pranatacara

6
PRANATACARA Pranatacara : tiyang ingkang tinenggenah nglantaraken satunggaling acara utawi master of ceremony (mc) Inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun inggih menika : 1. Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi. 2. Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag 3. Maosaken saha nyamektaaken/menyiapkan para paraga ingkang kajibah/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi Ingkang kagatosaken panatacara nalika nindaaken sesorah inggih menika wonten 4 ing antawisipun/ diantarannya : Wiraga : patrap solah bawa/sikap anteng boten kathahen ngebahaken badan. Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita menapa manasuka) Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun (sungkawa menawa manasuka) Wirasa : saged nglarasaken raosipun (penghayatan/penjiwaan) ingkang kajumbuhaken kaliyan acaranipun ( sungkawa menapa manasuka) Wicara : anggenipun matur kedah cetha saged mbedakaken tembung-tembung ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau Methode-methode ingkang kaginakaken panatacara nalikanipun sesorah wonten 4 antawisipun 1. Maos teks : inggih menika panatacara ngayahi jejibahan kanthi maos teks a. Apalan : inggih menika panatacara nindakaken pakaryanipun kanthi ngapalaken teks ingkang sampun kawaos saderengipun b. Ekstemporan : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi mbeta cathetan alit c. Impromtu : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi dadakan tanpa nyameptakaken/mempersiapkan saderengipun kejawi/selain kanthi wekdal ingkang

Upload: clara-tri-meiyana

Post on 22-Jun-2015

658 views

Category:

Education


4 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pranatacara

PRANATACARA

Pranatacara    :  tiyang ingkang tinenggenah nglantaraken satunggaling acara utawi master of  ceremony (mc)

Inggih menika salah satunggalipun paraga/pelaku sesorah ingkang pakaryanipun inggih menika :

1. Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi.2. Ngatur saha nglantaraken  lampahing acara supados gangsar/lancar utawi rancag3. Maosaken   saha   nyamektaaken/menyiapkan   para   paraga   ingkang   kajibah/ditugasi 

nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang badhe dipunlampahi

Ingkang   kagatosaken   panatacara   nalika   nindaaken   sesorah   inggih   menika   wonten   4   ing antawisipun/ diantarannya :

Wiraga   :   patrap   solah   bawa/sikap   anteng   boten   kathahen   ngebahaken   badan.   Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita menapa manasuka)

Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun (sungkawa menawa manasuka)

Wirasa   :   saged   nglarasaken   raosipun   (penghayatan/penjiwaan)   ingkang   kajumbuhaken kaliyan acaranipun ( sungkawa menapa manasuka)

Wicara   :   anggenipun matur  kedah cetha  saged mbedakaken  tembung-tembung   ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau

Methode-methode ingkang kaginakaken panatacara nalikanipun sesorah wonten 4 antawisipun

1. Maos teks : inggih menika panatacara ngayahi jejibahan kanthi maos teks a. Apalan : inggih menika panatacara nindakaken pakaryanipun kanthi ngapalaken teks 

ingkang sampun kawaos saderengipunb. Ekstemporan   :   inggih   menika   panatacara   nindakaken   jejibahan   kanthi   mbeta 

cathetan alitc. Impromtu : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan   kanthi dadakan tanpa 

nyameptakaken/mempersiapkan saderengipun kejawi/selain kanthi wekdal ingkang sekedhik.  Piyambakipun saged nindakaken awit pengalamnipun dados panatacara ing acara-acara sakderengipun.

d. Pambuka

Perangan-perangan/bagian-bagian sesorah ingkang kaaturaken/disampaikan dening panatacara inggih menika :

1. Pambuka

Salam pambuka Atur pakurmat Atur Pamuji

Page 2: Pranatacara

2. Isi

Urut-urtanipun acara ingkang badhe dipunlampahi o Nama-nama   para   paraga   jangkep/lengkap   kaliyan/dengan   gelaripun   (Drs,   S.Pd, 

M.Pd,  H,   lsp)   ingkang   badhe   nindakaken   tanggap  wacana,pambagyahaarja,   atur sapala,utawi ingkang paring sabdatama,lsp.

