teges entar sajrone rumpaka

12
1 TEGES ENTAR SAJRONE RUMPAKA Ah. Syahrul Rahmat 12020114047 2012 B A. Purwaka Akeh sing durung ngerti yen rumpaka minangka jinise panyandra. Jinise panyandra saliyane nyandra manungsa, uga ana sing nyandra danawa, nyandra alam (rumpaka), lan nyandra samubarang. Panyandrane manungsa, danawa, lan samubarang bisa diperang adedhasar rupa lan panindake utawa kalungguhane. Dene panyandra tumrape alam bisa diperang adhedhasar sipat lan wektune. Panyandra sajrone lelewane basa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujude yaiku candrane manungsa lan rumpaka (candrane alam). Rumpaka utawa panyandrane alam minangka jinise lelewane basa kanggo mindhanake kahanane alam. Sajrone rumpaka iku ana sing ngandhut teges entar lan ana sing ngandhut teges wantah. Panliten ngenani lelewane basa mligine ngenani cecandran lan makna entar ing bidhang semantik sajrone basa Jawa wis kerep ditindakake, nanging sing mligi ngenani rumpaka durung ditemokake dening panliti. Rumpaka (panyandrane alam) dipilih dening panliti minangka topik sajrone nulis makalah iki merga nduweni perangan sing beda karo panyandra liyane. Saliyane iku merga panliten sing mligi ngenani panyandrane alam durung ditemokake panliti. Anane mung mligi ngenani candrane manungsa lan anggone njlentrehake kurang jembar. Panliten ngenani panyandrane alam dirasa perlu dijlentrehake luwih rowa lan rinci ngenani bab tata rakite, pamerangane, lan cara negesine. Sasuwene iki makna entar sajrone rumpaka (panyandrane alam) durung tau ditliti. Panulis durung nemokake panliten ngenani teges entar sajrone rumpaka. Dene teges entar sajrone lelewane basa liyane sing ngandhut makna entar kayadene sanepa, bebasan, lan saloka wis tau ditliti. Mula saka iku sajrone makalah iki panliti bakal njlentrehake kanthi nggoleki lan nggolongake teges sajrone rumpaka, mligine teges entare. Panulis njlentrehake teges entar sajrone rumpaka iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Cara kang digunakake yaiku kanthi analisis komponen lan analisis makna simbolik. Analisis komponen bakal ngidhentifikasi ngenani pamangune utawa tata rakite rumpaka saengga nuwuhake makna entar. Dene analisis makna simbolik bakal dicakake ing rumpakan kang ngandhut makna entar arupa simbol utawa pralambang. Panliten iki nduweni tujuwan supaya bisa menehi kawruh marang pamaca ngenani rumpaka. Kanggone pamaca supaya bisa ngerteni, ngonceki, lan njlentrehake teges entar sajrone rumpaka (panyandrane alam) adhedhasar wektu lan sipate. Saliyane iku panliten iki nduweni ancas supaya bisa ngrembakake ilmu semantik Jawa ing bab jinise teges mligine ngenani topik teges entar sajrone rumpaka.

Upload: ahmad-syahrul

Post on 13-Apr-2016

357 views

Category:

Documents


21 download

DESCRIPTION

Analisis Semantik

TRANSCRIPT

Page 1: Teges Entar Sajrone Rumpaka

1

TEGES ENTAR SAJRONE RUMPAKAAh. Syahrul Rahmat

120201140472012 B

A. PurwakaAkeh sing durung ngerti yen rumpaka minangka jinise panyandra. Jinise panyandra

saliyane nyandra manungsa, uga ana sing nyandra danawa, nyandra alam (rumpaka), lan

nyandra samubarang. Panyandrane manungsa, danawa, lan samubarang bisa diperang

adedhasar rupa lan panindake utawa kalungguhane. Dene panyandra tumrape alam bisa

diperang adhedhasar sipat lan wektune.

Panyandra sajrone lelewane basa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujude yaiku

candrane manungsa lan rumpaka (candrane alam). Rumpaka utawa panyandrane alam

minangka jinise lelewane basa kanggo mindhanake kahanane alam. Sajrone rumpaka iku

ana sing ngandhut teges entar lan ana sing ngandhut teges wantah. Panliten ngenani

lelewane basa mligine ngenani cecandran lan makna entar ing bidhang semantik sajrone

basa Jawa wis kerep ditindakake, nanging sing mligi ngenani rumpaka durung ditemokake

dening panliti.

Rumpaka (panyandrane alam) dipilih dening panliti minangka topik sajrone nulis

makalah iki merga nduweni perangan sing beda karo panyandra liyane. Saliyane iku merga

panliten sing mligi ngenani panyandrane alam durung ditemokake panliti. Anane mung mligi

ngenani candrane manungsa lan anggone njlentrehake kurang jembar. Panliten ngenani

panyandrane alam dirasa perlu dijlentrehake luwih rowa lan rinci ngenani bab tata rakite,

pamerangane, lan cara negesine.

