pidato perpisahan kepala sekolah dengan bahasa jawa

3
Pidato Perpisahan Kepala Sekolah dengan Bahasa Jawa Jumat, 23 April 2010 at 13:50 | Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bapak/Ibu Guru SMAN 3 SIDOARJO ingkang kulo hormati Bapak/Ibu Wali murid ugi ingkang kulo hormati Siswa-siswi kelas X,XI, lan XII ingkang kulo tresnani Langkung rumiyin sumangga kito dherekaken raos puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat lan nikmat dhumateng kulo lan panjenengan, sahingga kulo lan panjengan saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tetep kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, Amin. Sepindah kulo badhe ngaturaken selamta dhumateng putra-putri kelas XII ingkang sampun lulus anglampahi ujian nasional kaliyan ujian sekolah punika. Kita kedah ngunjukaken syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT amargi kaliyan syafaatipun kita saged nglampahi punika sedoyo kanthi sukses lulus100%. Wonten mriki kulo ugi namung saged paring doa restu mugi-mugi putra-putra sedoyo saged pinanggih kaliyan

Upload: sinta-indriani

Post on 09-Aug-2015

176 views

Category:

Documents


10 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pidato Perpisahan Kepala Sekolah Dengan Bahasa Jawa

Pidato Perpisahan Kepala Sekolah dengan Bahasa Jawa

Jumat, 23 April 2010 at 13:50 |

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu Guru SMAN 3 SIDOARJO ingkang kulo hormati

Bapak/Ibu Wali murid ugi ingkang kulo hormati

Siswa-siswi kelas X,XI, lan XII ingkang kulo tresnani

Langkung rumiyin sumangga kito dherekaken raos puji syukur dhumateng

ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat lan nikmat

dhumateng kulo lan panjenengan, sahingga kulo lan panjengan saged makempal

wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Shalawat sarta salam mugi tetep kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW

ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang ing yaumul kiyamah, Amin.

Sepindah kulo badhe ngaturaken selamta dhumateng putra-putri kelas XII

ingkang sampun lulus anglampahi ujian nasional kaliyan ujian sekolah punika. Kita

kedah ngunjukaken syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT amargi kaliyan

syafaatipun kita saged nglampahi punika sedoyo kanthi sukses lulus100%.

Wonten mriki kulo ugi namung saged paring doa restu mugi-mugi putra-putra

sedoyo saged pinanggih kaliyan punapa ingkang dipun ngarsani. Ingkang badhe

anglajengaken pendhidhikan wonten perguruan tinggi sumangga pados

perguruan tinggi ingkang sae, menawi ingkang kersa langsung nyambut damel

sumangga pados ingkang sae ugi. Amargi pagesangan kita wonten alam donya

menika namung sepindhah, ugi mboten dangu. Sumangga tansah kita ginakaken

pagesangan menika kanthi sal sae-saenipun. Sampun ngantos kita sia-siakaken.

Punapa kemawon ingkang panjenengan sedaya kersani menika penting sanget,

amrgi nemtokaken dados punapa panjenengan mbenjang. Mbok bilih anggadhahi

maksud lan tujuan ingkang becik, Insya Allah Gusti ingkang Maha Kuaos badhe

Page 2: Pidato Perpisahan Kepala Sekolah Dengan Bahasa Jawa

paring piwales ingkang sae ugi.

Dhumateng siswa-siswi kelas X lan XI, tantangan jaman ing sak ngajengipun

menika mboten gampil, wonten ing jaman Globalisasi menika mbetahaken

ketrampilan ingkang inggil. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya

tetep semangat anggenipun sinau mugi-mugi panjenengan sedaya saged

minggah kelas lan sak mangke saged sukses lulus saking SMAN 3 langkung sae

kaliyan kakak kelas punika.

Wonten ing pungkasan, kula minangka sesulih saking Bapak/Ibu Guru nyuwun

pangapunten mbok bilih wontenkalepatanipun sakdangunipun

manggulawenthah putra-putra antawis wekdal 3 tahun menika. Mugi-mugi ilmu

ingkang sampun kaliyan tampi saking Bapak/Ibu Guru menika saged mbekta

manfaat, sahingga panjenengan sedaya dados tiyang ingkang migunani tumrap

nusa, bangsa lan agama.

Mekaten ingkang saged kawulo matur, mbok bilih wonten kalepatanipun kula

nyuwun pangapunten.

Billahi Taufik Walhidayah

Wassamu’alaikum Wr. Wb.