uraian materi kb-3 cerita wayang...
TRANSCRIPT
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 1
URAIAN MATERI
KB-3 CERITA WAYANG RAMAYANA
Ana ing kegiatan iki, kowe bakal ngenal lan mangerteni tegese wayang purwa,
mula bukane wayang purwa, crita wayang Ramayana, perangan crita wayang
Ramayana, lan unsur intrinsik crita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta.
Kanggo mangerteni kuwi kabeh, kowe bakal sinau sawetara perkara kang
wigati ing perangan-peranagan bacute iki. Ayo padha sinau kanthi manah kang
gumbira!
1. Tegese wayang
Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang
purwa. Padatane, wong-wong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang
kulit. Menawa di sawang saka bahan gawene pancen ora kleru. Ananging,
wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise, salah sijine yaiku
wayang beber. Apa ana kang ngarani wayang beber kanthi sinebut wayang
kulit sanadyan bahan bakune saka kulit? Wayang kang arep dijlentrehke ana
ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita Ramayana lan
Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi tulisan wayang purwa.
Wayang yaiku sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang
nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung
wod “yang” lan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang
nduweni wod yang kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang,
dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges: tansah obah, ora tetep,
samar-samar lan sayup-sayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman
semana nduweni teges: nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan
wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang
(Mulyono,1979: 51-52).
Lakon-lakon wayang purwa, kang wiwitane mung wewates ana carita
pakem, kang isih ngugemi sumbering carita, umpamane Ramayana lan
Mahabarata, kalebu sing katulis ing basa Jawa Kuna, Jawa Tengahan, lan
Jawa Anyar. Ana ing wektu sakwise iku dadi ngrembaka. Mula lair lakon-
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 2
lakon gubahan anyar kang tetep ngatonake paraga-paraga utama wayang
purwa ananging garapane wus kebak variasi lan diarani kanthi lakon
carangan. Jumlah naskah sastra wayang cukup banyak. Cacahe naskah
sastra wayang lumayan akeh. Kuwi mau nunjukake menawa sutresna lan
kawigatene masyarakat karo sastra wayang. Ing kalangane masyarakat Jawa
sing durung sepira tepung karo buku-buku cithakan, mula kudu nyalin
naskah sastra wayang (Prabowo. dkk, 2007: 275-277).
Maneka warna jinise wayang kang ana ing Indonesia, yaiku wayang
Kulit, wayang golek Sunda, wayang Betawi, wayang Sasak, wayang
Timplong, wayang Krucil, wayang Thengul, wayang Jemblung, wayang
Cepak, wayang Kancil, wayang Beber, wayang Orang, wayang Topeng,
wayang Suluh, wayang Wahyu lan sapanunggale. Saka sakehing jinis
wayang, sing paling populer lan nduweni umur ewonan taun yaiku wayang
kulit. Carita-carita pokoke punjere saka kitab Mahabarata lan Ramayana
kang surasane budaya lan filsafat Hindu, India, ananging wis kaserep ing
budaya papan kono (Walujo, 2000: xi).
Sulaksono (2012: 110) ngandharake yen ngomongake ngenani
masyarakat jawa apa maneh nganti ing tataran filosofi utawa panyawange
marang urip kuwi ora bakal bisa ucul saka wayang. Saking cedhake wayang
ana ing uripe wong Jawa nganti ana ing perangane omah (omah joglo) ana
perangan antaraning pendhapa lan omah mburi kang kasebut paringgitan,
kang asale saka tembung ringgit (basa krama inggil, ana ing basa ngoko
artine wayang). Paringgitan yaiku papan kang adate digunakake kanggo
mentasake wayang.
2. Mula Bukane Wayang
Ana loro pamanggih ngenani asal-usule wayang Purwa, yaiku asale
saka tanah Jawa lan asale/asli Jawa/Indonesia. Satoto (2012: 134)
menegsake yen ora bener menawa wayang asale saka njaban tanah Jawa.
Wayang wis ana lan dikenal karo masyarakat Jawa wiwit taun 700 caka
utawa 778 masehi. Kang durung pesthi yaiku kapan anggone pagelaran
wayang kulit/purwa di pentasake mawi dhalang. Kapan wiwitane
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 3
nggunakake gamelan slendro utawa pelog. Kapan wayang nduweni punjer
saka Mahabarata lan Ramayana. Kapan wayang kulit/purwa di pentasake
sewengi natas. Ananging sing pesthi dening wong Indonesia (Jawa) asli.
Wondene pamanggihe Satoto kuwi adhedhasar luwih saka sawijining dhata,
kayata:
a. Wayang wis ana awit jaman Airlangga (980 caka atau 1028 masehi),
wiwitan abad XI SM, ana ing Keraton Kediri wis ana pagelaran wayang-
wayang
b. Pagelaran wayang-wayang kuwi nggunakake boneka 74 lan kulit
(walulang inukir= kulit yang diukir).
c. wayang-wayang boneka kuwi diproyeksikake ana ing layar (kelir).
d. Wong sing nontonake (saiki dhalang) ngelakonake peran paraga-paraga
watak sing diwujudake ana ing boneka (wayang). Menawa
dikandhakake, boneka-boneka wayang kuwi kalebu manifestasi saka
karakter utawa wateking paraga-paraga.
e. Pagelaran wayang-wayang wis tuwa umure, satemah empu Prapanca,
panulis Tantu Pagelaran ngira-ngira asal lan mula bukane pagelaran
wayang-wayang yaiku nalika para dewa tumurun ana ing bumi.
f. Pagelaran wayang-wayang rikala semana wis populer amarga wis dadi
kasenengan lan wis lumebu ing miline getih lan wis akrab karo
masyarakat kang ngremeni.
g. Pagelaran wayang-wayang rikala semana wis migunakake gamelan
(musik) kanggo ngiring pagelaran wayang (abad XII SM).
h. Komponen-komponen musik gamelan yaiku saron, kemanak, tundung,
lan sapanunggalane.
i. Pagelaran wayang kulit/purwa wis dadi sarana panglipur rakyat, kang wis
suwe dadi karyaning pentas sacara kontinyu lan runtut digelar ing tanah
Jawa (2012: 133).
3. Sumbering Crita Wayang Ramayana
Sumber crita pokok wayang purwa asale saka kitab Ramayana lan
Mahabarata. Ana ing modul iki mung diandharake babagan crita wayang
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 4
Ramayana. Kitab Ramayana diripta dening empu Walmiki. Wose, kitab
Ramayana dibagi dadi pitu lan sabanjure digubah mawi wujud syair kang
cacahe 24.000 seloka. Bageyane crita ing Ramayana diarani kandha, dadi siji-
mbaka siji bageyan critane dipungkasi mawi tembung kandha.
Gambar 2. Perangan crita wayang ramayana
a. Bala Kanda (Sayembara Mantili)
Episode siji utawa bala kanda iki nyaritakake babagan raja Kosala
kang jejuluk Prabu Dasarata. Punjering kutha praja Kosala yaiku Ayodya
satemah praja iki ya diarani praja Ayodya. Prabu Dasarata nduweni bojo
cacahe telu lan peputra papat. Bojo kang kapisan aran Dewi Raghu kang
peputra Raghawa/Rama, bojo kang angka loro arane Dewi Sumitra kang
peputra Satrugna lan Laksmana, lan bojo kang angka telu yaiku Dewi
Kekayi kang peputra Barata. Saka telung adhi tunggal bapane Rama, kang
paling cedhak yaiku Laksmana
Prabu Dasarata wis tuwa umure satemah ora suwe maneh anggone
dadi raja. Rama kang dadi putra makuthaning praja, rikala iku durung
nduweni prameswari satemah entuk dhawuh kanggo melu sayembara ing
nagara Mantili. Sabanjure kang dadi jawara ing sayembara kuwi, bakal
didadekake bojone putri Prabu Janaka kang aran Dewi Sinta. Wujuding
sayembara kuwi yaiku angangkat jemparing lan Rama kang dadi jawara.
Sawise dikramakake karo Sinta, sabanjure Rama bali menyang Ayodya.
Ana satengahing dalan, Rama kaandheg dening pawongan kang
nggegawa kampak. Pawongan kuwi arane Rama Bargawa utawa Rama
Parasu (Parasu tegese kampak). Rama Bargawa yaiku wong kang tansah
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 5
ngajak adu-tandhing karo sapa bae kang ditemoni. Rama Parasu ngajak
Rama adu-tandhing nganti tekan tiwas. Rama ora nyarujuki rembug kuwi.
Pungkasane, Rama Parasu njaluk Rama ngangkat lan nugel jemparinge lan
kang dadi totohan yaiku nyawa. Sabanjure Rama kasil anggone ngangkat
lan nugel jemparing kuwi. Rama Parasu gage-gage teluk masrahake raga lan
njaluk supaya Rama mateni dheweke, ananging Rama ora kersa mateni.
Pungkasane kuwi Rama Bargawa mabur-miber tumuju khayangan.
b. Ayodya Kanda (Rama Tundhung)
Prabu Dasarata sawise krungu yen ta Rama dadi jawara ing sayembara
kuwi, atine banjur ketaman suka-rena lan sacepete bakal ngangkat Rama
dadi ratu. Crita kuwi kasambut apik dening para kawula ing Ayodya,
ananging, bojone Prabu Dasarata kang katelu yaiku Dewi Kekayi ora
sarujuk marang bojone. Mbiyen nalika Prabu dasarata arep krama, dheweke
njaluk sawijining panyuwun yaiku, mwnawa mbesuk anak kang lair kuwi
lanang bakal didadekake raja, kapindho, ana sawijining panjaluk kang kudu
dilaksanakake lan panjaluk kuwi yaiku Rama kudu lunga saka praja Ayodya
suwene telulas taun. Nampa omongane kang garwa, Prabu Dasarata banjur
gerah dadakan.