Sasuwene iki makna entar sajrone rumpaka (panyandrane alam) durung tau ditliti.

Panulis durung nemokake panliten ngenani teges entar sajrone rumpaka. Dene teges entar

sajrone lelewane basa liyane sing ngandhut makna entar kayadene sanepa, bebasan, lan

saloka wis tau ditliti. Mula saka iku sajrone makalah iki panliti bakal njlentrehake kanthi

nggoleki lan nggolongake teges sajrone rumpaka, mligine teges entare. Panulis njlentrehake

teges entar sajrone rumpaka iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Cara kang

digunakake yaiku kanthi analisis komponen lan analisis makna simbolik. Analisis komponen

bakal ngidhentifikasi ngenani pamangune utawa tata rakite rumpaka saengga nuwuhake

makna entar. Dene analisis makna simbolik bakal dicakake ing rumpakan kang ngandhut

makna entar arupa simbol utawa pralambang.

Panliten iki nduweni tujuwan supaya bisa menehi kawruh marang pamaca ngenani

rumpaka. Kanggone pamaca supaya bisa ngerteni, ngonceki, lan njlentrehake teges entar

sajrone rumpaka (panyandrane alam) adhedhasar wektu lan sipate. Saliyane iku panliten iki

nduweni ancas supaya bisa ngrembakake ilmu semantik Jawa ing bab jinise teges mligine

ngenani topik teges entar sajrone rumpaka.

Page 2: Teges Entar Sajrone Rumpaka

2

B. Andharan1. Makna Entar

Makna entar minangka teges sing nuduhake utawa nggambarake sing ora salugune.

Negesi tetembungan, frasa, utawa ukara sing ngandhut teges entar kudu nggunakake

pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi sawantahe. Poerwadarminta

(1939:114) ngandharake menawa entar nduweni rong teges yaiku bablas tumrap sesurupan

lan dudu teges sing baku utawa silihan tumrape tetembungan. Makna entar yaiku teges kang

ora mung sawantahe, ora mung salugune. Padmosoekotjo (1953:35) ngandharake yen

makna entar yaiku teges kang ora mung sawantahe, ora mung salugune. Kosok baline yaiku

makna wantah, makna sing manut teges sing baku, sing salugu, sing sawantahe.

Tembung ”entar” asale saka tembung basa Kawi “ili”. Tegese pindah saka papan siji

menyang papan liyane tumrape samubarang kang mbanyu. Miturut Hadiwidjana (1967:57),

entar tegese ili, etut, lunga. Mula, entar tumrape bidhang linguistik nduweni teges makna

sing ora sabenere, makna pepindhan, sing ora salumrahe. Tuladhane kaya tembung kethul

atine. Iki ora ateges atine kethul, ora landhep, nanging tegese durung pinter (bodho).

2. Makna Entar Arupa RumpakaMakna entar sajrone lelewane basa Jawa kinandhut sajrone bebasan, saloka,

sanepa, isbat, lan cecandran (utawa rumpakan). Kalebu golongane sing nduweni makna

entar merga nduweni titikan ngandhut teges pepindhan utawa irib-iriban, dudu teges sing

ngandharake (teges baku, sing salugu). Salah sijine lelewane basa sing ngandhut teges

entar yaiku cecandra. Nyandra nggambarake utawa memindhanake kaya kahanane

samubarang. Candra miturut Padmosoekotjo (1953:113), yaiku salah siji lelewaning basa

kang tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kaanan kanthi sarana pepindhan.

Wondene kang lumrah dicandra kayata: a) manungsa lan bab kang gegandhengan karo

manungsa, b) danawa lan bab kang gegandhengan karo danawa, c) panyandrane alam

(rumpaka), lan d) samubarang liya-liyane.

Salah sijine jinise cecandran yaiku rumpaka. Rumpaka asale saka tembung lingga

‘rupa’, oleh seselan {-um-} lan panambang {-an}, ‘rumpakan’, yaiku ngrupakake kahanane

alam. Dene tumrape manungsa diarani candra. Sing dicandra yaiku sipat utawa rupa lan

kahanane alam. Miturut Hadiwidjana (1967:68), candra gegambaran endah-endahing alam

kodrate pangeran dijenengake rumpaka. Rumpaka akeh cacahe, kaya ta rumpakane alam

ing padesan, gunung, sagara, wayah esuk, wayah sore, wayah bengi, lan sapanunggale

(Padmosoekotjo, 1953:75). Panyandra kang gegayutan karo alam bisa diperang dadi loro,

adhedhasar sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane.

