pelanggaran prinsip kerja sama salebeting · pdf fileatur cecala alhamdulillah panaliti...

124
PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA SALEBETING CERKAK PANJEBAR SEMANGAT WARSA 2006 SKRIPSI Dening RATNAWATI 06430226 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

Upload: vuthu

Post on 08-Feb-2018

466 views

Category:

Documents


154 download

TRANSCRIPT

PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA SALEBETING

CERKAK PANJEBAR SEMANGAT

WARSA 2006

SKRIPSI

Dening

RATNAWATI

06430226

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA SALEBETING

CERKAK PANJEBAR SEMANGAT

WARSA 2006

SKRIPSI

Kaajokaken datheng IKIP PGRI Semarang kangge njangkepi salah

satunggaling sarat kangge mungkasi Sarjana

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Dening

RATNAWATI

06430226

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

ii

PASARUJUKAN

Minangka Pambimbing I lan Pambimbing II mahasiswa IKIP PGRI

Semarang Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,

Nama : Ratnawati

NPM : 06430226

Program Studi : Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Irah-irahan Skripsi : Pelanggaran Prinsip Kerja Sama Salebeting Cerkak

Panjebar Semangat Warsa 2006

ngandharaken menawi skripsi ingkang kadamel dening mahasiswa wonten

nginggil sampun purna.

Semarang, Juli 2010

Pambimbing I, Pambimbing II,

Dra. HR. Utami, M. Hum. Sutadi, S. Pd., M. Pd.

NPP. 906301071 NIP. 19670504 1990031012

Hanguningani,

Ketua Program Studi

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa

Dra. HR. Utami, M.Hum.

NPP. 906301071

iii

PANGESAHAN

Skripsi kanthi irah-irahan “Pelanggaran Prinsip Kerja Sama Salebeting

Cerkak Panjebar Semangat Warsa 2006” ingkang dipundamel dening Ratnawati,

sampun dipunsarujuki dening sidang panitia skripsi IKIP PGRI Semarang.

Dinten : Jum’at

Surya : 6 Agustus 2010.

Panitia Ujian

Pangarsa,

Dra. Sri Suciati, M.Hum.

NIP. 196503161967532002

Panyitra,

Dra. HR. Utami, M. Hum.

NPP. 906301071

Anggota Penguji,

1. Dra. HR. Utami, M. Hum. ( )

NPP. 906301071

2. Sutadi, S. Pd., M. Pd. ( )

NIP. 19670504 1990031012

3. Bambang Sulanjari, S. S. ( )

NPP. 077001187

iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG

SESANTI

1.

“ Lan sejatosipun manungsa boten angsal punapa-punapa kejawi napa ingkangsampun dipunusahakaken”. (QS. An-najm 39)

2.

……

“…… Allah ngangkat derajatipun tiyang-tiyang iman lan tiyang ingkangnggadhahi ilmu. Lan Allah Maha waspada kaliyan punapa ingkang sedayapanjenengan tindakaken.” (QS. Al Mujadalah - 11)

3. “Wiwitanipun ngelmu inggih punika mirengaken lajeng migatosaken,ngapalaken, ngamalaken, lan ingkang pungkasan nyebaraken” (HR. Bukhori)

PISUNGSUNG

1. Bapak saha ibu ingkang tansah kula

tresnani.

2. Kanca-kanca ingkang sampun mbiyantu

kula mliginipun kanca kelsa F.

3. Sedaya ingkang kersa maos skripsi kula.

v

ATUR CECALA

Alhamdulillah panaliti aturaken datheng Allah SWT ingkang sampun

paring welas asih, kasarasan, rahmat, hidayah, tuwin daya. Skripsi kanthi irah-

irahan “Pelanggaran Prinsip Kerja Sama Salebeting Cerkak Panjebar Semangat

Warsa 2006” kadamel kangge njangkepi salah satunggaling sarat kangge

mungkasi Program Sarjana Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.

Wonten ngriki panaliti ngaturaken agenging panuwun datheng sedaya ing

panyeratan skripsi punika, kados ingkang kasebat ing nagndhap punika.

1. Bapak Muhdi, S.H., M.Hum., minangka Rektor IKIP PGRI Semarang.

2. Ibu Dra. Sri Suciati, M.Hum., minangka Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa

dan Seni IKIP PGRI Semarang.

3. Ibu Dra. HR. Utami, M.Hum., minangka Ketua Program Studi Pendidikan

Bahasa dan Sastra Jawa lan minangka Dosen Pambimbing I.

4. Bapak Sutadi, S.Pd., M.Pd., minangka Dosen Pambimbing II.

5. Sedaya kadang ingkang boten saged panaliti sebataken satunggal baka

satunggal.

Mugi-mugi panyeratan skripsi punika saged ngasilaken mupangat lan

nambahi seserepan dhumateng para pamaos.

Semarang, Juli 2010

Panaliti

vi

ABSTRAK

Ratnawati. 06430226. Pelanggaran Prinsip Kerja Sama Salebeting CerkakPanjebar Semangat Warsa 2006. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan SastraJawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. Tahun2010. Pembimbing I Dra. HR. Utami, M. Hum., pembimbing II Sutadi, S.Pd. M. Pd.

Kata Kunci : Pelanggaran prinsip kerja sama dan Cerkak

Berdasarkan judul ini, permasalahan penelitian yaitu (1) Bagaimanapercakapan didalam cerkak dari majalah Panjebar Semangat tahun 2006 yangmelanggar aturan prinsip kerja sama? Dan (2) bagaimana wujud dari pelanggaranprinsip kerja sama tersebut.

Dari permalasahan tersebut peneliti mempunyai tujuan yaitu (1) menjelaskanbagaimana percakapan didalam cerkak dari majalah Panjebar Semangat tahun2006 yang melanggar aturan prinsip kerja sama (2) menjelaskan wujud daripelanggaran prinsip kerja sama. Dari analisis tersebut dapat dilihat tuturan yangmelanggar aturan prinsip kerja sama dan wujud dari pelanggaran tersebut.

Penelitian ini mempunyai manfaat, yaitu (1) manfaat teoritis yaitumenambah pengetahuan tentang prinsip kerja sama dan pelanggaran prinsip kerjasama pada cerkak didalam majalah Panjebar Semangat tahun 2006. (2) manfaatpraktis yaitu diharapkan supaya dapat menjadi contoh atau tuntunan para pembacadalam bermasyarakat.

Untuk memudahkan saat meneliti, peneliti seharusnya menggunakan metodeyang sesuai dengan bab yang akan dianalisis. Metode yang digunakan yaitumetode pendekatan deskriptif kualitatif. Sumber data pada penelitian yaitudiambil dari cerkak Panjebar Semangat tahun 2006 dan data-datanya yaitu berupapercakapan atau tuturan yang ada pada cerkak tersebut. Tehnik pengumpulan datayang digunakan yaitu dengan tehnik pustaka.

Hasil analisis dan pembahasannya yaitu peneliti menjelaskan wujudmelanggar prinsip kerja sama pada cerkak Panjebar Semangat tahun 2006.Sesudah hasil penelitian dijelaskan, kemudian peneliti membuat kesimpulan dansaran berhubungan dengan bab yang dianalisis tadi. Penelitian ini diharapkan bisamemberi manfaat untuk pembaca dan peneliti sendiri.

vii

SARI PATHI

Ratnawati. 06430226. Pelanggaran Prinsip Kerja Sama salebeting CerkakPanjebar Semangat warsa 2006. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan SastraJawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang.Warsa 2010. Pembimbing I : Dra. HR. Utami, M. Hum., Pembimbing II: Sutadi, S. Pd., M. Pd.

Tembung Wos : Pelanggaran prinsip kerja sama lan Cerkak

Adhedhasar irah-irahan punika, prekawis panalitenipun inggih punika (1)Kados pundi wicantenan ing salebeting cerkak saking kalawarti PanjebarSemangat warsa 2006 ingkang nerak paugeran prinsip kerja sama? Lan (2)Punapa wujudipun pelanggaran prisip kerja sama punika?

Saking prekawis punika panaliten nggadhahi ancas inggih punika (1)Ngandharaken kados pundi wicantenan ing salebeting cerkak saking kalawartiPanjebar Semangat warsa 2006 ingkang nerak paugeran prinsip kerja sama (2)Ngandharaken wujudipun pelanggaran prinsip kerja sama. Saking analisis punikasaged katingal tuturan ingkang nerak paugeran prinsip kerja sama lan wujudipunpelanggaran punika.

Panaliten punika nggadhahi mupangat, inggih punika (1) mupangat teoritisinggih punika nambahi seserepan ing babagan prinsip kerja sama lan pelanggaranprinsip kerja sama ing cerkak salebeting kalawarti Panjebar Semangat warsa2006. (2) Mupangat praktis inggih punika ing pangangkah sageda tuladha punikadados pandom utawi tuntunan tumraping para pamaos anggenipun sesambetan ingbabagan ngajeng.

Supados nggampilaken nalika naliti panaliti nglampahaken panaliten,panaliti kedahipun ngginakaken metode ingkang jumbuh kaliyan bab ingkangbadhe kaanalisis. Metodhe ingkang dipunginakaken inggih punika metodhependekatan deskriptif kualitatif. Sumber dhata ing panaliten punika kapundhutsaking cerkak kalawarti Panjebar Semangat warsa 2006 lan dhata-dhatanipuninggih punika pacelathon utawi tuturan ingkang wonten ing cerkak kasebut.Teknik pangempalan punika kanthi teknik kapustakan.