Minagka tandha bektine anak marang wong tuwane, Rama nurut
marang kersane bapake. Sawise pamit, rama lan Sinta lan Laksmana lunga
saka praja Ayodya. Ora suwe sawise Rama lunga, Prabu Dasarata mangkat.
Barata kang rikala kuwi lagi lunga ana ing simbahe dijaluk bali lan sawise
teka ana ing praja Ayodya banjur kaget ngerteni kena ngapa bapake mati.
Barata nesu marang ibune. Dheweke ngrasa yen ora pantes dadi raja
nggenteni Rama. Sawise proses nyarekake Prabu Dasarata purna, Barata
nggoleki Rama ana satengahing wana.
Suwe nggoleki, temahan Barata nemokake kakange. Dheweke
nyuwun marang kakange kareben bali lan dadi raja ana ing Ayodya. Rama
kapeksa ora nyembadani omongane Barata arepa dipeksa. Pungkasane
Rama menehake makuthane marang barata kareben digawa menyang
Ayodya lan nyuwun supaya Barata tetep dadi raja. Sabanjure Rama menehi
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 6
wejangan marang Barata lan wejangan kuwi diarani wejangan Astha
Brata.sawise kuwi Barata bali maneh menyang Ayodya.
c. Aranya Kanda (Rama Gandrung)
Sawise ninggalake praja, Rama, Sinta, lam Laksmana urip ana ing alas
Dandaka. Sakliyaning kewan-kewan, ing alas kuwi ya dadi papan
panggonane para brahmana lan raseksa. Rama mateni kabeh para raseksa
kang ngganggu katentremane para brahmana satemah njalari Sarpakenaka
(adhine Rahwana) dadi muntab, ananging rasa ana ing atine ora bisa
ngapusi nalika weruh marang pasuryane wong loro kuwi (Sarpakenaka
yaiku wong wadon kang nduweni akeh simpenan lan gampang kagodha
dening pasuryane lanangan liya). Sarpakenaka salin-rupa dadi wong wadon
ayu lan nggodha Rama, ananging Rama ora gelem lan nampik, banjurn
ngendika yen dheweke wis nduweni bojo. Luwih apik nyedhaki Laksmana
wae sing isih jaka. Laksmana uga nampik lan curiga kena ngapa ing
tengahing alas ana wong wadon ayu. Sawise ditampik, Sarpakenaka ora
banjur mundur ananging malah tansaya wani lan murang-tata. Laksmana
dadi muntab lan nesu satemah ngantem Sarpankenaka nganti irunge rusak.
Sarpakenaka njerit lan salin-rupa dadi wujud asline lan ngancem bakal
males apa sing dilakokake marang dheweke.
Rahwana/Dasamuka entuk palapuran saka Sarpakenaka dene ing alas
Dandaka ana wong lanang loro lan wong wadon siji kang ayu rupane ya
kasebut titisane Dewi Widawati. Rahwana banjur nggolek cara supaya bisa
entuk Dewi Sinta. Pungkasane, dheweke karo Kala Marica lunga menyang
alas Dandaka. Rahwana salin-rupa dadi dadi pandhita tuwa, dene Kala
Marica Sali-rupa dadi kidang kencana.
Meruhi kidang kang elok, Sinta banjur kepengin nduweni kidang
kuwi. Sinta njaluk marang Rama supaya bisa nyekel kidang kasebut.
Sabanjure, Rama ngoyak kidang kuwi nganti adoh lan amarga anyel, rama
gage-gage manah kidang kuwi, sabanjure kidang kasebut njerit lan ganti
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 7
wujud dadi Kala Marica. Sinta kuati amarga Rama ora bali-bali lan krungu
suwara jeritan. Dheweke kuatir ana apa-apa karo Rama banjur ngutus
Laksmana kanggo nyusul Rama, ananging Laksmana ora gelem. Sinta
malah nudhuh Laksmana seneng yen ta ana kadadeyan ala katampa karo
Rama banjur ana kepenginan kanggo nduweni dheweke. Laksmana muntab
krungu omongane Sinta lan njlentrehake menawa dheweke kuwi wadat
(saksuwene urip ora bakal nempel lan nyekel wong wadon, apa maneh
bebojoan). Sakdurunge lunga ninggalake Sinta, Laksmana nggawe urekan
ana ing lemah kang ngubengi Sinta lan Laksmana ora paring lilah marang
Sinta kanggo metu saka bunderan kuwi.
Ora suwe sawise Laksmana lunga banjur udan deres. Ana sawijining
pandhita tuwa kang nyoba nyedhaki Sinta ananging ora bisa ngliwati
bunderan kang wis digawe dening Laksmana. Sawise omongan karo Sinta,
dheweke njaluk diwenehi panganan. Sinta menehi panganan lan ngulungake
tangane metu saka bunderan kuwi, sabanjure tangane Sinta ditarik metu lan
digawa mabur.
Krungu jerit kuwi, Rama lan Laksmana bali lan Sinta wis ora ana ing
papan kuwi. Sinta njerit-njerit nang angkasa lan jeritane kuwi kaprungu
dening garuda Jatayu kang mitrane Prabu Dasarata. Jatayu kasil mateni
Rahwana ananging bisa urip maneh. Sabanjure Rahwana ngasorake Jatayu
lan nyabuti wulu-wulune satemah ora bisa mabur. Jatayu nggletak ana ing
sandhuwure lemah banjur ketemu karo Rama lan Laksmana. Sadurunge
mati, dheweke menehi ngerti yen Sinta digawa dening Rahwana, raja
raseksa saka Alengka.
d. Sundara Kanda (Senggana/Anoman Duta)
Rama lan Laksmana mlaku ana satengahing alas nggoleki ana ngendi
praja Alengka. Ana ing tengahing dalan dheweke ketemu karo kethek putih
kang aran Anoman. Rikala kuwi, Anoman diperintah karo Sugriwa nggolek
wadyabala kanggo nglawan Subali. (Sugriwa yaiku adhine Subali, dene
Anoman yaiku anake Dewi Anjani, kakange Subali lan Sugriwa). Dheweke
padha memungsuhan amarga padha nrebutake Dewi Tara (Dewi Tara yaiku
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 8
kakange Dewi Tari, bojone Rahwana, satemah Subali ya sawijining gurune
Rahwana). Rama nyembadani mbiyantu kanthi syarat ing mengko Sugriwa
ya menehi pambiyantu marang dheweke. Sawise kuwi, Subali mati kena
panahing Rama, ngaku luput lan nyuwun pangapurane Rama (titisane
Wisnu) lan nitipake anake kang aran Anggada marang Sugriwa.
Sabanjure, Rama ngutus marang Anoman menyang Alengka kanggo
mesthekake dununge Sinta lan ngukur kekuwatane Alengka. Saliyane kuwi,
Rama uga nitipake ali-ali kanggo diwenehake marang Sinta. Ing Alengka,
Sinta dikancani dening Dewi Trijata, putrane Gunawan Wibisana lan
manggon ing taman Arga Soka. Sawise ketemu karo Sinta lan Trijata sarta
ngomongake sedyane, Anoman gage lunga saka taman Arga Soka. Anoman
agawe geger lan kacekel dening jemparing rantene Indrajid. Anoman
kaukum dibakar urip-urip. Nalika geni wis murub lan mbakar, awake
Anoman dadi tansaya gedhe banjur ngegawa geni kuwi menyang
saambaning praja Alengka. Kabeh kabakar kajaba taman Arga Soka.
e. Kiskenda Kanda (Rama Tambak)
Sawise entuk palapuran saka Anoman, kanthi pambiyantune Sugriwa,
Rama nglaksanakake nglawan Alengka. Rama bingung amarga kanggo
menyang Alengka kudu nyabrang segara kang ambane nora kaukur.
Sabanjure Rama nancepake jemparing sektine ana ing segara. Banyu segara
obah ora karuwan lan dadi panas satemah akeh iwak kang padha mati. Sang
Hyang Baruna kang nguwasani samudra nemoni Rama lan paring
pamanggih kareben Rama mbendung utawa nggawe tambak kang mengko
bakal digunakake dadi dalan tumuju ing Alengka.
f. Yudha Kanda (Brubuh Alengka)
Sawise tekan ing Alengka, perang ora kena diendha. Akeh kang dadi
kurban merga perang kuwi saka Alengka lan Rama. Patih Prahasta, Indrajid,
Sarpakenaka, Kumbakarna, Aswani Kumba, lan Kumba-Kumba mati
kabeh. Wondene Dasamuka ora bisa mati amarga nduweni aji Pancasona,
awake mung kaurug gunung dening Anoman. Sawise perang rampung, Sinta
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 9
ketemu karo Rama ananging kudu dilebokake marang geni kanggo
mbuktekake kasuciyane.
g. Uttara Kanda
Sawise perang rampung, Sinta diboyong bali menyang Rama.
Ananging amarga krungu suwara kang mangu-mangu marang kasuciyane
Sinta, pungkasane Rama nundhung minggat Sinta. Rikala iku Sinta lagi
mbobot lan nalika nglairake anake kembar kang aran Lawa lan Kausya.
4. UNSUR INTRINSIK CRITA RAMAYANA LAKON ANOMAN DUTA
Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra saengga
karya sastra isa madeg. Supaya isa nyaritakake unsur karya sastra kang ana ing
sawijining teks kudu isa ngerteni maksud utawa tegese kang kaemot sajroning
teks. Miturut andharane Kasnadi & Sutejo (2010: 6 – 28) unsur-unsur instrinsik
karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh dan penokohan, plot (alur
cerita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), style (gaya), dan
pesan (amanat). Kaya dene Kasnadi lan Sutejo, Priyantono lan Sawukir (2014:
125-126) ngandharake menawa unsur instrinsik uga ana pitu, yaiku tema, alur
utawa plot, setting utawa latar, paraga lan watake paraga,amanat, cara mawas
utawa point of view, lan lelewaning basa.
a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh.
b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe
sesambungan sebab-akibat.
Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lan campuran.
c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan,
wektu, sosial, lan swasana.
d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga isa
dingerteni kanthi cara:
1) Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha
2) Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.
Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita.
Watake paraga kaperang dadi telu yaiku:
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 10
1) Antagonis, yaiku paraga kang duwe watak ala
2) Protagonis, yaiku paraga kang duwe watak apik
3) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral
e. Amanat yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturke panulis marang pamaos.
f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone
crita.
g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing
ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.
Mangga supaya luwih cetha, pirsanana gambar unsur intrinsik kang ana ing
ngisor iki.
Gambar 3. Unsur intrinsik karya sastra drama
5. ANOMAN DHUTA
Lakon anoman dhuta iku sawijining crita Ramayana perangan/kandha sing
kaping papat, yaiku Sundara Kanda (Senggana/Anoman Duta). Anoman iku
wujude kethek putih utawa wanara seta, putrane Bathara Guru lan Dewi
Anjani. Anoman diutus dening prabu Rama Wijaya minangka dhuta menyang
kraton Alengka saprelu ndelok kahanane Dewi Sinta. Dewi Sinta iku garwane
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 11
prabu Rama kang diculik dening Dasamuka, ratu ing Alengka. Supaya luwih
cetha dalan critane, wacaa teks lakon Anoman Dhuta ing ngisor iki.
a. Sugriwa Sowan Sang Rama
Enggaling kandha, gelising carita, bareng wis ngancik mangsa
katiga, Wanarajaya Sugriwa sawadyabalane sowan Sang Ramadewa ing
wukir Malyawan. Sawise imbal-wacana karo Sang Raghawa sawatara
suwene, Sang Kapindra Sugriwa banjur nimbali gegedhuging wadyabala
wanara papat, yaiku: Hanuman, Satabali, Susena lan Winata. Kanthi
mupakate Sang Raghawa gegedhuging wadyabala wanara papat iku
minangka manggalaning dhuta kang tinanggenah ndlajah kabeh papan-
panggonan ing keblat papat, ngupaya Dewi Sinta.
Sadurunge para dhuta nindakaken pakaryan, Sang Raghawa
ngendika marang Hanuman: “E, Hanuman! Manawa pangupayanira yayi
Dewi wis ketemu, agemingsun “singsim” iki caosna, supaya dheweke
pracaya yen sira prayitna dhutaningsun”.
Sawise singsim ditampani dening Hanuman, para dhuta banjur
padha budhal, anering laku miturut dhawuhe Sang Kapindra Sugriwa, yaiku:
Hanuman, Anggada, Anila, lan Jembawan, mangidul. Satabali sakancane
mangalor, Susena sakancane mangulon, dene Winata sakancane mangetan.
Gambar 4. Anoman
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 12
(http://www.asia-culture.net/2015/03/gambar-wayang-wayang-ramayana-2.html)
PETHIKAN PUPUH 18 TEMBANG KINANTHI:
Pada 7 Nalikanira ing dalu,
Wong agung mangsah semadi,
Sirep kang bala wanara,
Sedaya wus samya guling,
Nadyan ari Sudarsana,
Wus dangu nggenira guling.
Pada 8 Kukusing dupa kumelun,
Ngeningaken tyas Sang apekik,
Kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget angrikibi,
Sang Resi Kanekaputra,
Kang hanjog saking wiyati.
Pada 9 Kagyat ri sang kapirangu,
Rinangkul kinempit-kempit,
Dhuh sang retnaning bawana,
Ya ki tukang walangati,
Ya ki tukang ngenesing tyas,
Ya ki tukang kudu gering.
Nalika semana, sawise duta padha ngayahi pakaryane, bathara
Narada rawuh ing wukir Malyawan kautus dening Bathara Guru maringake
“Maosadi Lata” kadhawuhan nandur ana ing wukir Malyawan. Dene dayane
Maosdi Lata kena kanggo nguripake kang mati, purna pangandikan Naradha
nulya kondur mring Kahyangan.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 13
Gambar 5. Bathara narada
(http://corojowo.blogspot.co.id/2008/12/bathara-narada-patih-ing-suralaya.html)
b. Para Wanara Kena Paeka
Kocap duta kang parane ngidul, yaiku: Hanoman, Jaya Anggada,
lan Jembawan, lakune wis tekan gunung Windya. Gunung iku banget
mbebayani, kajaba angel diambah lan watu karange, uga jurange cerung
pirang-pirang sarta kaline jero-jero tur santer iline. Para wanara padha
tlusupan ing alas, rame suwarane agawe kaget lan girise singa-singa
apadene macan-macan kang ana sacedhake, padha mlayu asalang-tunjang
rebut-ducung. Amarga saka ndhuwure gunung Windya lan saka suwene
olehe nlusup-nlusup ing alas, para kapibala padha sayah lan lungkrah,
ngelih lan ngelak, mula banjur ora rame suwarane, pepindhane kaya
samodra tanpa sabawa, meneng-anteng.
Ana watu leter arata dumunung ing papan ayom. Para kapibala
padha rebut-ducung marani watu iku, padha ngaso ateturon. Dumadakan
para wanara weruh manuk pirang-pirang padha metu saka guwa. Kanthi ati
gumun, para wanara padha ngadeg maspadakake, wusanane sumurup
wiwaraning guwa kang nggegirisi. Para wanara kang wis ilang wedine
padha wani mlebu ing guwa. Ana sajroning guwa, para wanara meruhi
omah putih sumorot hanelahi kanthi minggrang-minggring, para wanara
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 14
padha lumebu ing omah iku,kagyat dene sumurup wanita ayu, cahyane
mencorong pindha rembulan purnama. Tanpa rasa wedi, wanita iku
nyedhaki para kapibala, asung pasugatan woh-wohan lan banyu kanggo
ngombe. Sajroning nyugata, kanthi polatan sumeh lan tetembungan kang
arum-manis, wanita iku atetanya marang para kapibala : “Mengko ta para
wanara, sira iku sapa, ngendi pinangkamu lan apa sedyamu, dene nganti
tumeka ing kedhatonku kene?”.
Wangsulane para wanara, kang diwangsuli dening Hanuman,
mangkene : “Sumurupa wong ayu, aku sakanca iki wanara saka Malyawan,
dene jenengku hanuman, dutane Sang Raghawa, ndikakake nitipriksa Dewi
Sinta kang tinawan dening sicandhala Rahwana Ratu ing Ngalengka. Aku
genti takon marang sira, sapa sing gawe guwa kang indhahe nganti kaya
kedhaton iki, banjur sapa jenengmu lan sapa sing anak-anak kowe?”.
Sayempraba : “Sumurupa Hanuman ! kang iyasa guwa iki
Danawaraja jejulukt Prabu Wiswakarma. Sang Wiswakarma saiki wis
tumekeng sirna, jalaran saka bangete daksiya kaniaya marang Sang Pretiwi
(bumi), lan anggone iyasa guwa iki njerone winangun kedhaton endah kang
madhani Kahyangan Kaindran, mula banjur dirusak dening Bathara Indra,
kabeh lebur tanpa sisa, mung kari aku iki, jenengku Sayempraba, atmajane
Sang Danawaraja jejuluk Prabu Merusawarni. Lan mangertiya, biyen Sang
Danawaraja Wiswakarma iku sedane kena senjata “bajra” dening Bathara
Indra”.
Hanuman: “O, mangkono? Nanging aku sakanca iki dinuta
menyang Ngalengka, lakok keblusuk tekan guwa Windu ya kedhatonmu iki,
banjur kepiye?”
Sayempraba : “Hanuman! Sira aja kuwatir! Menawa sira kesusu
enggal daya-daya tumekeng Ngalengka, aku bisa asung pitulungan, nanging
ana sranane apa kowe saguh?”
Hanuman : “Sranane apa wong ayu?”
Sayempraba : “Sranane kowe kabeh dakwetokake saka guwa, nanging kudu
tutup netra, ora kena andedulu! Apa kowe saguh?”
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 15
Mangkono kandhane Sayempraba marang Hanuman sakanca,
nanging para kapibala kang dipandhegani dening Hanuman iku ora ngerti
menawa arep dipaeka. Jalaran Sayempraba ngrungu yen para wanara iku
nedya marang negara Ngalengka, mula banjur tuwuh pangigit-igite
Sayempraba marang para wanara. Danawa karo raseksa iku manjing dadi
mitra, tur dhasare padha watak-wantune, padha solah-tingkahe, padha
kesenengan lan pakaremane. Iku sababe Sayempraba banjur gething lan
ngigit-igit marang kapibala, mula banjur arep ngrubeda sarana namakake
“aji kemayan”.