Titikane rumpaka yaiku a) ngemu teges pepindhan, b) mindhanake utawa

nggambarake kaya samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud

kabasane uga nganggo pangrasa. Miturut Kridalaksana (sajrone Pateda, 1989:62), makna

Page 3: Teges Entar Sajrone Rumpaka

3

sawijine utawa sakumpulane tembung dhasare saka rasa utawa pamikir sing tuwuh saka

pamicara (utawa panulis) lan pangrungu (utawa pamaca).

3. Titikane RumpakaDhasar pamerange rumpaka bisa digolongake dadi telu, yaiku adhedhasar wujude,

tegese, lan sintaksise. Adhedhasar wujude bisa awujud tembung, frasa, ukara frasa, lan

ukara. Wujud tembung sing nduweni teges entar yaiku tembung kriya utawa tembung aran.

Tembung-tembung iku umume nganggo ater-ater anuswara {na-}, {ma-}, {nga-}, lan {nya-}.

Teges entar bisa arupa frasa yaiku frasa kriya lan frasa aran. Teges entar yen ing ukara bisa

awujud ukara camboran.

Adhedhasar teges sajrone rakitane nuduhake makna sing salugune utawa ora.

Tembung, frasa, lan ukarane ngandhut teges entar mesthi ngandhut pepindhan. Umume

ngandhut tembung utawa pangiket kang mratelakake pepindhan yaiku ‘kaya’, ‘kaya-kaya’,

‘lir’, ‘kadya’, lan ‘pindha’. Suwalike, menawa ora ngandhut teges entar mangka kalebu makna

wantah. Makna wantah yaiku makna sing salugune, apa anane, lan wujude ngandharake.

Adhedhasar sintaksise yaiku tata rakit lan panggonane sajrone ukara. Umpamane

sajrone ukara camboran. Miturut Subagyo (2011:142), rakitan pratelan pepadhan sajrone

ukara camboran kang ukara frasa pange mratelakake pepindhan, saemper, utawa pilihan

antarane apa kang diandharake ing ukara frasa deleg karo kang diandharake ing ukara

ganta pange. Pangiket sing dianggo yaiku ‘kaya’, ‘kaya-kaya’, ‘lir’, lan ‘pindha’.

4. Teges Entar sajrone RumpakaTitikane makna entar sajrone rumpaka, kaya kang diandharake ing ndhuwur, bisa

diperang dadi loro, yaiku miturut sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane. Miturut sipat

utawa rupane yaiku ngrumpakake wujud kaendahane. Miturut wektu utawa kahanane yaiku

ngrumpakake miturut panganggone.

Candrane alam adhedhasar wujud lan sipate bisa dideleng saka samubarang sing

dicandra. Samubarang mau awujud tembung aran sing cundhuk karo alam. Candrane alam

dicandra kanthi nuduhake wujud utawa sipate.

Rumpaka adhedhasar kahanane bisa dideleng saka kahanane samubarang sing

dirupa. Samubarang mau awujud tembung kahanan sing gegayutan karo alam. Titikane

rumpaka miturut kahanane yaiku ngemu teges pepindhan lan nggambarake kaya kahanane

samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud kabasane uga

nganggo pangrasa.

Jinis-jinis makna sajrone bidhang semantik yaiku afektif, asosiatif, ciyut, dheskriptif,

ekstensi, emotif, entar, gereflekter, gramatikal, idheasional, idhiomatikal, intense, jembar,

kognitif, kolokatif, konseptual, kontekstual, konstruksi, leksikal, piktoral, proposisional, pusat,

referensial, stilitika, tematis, lan wantah. Rumpaka minangka jinise lelewane basa sing

Page 4: Teges Entar Sajrone Rumpaka

4

ngandhut makna entar uga nduweni teges sing gegayutan karo jinise makna ing basa Jawa

iku. Makna-makna sing kinandhut sajrone rumpaka andharane kaya ing ngisor iki.

a. Makna AfektifMakna afektif yaiku makna sing sesambungan karo rasane pamicara sacara pribadhi

tumrape wong sing dijak cecaturan utawa tumrape perkara utawa samubarang sing dadi

topik cecaturan. Makna afektif luwih krasa menawa diaturake tinimbang ditulisake (Chaer,

2009:73). Makna afektif yaiku makna sawijine tembung kang nggambarake rasa pribadhi

panutur, kalebu tumindake tumrap mitrawicarane utawa ngenani apa wae sing diandharake

(Leech, 1997:20).

Makna afektif cundhuk karo rasa pangrasa kang tuwuh sawise panampa

ngrungokake utawa maca (Leech, 1976:33). Pangripta karya sastra milih tembung kang

nduweni makna afektif saengga pamaca bisa ngrasakake bungah, seneng, susah, sungkawa

anggone maca karya kuwi.

Salah sawijine ahli basa kang ngandharake ngenani makna afektif yaiku Pateda.