Asil analisis lan pirembaganipun inggih punika panaliti ngandharakenwujud nerakipun prinsip kerja sama wonten ing cerkak Panjebar Semangat warsa2006. Sasampunipun asil panaliten dipunandharaken lajeng panaliti dameldudutan lan pamrayogi magepokan kaliyan bab ingkang dipunanalisis kalawau.Panaliten punika kajab saged paring mupangat dhateng pamaos lan panalitipiyambak.

viii

DHAFTAR ISI

IRAH-IRAHAN ……………………………………………………………… i

PASARUJUKAN ……………………………………………………………. ii

PANGESAHAN ……………………………………………………………… iii

SESANTI LAN PISUNGSUNG …………………………………………….. iv

ATUR CECALA …………………………………………………………….. v

ABSTRAK …………………………………………………………………… vi

SARI PATHI ………………………………………………………………… vii

DHAFTAR ISI ………………………………………………………………. viii

BAB I PAMBUKA …………………………………………………………... 1

A. Landhesan Pamilihing Irah-Irahan …………………………………… 1

B. Momotaning Prekawis ……………………………………………….. 4

C. Ancasing Panaliten …………………………………………………… 4

D. Mupangating Panaliten ………………………………………………. 4

E. Panandhesing Tembung ……………………………………………… 5

F. Tatarakiting Panyeratan ……………………………………………… 6

BAB II LANDHESANING TEORI …………………………………………. 7

A. Basa …………………………………………………………………... 7

B. Pragmatik ……………………………………………………………... 8

C. Tindak Tutur ………………………………………………………….. 10

D. Prinsip Micara ………………………………………………………… 13

ix

BAB III METODHOLOGI PANALITEN …………………………………… 21

A. Pendekatan Panaliten …………………………………………………. 21

B. Variabel Panaliten …………………………………………………….. 21

C. Data lan Sumber Data ………………………………………………… 22

D. Teknik Pangempalan Data ……………………………………………. 23

E. Teknik Analisis Data …………………………………………………. 24

F. Teknik Penyajian Hasil Analisis ……………………………………… 24

BAB IV PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA SALEBETING

CERKAK PANJEBAR SEMANGAT WARSA 2006…………....... 26

A. Maksim Kuantitas ……………………………………………………. 26

B. Maksim Kualitas ……………………………………………………… 47

C. Maksim Relevansi ……………………………………………………. 55

D. Maksim Cara …………………………………………………………. 63

BAB V PANUTUP …………………………………………………………... 73

A. Dudutan ………………………………………………………………. 73

B. Pamrayogi …………………………………………………………….. 74

KAPUSTAKAN

SIMPINGAN

BAB I

PURWAKA

A. Landhesan Pamilihing Irah-Irahan

Basa minangka sarana sesambetan ingkang sae menawi

dipuntandingaken kaliyan sarana sesambetan sanesipun (Chaer, 2004: 11).

Setunggal cara menawi nelaah basa punika mriksani kanthi sistematis kangge

nggabungaken perangan-perangan alit dados perangan ingkang langkung ageng

kanthi ancas komunikasi (Thomas, 2007: 8). Basa awujud sarana sesambetan

manungsa, kangge sesambetan ing satunggaling bebrayan. Punapa kemawon

ingkang dipuntindakaken manungsa kadosta, dolanan, kempalan, nyambut

damel, utawi medharaken pesen sedaya ngginakaken sarana basa.

Komunikasi miturut Edward ing makalah Soedianto: (-, 2) inggih punika

proses kangge ngirim gagasan, pikajengan lan pesen ingkang dipunaturaken

lumantar lambang tartamtu, ingkang ngemu teges dipunkirimaken dening tiyang

ingkang maringi pesen (panutur) ingkang katujokaken dhateng ingkang nampi

pesen (mitra tutur). Komunikasi saged kasil kanthi sae komunikatif bilih panutur

lan mitra tutur saged nuwuhaken pangertosan. Komponen ingkang kedah

wonten ing proses komunikasi inggih punika; 1) Pihak ingkang berkomunikasi,

punika panutur lan mitra tutur 2) informasi ingkang dipunkomunikasekaken 3)

pirantos ingkang dipunginakaken wonten komunikasi kasebut.

1

2

Supados basa ingkang dipunginakaken saged komunikatif, kedah wonten

kerja sama ingkang kedah dipuntindakaken dening panutur lan mitra tutur

supados proses komunikasi punika saged gancar. Prinsip punika ing

antawisipun nuntun punapa ingkang kedah dipuntindakaken panyarta

pacelathon supados pacelathon punika saged kohern.

Grice ing Wijana, (1996: 46) ngandharaken prinsip kerja sama nyakup 4

maksim inggih punika maksim kuantitas (maxim of quantity), maksim kualitas

(maxim of quality), maksim relevansi (maxim of relevance), lan maksim

pelaksanaan (maxim of manner). 4 maksim punika ingkang kedah

dipungatosaken dening tiyang, supados anggenipun ngginakaken basa

padintenan boten nerak paugeran prinsip kerja sama. Paugeran ingkang katerak

boten namung wonten ing prilaku padintenan kemawon, nanging wonten ing

media cetak ugi kathah ingkang nerak prinsip kerja sama, kadosta ing

salebeting cerkak.

Kathah pamaos ingkang remen maos rubrik cerkak ing Panjebar

Semangat. Saklebeting cerkak punika panaliti kathah manggihaken wicantenan

ingkang nerak prinsip kerja sama, ananging pamaos boten mangertosi babagan

punika.

Cerkak (cerita cekak) punika kalebet prosa fiksi ingkang lingkup

prekawisipun langkung alit. Miturut Poe wonten Murywantobroto, (2007: 11)

cerkak punika satunggaling cariyos ingkang dipunwaos saklenggahan, kinten-

kinten antawisipun setengah dumugi kalih jam. Kadadosan ing salebeting

3

cerkak punika kadadosan padintenan. Miturut Semi, cerkak ngandhut

penceritaan ingkang musat kaliyan setunggal kadadosan pokok. Paraganipun

ide sentral saking cariyos. Saking andharan wonten nginggil, cariyos cerkak

punika satunggaling cariyos ingkang dipunwaos saklenggahan, musataken

perhatosanipun wonten paraga utama lan prekawis ingkang langkung nonjol

dados pokok cariyos. Wonten ing panaliten punika, panaliti namung badhe

mbedhah kados pundi komunikasi ingkang sae salebeting cerkak ingkang

kapendhet saking kalawarti Panjebar Semangat.

Panjebar Semangat inggih punika salah satunggaling kalawarti minggon

basa Jawi. Panjebar Semangat punika terbitan Surabaya, kawontenaken saben

dinten setu dening PT. Pancoran Semangat Jaya, kacetak dening PT. Percetakan

PS., Jl Bubutan 85-B Surabaya 60174. Isinipun inggih maneka warni lan

komplit sanget awit budaya, politik, pendidikan, kriminal, olah raga kawruh

agami, kasarasan, glanggang remaja, wacan bocah, cerkak, cerbung lan

sapanunggalanipun. Suradira Jayaningrat Lebur dening Pangastuti. Kalawarti

minggon basa jawa kangge sesulih lan tuntunan rakyat anggayuh kamulyaning

nusa lan bangsa adhedhesar Pancasila.

Adhedhasar jlentrehan wonten nginggil, panyerat badhe nganalisis

Pelanggaran Prinsip Kerja Sama. Panaliten punika dipunlaksanakaken wonten

wacana (cerita cekak) ingkang kacitak wonten ing Panjebar Semangat warsa

2006.

4

B. Momotaning Prekawis

1. Kados pundi wicantenan ing salebeting cerkak saking kalawarti Panjebar

Semangat 2006 ingkang nerak paugeran prinsip kerja sama?

2. Menapa wujudipun pelanggaran prinsip kerja sama?

C. Ancasing Panaliten

Jumbuh kaliyan momotaning prekawis wonten nginggil, ingkang dados

ancasing panaliten kasebat ing ngandhap punika.

1. Ngandharaken kados pundi wicantenan ing salebeting cerkak saking kalawarti

Panjebar Semangat 2006 ingkang nerak paugeran prinsip kerja sama..

2. Ngandharaken wujudipun pelanggaran prinsip kerja sama.

D. Mupangating Panaliten

1. Mupangating teoritis

Nambahi seserepan ing babagan prinsip kerja sama lan pelanggaran prinsip

kerja sama ing cerkak salebeting Panjebar Semangat warsa 2006.

2. Mupangating praktis

Ing pangangkah sageda tuladha punika dados pandom utawi tuntunan

tumraping para pamaos anggenipun sesambetan ing babagan ngajeng.

5

E. Panandhesing Tembung

Supados anggenipun maos boten nuwuhaken pamanggih ingkang beda, ing

ngriki badhe dipunlandhesaken tetembungan ingkang kangge irah-irahan.

1. Pelanggaran

Pelanggaran punika saking tembung langgar ingkang tegesipun

nglanggar, nerak, nrajang, nabrak, nubruk, nyerang (Bausastra Jawa, 2001

:448). Pelanggaran wonten ing panaliten punika minangka pelanggaran

prinsip-prinsip ngginakaken basa dening panutur ingkang wonten ing

wicantenan.