Gambar 6. Dewi sayempraba
(https://blog.hadisukirno.co.id/dewi-sayempraba/)
Para kapibala banget suka amarwata suta, dupi ngrungu
dipitunlungi dening Sayempraba kenya kang ayu rupane, enggal tumke ana
ing Ngalengka, mula manut –miturut marang pakone, lan babar pisan ora
ana wanara kang ngira bakal kena apus-krama. Sajrone tutup mata lan
merem, ing kono para kapibala ginendam “aji kemayan”, satemah padha ora
weruh wetune saka ing guwa. Ana sajabaning guwa, para wanara padha
bingung pating-bilulung, ilang pikirane lan nalare. Sanajan wis ora tutup
netra, wis bisa dulu, parandene pikirane durung padhang, elinge durung
terang. Olehe mubeng-mubeng ana sajaban lan kiwa-tengene guwa nganti
sesasi, rumangsane lagi sedina sewengi.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 16
c. Para wanara ketemu garuda sempati
Enggaling carita, sajrone para kapibala lagi padha sedhih kawlas-
asih, dumadakan weruh manuk gedhe pindha Garudha kang wujude banget
nggegirisi, awake gilap tanpa wulu, cucuke lancip katon landhep tur sentosa,
jenenge Sempati kakange Jatayu. Ndulu wujude mangkono iku, para wanara
padha wedi, atine saya kekes-ngenes, gagasane mangkene “Adhuh!, aku
sakanca iki banget nistha temen!, sinebuta dhuta, nanging dhuta kang ora
sembada. Amarga ketaman aji kemayane Sayempraba, samengko aku ora
weruh papan-panggonan kang kudu diparani, jalaran bingung, ora ngerti lor-
kidul!? Wooo! Dewa-dewa!, tinimbang aku sakanca urip ora nduwe
lelabuhan kabecikan, aluwung aku mati wae Dewa! Aran beja si Jatayu
biyen, tinggal-donya sawise gawe lelabuhan becik marang mitra. Dheweke
ngaturi priksa marang raghawa yen Dewi Sinta dinustha dening Rahwana,
digawa mabur menyang Ngalengka. Lan dheweke mbelani Sang Dewi
lumawan Rahwana nganti nandhang tatu abot kang wasanane njalari dadi
lan matine.hla aku sakanca iki kudu ngrumangsani asor, ora duwe lelabuhan
apa-apa, lan kusu isin, kalah utama akaro manuk Jatayu.”
“He, kanca! Kae ana manuk kang gedhene kagila-gila lan wujude
kaya Kalamretyu kae sajake keluwen, tandhane lakune katon alon nglemer
klelar-kleler? Begja menawa awake dhewe sakanca iki sirna dimangsa
dening dheweke. Mesthine dheweke seneng atine kepethuk wanara kang
gelem ngrilakake patine dadi mangsane”. Mangkono gagasane para
kapibala.
Manuk gedhe pindha Garudha iku nyedhaki para kapibala, banjur
calathu mangkene : “Heh, para wanara minulya!, gunung Windya iki angel
ginayuh, sabab kagawa saka banget dhuwure lan saka rungkuding alase.
Nadyan mangkono, amarga saka gedhening kekuwatan lan tekadmu, kowe
kabeh padha bisa tekan kene. Ana perlu apa kowe nganti keraya-raya
munggah gunung Windya, geneya kowe kabeh padha katon susah lan sajak
nglokro atimu?”
Hanuman : “Sumurupa!, aku iki Hanuman lan kabeh para wanara
iki dinuta dening Gustiku Sang Ramabadra, ndikakake menyang Ngalengka,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 17
didhawuhi nggoleki lan nyatakake gustiku Dewi Sinta sing dicidra dening
Rahwana isih sugeng lan orane! Banjur sira iku sapa, kok awakmu sajak
nadhang tatu, tur lakumu ngrekasa kaya tanpa daya?”
Sampati : “Wruhanira Hanuman!, kang kok alembana abudiluhur
mau salugune isih kadangku pernah enom kang dak tresnani, jenenge
Jathayu. Wondene aku iki jenengku Sampati. Kowe padha sumurup menawa
aku iki tanpa wulu, sebab nalika negara Ayodya ing jamane Prabu
Banaputra biyen, dibedah dening Rahwana, jalaran anggone nggoleki
Bathara Sri kang manjanma marang Sang Dewi Raghu ya Dewi Sukasalya
kang dadi garwane Resi Rawatmeja adhine Sang Prabu Banaputra. Kocapa
bareng Prabu Banaputra lan Resi Rawatmaja dipateni dening Dasamuka,
Sang Dewi Raghu banjur lumayu menyang Dandhaka nedya ngunsi ing
padhepokane Sang Dasarata. Watake Dasamuka, durung gelem leren, yen
durung klakon mboyong Dewi Raghu ya Dewi Sukasalya, mula Sang dewi
dioyak dening Rahwana, nedya dicekel lan diboyong menyang alengka.
Sang Dewi Raghu dak belani, Rahwana nedya nyekel Sang Dewi dak
trangguli, wekasan dadi perang-tandhing, aku kasoran. Aku dipikut, wuluku
dibedholi dening Rahwana nganti brindhil-gusis-blindhis kaya ngene iki”.
Sampati : “Wo ! sang wanara minulya!, aja banjur nglokro atimu
kendho kekarepanmu!, Prayogane sira padha nerusake laku mangidul mrana
kae!, mesthi bakal ketemu panggonan kang sira goleki. Wondene titikane,
menawa ana kutha-krajan kang kabeh suyasane dumadi saka “emas”,
dumunung ing puncake gunung, yaiku kutha-krajane Ngalengka. Endahe
kraton Ngalengka kuwi ngungkuli suwarga, mulane banget nggumunake
endah-penine. Sabab, kadhaton Alengka kuwi sing nggawe Bathara Dhata
(manut layang Adiparwa lan Uttara kandha kang nggawe kadhaton Alengka
Bathara Wiswakarma, dewa ahli bangunan). Aku ngakoni menawa Rahwana
kuwi sekti mandraguna, bisa mabur, tur sugih kuwanen, mulane prasasat
bisa mangreh jagad. Nanging nadyan mangkonoa, Rahwana mesthi bakal
tumpes-tapis sakwadyabalane sirna dening Gustimu Sang Raghawa, kanthi
pambiyantune para wadyabala wanara. Wis ta, padha tumuli mangkata!,
lakumu bakal oleh gawe Hanuman!, bisa ketemu karo kang ko-upaya”.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 18
Kandhane Sampati njalari greget-gumregute para kapibala, ndayani
sirna sayah-lungkrahe awake, tuwuh kencenging tekad. Para wanara tumuli
padha lumaku maneg mangidul kanthi gembiraning ati. Sawise mlaku rada
sawetara suwe, para wanara tekan ing gunung Mahendra, munggah ing
ereng-erenging sisih lor, banjur tumurun tekan ereng-ereng kidul. Saka
gunung Mahendra segara kidul katon cetha, alune kaprungu jumlegur, ora
kendhat-kendhat tuh sikile gunung kang banget atos lan santosa ing semu
samodra iku kaya sengit ngigit-ngigit marang gunung Mahendra, amarga
gunung iku dianggep ngalang-alangi samodra kang njalari ora bisa sumurup
kaendahaning alam sisih lor. Kajaba saka iku, samodra iku sajak kaduk
mongkog, amarga ing dhasare sumimpen sesotya-manik-nawa-retna kang
ora karuan kehe, satemah ngremehake gunung Mahendra kang kinira ora
darbe simpenan rajabrana.
Angine sumiyut banter, pepindhan kaya napase samodra,
krenggosan amarga ngombe banyune kali kang tanpa pedhot tansah mili.
Para wanara padha rebut-dhucung tumurun menyang pasisir, banjur padha
ngaso ana ing kono, karo maspadakake samodra, karo ngiling-iingi urang
kang rumangkang ing karang, manawa sumurup iwak kang kumliwer ing
cedhake, para wanara padha jumbul lan ngguyu kekel kepingkel-pingkel.
d. Anoman Nitik Negara Alengka
Sawise ngaso sawetara ana ing pesisir, Hanuman pamitan marang
kanca-kancane nedya nerusake laku menyang Ngalengka ngliwati samodra.
Gya cancut tali-wanda, Sang Hanuman tumapak jumantara, dene Hanila,
hanggada lan Jembawan ditinggal keri ing pesisir, ngenteni baline Sang
Ramadayapati.
Hanuman nulya ninggalake barisan ing pragosa, napak gegana
tumuju ing Ngalengka. Rikate abure Anoman padha karo keclaping cipta.
Abure garudha lan sumiyuting angin, ora bisa madhani rikate aburing Sang
Maruti. Katon saya dhuwur abure Sang Hanuman nganti planit-planit,
srengenge lan rembulan padha kungkulan dhuwure. Prabawaning angin
gedhe gumrubyug ngedap-edapi, pepindhane kaya angin ing wektu kiyamat.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 19
Kocap nalika samana, ana denawa kang nunggu samodra katon
wengis tur galak, jenenge Wilkathaksini, tutuke mangap amba kaya lawange
guwa, weruh barang kumlebat ing akasa, Wilkathaksini tumuli nututi.
Bareng wis ketututan, kang kinira jebul barang kuwi hanuman, tanpa sraba-
sraba banjur diuntal lan diulu tekan ing wadhuke. Ana sajrone wadhuk,
Hanuman gya tiwikrama, wadhu bedhah ludira wutah dadi lan patine
Wilkathaksini bangkene denawa iku tiba ing samodra dadi pakane iwak,
baya lan iwak paus. Let sakedheping netra abure Sang Hanuman tekan
gunung kang dumunujng aneng tengahing samodra, jenenge gunung
Menaka utawa Maenaka. Gunung iku isih krabat bayu, mitrane sinarawedi
Sang Maruti ya Hanoman. Nalika sumurup hanuman kumlebat ing akasa,
gunung Maenaka ngampirake nedya nyugata wowohan maneka-warna.
Nanging Hanuman ora bisa minangkani kadange tunggal bayu iku jalaran
“kudu enggal ing panggonan kang dituju”, mula abure bablas wae, tanpa
mampir ing gunung Maenaka.
Gambar 7. Wilkathaksini
(http://tokohwayangpurwa.blogspot.co.id/2009/09/wilkataksini.html)
Sawise nglieati begalaning laku lan gunung Menaka ing tengahing
samodra, Hanuman tumuli tekan ing gunung Suwela ya sinebut Suwelagiri.