3. Panutup

Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kalepatan nalika nglantaraken/menyertai lampahing acara

Pangajab/harapan sasampunipun acara sampun kalampahan Salam panutup

Ringkesipun ingkang dipunaturaken/disampaikan panatacara nalikanipun sesorah :

1. Salam pambuka :

Ngaturaken uluk salam minangka pambuka tuladhanipun assalamu’alaikum wr.wb,sugeng enjing, ngaturaken kasugengan mugi kawilujengan binabar dhumateng kula panjenengan sedaya, lsp.

Ngaturaken ancasipun utawi tujuwanipun minangka panatacara ing salebeting acara ….

2. Atur pakurmat

Ngaturaken atur pakurmat dhumateng para tamu, kawiwitan dhumateng para-para ingkang kaanggep langkung dipunkurmati :para sepuh, Bapak kepala sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp. Dhumateng para priyagung, dwija/guru, sarjana, alim/ulama, dhumateng para rawuh tamu undangan, para kanca-kanca,para siswa, lsp.

3. Atur pamuji

Ngunjukaken atur raos puji sokur awit sedaya nikmat ingkang kaparingaken dening Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung dhateng para rawuh saengga saged kempal ngrawuhi acara …. Ing ….

4. Isi

Maosaken urut-urutanipun acara

1. Pambuka : kanthi donga utawi sanesipun 1. Atur   tanggap   sabda/wacana   saking   :   ketua   panitia   acara,   kepala   sekolah,  wakil 

keluwarga,lsp.2. Acara manasuka kanthi ngaturaken panglipur : tari, paduan suara, gerak dan lagu, 

geguritan,pengumuman lomba, lsp.3. Wosing   gating   acara   :   atur  wasitatama/ular-ular/sesuluh   saking   paraga   ingkang 

sampun kajibah dening panitia.

Page 3: Pranatacara

4. Panutup :  maosaken dudutan utawi simpulan ingkang sampun kaaturaken dening wasitatama

5. Atur pangapunten

Ngaturaken agunging pangapunten awit sedaya kekiranganipun wiwit atur, patrap saha sanesipun nalika nindakaken  jejibahan/pakaryan minangka panatacara  ing acara …. Dhateng para rawuh lan nyuwun agenging pangapunten

6. Pangajab

Pangajab  kanthi   lampahing  acara   ingkang  sampun kalampahan  kala  wau  tumrap panitia sumrambahipun dhateng para rawuh.

7. Salam panutup

Salam   panutup   tuladhanipun  Wassalamu’alaikum   wr.wb,   sugeng   siang,   sugeng pepanggihan ing sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun :nuwun

 

Texs Pranatacara

Adicara Perpisahan Kelas XII SMA N 2 Wates

Assalamu’alaikum Wr. Wb,

Dhumateng Kepala SMA N 2 Wates ingkang saktuhu kinurmatan,

Dhumateng Bapak/Ibu Guru, karyawan/karyawati SMA N 2 Wates ingkang kula hurmati,

Saha para siswa ingkang kula tresnani.

Jumboh kaliyan tuntunaning agami kula lan panjenengan sedaya, saha dasaring negeri “Pancasila”, sumangga kula panjenengan sami tansah monjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah, rahmat, saha kawilujengan, saengga kula lan panjenengan sedaya wonten ing wekdal menika taksih saged makempal manuggal wonten ing adicara perpisahan kelas XII SMA N 2 Wates kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Aamiin.

Salam shalawat mangga tansah kaaturaken dumateng junjungan kula lan panjenengan sedaya, Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi safaatipun anumrapi dumateng kula panjenengan sami mbenjang wonten ing yaumil qiamah. Aamiin, aamiin yaa robbal ‘alamiin.’