Makna afektif (Inggris: affective meaning, Belanda: afektif betekenis) miturut Pateda (1996:

97) yaiku makna kang tuwuh merga anane panangkepe mitrawicara utawa pamaca

ngenani makna sawijine tembung utawa ukara. Mula saka kuwi, makna afektif nduweni

sesambungan karo panampane pangrungu utawa pamaca mligine ing babagan pangrasane.

Mula kanthi langsung makna afektif gegayutan karo lelewaning basa.

Makna afektif kalebu entar, karana makna ora bisa ditegesi lumantar makna kamus.

Ateges makna afektif iku kalebu makna konotatif kang surasane dudu makna asline. Makna

afektif kalebu makna gramatikal, ateges makna afektif iku gumantung karo konteks ukara

utawa konteks kaanan. Mula makna afektif kalebu makna kontekstual utawa makna

situasional.

Gegayutan karo makna afektif, tetembungan utawa ukara kang diandharake dening

panutur iku bisa saka maksud, kahanan, lan tujuwan. Dene tetembungan utawa ukara

kasebut uga bisa nuwuhake maneka warna tuwuhe rasa saka mitra wicara. Saben tembung

kang diandharake panutur sejatine bisa ditegesi maneka warna dening mitrawicara,

gumantung karo konteks lan kahanane. Rumpaka kang ngandhut makna afektif kang arupa

tembung tuladhane kaya mangkene:

(1) ndhadhari

(2) gumelar

Dhata (1) minangka rumpakan yaiku tembung aran “dhadhar” oleh ater-ater

anuswara {n-}. Ater-atere {n-} merga tembung linggane diwiwiti aksara /dh/. Mbulan sing

kahanane bunder wayah purnamasidhi dirumpakakake karo bundere ndhog dhadhar.

Rumpakane mbulan iki ngandhut teges afektif. Yen ngarani ndhadhari, pangrasa kita bakal

nuju marang rembulan. Mula ndhadhari kalebu makna afektif.

Page 5: Teges Entar Sajrone Rumpaka

5

Tembung “gumelar” sajrone dhata (2) ora bisa ditegesi sawantahe. Pamikiran kita

yen ngarani gumelar mesthi nggayutake karo kahanane jagad. Ora mungguh menawa jagad

sing kaya ngene digelar. Wis digelar tegese wis ditata. Sing dikarepake yaiku tatanan jagad

sing wis diripta dening pengeran iki wis tumata kanthi becik. Makna sing kinandhut sajrone

dhata iki yaiku makna afektif, merga nuwuhake asosiasi utawa pamikiran ngenani wujude

jagad sing dipepindhanake wis ginelar.

Dene makna afektif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya

mangkene:

(3) lingsir wengi

(4) melteke srengenge,

Frasa ing dhata (3) lingsir wengi nduweni teges wektu sawise jam 12 dalu. Lingsir

minangka tembung kriya, lan wengi saka tembung kahanan. Lingsir wengi ngandhut makna

asosiatif. Kanggo negesi makna iku kudu nggunakake rasa lan nalar. Lingsir wengi ora bisa

ditegesi sawantahe wengine wis lingsir, nanging wektu sing ngliwati wengi nuju esuk. Lingsir

wengi kalebu makna afektif merga yen nyebut lingsir wengi pamikir lan rasa kita menyang

wayah dalu menyang esuk.

Dhata (4) melteke srengenge minangka rumpakan wektu esuk nuju awan. Melteke

saka tembung peltek, ngalami proses morfologis ole ater-ater anuswara {m-} lan panambang

{-e}. Ater-ater {ma-} nduweni teges nandhang pakaryan, lan panambang {-e} tegese duweke

jejere utawa panandange, srengenge minangka tembung aran. Meltheke srengenge

ngandhut teges entar kang kalebu makna asosiatif. Frasa meltheke srengenge tegese dudu

srengenge sing melthek (pecah) nanging wektu esuk nuju awan wiwit srengenge sing rada

abang wektu metune menyang padhang lan nuwuhake panase. Meltheke srengenge kalebu

makna afektif merga nuwuhake rasa kita menyang wektu srengenge wiwit esuk manjing

awan.

Rumpaka kang arupa ukara kang ngandhut makna afektif tuwuh merga rasa kita

kang gegayutan karo kahanane alam. Tuladhane kaya mangkene.

(5) Bumi kapetak, ciyut!

(6) Langite nangis, udan.

Dhata (5) minangka rumpaka kang madhakake kahanane lemah sing ciyut.

Kahanane lemah sing ciyut iku dipepindhanake kaya bumi sing kapetak. Bumi kapetak

kalebu makna afektif merga nuwuhake pangrasa lan nalar yen kapetak kahanane sarwa

winates, yaiku ciyut.