Wiwit ana gunung Suwela, Hanuman tansah prayitna ngati-ati. Weruh ana
denawa lagi aleleldhang, Hanuman ora ngganggu, malah mundur banjur
ndhelik. Banjur lumakumangidul, Hanuman tekan ing papa rumpil, angel
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 20
diambah. Sawise ngliwati kali, banjur wiwit wengi, ing ngendi-ngendi
katon peteng. Sang Bayusuta lumebu ing kutha-krajan Alengka, sumurup
ana pawukon akeh jejer-jejer, kerep kepethuk raseksa kang padha kemit
njaga kedhaton, lumaku nggawa obor. Jalaran kuwatir yeng kawruhan
dening raseksa kang mbeneri kemit, Sang Anoman wola-wali kudu ndhelik
sawatara.
Ing sapinggiring marga ana sawetara raseksa lagi guneman,
guneme ditilingake dening Sang Ramadayapati, kang surasane guneman
padha mangalembana marang kaluwihane Sang Rahwana. Kajaba kuwi uga
ana raseksa kang lagi padha suka pari-suka, ana sing lagi ngombe nganti
thele-thele, ana sing njoget, nyuling, ngidung, ngarang tembang, lan
saweneh ana sing guyonan karo kancane. Pancen bener ujaring kandha,
kahanane kutha-krajan Ngalengka mirib kaya Kahyangan Indraloka.
Saya cedhak, saya cedhak lakune Snag Hanuman mring pernahe
kadhaton weruh ana bangsal gedhe tur jembar, dinulu Sang Maruti bangsal
iku isine yaksa pirang-pirang. Para pandhita iku ana sing lagi masang aji
sirep sing njalari turu, ana sing masang aji bajrakaya, sing njalari bisa
nuwuhake kekuwatan kang ngedab-edabi, ana uga kang lagi masang aji
abhicara (sihir), lana ana maneh kang lagi masang aji-aji liyane kang bisa
gawe ngingrime mungsuh kang arsa lumebu ing kadhaton Alengka.
Nanging tumrap hanuman ora bakal mundur sajangkah, menawa durung
ketemu kng den upaya, mula kabeh sirep lan aji pinasang dening para
pandhita yaksa mau bisa disingkirake.
Sajrone Sang Bayusuta mider-mider ana ing sajroning kutha-krajan
Alengka, bisa nyumurupi solah tingkahe para pandhita raseksa iku warna-
warna : ana sing gela-gelo, ana sing keplok-keplok, ana uga sing gulung-
kuming, lan ana uga sing ngadeg jejeg anggone namakake aji-aji mau. Aba
saweneh pandhita kang lagi padha nyinau sastra padha regejegan, jalaran
sulaya panemune, wasana banjur padha kerengan. Watak-wantune yaksa iku
menawa luput utawa kliru, mangka banjur dibenerake, mesthi banjur
pecuca-pecucu. Ana maneh buta kang lagi mangsa daginge manungsa lan
gnombe getihe, ana kang lagi cangkrama wahana rata, dirada utawa
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 21
turangga. Kajaba kuwi Hanuman uga meruhi ana kami kamini (Indonesia:
gendhak lelaki dan gendhak perempuan) padha geguyon apepasihan
pangkon-pangkonan karo brakot-brakotan lambe lan gulune, wekasan
kamini banjur mlumah pasrah karo kami kang samapta nibakake bedhoring
asmara, mbuh kepiye tumandange tan prayoga lamun diceritakake.
Hanuman banjur mlaku ninggalake papan iku, jalaran kelingan marang
sedhih-kingkine Sang Ramabadra kang lagi pisah karo garwane.
Lakune rembulan katon rikat banget, prenahe saya dhuwur. Sawise
lakune tekan ana ing gunung Udaya, rembulan kepengin nyawang
kaendahane praja Alengka. Ing wektu iku Sang Ramadayapati bisa
nyumurupi kabeh papan-papan ing saindenging kutha-krajan Alengka.
Ana panggung digawe saka mustika gunung sarta sesotya-manik-
nawa-retna, rinengga pepethan sato-kewan emas maneka warna. Panggung
kang gedhene saengga nunung iku platarane sinebaran sesotya-manik
candrakanta, kang minangka wedhine sesotya-retna lembut-lembut. Amarga
ketaman sorote rembulan, sesotya candrakatna iku katone kaya ajer-lumer
lan mili, mahanani rasa adhem. Panggung iku ing perangan jaba isi golek
kencana pirang-pirang, padha ngrenggep sanjataning ayuda, pepindhan kaya
dewa-denawa kang lagi pancakara rerebutan “amreta”. Ana saweneh kang
golek kencana kang pepindhane kaya njaga wiwara, tinretes sesotya
candrakanta endah, mripate sumunar bunder mlolo-mandelo kaya arusa
Rahu nedya milu ngrebut amreta. Uga ana canchi sesotya jejer-jejer padha
sumorot pating gebyar. Ing kono ana wimana, iku pepindha kretane dewa
utawa danawa kang ngebur samodra kari. Candhi-candhi iku kinubengan
temok-tembok dhuwur mawa rerenggan perak-putih urut pinggire,
pepindhane kaya Naga Basuki kang mbeneri ngaso, sawise samodra kinebur
para dewa-denawa. (Naga Basuki iku kang minangka tetaline gunung
Mahendra, nalika gunung kinarya ngebur samodra, sirahe Naga Basuki
dienggo cekelan danawa, dene buntute dienggo cekelan para dewa).
Isih akeh banget lan warna-warna barang-barang kang endah-peni
saka kencana-sesotya kang diweruhi Sang Hanuman ana ing sajroning
kutha-krajane Alengka.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 22
Lakune Hanoman saya cedhak prenahe karo kadhaton, dumadakan
Sang Ramadayapati meruhi omah-emas kang banget endah-peni lan banget
asri anglam-lami, yaiku papan-pangonane Sang Rahwana kang ngrasakake
kanikmatan donya. Ing kono akeh wanodya kang endah ing arna kang wasis
olah kridhaning asmara lan lebda marang “indranisastra” (Walanda :
minnekunat = Jawa : pangasihan). Ora kewran Sang Hyang Angga
(Indonesia : Dewa cinta) ana ing kono, panahe asmara lang gendhewane
banget mitayani tur ora tau lesah-lesu. Para wanodya kang ayu-ayu rupane
padha genti-genti jemparing ati nganti ajur-luluh sarana jemparinge asmara
kang landhepe nggegirisi.
Ana sajroning omah emas iku Sang Hanuman weruh Rahwana lagi
kepati nendra bebarengan karo pada wanudya kang endah ing warna kang
wasis olah kridhaning asmara, upama wong lumrah mesthi wis sambat pegel
boyoke, brangkangan lakune, nanging gandheng Sang Yaksendra Rahwana
iku titah pinunjul nduweni kasekten kang pinunjul, mula sanadyan dikrubut
wanita sepuluh orabakal kuwalahan. Gelising tembung, siji tanduk, lowo
kurang, telu isih kurang trima.dhasare wanita-wanita kang ngladeni
Rahwana saben nendra, racak padha nganggo wewangi lisah jebat-kasturi
kang gandane amrik-minging ngambar wangi nganti pitung wengi ora ilang
gandane, mula Sang Rahwana ngrasakake kanikmatan kang tanpa upama.
Salurane nalika pinujusare pindha ardi kalasa, mustakane sepuluh cacahe
iku pepindhanig puncake, bahune gedhe padha karo wit randhu alas, cacahe
rongpuluh. Mulane peparab Wingsatibahu. Rikmane dawa, warnane semu
abang dhasare arang jamas, nadyan bubar diladeni wanodya. Brengose ketel
lan tansah obah kumitir dening bantere napase, pepindhane kaya alase
gunung Meru katerak angin gedhe. Nganti kamitenggengen panyawange
Sang Hanuman marang Rahwana, nanging sajroning batin ora bakal
ngingrim yen ta lumawan perang-tandhing, adu jaja kantaran bahu karo
Sang Rahwana. Mangkene panngudasmarane Sang Hanuman : “O,
Dasamuka! Entek-entekna lan katokna olehmu ngumbar angkara ngeloni
wanodya semono akehe, ora suwe bakal lebur tumpul dening gustiku Raden
Rama! Hemmm! Kabeh wanodya wis padha turu, sajake sayah olehe bubar
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 23
nglandeni sicandhala Dasamuka. Nanging wanodya samono akehe, kaya-
kaya gustiku Dewi Sinta ora ana? Pangiraku Sang Dewi mesthi ora bisa
sare, sabab mung tansah menggalih marang gustiku Sang Raghawa? Oh,
Dasamuka, Dasamuka! Pancen manungsa gelah-gelahing bumi,
panuksmaning jaja-laknat, nganti tega mentala misahake gustiku sakloron
kang nendheng “temanten anyar”.
Mangkono gagasane Sang Ramadayapati, nadyan ora miris meruhi
Rahwana, nanging nglokro atine lan bingung pikire, marga durung bisa
ketemu kalawan Dewi Sinta. Hem! Baya ana ngendi anggone nyingidake
Sang Dewi? Mangkono panglocitane Hanuman karo lingak-linguk nggoleki
dununging Dewi Sinta.
e. Anoman Tekan Taman Asoka
Dumadakan ora adoh saka panggonan iku, Hanuman sumurup wit
asoka, kembange anjrah, warnane abang lan endah, dununge saprenah ing
sawetane kedhaton. Ya ing kono dununge taman Alengka. Jalaran akeh
kembange asoka, mula taman iku diarani taman Asoka. Wong kang ana ing
sajrone taman iku ora bisa ketaman susah, sanajan ing mangsa rendheng
utawa katiga. Mangkono mula-bukaning taman kang idarani taman Asoka.