2. Prinsip kerja sama

Ing proses komunikasi saged dipuntindakaken kanthi sae antawis

panutur lan mitra tutur menawi wonten kerja sama ing tuturan. Kerja sama

punika saged dipuntindakaken kanthi tata krama dhateng mitra tuturipun

(Rahardi, 2005: 52).

3. Pelanggaran Prinsip Kerja sama

Pelanggaran prinsip kerja sama punika panutur nindakaken

penyimpangan-penyimpangan dhateng prinsip-prinsip ngicalaken basa lan

nuduhaken wontenipun teges tartamtu ing tuturan ingkang dipuntampi dening

mitra tutur (Rohmadi, 2004: 115).

6

F. Tatarakiting Panyeratan

Tata rakiting panyeratan ing panaliten punika kaandharaken wonten ing

ngandhap punika.

Bab I minangka landhesan kangge mangertosi punapa ingkang dados

undering prekawis, isinipun nyakup landhesan pamilihing irah-irahan,

momotaning prekawis, ancasing panaliten, mupangating panaliten,

panandhesing tembung, lan tata rakiting panyeratan.

Kangge mrantasi momotaning prekawis, dipunginakaken saperangan teori,

dene andharanipun kawiwitan kanthi landhesan teori, ingkang nyakup ing

antawisipun: Basa, Pragmatik, Tindak tutur, Prinsip Micara. Ingkang sedaya

punika kababar wonten ing bab II.

Metodologi panaliten saged kawaos ing bab III. Isinipun nyakup

pendekatan panaliten, variabel panaliten, data lan sumber data, teknik

pangempalan data, teknik analisis data, teknik penyajian hasil analisis.

Bab IV mratelakaken palapuraning panaliten lan pirembagan wicantenan

pelanggaran prinsip kerja sama ing salebeting kempalaning cerkak saking

kalawarti Panjebar Semangat warsa 2006.

Wonten ing bab V skirpsi punika kaserat dudutan lan pamrayogi. Lajeng

Kapustakan lan Lampiran Dhata kaserat wonten pungkasaning skripsi.

7

BAB II

LANDHESANING TEORI

A. Basa

Basa punika minangka sarana sesambetan ingkang wigatos ing

pagesangan. Basa punika satunggal ciri ingkang bentenaken manungsa kalian

titah sanesipun ing jagad punika (Tarigan, 1986: 3).

Basa punika nggadhahi sifat manusiawi. Tegesipun, basa punika

minangka pirantos komunikasi verbal ingkang namung dipungadhahi manungsa.

Kewan boten gadhah basa, ingkang dipunagem kewan minangka piranti

komunikasi punika bunyi utawi gerak isyarat, sifatipun boten produktif utawi

boten dinamis. Dipunkuwaosi kewan kanthi instingtif, utawi mawi naluriah.

Kamangka manungsa nguwaosi basa boten mawi instingtif utawi naluriah,

ananging mawi sinau. Tanpa sinau manungsa boten saged ngginakaken basa

(Chaer, 2004: 14).

Miturut Lyons (ing Rohmadi, 2004: 6) basa wonten pragmatik nuduhaken

kasagedan ngginakaken basa ing sesambetan lan mikajengaken wontenipun

wujud basa ingkang jumbuh utawi ragam basa kanthi faktor-faktor panamtu

tindak komunikatif. Faktor-faktor panamtu timdak komunikatif punika (1) kaliyan

sinten ngginakaken basa, (2) punapa ancasipun (3) ing kahanan punapa (4) ing

7

8

konteks kabudayan lan kahanan (5) jalur ingkang pundi (lisa utawi tulisan), (6)

punapa sarananipun, (7) wonten ing prastawa punapa.

Basa awujud pirantos komunikasi manungsa, kagem sesambetan kaliyan

bebrayan. Punapa kemawon ingkang dipuntindakaken manungsa kadosta dolanan,

kempalan, nyambut damel, utawi nyampekaken pesen sedaya ginakaken sarana

basa.

B. Pragmatik

Pragmatik punika cabang ilmu basa ingkang nyinaoni struktur basa mawi

eksternal, kadospundi satunggaling basa punika dipunginakaken wonten

komunikasi (Wijana, 1996: 1). Miturut Leech ing Wijana, (1996:3) pragmatik

minangka cabang ilmu basa ingkang kasusun saking fonologi, morfologi,

sintaksis, lan semantik. Pragmatik punika minangka pasinaonan basa ingkang

nyinaoni sesambetan basa kaliyan konteksipun. Konteks ingkang dipuntegesi

punika sedaya kadadosan ingkang sampun dumados. Kawruh ingkang sampun

dipungadhai sesarengan dening panutur lan mitra tutur sarta ingkang dherek ing

patuturan. Miturut Wijana konteks ingkang kados makaten saged dipunsebat

konteks situasi tutur.

Leech ing Wijana, (1996: 10) ngandharaken menawi situasi tutur punika

wonten 5 aspek ingkang kedhah dipungatosaken, kados ing ngandhap punika.

9

1. Panutur lan Mitra Tutur

Panutur minangka tiyang ingkang nindakaken tuturan ateges tiyang

ingkang ngandharaken fungsi pragmatik tartamtu ing kadadosan komunikasi.

Mitra tutur inggih punika tiyang ingkang dados sasaran lan lawan panutur ing

patuturan

2. Konteks Tuturan

Wonten ing tata basa konteks tuturan punika nyakup sedaya aspek fisik

utawi latar sosial ingkang jumbuh kaliyan tuturan ingkang

dipunekspresikaken. Konteks ingkang sifatipun fisik punika fisik tuturan

kaliyan tuturan sanes, limrahipun kasebat konteks. Ing pragmatik konteks

punika sedaya lelandhesing kawruh ingkang dipunmangertosi sesarengan

dening panutur lan mitra tutur.

3. Ancasipun Tuturan

Ancas tuturan inggih punika punapa ingkang badhe dipungayuh

panutur nindakaken tindak tutur. Sedaya tuturan ingkang normal nggadhahi

ancas. Prekawis punika tegesipun boten wonten tuturan ingkang boten

ngandharaken ancas. Wonten ing sedaya prastawa tutur pinten-pinten tuturan

saged dipunekspresi kangge nyatakaken ancas.

4. Tuturan Minangka Wujud lan Tindakan

Miturut Gunarwan (Rustono, 1999: 29) nindakaken tuturan saged

katingal minangka nindakaken tindakan.

10

5. Tuturan Minangka Produk Tindak Verbal

Tuturan punika awujud asil tindakan. Tindakan manungsa punika

kaperang dados 2, inggih punika tindakan verbal lan tindakan non verbal.

Amargi kadadosan saking tindakan verbal, tuturan punika awujud produk

tindak verbal. Tindak verbal inggih punika tindak ngespresikaken

Kaprigelan pragmatik nggadhahi gegayutan kaliyan fungsi basa. Basa

dipunbetahaken kangge komunikasi lan mratelakake wicantenan saking para

panutur. Komunikasi lan ekspresi minangka fungsi basa ingkang boten saged

dipunbentenaken (Sudiyati lan Widyamartaya, 1996: 9)

C. Tindak Tutur

Tindak tutur punika gejala individual, nggadhahi sifat psikologis, lan

kalangsunganipun dipuntentokaken kaliyan kamampuan basa panutur nalika

ngadhepi situasi tartamtu (Chaer, 1995: 65).

Ukara punika sami kaliyan panyaruwenipun Suwito, bilih Peristiwa tutur

minangka gejala sosial lan wonten interaksi antawis panutur ing kahanan lan

panggenan tartamtu, pramila tindak tutur langkug kiyat minangka gejala

individual, nggadhahi sifat psikologis lan katemtokaken dening kasagedan basa

panutur ing kahanan tartamtu. Wonten ing tindak tutur tiyang langkung

ngawigatosaken teges ing tuturan punika.

Miturut Searle ing Wijana (1996: 17) menawi mawi pragmatis wonten 3

jinis tindakan ingkang saged dipunwujudaken dening panutur, inggih punika

11

tindak lokusi (locutionary act), tindak ilokusi (illocutionary act), dan tindak

perlokusi (perlocutionary act).

1. Tindak Lokusi

Tindak lokusi punika tindak tutur kangge ngandharaken samukawis

lan namung maringi informasi kemawon tanpa kangge nindakaken

samukawis. Tuladhanipun “Aku lagi maca Koran”.

2. Tindak Ilokusi

Tindak ilokusi punika tindak tutur ingkang nggadhahi fungsi

ngandharaken informasi lan dipunginakaken kangge nindakaken samukawis.

Tuladhanipun “Wis adzan maghrib kae lho!”, tuturan punika menawi

dipunparingaken ibu dhateng putranipun ingkang taksih nonton TV.

3. Tindak Perlokusi

Tindak perlokusi punika tindak tutur ingkang dipunandharaken dening

panutur kangge mangaribawani mitra tuturipun. Tuladhanipun “Ani bebas

SPP”, tuturan punika dipunaturaken dening salah satunggaling dwija dhateng

murid-murid, mila ilokusinipun supados kanca-kancanipun boten meri lan

perlokusinipun supados kanca-kanca mangertosi kahanan ekonomi tiyang

sepuhipun.

