pidhato ten boso jowo

4
Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam bahasa Jawa/ Speech in Javanese Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam bahasa Jawa/ Speech in Javanese (Sumber: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: Erlangga.) Gawe Naskah Pidato Pituduh: Pidhato iku kalebu ketrampilan migunakake bahasa lisan saengga kalebu katrampilan basa kang asifat aktif lan ekspresif, tegese wong kang pidhato kudu medharake gagasan, ide, lan pamikirane kanthi langsung marang wong akeh kang lagi diadhepi. Minangka sawijining katrampilan basa, pidhato bisa dilatihake. Menawa asring latihan bakal ndadekake ketrampilan pidhato tambah apik lan lancar. Pidhato bisa kanthi 3 cara, yaiku: tanpa naskah, mung gawe pokok-pokok pikiran (ngengkrengan) wae, lan nggawe naskah. Cara 1 lan 2 lumrahe dicakake dening wong sing wis pinter pidhato. Dene cara katelu lumrah digunakake dening wong kang lagi ajar pidhato ing swasana resmi. Murih bisa pidhato kanthi lancer luwih becik naskah pidhato digawe dhisik. Saora-orane gawe ngengkrengan kang isi bab-bab wigati kang bakal diwedharake. Sajrone pidhato kudune nyakup patang bagean yaiku: i. Pambuka : isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta atur puji syukur marang Gusti. ii. Isi : perangan kang wigati ngemot bab-bab kang kudu diwedharake. Isi pidhato diupayakake bisa runtut, sambung-sinambung. Becike, menawa arep pidhato luwih dhisik golek lan ngumpulake bahan saka ngendi wae. iii. Dudutan : perangan kang ngemot bakune pidhato.

Upload: edwinalif

Post on 08-Sep-2015

414 views

Category:

Documents


12 download

DESCRIPTION

Pidhato Ten Boso Jowo

TRANSCRIPT

Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam bahasa Jawa/ Speech in Javanese

Pidhato ten Boso Jowo/ Pidato di dalam bahasa Jawa/ Speech in Javanese

(Sumber: Sukendro, Tresno. 2009. Widya Basa Jawa. Surabaya: Erlangga.)

Gawe Naskah Pidato

Pituduh:

Pidhato iku kalebu ketrampilan migunakake bahasa lisan saengga kalebu katrampilan basa kang asifat aktif lan ekspresif, tegese wong kang pidhato kudu medharake gagasan, ide, lan pamikirane kanthi langsung marang wong akeh kang lagi diadhepi. Minangka sawijining katrampilan basa, pidhato bisa dilatihake. Menawa asring latihan bakal ndadekake ketrampilan pidhato tambah apik lan lancar. Pidhato bisa kanthi 3 cara, yaiku: tanpa naskah, mung gawe pokok-pokok pikiran (ngengkrengan) wae, lan nggawe naskah. Cara 1 lan 2 lumrahe dicakake dening wong sing wis pinter pidhato. Dene cara katelu lumrah digunakake dening wong kang lagi ajar pidhato ing swasana resmi. Murih bisa pidhato kanthi lancer luwih becik naskah pidhato digawe dhisik. Saora-orane gawe ngengkrengan kang isi bab-bab wigati kang bakal diwedharake. Sajrone pidhato kudune nyakup patang bagean yaiku:

i.Pambuka : isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta atur puji syukur marang Gusti.

ii.Isi : perangan kang wigati ngemot bab-bab kang kudu diwedharake. Isi pidhato diupayakake bisa runtut, sambung-sinambung. Becike, menawa arep pidhato luwih dhisik golek lan ngumpulake bahan saka ngendi wae.

iii.Dudutan : perangan kang ngemot bakune pidhato.

iv.Panutup : ngemot atur panuwun uga nyuwun pangapura menawa ana kaluputan apa bae.

Sajrone pidhato diupayakake ora kesusu, endhek dhuwure swara kudu digatekake semono uga ekspresi nalika pidhato.

Perangane Naskah Pidhato (Tanggap Wacana)

Pepeling sajrone tanggap wacana (pidhato), ana sawenehe perangan kudu digatekake lan kudu ana ing naskah pidhato, yaiku:

i.Salam pambuka. Salam pambuka yaiku: salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh. Isine atur salam pakurmatan marang para rawuh, lan sapa aruh (sapaan) tumrap para rawuh.

ii.Purwaka. Purwaka yaiku atur pamuji syukur marang Gusti Allah, sarta atur panuwun marang para rawuh/ tamu sing kepareng rawuh.

iii.Isi utawa Surasa Basa. Isi yaiku sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/ tamu.

iv.Dudutan (kesimpulan). Dudutan (kesimpulan) yaiku ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake.

v.Pangarep-arep. Pangarep-arep yaiku pituduh lan pangajab sing diandharake marang para rawuh/ tamu lan sing midhangetake.

vi.Wasana Basa (panutup). Wasana (panutup) yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura Manawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake.