(A = ora, Soka= susah. Asoka = ora susah). Sang Hyang Candrama
(rembulan), sanajan mbeneri rembulan kantha utawa panglong, yen pas ana
sandhuwure taman Asoka mesthi tansah purnamasidhi, hawit saka parentahe
Sang Dasasyadhiraja (Maharaja Dasasya).
“Weiladalah! Pandugaku Sang Dewi mesthi disingidake ing
sajroning taman Asoka iki!, mangkono pangudarasane Sang Ramadayapati
karo ngener prenahe taman sarana mlumpat-mlumpat saka wit siji menyang
wit sijine, buntute kumitir. Bareng olehe mlembar-mlembar ing wit-witan
wis sawetara suwene, anoman mangisor, weruh ana putri lagi muwun,
katone banget sedhih kawlas-asih, kaya kahanane wanudya kang lagi pisah
karo kekasihe.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 24
“Hla iki Sang Dewi Sinta kang dak goleki!”. Mangkono aloke Sang
Hanuman bareng ketemu kang den upadi. Lamun kacandra ana ing
Tembang Kinanthi, mangkene:
“Anoman malumpat sampun,
Prapting witing nagasari,
Mulat mangandhap katingla,
Wanudya yu kuru aking,
Gelung-rusak wor lan kisma,
Kang iga-iga kaesi.
Sang Anoman tumungkul ngiling-ilingi Dewi Sinta saka wit
nagasari, maspadakake sarana ngincangake alise, atine trenyuh ndulu
kahanane Sang Dewi Sinta, kang katone banget memelas. “O, Sang Dewi,
semanten panandhange paduka pisah kalayan garwa?”
Gambar 8. Dewi sinta
(https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/)
Salirane Dewi Sinta katon kuru-aking, igane gegambangan. Uripe
nalangsa kinungkung, pepindhane kaya manuk ingon kang tansah kinurung,
penggalihe sedhih-kingkin nawung gandrung. Gelunge rusak lan reged
gupak lebu, jalaran sarene ana lemah. Sanajan ing sajrone suyasa kencana
disedhiyani kasur-sari kanthil-gadhing, parandene sang Dewi milih sare ana
ing lemah. Penggalihe kerep kuwur, jalaran trinambul para raseksi kang
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 25
padha nguman-uman, ngrubeda atetindak murang kasusilan. Manawa pinuju
karubung raseksi kang padha ngaru-biru mangkonomiku, Sang Dewi
muwun mingseg-mingseg, penggalihe seseg kanegan oneng lan sedhih.
Wauta kaya mangkono, ora kaya Sang Prabu Dasamuka kang
banget gandrung- kayungyun marang Dewi Sinta prapta ing taman
Asokakanthi angrerepa ngandika marang Dewi Sinta: “mengkota yayi Dewi,
mbok sira aja wangkot kang sarta aja tansah lelewa marang ingsun ta wong
ayu?, mara ayo turutana brataningsun, aja mikir marang Raghawa, satriya
klambrangan turut alas, kae lak mung gawe susahing atimu ta yayi?, balik
ingsun, dhasar dadi narendra sugih bandha-bandhu, kabeh kang kersakake
mesthi bakal ingsun turuti, watone aja njaluk mudhune rembulan wae.
Kowe dadi bojone si Raghawa ora bakal bisa uripmu mulya, mulane
tinggalen si Raghawa, ingsun bae ladenana. Wis ta yayi, aja muwun, tumuli
biraten sungkawanira, enggal ngadia salira, ngedi busana, ingsun ajak
mukti-wibawa, nyakrawati-mbaudhendha, ana ing Alengka.
“Yayi Sinta! Aja wangkot ya wong ayu! Ingsun kang saguh dadi
pangayomanira, lan iya ingsun kang minangka usadanira, nglelipur
sungkawanira, mara age, adedununga ing suyasa kencana pinatik manik
nawa-retna, kang ingsun samektakake kanggo sira wong ayu! Sarea kanthi
tantrem ayem ana ing jajaningsun”.
Babar pisan ora kengguh panggalihe Dewi Sinta, tetep madhep-
mantep marang Sang Raghawa, ya mung panjenengane bae kang cumithak
ing penggalihe. Mulane wangsulane marang Sang Rahwana, pedhes-wengis
lan sereng-sora mangkene : “Heh, bangsat-keparat raseksa candhala
Dasamuka! Sira ngaku linuwih tinimbang kakangmas Raghawa! Geneya
kowe ndhusta garwane kanthi nglimpe-nglimpe, nedhenge panjenengane ora
ana? Ora wani adu jaja kantaran bahu?! Pakartimu iku nandhani yen
satemene sira iku jirih-getih wedi-mati! Mangka manut surasaning wedha
kang dak waca sarta pangandikane para winasis kang dak rungu, pahlawan
sajati kang wis bisa ngasorake mungsuhe, tawanane diwenehi kamardikan”.
Sang Raghawa iku dhanurdhara ing jagad, panjanmane Sang
Hyang Purusottama, tegese satriya ahli jemparing, titise Bathara Wisnu.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 26
Mula Dasamuka yen pancen sira ngaku digdaya, adhepana Sang Raghawa,
ora wurunga bakal sirna-gempang, tumpes-tapis sawadyabalamu!”.
Mangkono wangsulane Dewi Sinta, wawanane Sang Rahwana
jumeneng, banjur ngunus “candrasa”, nuli nudhingi marang Sinta kanthi
netra andhik ngandhar-andhir, idepe ngala-cakra, pasuryan mbrabak abang
kaya kembang wora-wari, wengis, sugal pangandikane : “He, Sinta! Aja
mung waton ngucap! Apa dikira aku wedi karo dhedhapurane Raghawa,
hem? Sira ngalembana marang kasektenane Rama? Apa ora kulak pawarta
adol pangrungu, menawa ingsun iki nduweni kasekten kang ora bisa
dikalahake dening mungsuh? Aja maneh mung lamaking manungsa kaya si
Raghawa, sedheng Bathara Indra sing nduwe sanjata bledheg wae ora
menang tandhing kalawan ingsun? Mula menawa sira tetep puguh-lumuh
nglanggati karsaningsun, tan wurunga dewaning pati bakal methuk sira,
lumantar candrasa tumancep ing jajanira!”
Gambar 9. Dasamuka
(http://caritawayang.blogspot.co.id/2015/05/rahwana-Dasamuka.html)
Kocapa Dewi Trijatha kang tansah prayitna, mulat ingkang wa
Prabu Dasamuka arsa nibakake candrasa marang Dewi Sinta, gya ngalang-
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 27
alangi sarta matur ngrerepa : “Dhuh wa Prabu, keparengan nyiram dahteng
tirtaning kasabaran, kang sarta nyirep dhateng hardaning kakung kang mawa
kepanasen, wa! Menawi wa Prabu badhe mejahi Gusti Rekyan Sinta, badhe
keduwung wingkingipun lhe wa?”
Mireng ature Trijatha mangkono iku, Sang Rahwana murungake
anggone arsa nibakake candrasa mring Dewi Sinta, wasanane banjur kondur
menyang dhatulaya kanthi lingseming penggalih.
Saungkure Rahwana, ana raseksi kembar ing rupa cacah 300,
didhawuhi dening Dasamuka kinen nggegire lan memedeni Sang Dewi
Sinta. Warna-warna carane raseksi 300 iku olehe padha ngaru-biru lan
ngagag-agagi Sang Dewi, nanging Dewi Trijatha ora nrimakakemarang
pakartine para raseksi apa karepe padha tumindak kaya mangoko iku, padha
noleha marang githokmu, heh raseksi kang candhala ing budi! Ngertiya!
Sang Dewi iku tanpa dosa, nanging kepara nandhang kingkin amarga pisah
karo garwane, mung sabab pakartine ratu-gustimu wa Prabu Dasamuka!
Kowe kabeh aja padha banget-banget olehmu nggegiro nedya arep mrajaya
Sang Dewi Sinta. Yen kowe kabeh padha arep tumindak sewenang-wenang
marang Sang Dewi, aku ora narimakake, lan mesthi tak belani nganti
tumetetsing ludiraku kang wekasan, ngerti?
Ngrungu kandhane Trijatha mangkono ikusanalika para
raseksicacah 300 mau padha bubar pating slebar ninggalake Dewi Sinta lan
Trijatha. Ing sapungkure para raseksi, Sang Dewi Sinta tumuli ngendika
marang trijatha mangkene : “Yayi Trijatha ingsun nedya nyaritakake
kasusahaningsun kang prazsasat remuk-rempu dening kangenku marang
panjenengane Pangeran rama. O, Trijatha, kasangsaya-sinangsaya dening
pepesthening Jawata kang njalari uripingsun iki tansah ketula-tula katali.
Dene sira maksih kenya yayi, durung ngerti rasaning atine wanita kang
pisah kalawan garwa. Adhuh, yayi, banget nalangsa-sangsara lan susah
pisah kalawan garwa kang nedheng padhadene seneng pepasihan, labet
ingsun iki lan Pangeran Rama nedhenge temanten anyar, nanging Trijatha,
mung ana sethithik kang rada bisa agawe lipuring atiku. Miturut carita
jaman kuna kang kocap ing layang Kandha perangane cerita Ramayana
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 28
karangane Resi Walmiki, jare pepisahan kang nuwuhake rasa susuah iku,
ing tembe bisa kumpul maneh kanthi rasa kaduk seneng. O, Trijatha ...!
manawa ingsun ketemu maneh marang panjenengane Pangeran Rama kanthi
rahayu niskala, ing mangka padhadene kangene, mendah suka-renane
penggalihingsun... Trijatha... ?”.