Ing Wijana tindak tutur punika kaperang dados kalih (2), ingkang sapisan

tindak tutur langsung lan tindak tutur tidak langsung, ingkang kaping kalih tindak

tutur literal lan tidak literal.

12

1. Tindak Tutur Langsung lan Tidak Langsung

Tindak tutur langsung awujud ukara pawarta, ukara pratanya, ukara

pakon. Sedaya punika nggadhahi fungsi ingkang konvensional menawi ukara

pawarta fungsinipun kangge ngandharaken prakawis, ukara pitaken kangge

nggandharaken pitakenan, ukara pakon kangge ngandharaken parentah.

Tuladha tindak tutur langsung :

a. “Nana lagi nyiram kembang.” (ukara pawarta)

b. “Bocah klambi ireng kae jenenge sapa?” (ukara pitaken)

c. “Tulung aku tutupna lawang!” (ukara pakon)

Tindak tutur tidak langsung minangka tindak tutur kangge ngaturi

tiyang supados nindakaken samukawis kanthi boten langsung. Tindak tutur

punika dipuntindakake kanthi mumpangataken ukara pawarta utawi ukara

patanya supados tiyang ingkang dipunaturi boten rumaos dipunaturi.

Tuladha tindak tutur tidak langsung :

“Dhik, mbak ngelak ki”

2. Tindak Tutur Literal lan Tindak Tutur Tidak Literal

Tindak tutur literal punika tindak tutur ingkang tegesipun sami kaliyan

tembung-tembung ingkang sampun kasusun. Menawi tindak tutur tidak literal

punika tindak tutur ingkang tegesipun boten sami kaliyan tembung-tembung

ingkang sampun kasusun.

Tuladha tindak tutur literal lan tindak tutur tidak literal :

a. “Biduan kae suwarane apik tenan.” (tindak tutur literal)

13

b. “Suwaramu apik, ning kowe ora usah nembang.” (tindak tutur tidak

literal)

D. Prinsip Micara

Prinsip micara minangka prinsip ing wacana kontekstual ingkang

dipunasilaken saking proses wicantenan ingkang kaiket konteks. Proses

komunikasi kawujud amargi panutur nindakaken prinsip kerja sama. Ing prinsip

micara kaperang kalih prinsip, ingkang sapisan prinsip kerja sama lan kaping

kalih prinsip kesantunan.

1. Prinsip Kerja Sama

Prinsip kerja sama inggih punika prinsip micara ingkang nuntun

panyarta pacelathon supados saged nindakaken pacelathon kanthi kooperatif

lan saged ngginakaken basa kanthi efektif lan efisien. Prinsip punika ing

antawisipun nuntun punapa ingkang kedah dipuntindakaken panyarta micara

punika supados kohern. Panutur ingkang boten maringi kontribusi wonten ing

koherensi micara inggih punika boten gatosaken prinsip kerja sama

Tuladhanipun wonten pacelathon Ibu kaliyan putranipun. Ibu nyuwun

pirsa kaliyan putranipun ”Saiki jam pira dik?” lajeng putranipun mangsuli

“Benjing libur kok, bu”. Pacelathon punika nerak prinsip kerja sama, amargi

wangsulan putranipun boten relevan kaliyan pitakenan ibunipun, pramila

pacelathon punika boten kohern. Kedhahipun pitakenanipun ibu punika

dipunwangsuli “Sakniki tabuh 19.00, bu”. Ananging menawi pitakenan ibu

14

punika awujud pitedhah supados putranipun sinau, wangsulan putranipun

boten sinau amargi libur punika relevan. Pramila pacelathon punika saged

kohern.

Grice ngandharaken prinsip kerja sama wonten 4 inggih punika

maksim kuantitas, maksim kualitas, maksim relevansi, maksim pelaksanaan

utawi cara. Maksim punika aturan patuturan salebetipun tuturan ingkang

wajar (Rohmadi, 2004: 17).

a. Maksim Kuantitas (maxim quantity)

Maksim kuantitas punika paugeran pituturan ingkang mbetahaken

kontribusi saking panutur lan mitra tutur sacekakipun jumbuh kaliyan

ingkang kasuwun. Informasi ingkang dipunparingaken dhateng mitra tutur

boten angsal langkung saking punapa ingkang dipunsuwun dening mitra

tutur (Rahardi, 2005:53).Tegesipun kontribusi saben-saben panutur

kedhahipun jumbuh kaliyan ingkang dipunbetahaken. Menawi kontribusi

ingkang dipunbetahaken sekedhik, pramila panutur inggih maringi

kontribusi sekedhik kemawon, makaten kosok wangsulipun.

Tuladha :

1) A : Wonten pundi griya panjenengan?

B : Wonten Pemalang

2) A : Wonten pundi griya panjenengan?

15

B : Rumiyin kula wonten Pekalongan, samenika wonten

Pemalangan, Ds. Ampelgading RT. 01 RW. 04 Kecamatan

Ampelgading

Tuturan B wonten ing (1) langkung kooperatif menawi

dipunbandingaken kaliyan tuturan B wonten ing (2). Amargi tuturan B

wonten ing (a) maringi kontribusi kanthi kuantitas madai wonten ing

saben tahapan komunikasi. Memawi tuturan B wonten ing (b) boten

kooperatif amargi maringi kontribusi ingkang kathah

b. Maksim Kualitas (maxim of quality)

Maksim kualitas punika saben panutur dipunpikajengaken supados

saged ngandharaken samukawis ingkang leres lan jumbuh kaliyan fakta

sajatosipun ing wicantenan (Rahardi, 2005: 55).

Tuladha:

3) A : “Pembimbing skripsimu sapa?”

B : “Bu Utami kaliyan Pak Sutadi”

Tuturan (B) ingkang minangka wangsulan saking pitakenanipun

panutur (A) sampun kalebet tuturan prinsip kerja sama maksim kualitas

amargi punapa ingkang kaandharaken ing tuturanipun leres lan jumbuh

kaliyan fakta ingkang sajatosipun, menawi ing jurusan Pendidikan Bahasa

lan Sastra Jawa Bu Utami lan Pak Sutadi minangka salah satunggaling

dosen pambimbing skripsi.

16

c. Maksim Relevansi (maxim of relevance)

Maksim Relevansi ngedhahaken saben panyarta pacelathon

maringi kontribusi ingkang relevan kaliyan prekawis ingkang

dipunngendikakaken (Rahardi, 2005:56). Tegesipun menawi ing maksim

relevansi punika dipunandharaken supados antawis panutur lan mitra tutur

wonten kerja sama ingkang sae ing tuturan lan kedhah maringi kontribusi

ingkang relevan kaliyan prekawis ingkang dipuntuturaken.

Tuladha :

4) A : “Sirahku ngelu banget”.

B : “Piye yen priksa neng Rumah Sakit wae?”

Tuturan B wonten ing (4) kasebut relevan kaliyan prekawis

ingkang dipunadhepi wonten ing pacelathon. Tuturan A ngeluh bilih

piyambakipun ngelu, mila B ngekspresi tuturan ingkang jumbuh kaliyan

pokok prekawis ingkang dipuntuturaken A, mila tuturan punika

kooperatif.

5) A : ”Piye skripsimu wis tekan ngendi?”.

B : ”Isih kaya wingi Bab 1, 2, 3.”

Wangsulan saking mitra tutur B wonten ing (5) tuturanipun ‘Isih

kaya wingi Bab 1, 2, 3’ punika babagan skripsi lan jumbuh kaliyan

pitakenanipun panutur (A) ingkang ngenani babagan skripsi. Tuturan

ingkang relevan antawisipun panutur lan mitra tutur kalebet ing prinsip

kerja sama maksim relevansi.

17

d. Maksim Pelaksanaan utawi Cara (maxim of manner)

Maksim pelaksanaan utawi cara punika ngedahaken panutur lan

mitra tutur wicantenan kanthi langsung, runtut, gamblang, lan boten

kabur, boten ambigu (Rahardi, 2005: 57).

Tuladha:

6) A : ”Bu, sesuk aku arep mangkat neng Semarang.”.

B : ”Ya, sing ati-ati neng dalan. Iki sangune.”

Tuturan (A) lan (B) ing (6) sami-sami nindakaken kerja sama

ingkang sae saengga tuturanipun saged dipunmangertosi. Caranipun mitra

tutur (B) maringi kontribusi punika sampun runtut, langsung lan tegesipun

saged dipuntampi dening panutur kanthi gamblang. Kerja sama ingkang

sae ing tuturan antawis panutur kaliyan mitra tutur kanthi nindakaken

tuturan ingkang runtut lan tegesipun saged dipunmangertosi saben

panutur, punika kalebet ing prinsip kerja sama maksim pelaksanaan utawi

cara

2. Prinsip Kesantunan

Prinsip Kesantunan (politeness principle) punika sesambetan

kaliyan paugeran (aturan) babagan prekawis-prekawis ingkang nggadhahi

sifat social, estetis, lan moral wonten ing tindak tutur Grice, ing Rustono

(1999: 61). Prinsip kesantunan dipunagem kangge njangkepi prinsip kerja

sama lan ngatasi angelipun ingkang timbul amargi penerapan prinsip kerja

18

sama. Ing Wijana (1996: 55) ngandharaken bilih prinsip kesantunan kaperang

dados enem maksim. Maksim-maksim punika kasebut ing ngandhap punika.

a. Maksim Ketimbangrasaan (Tact Maaxim)

1) Minimalaken biaya dhateng pihak sanes

2) Maksimalaken keuntungan dhateng pihak sanes

Tuladha :

(a) Ibu : “Mangga didhahar jeruke! Wonten lebet taksih kathah.

