pidato jawa acara perpisahan kelas

2
ACARA PERPISAHAN KELAS Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kulo bekteni Bapak Ibu guru ingkang dahat kinabekten Roko kelas songo ingkang kulo tresnani Pudya puji pudya astuti katur dumateng Gusti ingkang Maha agung, ingkang sampun angluberaken Rahmat serta Hidayah dumateng kulo panjenengan sami. Roko kelas songo ingkang kulo tresnani ingkang sekedap malih badhe nyilaraken bangku pawiyatan ing SMP Al Manshuriyah meniko. Awrat sejatosipun kulo meniko wakilipun kelas songo ageng kulo ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas sanga. Awit, raka kelas sanga ingkang sampun kulo anggep sedereke piyambak. Sameniko badhe oncak saking SMP Al Manshuriyah. Nanging kados pundi malih ingkang sampun katuraken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten perpisahan. Jer kulo panjenengan sami naming manungso lumrah mboten kuwowo nyelaki pepestening dumadi. Raka kelas sanga, kulo ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP AL Manshuriyah meniko kanti ngantongi ijazah, saengga kulo mboten kuwowo ngondeli malih ageng panjenengan nglajengaken pasinaon wonten SMA. Raka kelas sanga ingkang kulo tresnani, kulo sakanca tansah ngaturaken sewu matur nuwun panjenengan kersa paring pitedah dumateng rayi kelas 7 lan kelas 8. Kulo sakanca mboten saged atur pinwales menopo-nopo naming atur pudya astuti wonten saking Gusti ingkang murbeng dumadi. Mugi-mugi ingkang gadah angka badhe nglajengaken sekolah SMA saged katampi ing

Upload: dede-manggile-deans

Post on 30-Nov-2015

107 views

Category:

Documents


25 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pidato Jawa Acara Perpisahan Kelas

ACARA PERPISAHAN KELAS

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kulo bekteni

Bapak Ibu guru ingkang dahat kinabekten

Roko kelas songo ingkang kulo tresnani

Pudya puji pudya astuti katur dumateng Gusti ingkang Maha agung, ingkang sampun

angluberaken Rahmat serta Hidayah dumateng kulo panjenengan sami.

Roko kelas songo ingkang kulo tresnani ingkang sekedap malih badhe nyilaraken

bangku pawiyatan ing SMP Al Manshuriyah meniko. Awrat sejatosipun kulo meniko

wakilipun kelas songo ageng kulo ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas

sanga. Awit, raka kelas sanga ingkang sampun kulo anggep sedereke piyambak. Sameniko

badhe oncak saking SMP Al Manshuriyah. Nanging kados pundi malih ingkang sampun

katuraken wakil raka kelas sanga bilih wonten pepanggihan temtu badhe wonten perpisahan.

Jer kulo panjenengan sami naming manungso lumrah mboten kuwowo nyelaki pepestening

dumadi.

Raka kelas sanga, kulo ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal

saking SMP AL Manshuriyah meniko kanti ngantongi ijazah, saengga kulo mboten kuwowo

ngondeli malih ageng panjenengan nglajengaken pasinaon wonten SMA.

Raka kelas sanga ingkang kulo tresnani, kulo sakanca tansah ngaturaken sewu matur

nuwun panjenengan kersa paring pitedah dumateng rayi kelas 7 lan kelas 8. Kulo sakanca

mboten saged atur pinwales menopo-nopo naming atur pudya astuti wonten saking Gusti

ingkang murbeng dumadi. Mugi-mugi ingkang gadah angka badhe nglajengaken sekolah

SMA saged katampi ing sekolah ingkang dipun remeni. Kulo sakanca nyuwun pangapuntene

ingkang katah. Mbok bilih agengipun srawung kaliyan raka kelas sanga kirang anggenipun

subasita tuwin tatakrama.

Wusono kulo cekapi atur penampi pamitan meniko menawi wonten kiranging atur kulo

tansah nyuwun ganging pangaksama.