kristus. Kita nyuwuraken wungunipun Sang Kristus lan sumengkanipun ing swarga nuju kamulyan sajati déné Panjenenganipun tansah ndedonga kanggé donya punika.

Kita ngantu-antu rawuhipun Sang Kristus ing pungkasaning jaman njangkepi sadaya prasetyanipun Gusti Allah. Kita minangka patunggilan ingkang tinangsul déning lan wonten ing Sang Kristus ingkang milujengaken, déné karahayonipun Gusti katumrahaken kanggé sadaya manungsa ing sadhéngah papan.

Psw : Puji sokur konjuk Gusti.Pmp : Kita ndhèrèk kembul bujana, Roh Suci ingkang

mitulungi kita temahan kita katunggilaken wonten ing Sang Kristus dados tunggil badan lan tunggil

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

81

Page 18: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Roh minangka kurban ingkang satuhu konjuk Gusti Allah.

Psw : Pinujia Sang Roh Suci.Pmp : Lumantar Sang Kristus, sesarengan Sang Kristus,

wonten ing Sang Kristus, sadhéngah pakurmatan saha kamulyan konjuk Allah Sang Rama, wonten ing panunggilipun Sang Roh Suci, samangké dumugi ing salaminipun.

Psw : Pinujia Sang Rama, / Sang Putra / lan Sang Roh Suci.

Donga Rama KawulaKaucapaken sesarengan

Tentrem Rahayu [pasamuwan jumeneng]Pmp : Gusti sampun ngapunteni saha nunggilaken kita,

awit saking punika sumangga kita gesang ing salebeting tentrem-rahayu lan samidéné ngapunteni. Tentrem-rahayunipun Gusti wontena ing panjenengan sadaya!

Psw : Wontena ing panjenengan ugi!

(Pasamuwan sami tangkep asta/ salaman, sasampunipun punika lenggah malih.)

Paladosan RotiPmp : (nyuwil-nyuwil roti) Roti ingkang kita cuwil-cuwil

punika, dados pratandha patunggilan kita kaliyan sariranipun Sang Kristus. Sumangga panjenengan tampèni!

(Roti kaladosaken ngantos wradin,kacepeng rumiyin mangké dipun dhahar sesarengan.)

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

82

Page 19: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

Pmp : Kanthi ngèngeti lan pitados, bilih sariranipun Sang Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita tedha sesarengan roti punika!

(Roti kadhahar sesarengan.)

Paladosan AnggurPmp : (ngesokaken anggur ing tuwung) Tuwung punika,

dados pratandha patunggilan kita kaliyan rahipun Sang Kristus.

(Anggur kaladosaken ngantos wradin,kacepeng rumiyin mangké dipun unjuk sesarengan.)

Pmp : Kanthi ngèngeti lan pitados, bilih rahipun Sang Kristus sampun kinurbanaken dados kurban tebusan ingkang sampurna ngluwari kita saking dosa, sumangga kita ombé sesarengan anggur punika!

(Anggur kaunjuk sesarengan.)

Donga Sokur lan SyafaatKapimpin déning Pemimpin.

Kidung Pangutusan

KPK 171:1,2 “UTUSANING GUSTI”Sesarengan : Ing jagad kang peteng krana dosa,

kathah tyang kang sulayah,awrating panandhang mila nggresah,

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

83

Page 20: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

samya semplah ing manah,sumangga Gusti ngagem kawula, mbabar tresna kang sanyata,sumangga Gusti ngutus kula, numrahken berkah dhateng tyang kathah.

-interlude-Psw wanita : Angundhangken sih rahmating Gusti,

lelabet wah leladi, Psw priya : margining tyang luwar sing sangsara,

temah samya raharja, Sesarengan : sumangga Gusti ngagem kawula,

mbabar tresna kang sanyata,sumangga Gusti ngutus kula, numrahken berkah dhateng tyang kathah.

PangutusanPmp : Enerna manah panjenengan dhateng Gusti.Psw : Kawula ngeneraken manah dhateng Gusti.Pmp : Dadosa seksinipun Gusti.Psw : Puji sokur konjuk Gusti.Pmp : Pinujia Gusti.Psw : Samangké dumugi salaminipun.Pmp : Nampènana berkahipun Gusti: “Gusti Allah

etuking pangajeng-ajeng, njangkepi panjenengan (kita) kanthi suka bingah saha tentrem-rahayu wonten ing kapitadosan panjenengan (kita), temahan awit kasektèning Roh Suci panjenengan (kita) lubèr ing pangajeng-ajeng.” Wonten ing asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang Roh Suci. Amin.

Psw : (aklamasi) Haléluya 5X, Amin, 3X

[DEN]Kasan

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

84

Page 21: 08. Liturgi Minggu 5 Oktober 2014

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

85