Tamu: “Inggih bu, boten sah repot-repot”.

Ing tuturan (a) wonten nginggil cetha bilih punapa ingkang

dipuntuturaken ibu maksimalaken keuntungan dhateng tamunipun.

b. Maksim kemurahhatian (Generosity Maxim)

1) Minimalaken keuntungan dhateng diri piyambak

2) Maksimalaken keuntungan dhateng pihak sanes

Tuladha :

(b) Tanti : “Endi gawa mrene klambi kotormu Het, tak

kumbahane sisan!”.

Heti : “Ora usah, Tan. Mengko tak kumbahane dhewe wae”.

Tuturan (b) ing nginggil netepi maksim kemurahhatian. Amargi

Tanti maksimalaken keuntungan dhateng Heti kanthi cara nambahi

beban kangge piyambakipun. Prekawis punika dipuntindakaken kanthi

cara nawaraken pitulungan kangge ngumbahaken klambi kotoripun

Heti.

19

c. Maksim Pujian (Appobation maxim)

1) Minimalaken penjelekan dhateng pihak sanes

2) Maksimalaken pujiyan dhateng pihak sanes

Tuladha :

(c) Hani : “Ayo dicicipi masakanku iki En!”.

Eni : “Wah enak ik masakanmu Han. Jebule kowe pinter

masak ya”

Tuturan (c) punika netepi maksim pujian amargi tuturan eni

maksimalaken pujian dhateng Hani. Prekawis punika dipuntindakaken

kanthi cara muji rasa masakanipun Hani.

d. Maksim Kerendahhatian (Modesty Maxim)

1) Minimalaken pujiyan dhateng diri piyambak

2) Maksimalaken Penjelasan dhateng diri piyambak

Tuladha :

(d) Ibu : “Mangga pinarak wonten gubug kula ingkang alit niki

Bu”.

Bu Susi : “Matur nuwun sanget, bu, benjing mawon”

Tuturan (d) ing nginggil punika cetha bilih tuturan ibu

maksimalaken penjelasan dhateng piyambakipun. Prekawis punika

cetha nalika ibu ngandharaken griyanipun kanthi nyebat griyanipun

punika gubug.

e. Maksim Kesetujuan (Agreement Maxim)

20

1) Minimalaken boten sarujuk antawis diri piyambak lan tiyang sanes

2) Maksimalaken sarujuk antawis diri piyambak lan pihak sanes

Tuladha :

(e) Ibu : “Lampumu iki dipindhah nang kamarmu wae piye

San?”.

Santi : “Inggih Bu, malah kleresan supados tambah

padhang”

Tuturan (e) punika netepi maksim kesetujuan amargi tuturan

Santi maksimalaken sarujuk antawis piyambakipun kaliyan ibu.

f. Maksim Kesimpatian

1) Minimalaken antipati antawis diri piyambak lan pihak sanes

2) Maksimalaken simpati antawis diri piyambak lan pihak sanes

Tuladha :

(f) Nita : “Lel, aku ora bis mlebu kuliyah, Simbahku nembe

seda”.

Leli : “Innalillahi wa’ina’ilaihi roji’un. Aku melu bela

sungkawa ya, Nit”

Tuturan (f) ing nginggil bilih tuturan Leli punika netepi maksim

kesimpatian. Amargi piyambakipun maksimalaken simpati antawis

piyambakipun kaliyan Nita. Prekawis punika cetha nalika Leli nderek

bela sungkawa nalika piyambakipun ngertos bilih simbahipun Nita

seda

21

BAB III

METODHOLOGI PANALITEN

A. Pendekatan Panaliten

Panaliten punika ngginakaken pendekatan panaliten kualitatif jalaran

dhata ingkang dipunkempalaken awujud ukara ingkang wonten ing cerkak.

Panaliten kualitatif nggadhahi sipat deskriptif, tegesipun dhata ingkang

dipunkempalaken inggih punika awujud tembung-tembung, gambar lan sanes

angka-angka. Kanthi makaten, lapuran panaliten wosipun kutipan-kutipan dhata

kangge maringi gambaran nyawisaken lapuran panaliten (Soejono, 2005:21).

Dhata panaliten punika kapundhhut saking wicantenan ing cerkak Panjebar

Semangat warsa 2006.

B. Variabel Panaliten

Variabel inggih punika objek panaliten, utawi punapa ingkang dados titik

kawigatosan satunggaling panaliten (Arikunta, 2006: 118), dados variabel punika

minangka unsure-unsur utawi aspek-aspek ingkang dados objek panaliten. Mawi

teori, definisi variabel penelitian inggih punika suatu obyek, sifat/atribut/nilai

saking tiyang, obyek atawi kagiatan ingkang gadhahi maneka warni variasi

antawis satunggal kaliyan lintunipun ingkang dipuntrapaken kaliyan panaliti

kagem disinaoni lan dipuntarik dudutanipun (http:// suhartoumm. blogspot.

21

22

com/2009/07/pengertian-variabel-variabel-dan.html). Wonten

ing panaliten punika ingkang dados variable inggih punika prinsip kerja sama lan

tuturan.

C. Data lan Sumber Data

1. Data

Data panaliten inggih punika katrangan ingkang ngandaraken variabel.

Data ingkang badhe dipuntaliti wonten panaliten punika tuturan ingkang

awujud pelanggaran prinsip kerja sama wonten ing cerkak Panjebar

Semangat warsa 2006.

2. Sumber Data

Sumber data wonten ing panaliten punika, cerkak ing Panjebar

Semangat warsa 2006 kanthi irah-irahan ing ngandhap punika.

a. Kula dereng Kalah, PS no.04/2006

b. Wolung ndina, PS no.06/2006

c. Sindhen Campursari, PS no.12/2006

d. C’est La Vie, PS no.13/2006

e. Trekahe Anak Lanang, PS no.18/2006

f. Wektu-wektu Kang Wis Kawuri, PS no.25/2006

g. Pak Bupati Anyar, PS no.29/2006

h. Kandhani....Kok!, PS no.33/2006

23

i. Tukang Cukur, PS no.39/2006

j. Numusi, PS no.40/2006

k. Oh, Pak Guru, PS no.46/2006

l. Ketemu Gaweyan Ketemu Jodho, PS no.48/2006

D. Teknik Pangempalan Data

Teknik pangempalan data wonten ing panaliten punika kanthi teknik

kapustakan. Dhata ingkang sampun kempal kapundhut saking wicantenan cerkak

lan dipunpilah ingkang pundi kalebet Pelanggaran Prisip Kerja Sama kangge

nyocokaken data ing wujud-wujud pelanggaran prinsip kerja sama. Panaliten

punika dipunbetahaken buku-buku kangge sarana proses panaliten ingkang

dipuntaliti. Miturut Hariwijaya lan Triton (2007: 63), teknik kapustakan inggih

punika sedaya proses ingkang dipuntaliti wiwit purwa dumugi pungkasan

panaliten kanthi cara mumpangataken maneka warna pustaka ingkang jumbuh

kaliyan fenomena sosial ingkang taksih dipuntaliti.

No. Dhata Konteks Tuturan Tuturan Jenis pelanggaran Prinsip

Kerja sama

24

E. Teknik Analisis Data

Teknik analisis data wonten ing panaliten inggih punika nyocokaken

dhata asil panaliten, ingkang badhe dipunpanggihi pelanggaran prinsip kerja

sama ing wicantenan cerkak salebeting Panjebar Semangat wars 2006.

Langkah-langkah analisis data kados ing ngandhap punika.

a. Maos cerkak salebeting panjebar semangat warsa 2006.

b. Nganalisis wicantenan ing cerkak ingkang kalebet prinsip kerja sama lan

pelanggaran prinsip kerja sama.

c. Nyocokaken wicantenan ing cerkak ingkang kalebet pelanggaran prinsip kerja

sama.

d. Milah wicantenan ing wujud-wujud pelanggaran prinsip kerja sama.

e. Nganalisis wicantenan pelanggaran prinsip kerja sama ing cerkak.

F. Teknik Penyajian Hasil Analisis

Sasampunipun analisis data dipuntindakaken, asil saking analisis data

kedah dipunjlentrehaken. Saderengipun dipunjlentrehaken kedah dipunpirsani,

mila kedah ngginakaken cara ingkang dipunsebat metode penyajian data.

Metode penyajian data punika dipunperang dados kalih inggih punika

ingkang asipat informal lan asipat formal utawi gabungan(Dwiloka, 2005:65).

Metode penyajian informal inggih punika perumusan kanthi tetembungan ingkang

limrah utawi biasa. Penyajian formal inggih punika perumusan kanthi tandha lan

lambang-lambang.

25

Teknik penyajian asil analisis ingkang jumbuh kaliyan panaliten punika

minangka metode penyajian informal. Pangripta wonten ing panaliten punika

nganalisis pelanggaran prinsip kerja sama ing cerkak Panjebar Semangat warsa

2006.