Dhata (6) minangka rumpaka kang madhakake kahanane udan. Udan

dirumpakakake kaya lakune manungsa sing nangis. Langite nangis tegese langite netesake

banyu. Makna afektif langite nangis tegese yaiku langite netesake udan kerana mendhung.

b. Makna Asosiatif

Page 6: Teges Entar Sajrone Rumpaka

6

Makna asosiatif yaiku makna kang didhasarake marang proses kognisi. Proses

kognisi bisa tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa

pamikire manungsa siji lan sijine iku beda-beda. Mula saka iku makna asosiatif uga diarani

makna kang kurang stabil lan maneka werna miturut pengalamane saben pawongan. Makna

asosiatif iki satemene padha karo pralambang-pralambang kang digunakake dening

masyarakat basa kanggo nyatakake sawijining konsep liya kang nduweni pepadhan karo

sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung utawa leksem kasebut

(Leech sajrone Chaer (1995:73). Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane

manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki dipangaribawani dening kahanan jiwa

utawa psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Miturut Blanke sajrone Kaswanti

(2000:156) makna asosiatif dipangribawani dening kahanan jiwa uawa psikis kang asifat

indhividual, nanging sajrone lingkungan budaya kang padha makna asosiatif nduweni

pepadhan antarane pawongan siji marang pawongan sijine.

Makna asosiatif kalebu teges entar. Miturut Tarigan (1990:59), konotasi yaiku apa

sing kita pikirake menawa kita ndeleng tetembungan kasebut, sing mungkin lan uga ora

mungkin trep karo makna asline. Konotasi miturut Tarigan adhedhasar asipate, yaiku

konotasi individual lan konotasi kolektif.

Makna asosiatif minangka makna gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60)

ngandharake yen makna gramatikal yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika,

yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi). Makna

gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure. Makna gramatikal uga

bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional merga makna saben tembung,

lingga utawa andhahan, gumantung karo konteks ukarane utawa konteks kahanane.

Rumpaka kang ngandhut makna asosiatif kang arupa tembung tuladhane kaya

mangkene:

(7) ireng

(8) surub,

(9) padhang

Dhata (7), ireng minangka rumpaka kang ngandhut teges asosiatif. Ireng minangka

tembung sipat. Tembung ireng ngandhut teges peteng, medeni, lan ala. Ireng minangka

rumpaka kang ngrupa kahanane bengi sing peteng lan medeni. Semono uga dhata (8) lan

(9), surub minangka tembung kriya. Tembung surub minangka rumpaka kang nggambarake

wektu surube surya bisa owah dadi tembung kahanan. Dene tembung padhang

nggambarake utawa ngandhut makna asosiasi tumrape kahanane rina sing sarwa padhang.

Makna asosiasi kang kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya

dhata ing ngisor iki.

(10) gemah ripah loh jinawi

Page 7: Teges Entar Sajrone Rumpaka

7

Dhata (10), nggambarake kahanane lemah Indonesia. Sing dirupa yaiku lemahe

Indonesia, sing dadi rumpakan yaiku kaanane yaiku gemah ripah loh jinawi utawa reja tur

subur. Rumpaka ing kene bisa dingerteni utawa dijlentrehake saka tegese. Gemah ripah loh

jinawi minangka frasa aran lan minangka tuladhane makna asosiatif. Pamikir kita menyang

frasa iku yaiku ngenani gegambarane lemah Indonesia sing sarwa subur lan reja.

Rumpaka kang ngandhut makna asosiatif kang arupa ukara umume awujud ukara

camboran. Titiakane yaiku nduweni pangiket ‘kaya’, ‘kaya—kaya’, ‘pindha’, lan ‘lir’.

Tuladhane kaya mangkene.

(11) Ana tlaga banyune bening, katon maya-maya biru kaya langit.

(12) Tentreme dalu wis kepara mungkasi. Ireng petenge jagad dadi padhang.

(13) Srengengene mleruk kaya wong lagi susah.

Dhata (11) minanka ukara kang ngrupakake alam. Sing dirupakake yaiku “tlaga”, sing

dadi rumpakan yaiku langit. Ukara iku ngandhut teges entar merga nduweni teges

pepindhan, yaiku ngrupakake tlaga karo langit. Saka tata rakite, ukara iku dumadi saka rong

ukara frasa. Ukara frasa sepisan yaiku “ana tlaga banyune bening” minangka sing

dirupakake, dene sing dadi rupakan yaiku ukara garta “katon maya-maya biru kaya langit”.

Rong ukara frasa iku diiket karo tembung “kaya”, mula ukara iku minangka ukara camboran

sungsun sing nduweni rakitan pratelan pepadhan. Ukara iki ngandhut makna asosiatif merga

nggambarake birune banyu kaya birune langit.

