tuntunan wudhu (bahasa jawa)

11

Upload: sarwiji-majid

Post on 08-Jul-2015

355 views

Category:

Documents


4 download

TRANSCRIPT

Page 1: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)
Page 2: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

Dening :

Ahmad Sarwiji Majid

Page 3: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

1. Masuh epek-epekipun kalih ngantos dumugi ugel-ugel, sinarengan maos “Bismillaahirrahmaanirrahiim” lan niat badhe wudhu karana Allah wonten salebetipun manah.

Page 4: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

2. Kemu sarta serot toya saking epek-epek mawi grana lajeng dipun semburaken malih, 3X.

Page 5: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

3. Masuh rai (raup) 3X, kanthi dipun gosok lan dipun usap sipitipun (pucuk tlapukan) lan dipun langkungaken anggenipun masuh, lan dipun sela-selani

jenggotipun

Page 6: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

4. Masuh asta kaping tiga, ngantos dumugi sikut dipun gosok, lan dipun sela-selani drijinipun sarta dipun langkungaken masuhipun, saking asta ingkang tengen lajeng ingkang kiwa.

Page 7: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

5. Ngusap sirah mawi epek-epek saking

ngajeng ( ubun-ubun) dhateng wingking ngantos githok, wangsul malih dhateng ngajeng, lajeng ngusap talingan kanthi cara jempol wonten jawi talingan lan driji tuding wonten nglebet talingan dipun lampahaken saking ngandhap manginggil, cekap kaping setunggal.

Page 8: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

6. Masuh suku kalih kaping tiga, dipun wiwiti saking suku ingkang tengen lajeng ingkang kiwa, ngantos sanginggilipun kemiri kanthi dipun gosok resik lan dipun resiki sasela-selanipun driji suku. Ngatos-atos, ampun ngantos kesupen masuh lan ngresiki tungkak.

Page 9: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

7. Sasampunipun wudlukatindakaken kanthitumata, urut wiwitan ngantospungkasan, lajeng maosdonga :

Page 10: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

Asyhadu allaa ilaaha illallahu wahdahu laa syariikalah. Wa asyhadu anna

muhammadan ‘abduhu warasuuluh.

“Kula nyekseni bilih boten wonten sesembahan kajawi Allah ingkang boten

wonten sekuthon (nandhingi Panjenenganipun). Lan kula nyekseni bilih

Nabi Muhammad punika kawula lan utusanipun Allah”.

Page 11: Tuntunan wudhu (bahasa jawa)

WALLAHU A’LAM

BISH SHAWAB

APRIL 2008