26

BAB IV

PELANGGARAN PRINSIP KERJA SAMA SALEBETING CERKAK

PANJEBAR SEMANGAT WARSA 2006

Pirembagan wonten ing bab punika ingkang kapundhut saking dhata lan

dipun panggihi wontenipun pelanggaran prinsip kerja sama ing salebeting tuturan

cerkak Panjebar Semangat warsa 2006. Dhata punika badhe dipunanalisis kados

pundi wujud pelanggaran prinsip kerja sama amargi wonten ing wicantenan kedah

netepi salah satunggaling prinsip micara inggih punika prinsip kerja sama.

Ing panaliten punika ingkang badhe dipun analisis inggih punika pelanggaran

prinsip kerja sama ingkang nyakup sekawan (4) maksim antawisipun, (1) Maksim

kuantitas, (2)Maksim kualitas, (3) Maksim relevansi (4) Maksim Cara. Analisis

pelanggaran prinsip kerj asama ing tuturan salebeting cerkak Panjebar Semangat

warsa 2006, ingkang dipunjlentrehaken mekaten.

A. Maksim Kuantitas

Maksim kuantitas punika paugeran pituturan ingkang mbetahaken

kontribusi saking panutur lan mitra tutur sacekakipun jumbuh kaliyan ingkang

kasuwun. Informasi ingkang dipunparingaken dhateng mitra tutur boten angsal

langkung saking punapa ingkang dipunsuwun dening mitra tutur.

1. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas wonten cerkak Kula dereng Kalah

anggitanipun Danang Te Arifal kapethik saking PS no.04

26

27

Dhata (1) ing ngandhap punika nerak prisip kerja sama maksim

kuantitas.

Konteks : RIKALA MAS DANANG NYUWUN PIRSA DHATENGPAK WIRYO BABAGAN LAPANGAN GOLF.

TuturanMas Danang : Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna pak?Pak Wiryo : (mung mesem krungu pitaken mas Danang, sajake wis

ngerti apa karepe)

Tuturan Pak Wiryo ing pacelathon, nerak maksim kuantitas amargi

kontribusi ingkang dipunparingaken panutur inggih punika Pak Wiryo

namung mesem dados boten cetha lan kirang informatif kaliyan punapa

ingkang dipun betahaken Mas Danang mitra tuturipun.

Dhata (2) ing ngandhap punika ugi nerak maksim kuantitas.

Konteks : MAS DANANG NYUWUN PIRSA KADOS PUNDIMANGGENIPUN PAK WIRYO MENAWI KAMPUNGIPUNDIGUSUR.

TuturanMas Danang : Lah yen lapangane diambakna terus kampunge sampeyan

digusur piye pak?Pak Wiryo : Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, mas.

Digusur nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane.

Tuturan Pak Wiryo ing dhata (2) punika nerak maksim kuantitas amargi

Pak Wiryo maringi kontribusi ingkang kekathahen saking punapa ingkang

dipunsuwun mitra tuturipun. Kedhahipun Pak Wiryo namung mangsuli; nggih

pindah, tuturan punika langkung kooperatif.

28

Dhata (3) ing ngandhap punika nerak maksim kuantitas.

Konteks : WICANTENAN MAS DANANG KALIYAN PAK WIRYOBABAGAN MODAL KAGEM PAK WIRYO.

TuturanMas Danang : Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi

modhal, terus gawe home industri, puthune diwenehi capterus didol nyang supermarket?

Pak Wiryo : Wah, mangke yen kula boten ider mriki malih,njenengan kangelan ndadak pados puthu tengsupermarket. (ngguyu latah-latah).Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok mas. Singpenitng saged damel urip lan nyekolahke anak. Wongkula niku nggih mboten gadhah warisan napa-napakangge anak kula. Sakmboten-botene nek kula dadibakul puthu, anake kula nggih sampun ngantos kadosbapake.

Tuturan Pak Wiryo ing dhata (3) punika maringi kontribusi ingkang

kekatahen saking punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun. Kedahipun

Pak Wiryo namung mangsuli; kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok

mas, tuturan punika langkung informatif. Mila dhata wonten nginggil nerak

maksim kuantitas.

2. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas wonten Cerkak Wolung ndina

anggitanipun Riyadi kapethik saking PS no. 06

Dhata (8) punika boten kooperatif mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : RIKALA PANUT TAKEN WIDODO SAMPUN DOLADHATENG GRIYANIPUN YULI PUNAPA DERENG.

TuturanPanut : Terus dina-dina sakbanjure priye Yus. Kowe ya wis dolan nang

omahe Yuli?Widodo Jayus : Ora! Durung!Agus teler : Kok goblog temen ora disikat!

29

Widodo Jayus : Kowe sing goblog. Aku pilih nganggo tehnik jinak-jinakmerpati. Aku milih saben esuk nginjen saka jendela, pas Yulilagi mepei. Lumayan, film gratis.

Kang Darno : Apa ya arep mbok ingu ngono terus?Widodo Jayus : Wah, ya ora ta kang yen saiki wis nginjen wolung dina

seprene mesthine ya wis marem, mula wiwit sesuk akuarep ndolani dheweke.

Tuturan Widodo Jayus ing dhata (8) punika nerak maksim kuantitas

amargi Widodo Jayus maringi kontribusi ingkang kekathahen; Wah, ya ora ta

kang yen saiki wis nginjen wolung dina seprene mesthine ya wis marem, mula

wiwit sesuk aku arep ndolani dheweke. Ingkang dipunsuwun Kang Darno

punika Widodo Jayus namung mangsuli; Wah, ya ora ta kang. Dados

tuturanipun langkung kooperatif.

3. Tuturan sanes ingkang nerak maksim kuantitas kadadosan ing cerkak Sinden

Campursari anggitanipun Andjar Any kapethik saking PS no.12

Dhata (10) punika nerak prinsip kerja sama maksim kuantitas.

Konteks : SUMANI NDHAWUHI ANJAS SUPADOS ENGGALWUNGU.

TuturanSumani : Njas, Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae

kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak anadhipan wae.

Anjas : Sapa...?Sumani : Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa.

Tuturan Sumani ing dhata (10) punika boten kooperatif, kontribusi

ingkang dipunkarepaken Anjas namung sekedik, nanging Sumani maringi

tuturan ingkang geseh saking prinsip kerja sama. Tuturan; Kae pacarmu

30

barang wis dha ngenteni ana pendapa, kedhahipun namung; Kae pacarmu.

Punika langkung kooperatif.

Dhata (14) punika nerak maksim kuantitas.

Konteks : SUMANI NGENDIKAN BILIH BANGKU SISIHIPUNNANIK SAMPUN DIPESEN ANJAS.

TuturanSumani : Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau

dipakai Anjas.Nanik : Mesem manis

Tuturan Nanik ing dhata (14) punika nerak maksim kuantitas amargi

kontribusi ingkang dipunparingaken panutur inggih punika Nanik boten cetha

lan kirang informatif kaliyan punapa ingkang dipunbetahaken Sumani mitra

tuturipun.

4. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas ing cerkak C’est La Vie

anggitanipun Susialine Adelia kapethik saking PS no.13

Dhata (24) ing ngandhap punika nerak maksim kuantitas.

Konteks : WICANTENANIPUN SARI LAN NANING NALIKAWONTEN ING PAKUNJARAN.

TuturanSari : Kowe sehat?Naning : (mesem)Sari : Titip Ibu. Muga-muga sawise iki uripmu bisa tentrem. Wis dak

walesake larane ibu, laramu.

31

Tuturan Naning ing dhata (24) punika maringi kontribusi boten cetha

lan kirang informatif kaliyan punapa ingkang dipunbetahaken mitra tuturipun.

Wonten tuturan Naning boten enggal mangsuli namung mesem kemawon.

5. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas ing cerkak Trekahe Anak Lanang

anggitanipun Sodrun kapethik saking PS no.18

Dhata (25) punika boten informatif, mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : JARNO DUKA MARANG BAPAKIPUN AMARGIBOTEN NAMPI PESENIPUN LIWAT TELPON,SUPADOS BOTEN TUMBAS BBM RUMIYIN.

TuturanJarno : Bapak ki lek diomongi cah nom kok ngeyel ae! Tak

rewangi adus kringet! Bengak-bengok nganti gorokangaring, bapak kok pancet ae nggadur! Apa ora nampapesenku liwat telpon wingi ta, Pak?

Pakdhe Musijan : Kowe ki omong apa ta, Jar?Mulih ka paran ki pantese wisuh apa raup dhisik, kokngundhamana bapakmu ki ana apa?

Jarno : Bapak sing ngeyel ae! Aku maeng kapethuk Kang parlan,omonge Bapak mentas tuku solar. Iya ra, pak?Maeng tuku pirang liter, pak?

Pakdhe Musijan : (meneng ae)

Tuturan Pakdhe Musijan ing dhata (25) punika boten informatif

kaliyan punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun. Wonten tuturan Pakdhe

Musijan namung mendel kemawon.

Dhata (26) punika ugi boten informatif, nerak maksim kuantitas.

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA BAPAKIPUN PUNAPAPIYAMBAKIPUN BOTEN MIRSANI TV LAN RADIO

Tuturan

32

Jarno : Bapak apa ra ndeleng siaran tivi? Ra ngrungokke radhio?Wis pirang atus ae klompok mahasiswa padha demo nuntutpamerintah?