Dhata (12) ing ndhuwur ngrupa kahanane dalu. Sing dadi rumpakane yaiku

mungkasi. Saka wujud tembunge, mungkasi saka tembung pungkas oleh ater-ater {m-} lan

panambang {-i}. Mungkasi tegese nindakake pakaryan ngrampungake pakaryane. Menawa

ditegesi sawantahe, tentreme dalu ora bisa mungkasi dheweke. Tentreme dalu wis kepara

mungkasi tegese wis meh rina. Dijelasake ing ukara sabanjure “Ireng petenge jagad bakal

dadi padhang.” Ireng petenge jagad uga kalebu makna entar, minangka gegambarane

wayah dalu. Makna asosiatif kang kinandhut sajrone ukara iki nggambarake kahanane dalu

sing ireng lan peteng.

Dhata (13) ing ndhuwur ngrupa kahanane srengenge sing ora padhang, mleruk kaya

polatane manungsa. Sing dirupa yaiku kahanane srengenge lan sing dadi rumpakan yaiku

mleruk. Dhata iki kalebu makna asosiatif merga mleruk ing kono nggambarake kahanane

srengene sing surem ora padhang.

c. Makna EmotifTeges emotif miturut Shipley, (sajrone Pateda, 2010:101) yaiku teges sing tuwuh

merga tanggepane pamicara utawa sikape pamicara ngenani apa sing dipikirake utawa

dirasakake. Teges iki beda karo teges kognitif. Mula makna emotif kalebu makna gramatikal.

Teges emotif luwih nengenake sesambungan antarane konsep karo kasunyatan.

Samubarang sing liya, ora sawutuhe padha karo apa sing ana ing kasunyatan. Makna emotif

Page 8: Teges Entar Sajrone Rumpaka

8

uga kinandhut sarone rumpaka. Wujude ana sing awujud tembung, frasa, lan ukara. Makna

emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang awujud tembung tuladhane kaya mangkene.

Makna emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya

dhata ing ngisor iki.

(14) godhonge ngawe-awe

(15) gununge sundhul langit

Dhata (14) ing ndhuwur kalebu makna entar lan minangka rumpaka. Sing dirupa

yaiku godhong, lan sing dadi rumpakan yaiku ngawe-awe. Kalebu makna entar merga

dipindhanake karo tumindake manungsa, godhong diibaratake bisa ngawe-awe kayadene

manungsa. Anggone memindhanake nganggo ater-ater anuswara. Ngawe-awe asale saka

tembung awe kang ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater anuswara {nga-}. {Nga-}

ing kene tegese nglakoni pakaryan, ngalami reduplikasi tegese pakaryan iku dibolan-baleni.

Ngawe-awe teges sawantahe yaiku nindakake pakaryan nyeluk kanthi ngobhake epek-epek

tangan mangisor mandhuwur kanthi dibolan-baleni. Teges entare arupa makna emotif yaiku

ngrupakake obahe godhong keterak angin sing kaya wong ngawe-awe.

Dhata (15) ngrumpakake dhuwure gunung karo langit. Gunung panggone neng bumi

(ngisor), dene langit ing ndhuwur. Kaanane gunung sing dhuwur diumpamakake nganti

sundhul tekan langit. Ukara iki ora ngandhut pangiket utawa titikan wujud sing nuduhake

teges entar. Nanging katiti saka tegese sing ngrupa dhuwure gunung karo dhuwure langit

bisa dingerteni menawa ukara iki ngandhut teges entar, mligine makna emotif.

Makna emotif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa ukara tuladhane kaya

dhata ing ngisor iki.

(16) Dalan kaya ampyang, aspalan ilang aspale.

(17) Jejering jati pindha jejere wayang, dhuwur nggayuh langit.

Dhata (16) ing ndhuwur minangka rumpakake dalan sing ora enek. Dalan sing ora

enak iku dipadhakake karo ampyang. Jinise panganan saka kacang lan gula sing wujude ora

alus. Pepindhan iki minangka makna afektif. Kalebu makna entar merga nduweni pangiket

kaya.

Dhata (17) ing ndhuwur minangka rumpakan awujud ukara camboran. Pangikete

ukara iku yaiku pindha. Jejere jati minangka sing dirupa, lan jejere wayang minangka

rumpakane. Ukara iki minangka rumpaka kang ngandhut tege emotif, yaiku ngrupa jejere jati

sing dhuwur kaya-kaya madhani dhuwure langit.

d. Makna GereflekterMakna gereflekter yaiku teges sing tuwuh merga ana samubarang sing ora bisa

dipocapake, merga samubarang iku ngandhut sipat saru lan nduweni sipat-sipat mistik utawa

ngenani aspek etik lan estetika tartamtu. Makna Gereflekter tuwuh merga pananggep kita

tumrap makna liyane utawa makna konseptual sing akeh. Tuladhane yaiku tembung “perek”.