Page 4: Pranatacara

Nuwun sewu, keparenga kula mambeng saha ngampil kamardikan panjenengan sedaya, awit kula pinji saking panitya, kinen ngaturaken urut reroncening adicara perpisahan kelas XII SMA N 2 Wates, ingkang sampun karantam dening panitya, inggih menika :

1. Adicara ingkang sepisan : pambuka

2. Adicara ingkang kaping kaleh : tanggap sabda dening ketua panitya, ingkang badhe dipunsalirani sedherek Putri Bernawati 

3. Adicara ingkang kaping tiga : atur palapuran saking wakil kelas XII, ingkang badhe kasuwunaken dening sedherek Yolanda Amalia Hanjani

4. Adicara ingkang kaping sekawan : atur sapala saking wakil adik kelas, inggih menika sedherek Teta Mahardika Safety Family 

5. Adicara ingkang kaping gangsal : atur pangayubagya saking Kepala SMA N 2 Wates, ing kang badhe dipunsalirani panjenenganipun Ibu Rahma Ardianti Farikha, M.Pd

6. Adicara ingkang kaping enem : panutup

Hadirin ingkang kula hurmati, mekaten punika urut reroncening adicara perpisahan kelas XII SMA N 2  Wates.   Kasuwun  wontena   suka   lilaning   penggalih   para   lenggah   tansah   hanjenengi   ngantos   dumugi paripurnaning gati, matur nuwun.

Para lenggah ingkang saktuhu kinabekten,Sumangga adicara punika kapurwakan kanthi maos “Basmallah” sesarengan, maos “Basmallah” kula 

sumanggakaken,“Bismillahirahmanirahim”,Matur nuwun.Para rawuh ingkang kula hurmati,Adicara   ingkang   kaping   kalih   tanggap   sabda   dening   ketua   panitya.   Dhumateng   sedherek   Putri 

Bernawati, kula sumanggakaken......Mekaten punika tanggap sabda dening ketua panitya. Kula aturaken agunging panuwun dhumateng 

sedherek Putri Bernawati.Para lenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan,Adicara   ingkang   kaping   tiga   inggih  menika   atur   palapuran   saking   wakil   kelas   XII,   dhumateng 

sedherek Yolanda Amalia Hanjani kula aturaken, sumangga katur......Mekaten punika atur palapuran saking wakil kelas XII, dhumateng sedherek Yolanda Amalia Hanjani, 

kula aturaken agunging panuwun.Para rawuh ingkang saktuhu kinabekten,Ndungkap adicara ingkang kaping sekawan, inggih menika atur sapala saking wakil adik kelas, inggih 

menika   sedherek   Teta  Mahardika   Safety   Family.   Dumateng   sedherek   Teta,   wekdal   saha   sasana   kula sumanggakaken.

.....

Page 5: Pranatacara

Mekaten punika atur  sapala saking wakil  adik  kelas,  dhumateng sedherek Teta Mahardika,  kula aturaken agunging panuwun.

Hadirin ingkang kula hurmati,Tumapak  laksitaning adicara  ingkang kaping gangsal,  atur pangayubagya saking Kepala SMA N 2 

Wates, dhumateng ngarsanipun Ibu Rahma Ardianti Farikha, M.Pd, rahayuning sedya kula aturaken......Ngaturaken   agunging  panuwun  dhumateng   Ibu  Rahma  Ardianti   Farikha,  M.Pd   ingkang   sampun 

paring pangayubagya perpisahan kelas XII SMA N 2 Wates ing titi wanci punika.Para rawuh ingkang saktuhu kinabekten,

Pinangka pungkasaning acara, nenggih penutup. Pramila kula piniji pinangka pambiwara ngaturaken agunging  panuwun,   saha saking  kula  pribadi   saestu  kathah  kalepatan   inggih   subasita,   tatabasa   ingkang kirang nuju prana, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. 

Para lenggah ingkang bagya mulya,

Sumangga adicara perpisahan kelas XII  kula  lan panjenengan sedaya wusanani kanthi  maos “Hamdalah” sesarengan. Sumangga maos “Hamdallah” kula dherekaken.

“Alhamdulillahirobbil’alamiin”.

Matur nuwun. 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.