Pakdhe Musijan : (meneng)

Tuturan Pakdhe Musijan ing dhata (26) punika boten informatif

kaliyan ingkang dipunsuwun mitra tuturipun. Wonten tuturan Pakdhe Musijan

ugi namung mendel kemawon.

Dhata (30) punika boten kooperatif mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : SIMBOK NDANGU JARNO MENAWI MAEM AMPUNKESESA.

TuturanJarno : Heh, kesereten!Simbok : Mula aja kesusu! Kari mangan ae kok kesereten ta, Jar.

Ndahneya sing adang ngene iki?Jarno : Padha ae, mbok!

Aku ya ora penak-penak lo mbok, neng kampusku kana ki.Awakku ora isa lemu rak merga melu mikir negara.Mikirke rakyat cilik. Ora mung sinau thok!

Tuturan Jarno ing dhata (30); Padha ae mbok! Aku ya ora penak-penak

lo mbok, neng kampusku kana ki awakku ora isa lemu rak merga melu mikir

negara. Mikirke rakyat cilik. Ora mung sinau thok! punika boten kooperatif,

amrgi maringi kontribusi ingkang kekathahen saking punapa ingkang

dipunsuwun mitra tuturipun. Kedhahipun namung nuturaken; Padha ae mbok!

Punika langkung kooperatif.

33

Dhata (32) punika boten informatif nerak prinsip kerja sama.

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA DHATENG JUMINAH SIOSDILAMAR PUNAPA BOTEN.

TuturanJarno : Jum! Sida dilamar cah Ngantru kulon prapatan kae pa ra?Juminah : (ora sumaur)Jarno : Jum, piye?Juminah : (panggah ora gelem sumaur)

Tuturan Juminah ing dhata (32) boten informatif amargi Juminah

namung mendel, boten maringi kontribusi punapa-punapa.

Dhata (34) punika nerak maksim kuantitas:

Konteks : SIMBOK NGAJAK MAEM JUWADI.TuturanSimbok : Melu mangan kene lho, Di!Juwadi : Nggih. Sampun kok. Nembe

Tuturan Juwadi ing dhata (34) boten kooperatif, amargi maringi

kontribusi ingkang kekathahen boten kados punapa ingkang dipunsuwun

mitra tuturipun. Tuturan; Nggih. Sampun kok. Nembe, kedhahipun namung

Nggih.

6. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas wonten cerkak Wektu-wektu Kang

Wis Kawuri anggitanipun Samirun Ismadi kapethik saking PS no.25

Dhata (43) punika boten kooperatif mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA KALIYAN SOPIR MENAWIANGKOT ISI PENUH ANGSAL YATRA PINTEN.

TuturanPras : Mas nek kendharaan isi penuh, sampeyan oleh dhuwit pira?

34

Sopir : Menawi penuh paling kathah angsal seketan ewu pak. Ningnggih langka sanget penuh. Tiyang sakniki kathah mobiletenimbang penumpange.

Tuturan Sopir ing dhata (43) punika boten kooperatif, maringi

kontribusi ingkang kekathahen; Menawi penuh paling kathah angsal seketan

ewu Pak. Ning nggih langka sanget penuh. Tiyang sakniki kathah mobile

tenimbang penumpange. Sejatosipun Pras namung mbetahaken kontribusi

ingkang sekedhik kemawon inggih punika; angsal seketan ewu Pak.

Dhata (46) punika ugi nerak maksim kuantitas.

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINI, BADHETINDAK PUNDI.

TuturanPras : Kok sajak resmi sanget badhe tindak pundi to jeng?Setyarini : Badhe sowan rencang ingkang nembe kagungan kersa.

Dipun pundhuti tulung supados tumut among tamu.Lajeng panjenengan punika dalemipun pundi to mas, koksajak anyar katon.

Tuturan Setyarini ing dhata (46) punika boten kooperatif; Badhe

sowan rencang ingkang nembe kagungan kersa. Dipun pundhuti tulung

supados tumut among tamu. Lajeng panjenengan punika dalemipun pundi

mas, kok sajak anyar katon. Puninka maringi kontribusi kekathahen saking

punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun, kedhahipun namung maringi

kontribusi; Badhe sowan rencang ingkang nembe kagungan kersa.

35

Dhata (48) punika nerak prinsip kerja sama maksim kuantitas.

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINI, ASMARAMANIPUN SINTEN.

TuturanPras : Lajeng keng rama sinten asmanipun?Setyarini : Pak Dwija Purnama, ngastanipun wonten Kantor

Kecamatan

Tuturan Setyarini ing dhata (48) punika boten kooperatif; Pak Dwija

Purnama, ngastanipun wonten Kantor Kecamatan. Tuturan punika dados

kooperatif menawi tuturanipun; Pak Dwija Purnama.

Dhata (52) punika boten kooperatif, nerak maksim kuantitas.

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINIPIDALEM BAPAKIPUN WONTEN PUNDI.

TuturanPras : Banjur Bapak saiki pidalem ana ngendi?Setyarini : Bareng pensiun Bapak kondur menyang Bagor, yasa dalem

ing Desa Karang Tengah.

Tuturan Setyarini ing dhata (52); Bareng pensiun Bapak kondur

menyang Bogor, yasa dalem ing Desa Karang Tengah. Punika dados

kooperatif menawi tuturanipun dados ing Karang Tengah, kados punapa

ingkag dipunsuwun mitra tuturipun.

7. Wonten ing cerkak Pak Bupati Anyar anggitanipun Sudadi kapethik saking PS

no.29 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim kuantitas.

36

8. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas ing cerkak Kandhani Kok....!

anggitanipun Mbak Brintik kapethik saking PS no.33.

Dhata (61) punika nerak prinsip kerja sama, maksim kuantitas.

Konteks : SIMBAH NYAPA DHATENG MAS MUHADI.TuturanSimbah : Sungeng mas Suhadi, kok thenger-thenger nglamun, durung

entuk plaris ora ana wong nyukurna rampbut ta mas.Mas Suhadi : (njenggirat kaget)

Tuturan Mas Suhadi ing dhata (61) punika boten informatif, namung

ngetingalaken ekspresi kemawon; njenggirat kaget. Mila simbah boten angsal

kontribusi saking Mas Suhadi punika nerak maksim kuantitas.

Dhata (64) punika boten kooperatif.

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAHPUNAPA RESEPIPUN KOK TAKSIH TETEP AYU.

TuturanMas Suhadi : Panjenengan ngantos sepuh, kok tetep ayu punika gek resepe

punapa ta mbah?Simbah : Walaaaahhh mas (karo mesem ngujiwat). Resepe kuwi ya

rahasia perusahaan. Ning tak omongi ya, mulane ayuku kiwantek ora luntur nganti simbah mergane aku biyen lairkupas parak esuk, wayahe kembang padha mekar nyebargandha amrik. Terus manih aku nalika lair kalung usus,dadi menganggo sembarang pantes. Wong sing lair kayaaku ngono kuwi, sapa bae sing dak tamoni, mesti rejekinederes, tansah nemu kesenengan, percaya karepmu oraembuh!

Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?Simbah : Kandhani kok!

Tuturan Simbah ing dhata (64); Walaaaahhh mas (karo mesem

ngujiwat). Resepe kuwi ya rahasia perusahaan. Nikng tak omongi ya, mulane

37

ayuku ki wantek ora luntur nganti simbah mergane aku biyen lairku pas parak

esuk, wayahe kembang padha mekar nyebar gandha amrik. Terus manih aku

nalika lair kalung usus, dadi menganggo sembarang pantes. Wong sing lair

kaya aku ngono kuwi, sapa bae sing dak tamoni, mesti rejekine deres, tansah

nemu kesenengan, percaya karepmu ora embuh!. Punika maringi kontribusi

kekathahen saking punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun, kedhahipun

Simbah namung ngendikan; Resepe kuwi ya rahasia perusahaan. Tuturan

punika langkung kooperatif.

Dhata (66) punika ugi boten kooperatif, nerak maksim kuantitas.

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAHPUNAPA MLIGI TINDAK MRIKI, PUNAPA SAKINGPUNDI.

TuturanMas Suhadi : Kepareng matur inggih mbah, panjenengan punika kalawau

sejatosipun mligi tindak mriki nuweni kula, punapa sakingtindak pundi lajeng pinarak mriki?

Simbah : biasa ta Mas, saka redaksi, nyerahna naskah karoapamaneh, ya njupuk honor. Lah iki lho pirsani, taskumaontol-montol, huakeh mas honorku. Mulane nek anasing kojah, jarene nek ngarang sak naskah honoredipangan sesasi ora entek, kanggoku godir Mas jih kalahkaro aku no. Naskahku ki ya Mas, sekali muat, honore dakenggo nebasi, mborongi sembarang kalir, jih turah sakthekruk, nganti bingung dak tukokna apa maneh. Lanmaneh mulane honorku ki paling huakeh paling gedhedhewe, mergane aku iki diistimewakna karo redaksine.Pengarang sing tuwek dhewe, wedok, gek ayune gak leren-leren lak mek aku tah? Aku...!

Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?Simbah : Kandhani.... kok!