Page 9: Teges Entar Sajrone Rumpaka

9

Tembung iki kasar lan ora sopan yen dipocapake. Tembung iki luwih becik diganti karo

tembung “planyahan”, padha tegese nanging luwih prayoga. Makna gereflekter ora

ditemokake dening panliti sajrone rumpaka. Merga makna gereflekter umume umume

tembung-tembung sing saru. Sesipatan lan kaendahane alam kaya kang diandharake

dening Hadiwidjana (1967:68) yen ta rumpaka minangka candra ngenani gegambaran

endah-endahing alam kodrate pengeran, ora mungguh menawa ngandhut wujud sing saru

utawa ala. Mula saka iku makna gereflekter ora ditemokake sajrone rumpaka.

e. Makna StilistikMakna stisistik yaiku makna kang tuwuh merga panganggone basa. Panganggone

basa ana werna-werna kayata dialek, basa resmi, basa ing pasar, lan basa ing karya sastra.

Mula makna stilistik ana gandheng cenenge karo daya, utamane pamaca. Dayane gandheng

karo emosi lan rasa. Stilistik umume diarani lelewane basa (gaya basa), yaiku carane

pangripta medhar pesen utawa informasi marang pamaca. Makna stilistik kang kinandhut

sajrone rumpaka umume ana sajrone karya sastra. Wujude frasa lan ukara. Sing awujud

frasa tuladhane kaya mangkene.

(18) wite dha jejogedan

(19) kaya-kaya mbulane lelayaran ing segara pedhut

Dhata (18) minangka ukara kang ngrupakake alam. Sing dirupakake yaiku “wit”, sing

dadi rumpakan yaiku joged. Ukara iku ngandhut teges entar merga nduweni teges

pepindhan, yaiku ngrupakake kahanane wit sing joged. Sing dirupa yaiku wit, lan sing dadi

rumpakan yaiku wong joged.

Dhata (19) minangka rumpakan sing uga awujud ukara camboran lan kalebu teges

entar. Pangikete ukara iku yaiku kaya-kaya. Rembulan minangka sing dirupa, lan leleyaran

minangka rumpakane ora ateges rembulane lelayaran temen, kalebu jinise makna asosiatif.

Tegese yaiku lakune rembulane dipindhanake kaya prau nerjang ombak ing segara.

(20) Angine midid ing wit kenari

Ngawe-awe mendhung ing langit Dhesember

Sansaya nggamang sansaya ireng

(21) Mangsa rendheng wis nyapa bumi

Durung-durung wis branyak kabar sengsara

Ana banjir tanpa wara-wara

Ana gunung kirim pratandha

Ana lemah jugrug ora aba ora rembug

(22) Gara-gara, kagiri-giri, gara gumita, lindhu prakempa, udan barat salah mangsa,

galudhung guntur ketug, gelap mangampar-ampar. Samodra pindha kinebur sumamkur

mandana kaya yayah ngalem dharatan.

Page 10: Teges Entar Sajrone Rumpaka

10

Guritan (20) ing ndhuwur ndhuwur ngrumpakake kahanane mendhung sing bakal

dadi udan. Katiti saka tegese, sing dirupa yaiku kahanan mendhung arepe udan. Anggone

ngrumpakna kanthi nyandra liyane. “Angine midi ding wit kenari” ngrupa kahanane angin

sing sumilir ajeg kang nggobahake wit kenari. Dene wit kenarine kaya-kaya ngawe-awe

merga katerak angin. Dene langit Dhesember memindhanake wektu rendheng sing lumrahe

wiwit sasi November nganti Maret, lan sasi Dhesember lan Januari minangka wose wektu

udan. Mendhung ing kono digambarake saya suwe saya ireng lan bakal nuwuhake udan.

“Angine midid ing wit kenari ngawe-awe”. Ngawe-awe asale saka tembung awe kang

ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater anuswara {nga-}. {Nga-} ing kene tegese

nglakoni penggawean, lan ngalami reduplikasi tegese penggawean iku dibolan-baleni.

Ngawe-awe teges sawantahe yaiku nindakake pakaryan nyeluk kanthi ngobhake epek-epek

tangan mangisor mandhuwur kanthi dibolan-baleni. Teges entare yaiku ngrupakake obahe

godhong katerak angin sing kaya wong ngawe-awe.

“Mendhung ing langit Dhesember sansaya nggamang sansaya ireng.” Baris iki

minangka rumpakan kahanane mendhung. Sing dirupa yaiku mendhung ing langit, dene sing

dadi rumpakan yaiku Dhesember. Frasa langit Dhesember tegese wayah nalika mangsa

rendheng ing sasi Dhesember.

Guritan (21) ing ndhuwur minangka rumpaka kang nggambarake kahanan utawa

memindhanake musibah sing ana ing mangsa rendheng. Dhata iki kanggo ngerteni isine

kudu nganggo rasa. Merga wujud pepindhane ora katulis kanthi langsung utawa ora

nganggo pangiket utawa ater-ater anuswara. Carane negesi yaiku kanthi nganalisis isine

ngandhut pepindhan apa minangka nggambarake (wantah).

