sesorah

4
Nama :Ria May Syaroh No :24 Kelas :IX B SESORAH RUMAJA 1.BUDI PAKARTI Assalamu’alaikum Wr. Wb. Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah mugi tansah kajiwa kasarira dening para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan. Saha bapa ibu guru, kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki, mangga kula dherekaken muji sokur dhumateng Gusti Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan satemah panjenengan dalasan kula sedaya saged pinanggih ing adicara menika, temahan mbabar rahayu, hastuti nir ing sambekala. Para rawuh, bapa ibu guru saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, wonten ing kalodhangan menika, kula pun RIA MAY SYAROH piniji kinen ngaturaken sesorah babagan Budi Pakarti. Para rawuh, bapa ibu guru saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, menapa ta Budi Pakarti menika? Tembung Budi Pakarti miturut Bausastra Jawi: Budi menika tegesipun Nalar utawi Watak, dene Pakarti menika tegesipun Padamelan utawi Tumindak, dados ingkang dipun kajengaken Budi Pakarti menika Padamelan Ingkang Mawi Nalar. Para rawuh, bapa ibu guru, saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, ing pawiyatan boten sedaya siswa nindakaken budi

Upload: kusnul-hasanah

Post on 11-Sep-2015

35 views

Category:

Documents


6 download

DESCRIPTION

bahasa jawa

TRANSCRIPT

Nama:Ria May SyarohNo:24Kelas:IX BSESORAH RUMAJA1.BUDI PAKARTIAssalamualaikum Wr. Wb.Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah mugi tansah kajiwa kasarira dening para rawuh kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan.Saha bapa ibu guru, kanca-kanca ingkang winantu ing suka basuki, mangga kula dherekaken muji sokur dhumateng Gusti Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan satemah panjenengan dalasan kula sedaya saged pinanggih ing adicara menika, temahan mbabar rahayu, hastuti nir ing sambekala.Para rawuh, bapa ibu guru saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, wonten ing kalodhangan menika, kula pun RIA MAY SYAROH piniji kinen ngaturaken sesorah babagan Budi Pakarti.Para rawuh, bapa ibu guru saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, menapa ta Budi Pakarti menika?Tembung Budi Pakarti miturut Bausastra Jawi: Budi menika tegesipun Nalar utawi Watak, dene Pakarti menika tegesipun Padamelan utawi Tumindak, dados ingkang dipun kajengaken Budi Pakarti menika Padamelan Ingkang Mawi Nalar.Para rawuh, bapa ibu guru, saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, ing pawiyatan boten sedaya siswa nindakaken budi pakarti kanthi sae, liripun tindak tanduk utawi solah bawa dereng ngginakaken tata krama ingkang jumbuh kalihan paugeran ingkang sampun wonten. Kepara taksih kathah siswa menawi pinanggih kalihan guru boten purun uluk salam, manthuk utawi polatan ingkang sumeh, menawi dipun dangu utawi dipun ajak rembagan tangan sraweyan boten ngapurancang. Menawi siswa menika nggadahi budi pakarti ingkang sae, tamtunipun nggadahi tata krama utawi unggah-ungguh, tuladhanipun menawi matur kalihan bapa saha ibu guru lan Karyawan, mawi basa ingkang trep, kanthi solah bawa lan pasemon utawi ulad ingkang manis, murih ngremenaken.Para rawuh, bapa ibu guru, saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, wonten salah satunggaling pamanggih, ngengingi bab budi pakarti, menawi wonten sawenehing siswa ingkang tumindhak aneh, nyleneh, benten kalihan kanca sanesipun, rumaos manjila lan bombong ing manah, awit piyambakipun angsal kawigatosan saking kanca utawi tiyang ing sakiwatengenipun, sinaosa tumindhakipun ingkang nerak tata susila. Tuladhanipun: siswa ing pawiyatan remen ngorek-orek bangku, menawi ngaso boten dolanan ing papan samesthinipun, remen mlincur, remen wicantenan lekoh utawi saru kepara misuh, utawi njarak boten nggarap PR, ngorek-orek utawi nyuwek buku perpustakaan lan sapanunggalanipun.Prekawis ingkang damel girising manah, inggih menika bab kenakalan remaja, tuladhanipun kathah sisiwa ingkang tumindhak nistha: kadhosta, tawuran, ngorek-orek pager utawi tembokipun tiyang sanes, lan menawi ing margi, asring tumindhak ingkang mbebayani. Awit saking kawontenan kados mekaten menika, kathah ingkang ngupiya kanthi ngawontenaken kegiatan positif kangge para siswa wonten ing sadhengah papan. Tuladhanipun inggih menika pawiyatan, dhinas-dhinas utawi sanggar ngawontenaken lomba sesorah, maos geguritan, macapat, panembrama, beksa, ndongeng, karawitan, utawi pengaosan. Sedaya kala wau ngajap supados para siswa saged mbentenaken pundi ingkang sae, lan pundi ingkang awon.Pamanggih sanes ngandharaken, ingkang njalari siswa budi pakartinipun kirang sae, inggih menika saking kiranging kawigatosan saking tiyang sepuhipun. Sinaosa kadospundia kemawon, menawi wonten ing griya siswa sampun kawigatosaken, inggih jalaran kenging daya pangaribawa (pengaruh) saking srawungipun, temtu kemawon siswa saged kejlomprong ing tumindhak nistha? Menggah pemanggih kula, sedaya kala wau inggih gumanthung dhumateng kapribadenipun siswa menika piyambak, kados pundi anggenipun badhe ngendhaleni dhiri saking daya-daya pangaribawa kala wau, mila saking menika siswa sampun gampang kepilut ing tumindhak awon, ugi siswa kedah saged metang tuna lan bathinipun, tumrap dhiri pribadi, kulawarga, lan pawiyatanipun. Inggih jalaran saking daya pangaribawanipun kegiatan positif menika budi pakartinipun siswa lan kapribadenipun saged kiyat boten gampil kegut dening pengaruh awon.Para rawuh, bapa ibu guru, saha kanca-kanca ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun babagan budi pakarti menika saestu sampun luntur, jalaran saking pangaribawanipun globalisasi. Taksih kathah masarakat nggadhahi pemanggih bilih budi pakarti menika budaya ingkang adiluhung, ingkang dereng mangertos kepara ngremehaken, liripun menawi budi pakarti menika budaya ingkang luhur, menika saged ndadosaken karakter/wataking bangsa lestantun lan majeng. Menawi panjenengan sedaya dalasan kula, tansah njagi budi pakarti ingkang adi luhung minangka aset negari ingkang inggil, tamtu bangsa manca badhe ngaosi bangsanipun piyambak inggih menika bangsa Indonesia.Inggih awit saking menika, sumangga panjenengan sedaya dalasan kula sami tansah nindakaken budi pakarti ingkang luhur utawi sae minangka tuladha kangge para siswa, ing pangajap murih mangkenipun siswa kejawi nggadhahi unggah-ungguh lan tata krama ingkang sae, saged ndadosaken siswa wasis ing babagan ngelmu, teknologi ingkang murakabi ugi saged ngangkat drajatipun kulawarga, masarakat, agami, bangsa tuwin negari. Amin.Mekaten menika ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi wosing sesorah saged kapethik tuwin mumpangatipun, bok bilih anggen kula matur kathah kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Pungkasaning atur, Kupat duduhe santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.Wassalamualaikum wr.wb.