Tuladha Pidhato/ Contoh Pidato/ example for speech:

1)Tanggap Wacana Pepisahan Murid (Wakil kelas VI)

Assalamualaikum wr. Wb.

Ibu Kepala Sekolah Dasar Negeri Wilangan Kecamatan Sambit Ponorogo ingkang satuhu kula bekteni.

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan. Sedaya kanca kelas enem ingkang tansah kula tresnani.

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapake puji syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para bapak sesrta ibu guru ingkang sampun kersa rawuh, saha ndherek mangayubagya adicara pepisahan siswa-siswi kelas enem siyang punika.

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih sakancah badhe nilaraken bangku pawiyatan SD punika. Kula minangka wakil siswa-siswi kelas enem badhe nyuwun pamit dhumateng bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntuk ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancer boten wonten pepalang punapa-punapa punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil ing tembe wingkingipun. Sejatosipun awrat tumrap kula sakanca nilarake pawiyatan punika, nanging kadospundi malih, kula sakanca kedah nilaraken pawiyatan SD punika.

Minangka pungkasaning atur, kula sakanca nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami bokbilih salaminipun kula sakanca ngangsu kawruh ing pawiyatan punika wonten kalepatan-kalepatan dhumateng para bapak ibu.

Wusana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkunging atur, nyuwun agunging pangaksami.

Wasalamualaikum wr. Wb.

Nuwun.

2)Tanggap Wacana Demam Berdarah

Bapak sarta ibu guru ingkang tansah kula hurmati.

Sedaya kanca siswa SDN Wilangan Kecamatan Sambit Ponorogo ingkang tansah pinayungan kanugrahane Gusti sarta tansah kula tresnani.

Ingkang sepisan, mangga kita tansah memuji wonten ngarsaning Gusti saha tansah atur syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi, amargi naming saking hidayahipun Gusti kita saget makempal dhateng mriki kanthi seshat wal afiat.

Kaping kalih, wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh dhumateng sedaya siswa ngenai kasarasan. Lumantar media punapa kemawon kita sampun nyumurupi bilih bangsa kita ing titi wanci punika nedheng-nedhengipun dipunuji Gusti ingkan Maha Augng arupi lelara ingkang maneka warna jinisipun. Wonten antraks, muntaber, cikungunya, polio, gizi awon, manuk pilek, saha demam berdarah. Menawi dipun etang sampun kathah kurban ingkang ketaman, wonten ingkang naming dipun rawat dhateng rumah sakit nanging ugi wonten ingkang ngantos tilar donya.

Mirunggan ing kalodhangan punika, kula badhe atur priksa mliki bab demam berdarah. Lelara punika sampun sumrambah ing pundi kemawon, wiwit padhusunan ngantos tlatah kitha. Kurban jiwa inggih sampun kathah. Pramila saking punika sejatosipun nyegah dumadosing lelara langkung sae tinimbang ngobati. Demam berdarah ugi saged dipuncegah. Menawi kita saged gumlong, saiyeg saeka kapti nyegah lan mbrasta demam berdarah asilipun temtu langkung sae. Kita kedah ngreka daya murih nyamuk aedes aegipty boten ngreembaka.

Cara ingkang saget kita tindakaken inggih punika, nguras bak tandhon toya, nutup sedaya barang ingkang saged kaisi toya, saha ngubur sedata barang ingkang saget kangge ngendhog nyamuk. Cara sanesipun inggih punika kanthi cara fogging utawi pangasapan. Menawi sedaya cara kalawau saget katindakaken dening sedaya warga, temtunipun demam berdarah saged kacegah. Menawi kula warga kita wonten ingkang nandhang demam berdarah ingkang gejalanipun kawiwitan panas ingkang inggil terus-terusan kasusul timbulipun bintik abrit ing kulit langkung sae enggal dipunbekta dhateng dokter utawi rumah sakit. Sebab menawi telat saget nggondhol nyawa.

Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Pungkasanipun atur, sumangga kita tansah muji dhateng ngarsanipun Gusti mugi kita dipun tebihaken saking sedaya ujian kalenet ujian sakit. Menawi wonten tumpang suhipun atur kula nyuwun aguning samudra pangaksami.