“Mangsa rendheng wis nyapa bumi” nduweni teges menawa mangsa rendheng wis

teka. Sing dirupa yaiku mangsa rendheng lan sing dadi rumpakan yaiku nyapa bumi. Nyapa

bumi ngandhut teges entar yaiku makna asosiatif lan ora bisa ditegesi sawantahe. Asale

saka tembung sapa oleh ater-ater anuswara {ny-} kang tegese nglakoni pakaryan. Nyapa

bumi tegese wis teka utawa wis wiwit ing bumi lan bakal terus.

“Ana banjir tanpa wara-wara”. Sing dirupa yaiku banjir, sing dadi rumpakan yaiku

wara-wara. Katiti saka tegese, menawa ditegesi sawantahe banjir ora bisa menehi wara-

wara. Wara-wara minangka pakaryane manungsa. Kanggo negesi ukara frasa iku kudu

nggunakake rasa lan nalar. Adhedhasar tegese bisa ditegesi menawa tekane banjir ing

mangsa rendheng ora bisa dikira-kira, mara-mara teka wae nalika udane deres lan gote wis

kebak.

“Ana gunung kirim pratandha” . Sing dirupa yaiku gunung, sing dadi rumpakane yaiku

kirim pratandha. Menawa ditegesi sawantahe, gunung ora bisa ngirim. Ngirim iku kalebu

jinise pakaryane manungsa. Makna entar sing kinandhut ing rumpaka iki tegese yaiku

gunung bisa menehi pratandha menawa bakal ana musibah.

Page 11: Teges Entar Sajrone Rumpaka

11

“Ana lemah jugrug ora aba ora rembug.” Lemah sajrone dhata iki minangka sing

dirupa. Sing dadi rumpakan yaiku aba lan rembug. Aba lan rembug minangka tumindake

manungsa lumantar indriya pangucap, dene alam ora bisa. Kahanane alam arupa lemah

jugrug sing mara-mara teka dipadhakake ora ngabani lan ora rembug dhisik kaya manungsa.

Kanggo negesi makna asosiatif sajrone rumpaka ing guritan iki kudu nggunakake rasa lan

nalar kita.

Dhata (22) ing ndhuwur nggambarake kahanan bencana alam. Dhata ing ndhuwur

nggambarake kahanan lindhu gedhe, tsunami, udhan deres, kaya-kaya kiyamat.”Samora

pindha kinebur sumamkur mandana kaya yayah ngalem dharatan.” Ukara iki kalebu ukara

camboran sungsun sing ngemu teges pepindhan. Pangiket sing digawe yaiku pindha lan

kaya. Ukara iki ngambarake bencana tsunami, yaiku banyu segara sing munggah menyang

dharatan lan ngrusak sembarange. Dhata iku kalebu makna stilistik. Merga angone

memindhanake nggunaake basa sing endah.

C. DudutanCandra kang gegayutan karo kahanane alam diarani rumpaka. Jinise akeh, kayata

candrane alam ing padesan, segara, wayah esuk, wayah sore, wayah bengi, lan

sapanunggale. Titikane rumpaka yaiku ngemu teges pepindhan lan memindhanake utawa

nggambarake kaya samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra minangka jinis

lelewane basa sing ngandhut makna entar saliyane saka wujud kabasane uga nganggo

pangrasa. Makna entar minangka teges sing nuduhake utawa nggambarake sing ora

salugune. Negesi tetembungan, frasa, utawa ukara sing ngandhut teges entar kudu

nggunakake pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi sawantahe. Makna entar

sing kinandhut sajrone rumpaka yaiku makna asosiatif, makna emotif, makna stilistik, lan

makna afektif. Makna gereflekter ora ditemokake dening panliti sajrone rumpaka merga

rumpaka minangka gegambaran endah-endahe alam kodrete pengeran. Panliti ngangep yen

kodrate pengeran iku ora ana sing saru. Kabeh mau cinipta kanthi sampurna.

KapustakanChaer, Abdul. 1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.

Dwidjahaspara, Mas Sumardji. 2001. Kasusastran Jawi. Malang: LPPBJ Jawa Timur.

Hadiwidjana, RDS. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: UP Indonesia.

Karsana, Adi. . Kumpulaning Kawruh Basa Jawi Pepak. Surabaya: Cahaya Pelangi.

Leech, Geoffrey. 2003. Semantik. Yogjakarta: Pustaka Pelajar.

Padmosoekotjo, S.1955. Ngengrengan Kasusastran Djawa I. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.

Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawi. Batavia: N.V. Groningen.

Page 12: Teges Entar Sajrone Rumpaka

12

Subagyo, Rahmad. 2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: CV Bintang

Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa Bandung