Mireng caritane Rekyan Sinta kaya mangkono mau, trijatha melu
karuna, membeng waspa. Mangkene ature : “Dhuh, Sang Dewi, kula
namung ndherek nyenyuwun dhateng dewaning adil, mugi sang Dewi
enggal manggih pepajar, lan kempal malih kalayan Raden Raghawa. Kados
leres ingkang dados pangandika paduka kalawau. Manut piwucal saking
tiyang sepuh kula ugi mekaten, “sapa seneng tembene bakal nemu susah,
nanging kosok-wangsulipun, narima yen lagi nandhang susah, lan nduwe
rasa bagya yen kataman sedhih, mbesuk bakal nemu kabagyan lan
kasenengan”. Menika gusti Dewi ...! Pramila keparenga mbirat kang dados
lelampahan ingkang njalari rudhaning penggalih.hawit ngendikanipun para
winasis, lelakon punika adiling kedah dipun lampahi..”
f. Anoman Ketemu Dewi Sinta
Kocap kacarita, ora kaya Sang Ramadayapati ya Sang Hanuman
kang nedheng njinggleng maspadakake kahanane Sang Dewi Sinta, banget
anggone nggatekake marang kabeh kang dinulu lan kang dirungu, wiwit
saka pambujuke Rahwana marang Dewi Sinta, pangrubedane para raseksi
cacah 300 marang sang Dewi, lan imbal-wacanane Sang Dewi karo Trijatha,
banget digatekake dening Sang Maruti. Nalika Rahwana ngagag-agagi
candrasa marang Dewi Sinta meh wae dijlogi lan linawan dening Hanuman.
Tujune nalika samana kelingan marang pituture para wiku, kang surasane
mangkene : “Murih rahayuning duta, sadurunge nindakake kuwajibane kang
baku kanthi paripurna, kudu bisa nyabarake prakara liya-liyane”. Iku kang
diugemi Sang Ramadayapati, mula niyate mrawasa marang Dasamuka bisa
disabarake.
Sabanjure, amarga saka kepengin wuninga cetha marang sang
Dewi Sinta, Hanuman tumurun saka wit nagasari, mudhun ing lemah.
Sadurunge nyedhak Sang Dewi, Hanuman ngidung sing isine ngandharake
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 29
lelakone Sang Raghawa wiwit pisah karo kekasihe, onenge marang garwa,
lan pamuwune ana sajroning alas. Bareng wis cetha-trawaca lan terang-
gamblang marang dununge Dewi Sinta, Hanuman ngidung Dhandhanggula,
mangkene :
PUPUH TEMBANG DHANDHANGGULA
Kidul wetan kadhaton kaparing
Anglangkungi wewangunanira,
Lan sajroning pura kabeh,
Gapuranira munggul,
Sumarawang pucak hergeni
Sapoh jenggi gengira,
Mancurat ngenguwung,
Tinatirah ing pakaja, banon pandhak kang kinarya akik wilis
Reringgit rerajeng mas
Minangka sambute cerita, sawise ngidung Dhandhanggula,
Hanuman ana kiwaning omah-mas ya ingkono prenahe taman Argosoka
panggonane Dewi Sinta kang diladeni Trijatha, jinaga para raseksa. Dewi
Sinta tansah karuna hawit kelingan marang Raghawa.
PETHIKAN PUPUH KINANTHI
Pada 2. Banjutan pisan wak ingsun,
Awya andedawa wingit,
Gustiku satriya Rama,
Wijaya tolihen mami,
Dasihta tanpa sarira,
Kena ing wiyoga sedhih.
Pada 3. Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanudya yu kuru aking,
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 30
Gelung rusak awor kisma,
Kang iga-iga kaeksi.
Pada 4. Pinandeng sarwa tumungkul,
Anoman ngiling-ilingi,
Sarta mirsaken karuna,
Sumedhot tyasira nenggih,
Iya iki baya-baya,
Kusuma putri Manthili.
Pada 5. Mudhun ing pagrak tumungkul,
Anoman sarwi ningali,
Umengetaken sesambat,
Sangsaya inggih Hyang Rawi,
Sakenjing nggenya karuna,
Kusuma putri Manthili.
Pada 6. Nataring wisma mas murub,
Kuneng wau ta kang prapti,
Prabu Rahwana digdaya,
Ngdeg ing ngarsa sang putri,
Alon denira ngandika,
“Dhuh babo sri Manthili”.
Pada 7. Apa gunanta geng ing kung,
Yayi mariya makingkin,
Tambanana laraningwang,
Mung sira akarya sakit,
Cumanthel pucuking netra,
Gumantung tung tung ing ati.
Pada 21. Mung Rama Wijaya ketung,
Tan mingket prapta ing pati,
Heh Dasamuka ta sira,
Angaku pawireng bumi,
Sira dik liwat durjana,
Gelah-gelahing sakbumi.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 31
Pada 22. Angaku prawira tuhu,
Dene ko anyidreng mami,
Nungkulken satriya Rama,
Nora du arep sireksi,
Iku tandhamu durjana,
Met kang nduwe tan udani.
Pada 27. Tan wurung tatas gembungmu,
Sang putri pedhes dennya ngling,
Dasamuka lingsem dhahat,
Anarik candrasa aglis,
Sinta wruh iki apa,
Tiba ing dulumu mangkin.
Nalika samana Anoman meruhi kaya arep anjlog-anjloga saka
ndhuwur, nanging bisa meper kanepsone, bisa nyrantekake dhisik. Teruse
tembang Kinanthi kang njalari Anuman mangerteni kepiye kahanane Dewi
Sinta nalika ana ing taman Argasoka.
PUPUH 24
Pada 30 Putri Manthili aru muwus,
Yen sira ora mateni,
Maringong dudu narendra,
Dudu prawira sayekti,
Lah payo sundhepen enggal,
Jer sun lalu nora sudi.
Nalika Dewi Sinta ing Taman Argasoka, Trijatha sing ngladeni lan
nglelipur, supaya ora kuwur penggalihe. Yen pinuju madya-ratri Dewi Sinta
tan pegat samadi, mrih rahayu bisa ketemu kalawan garwane Pangeran
Rama. Wondene Anoman kang ana pagrak ura-ura utawa ngidung, supaya
Sang Dewi Sinta ora kaget penggalihe.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 32
PUPUH 25 MIJIL
Pada 18. Dhuh Gustiku bathara Ramadi,
Anandhang wirangrong,
Sapisahe kalawan garwane,
Kusumengrat putri ing Manthili,
Bebaya geng kingkin,
Keneng lara gandrung.
Pada 23. Langkung sumpek dennya tanpa warti,
Garwane kang nyolong,
Pan wus kumus rarasing driyane,
Amung kantun ngayam pati,
Ambelani sori,
Menggah gandrung gandrung.
Pada 25. Nulya laju alelampah malih,
Tan andangu anom,
Apa manuk angendhuruk gedhe,
Suwiwine ilang kang sesisih,
Sigra den parani,
Sarwi gandrung gandrung.
Pada 27. Peksi matur mentas mangun jurit,
Lan raseksa katong,
Sri Rahwana prang lan ingsun rame,
Kang andhusta putri Manthili,
Marma sun labuhi,
Mati teker marus.
Pada 40. Ngalengka arsa den pukul jurit,
Pinrih arerempon,
Nanging lagya ngentosi dhutane,
Kang ingutus mring Ngalengka nagri,
Manggihi Sang Dewi,
Wre seta mapingul.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 33
Priksa Hanuman lan miyarsa kidunge, sanalika Dewi Sinta lan
Trijatha, ngungun! Panggalihe banjur sumelang lan sanggarunggi,
pangudasmarane : “Trijatha! Wanara apa iki, kok nyedhak-nyedhak karo
ngidung? Api-api ngerti marang aku sarta marang lelakone Pangeran Rama.
Aja-aja wanara iki sesinglone si candhala Rahwana, nedya nindakake apus-
krama maneh Trijatha?”
Trijatha : “Mengko ta wanara seta, sira iku sapa lan saka ngendi
pinangkamu, banjur nduwe karep apa dene bisa lumebu ing Taman
Argasoka kene?
Ngrungu pitakone wanudya kang leladi marang Dewi Sinta iku,
Hanuman wangsulan kanthi trapsila anor-raga mangkene : “Dhuh Sang
Dewi, kula menika dhuta gusti kula Raden Raghawa dene nami kula
Hanuman. Wondene kula ngantos dumugi ing taman Argasoka punika, labet
kula kedah saget pinanggih kaliyan Gusti ayu Rekyan Sinta”. Balik kula
pitaken, menapa leres mriki menika taman Argasoka kadhaton Ngalengka?
Dewi Sinta : “Dhasar kepara nyata Hanuman, ya aku iki garwne
Pangeran Rama kang cinidra dening Rahwana, kang dipapanake ana ing
Argasoka iki. Pancen ingsun ya wis ngrungu warta saka telik raseksa ana
wanara dhutane Sang Ramadewa, ndikakake nemoni ingsun. Lan sumurupa
wanudya kang leladi marang aku iki Trijatha, atmajane putri Sang Harya
Wibisana”.
Trijatha : “Ya ya Anoman, aku Trijatha.”
Dewi Sinta : “Aja kaduk ing ati kajeron panampa ya Anoman,
anane aku rada cubriya, sabab nalika aku didhusta dening Rahwana biyen,
uga diapus-krama kanthi memba kaki-kaki pikun njaluk pangan merga
keluwen. Nanging wekasane ingsun digawa mabur ngliwati samodra
jembar, Hanuman! Ing jagad iki mung ana titah loro kang bisa ngliwati
samodra, yaiku dewaning angin lan Garudha. Saliyane loro kuwi ora ana
kang bisa ngliwati samodra. Mulane mokal yen mung salamaking wanara
bisa ngliwati samodra jembar kang klebu wewengkon Ngalengka iki?!”.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 34
Hanuman banjur maju lan nyembah kanthi patrap susila anor-raga,
nerusake anggone matur : “Dhuh Sang Dewi! Paduka mugi sampun
kagungan panggalih was-sumelang. Estu-estu kula punika dinuta dening
Sang Rajaputra Ayodya, gusti kula Sang Raghawa. Kawuningana Sang
Dewi!, raka paduka Sang Raghawa sapunika andhedhepok wonten ing
wukir Malyawan, kaprenah ing sakidulipun redi Resyamuka, utawi
saeleripun wukir Windya.”
“Raka paduka Raden Raghawa punika sapunika memitran kaliyan
Sang Kapindra Sugriwa. Lan dhawuh kawula ndikakaken dados dhuta, Sang
Dewi. Wondene minangka tandha-yekti, gusti Rama inggih garwa paduka,
maringaken kagunganipun “singsim” dhateng kawula, supados kacaosaken
dhateng paduka Sang Dewi. Mila sumangga gusti Dewi, wontena
kaparengipun penggalih paduka karsa nampi singsim puniki.”
Hanuman ngaturaken singsim, janeng nglajengaken atur malih :
“Adhuh Sang Dewi!, raka paduka raden Rama saha yayi paduka Raden
Laksmana, badhe tumunten rawuh ing Ngalengka ngirit wadyabala wanara,
mrajaya Rahwana sakwadyabalanipun. Kawuningana Sang dewi!, samangke
wadyabala wanara sampun samekta ing yuda, badhe nyirnakaken mengsah.
Hawit saking punika, paduka sang Dewi kawula aturi ngentosi kanthi
sabaring panggalih, lan tansah ngreksoa dhateng kawilujengan paduka.
Kalawau nalika paduka nguman-uman pun Rahwana, manah kawula
saklangkung uwas, jalaran kiyambakipun sampun ngasta pusaka candrasa
badhe katamakaken dhateng paduka sang Dewi!?”.
Dewi Sinta : “Ya ya Anoman, Jawata isih ngayomi marang ingsun!”.
Hanuman : “Sang Dewi! Gusti kula Sang Raghawa sampun
prasetya badhe nyirnakaken si keparat Dasamuka ing madyaning palagan,
jiwanipun minangka kangge panebusing dosanipun anggenipun ndhusta
paduka”. Mila lajeng sumangga sang Dewi, kawula aturi welinga punapa
kemawon dhateng kawula, ingkang kedah kawula aturaken dhateng sang
rajaputra Ramadewa, mumpung boten wonten raseksa ingkang jagi.”
Midhanget ature Hanuman, Dewi Sinta banget karenan ing
panggalihe, pangandikane : “Anoman, mara majua mrene! Banget suka-
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 35
renaning penggalihingsun ketekan sira. Cundhakamanikingsun iki aturna
gustimu Pangeran Rama karo nawala iki, minangka tandha onengingsun
marang panjenengane. Welingingsun marang sira, Hanuman, panjenengane
aturana pamrayoga supaya kersa dhahar lan sare, aja tansah mangun-kung,
lan aja nglelantur panggalih sungkawa jer ingsun wis uninga karsane. Wis
Hanuman, mungiku piwelingisun, lan sira dak keparengake bali mring
ngarsane gustimu Pangeran Rama.
Hanuman sendika ngestokake dhawuh, banjur nyedhak Dewi Sinta
nampani nawala lan cundhamanik. Sawise nyembah lan pamitan madal
pasilan tumuli oncat saka ngarsane Sang Dewi, kanthi leganing ati,
pangudasmarane : “Ya mangkene iki dhuta utama kang utama kang pantes
ingalembana, sawise mungkur saka ngarsane Dewi Sinta banjur mangkene :
“Yoh sawise ketemu Sang Dewi Sinta, saiki apa kang kudu dak tindakake?
Supaya jenengku tambah misuwur!? Taman Argasoka iki taman kang
banget jembare? Iki dak obrak-abrike! Wit-witan dak bedholane! Manawa
ana kang ora narimakake marang aku, dak sirnakake!”
Sawise nggagas mangkono, Sang Ramadayapati tumuli cancut tali-
wanda banjur wiwit mbedholi wit-witan ing sajrone taman, karo sesumbar :
“Endi raseksa sing jare ngaku digdaya? Mara gage metua tandhingana
dhutane Pangeran Rama!?.”(Sastrohardjono, 2013: 50-68, kanthi kabesut
saprelune).
Video carita wayang kulit lakon anoman dhuta uga isa dipirsani ing ling:
1. https://www.youtube.com/watch?v=TThnpBJJ_xg
2. https://www.youtube.com/watch?v=TlHozuq2tY4
3. https://www.youtube.com/watch?v=fcvYun2JE8w
4. https://www.youtube.com/watch?v=LtEcTw-nIh4
A. RANGKUMAN
Wayang kulit purwa yaiku wayang kang asal critane saka crita Ramayana lan
Mahabarata. Tembung wayang iku saka tembung wod “yang” kang nduweni
teges layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges: tansah obah, ora
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 36
tetep, samar-samar lan sayup-sayup. Suwe-suwe tembung wayang nduweni
teges tontonan wayang lan sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa
wayang. asal-usul utawa mula bukane wayang yaiku saka tanah Jawa utawa
asli saka tanah Jawa, kang durung cetha yaiku kapan wayang kuwi dipentasake
dening dhalang, kapan wiwitane ngganggo gamelan pelog utawa slendra,
kapan nduweni sumber crita saka Ramayana lan Mahabarata. Sabanjure crita
wayang purwa, kajaba minangka tontonan uga ngemot tuntunan, tatanan, lan
makna-makna filosofis kang nggambarake uriping manungsa saka purwa-
madya-wasana.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 37
DAFTAR PUSTAKA
PUSTAKA
Kamajaya. 1985. Tiga Suri Teladan, Kisah Kepahlawanan Tiga Tokoh Cerita
Wayang. Yogyakarta: U.P. Indonesia.
Kasnadi & Sutejo. (2010b). Kajian Prosa Kiat Menyisir Dunia Prosa.
Yogyakarta: Pustaka Felicha.
KURIKULUM 2013 Muatan Lokal Bahasa Jawa SMP/SMPLB/MTs Provinsi
Jawa Tengah
Mulyono, Sri. 1979. Wayang, Asal-usul, Filsafat dan Masa Depannya. Jakarta.
PT. Gunung Agung.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra DjawUa. Batavia: J.B. Wolters’
Uitgevers Maatscappij N.V Groningenn
Poespadiningrat, Pronodjoe. 2005. Nonton Wayang dari Berbagai Pakeliran.
Yogyakarta. PT. Kedaulatan Rakyat.
Priyantono dan sawukir. 2014. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs
Kelas VII. Jakarta: Erlangga.
Prabowo, Dhanu Priyo, dkk. 2007. Glosarium Istilah Sastra Jawa. Yogyakarta:
Narasi.
Sastrahardjana. 2013. Carita Ramayana. Sukoharjo: CV. Cendrawasih Asri.
Satoto, Soediro. 2012. Analisis Drama dan Teater. Yogyakarta: Ombak.
Sulaksono, Djoko. 2012. “Penggunaan Nama Dari Dunia Pewayangan”. Makalah
pada Prosiding Seminar Nasional Pendidikan Budaya di Sekolah dan
Masyarakat yang diselenggarakan atas Kerjasama Pusat Studi Budaya,
Kawasan, dan Lingkungan Hidup LPPM UNY dengan Fakultas Bahasa
dan Seni UNY. Yogyakarta, 27 November 2012. ISSN 978-979-562-026-
6.
Sulaksono, Djoko. 2016. Seputar Budaya Jawa. Surakarta: Lembaga Penjaminan
Mutu Pendidikan UNS.
Soetardjo, Iman. 2010. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah.
FSSR UNS.
Supadjar, Damardjati. 1985. Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini.
Yogyakarta: Javanologi.
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 38
Tim Penulis Sena Wangi. 1999. Ensiklopedi Wayang Indonesia. Jakarta: Sena
Wangi.
Walujo, Kanti. 2000. Dunia Wayang: Nilai Estetis, Sakralitas, dan Ajaran Hidup.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
EPUSTAKA
Gambar wayang Sinta: https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/
Gambar wayang Dewi Sayempraba: https://blog.hadisukirno.co.id/dewi-
sayempraba/
gambar Wayang Bathara Narada: http://corojowo.blogspot.co.id/2008/12/bathara-
narada-patih-ing-suralaya.html
gambar wayang Wilkathaksini:
http://tokohwayangpurwa.blogspot.co.id/2009/09/wilkataksini.html
gambar wayang Dasamuka :http://caritawayang.blogspot.co.id/2015/05/rahwana-
Dasamuka.html)
gambar wayang Anoman: http://www.asia-culture.net/2015/03/gambar-wayang-
wayang-ramayana-2.html)
Tomaskura, Ki Gilang. 2015. Anoman Duta. (dalam:
https://www.youtube.com/watch?v=TThnpBJJ_xg)
Nugroho, Seno. 2017. Anoman Duta. (dalam
https://www.youtube.com/watch?v=TlHozuq2tY4)
Asmoro, Ki Purbo. 2015. Anoman Obong.
(dalam:https://www.youtube.com/watch?v=fcvYun2JE8w)
Axel, Ki. 2017. Anoman Duta. (dalam:
https://www.youtube.com/watch?v=LtEcTw-nIh4
[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-3 RAMAYANA: LAKON ANOMAN DHUTA]
| Dr. Djoko Sulaksono, M.Pd. 39