38

Tuturan Simbah ing dhata (66); biasa ta Mas, saka redaksi, nyerahna

naskah karo apamaneh, ya njupuk honor. Lah iki lho pirsani, tasku maontol-

montol, huakeh mas honorku. Mulane nek ana sing kojah, jarene nek ngarang

sak naskah honore dipangan sesasi ora entek, kanggoku godir Mas jih kalah

karo aku no. Naskahku ki ya Mas, sekali muat, honore dak enggo nebasi,

mborongi sembarang kalir, jih turah sak thekruk, nganti bingung dak tukokna

apa maneh. Lan maneh mulane honorku ki paling huakeh paling gedhe dhewe,

mergane aku iki diistimewakna karo redaksine. Pengarang sing tuwek dhewe,

wedok, gek ayune gak leren-leren lak mek aku tah? Aku...! Punika nerak

maksim kuantitas amargi tuturan simbah kekathahen, Mas Suhadi namung

nyuwun pirsa Simbah punika saking pundi?, mila kontribusi ingkang

sejatosipun kedhah dipuntuturaken punika; saka redaksi.

Dhata (67) punika nerak prinsip kerja sama.

Konteks : MAS SUHSDI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAHPUNAPA SIMBAH NGRAWUHI KSJ (KONGRES SASTRAJAWA)

TuturanMas Suhadi : Kepareng nyuwun pirsa Mbah, panjenengan inggih ngrawuhi

KSJ (Konggres Sastra Jawa)?Simbah : Aku iki ya Mas, aja maneh diundang, lha mbok gak

diundang, anggere ora ana acara barengan sing penting,aku mesti merlokna teka. Mergane aku rumangsa tresnatur ya kudu melu ngopeni basa-sastra budaya Jawa, akuharak ya kudu melu nyengkuyung, senajan ibarate mungbawang sak siyung. Apamaneh panityane KSJ kuwipengertian banget, kurang rong sasi digelare KSJ, aku wisditekani panityane, amrih bisa nekani KSJ. Senajan ta akuiki mung pengarang Jawa pinggiran, dianggep pengarang

39

sing wis sepuh, ya senajan sembur suwuke bisa numusilumakune KSJ, amrih bisa rancang, slamet lan sukses.

Tuturan Simbah ing dhata (67) punika boten kooperatif, kedhahipun

Simbah maringi kontribusi; Mesthi teka. Amargi ingkang dipunsuwun mitra

tuturipun Mas Suhadi namung punika kemawon.

9. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas ing cerkak Tukang Cukur

anggitanipun Hery Priyosutopo kapethik saking PS no.39.

Dhata (69) punika boten kooperatif, mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : KANG PARDI SAMBAT KALIYAN WARSIDI AMARGICUKURIPUN SEPI, BOTEN WONTENN TIYANGINGKANG CUKUR.

TuturanWarsidi : Wong jenenge nyambut gawe, kadhang ya ana kadhang kala ya

sepi kang... ra sah ngresulaKang Pardi : nek ngresula ki ya ora Di... mung kok ora kaya biyasane,

sepine jan namen. Mosok sedina ki maeng blas ra anawong cukur, malah ki mau ya durung sarapan... mungkambon wedange yu Ginah ssk cangkir.

Basiya : Njupuka dhewe kang, nek gelem sarapan bakso.

Tuturan Kang Pardi ing dhata (69) punika boten kooperatif amargi

maringi kontribusi ingkang kekathahen. Ingkang dipunsuwun Warsidi mitra

tuturipun namung tuturan; nek ngresula ki ya ra Di..., Tuturan punika

langkung kooperatif.

40

Dhata (73) punika nerak prinsip kerja sama maksim kuantitas.

Konteks : PAK BUPATI NGENDIKAN PANGGENAN KANGGESADEYAN SAMPUN DISEDIYAKAKEN, KOK BOTENPINDAH KEMAWON.

TuturanPak Bupati : Panggenan kangge sadeyan rak nggih mpun sedhiyani, lah kok

mboten pindhah kemawon..?Kang Pardi : pindhah mrika niku nek tiyang kados kula ngaten niki nggih

tangeh lamun sagede, kangge tumbas kiose mawon pun pintendereng mangke nggih nek teng mrika pajeng... langganan kulangertose kula nggih teng mriki niki.. milane kanca-kanca nikunggih nggih sami tetep sadeyan teng riki snajan sakwanci-wanci kenging obrakan. Lha...nggih pripun pak..tiyang alitkados kula ngaten niki pados sandhang pangan mawon punrekasa kathik nyambut damel tansah mboten jenjem...kokmboten welas kalih tiyang cilik.

Pak Bupati : Sinten sing mboten welas pak..?Kang Pardi : Nggih para pimpinan lan penggedhe niku ta... rumiyin

sadeyan teng mriki nggih mboten napa-napa.. lha koksakniki dilarang ngoten niku pripun... ken pindahpanggonan niku nggih mboten gampil, napa kedah tumbas..

Pak Bupati : Karepe pemerentah niku sae lho pak sakjane, supadossampeyan sakkanca saged tumata dagangane, panggenan singlangkung sae, maton lan mboten ngganggu lalu lintas jalanraya, menapa malih mangke rencanane para pedagang badedisukani seragam... lak malah ketingal sae ta... disawang nggihmboten ketingal pating slengkrah kados sakniki...

Tuturan Pak Kardi ing dhata (73); Nggih para pimpinan lan

penggedhe niku ta... rumiyin sadeyan teng mriki nggih mboten napa-napa..

lha kok sakniki dilarang ngoten niku pripun... ken pindah panggonan niku

nggih mboten gampil, napa malih kedah tumbas, punika nerak maksim

kuantitas amrgi maringi kontribusi ingkang kekathahen. Kontribusi ingkang

dipunsuwun mitra tuturipun punika namung tuturan; Nggih para pimpinan lan

para penggedhe niku ta.

41

Dhata (75) punika nerak maksim kuantitas.

Konteks : PAK BUPATI PARING YATRA MARING KANG PARDILANGKUNG, AMARGI BOTEN WONTEN JUJULIPUN.

TuturanKang Pardi : Wah... Pangapunten pak... mboten wonten susuke, paringi arta

alit kemawon....Pak Bupati : Pun niku kangge sampeyan mawon... ampun disusuki, mugi-

mugi saged ngge tambah-tambah butuh sampeyan sak anakbojo...

Kang Pardi : Kados pundi pak... mboten disusuki..?Pak Bupati : Nggih.. pun kangge sampeyan mawon.

Tuturan Pak Bupati ing dhata (75); Nggih... pun kangge sampeyan

mawon. Punika nerak masim kuantitas, kedhahipun Pak Bupati namung

mangsuli kanthi tuturan; nggih, kemawon.

10. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas ing cerkak Numusi anggitanipun

Somdani kapethik saing PS no.40.

Dhata (77) punika boten kooperatif, mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : BU MITRO NYUWUN PIRSA DHATENG MURADI,PINTEN YUSWOPIPUN MURADI.

TuturanBu Mitro : Ha ya klakon kaplak nek kowe ndadak ngenteni Martini.....

Umurmu saiki wis pira, mangka Martini kuwi setauh waedurung ganep, wong lagi sewelas sasi.

Muradi : Rong puluh Yu, umpama Martini iki oleh jodho umur rongpuluh taun, aku rak lagi umur tang puluh, durung tuwabanget ta?

Bu Mitro : Iya yen gendhuk cepak jodhone, yen ora? Rak sida dadi jakatuwa temenan kowe!

Muradi : Ah, ya embuh Yu; kari nasibku mbesuk piye...?

Tuturan Muradi ing dhata (77); Rong puluh Yu, umpama Martini iki

oleh jodho umur rong puluh taun, aku rak lagi umur tang puluh, durung tuwa

42

banget ta?, punika maringi kontribusi ingkang kekathahen. Mitra tuturipun Bu

Mitra namung nyuwun pirsa umuripun Muradi, mila kedhahipun Muradi

namung nuturaken; Rong puluh Yu.

11. Tuturan sanes ingkang nerak maksim kuantitas wonten cerkak Oh, Pak Guru

anggitanipun Bambang Wiyono kapethik saking PS no.46.

Dhata (84) punika boten informatif, mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : BU DARMO NYUWUN PIRSA DHATENG RATIHMENAWI BAPAK NDANGU BABAGAN PUNAPA.

TuturanBu Darmo : Mau didangu baak apa nduk?Ratih : Ah, Ibu menika, ethok-ethok ora ngerti, mesthi sampun pirsa

ta?Bu Darmo : (mung gumujeng)

Tuturan Bu Darmo ing dhata (84); (mung gumujeng) punika boten

informatif amagi piyambakipun boten paring kontribusi punapa-punapa

namung kendel, saengga mitra tuturipun boten mangertosi.

Dhata (85) punika boten kooperatif, nerak maksim kuantitas.

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA DHATENG IBUNIPUNBABAGAN SINTEN INGKANG DIPUNKERSAKAKEBAPAK.

TuturanRatih : Sinten ta bu, ingkang dipun kersakake bapak?Bu Darmo : Kancane bapakmu ing kelompok tani. Dheweke petani

kang sukses, najan ish mudha nanging usaha pertanianewis ngambra-ambra. Mula bapakmu banget keprananmarang dheweke.

Ratih : Ah, bapak!

43

Tuturan Bu Darmo ing dhata (85) punika boten kooperatif amarg

maring kontribusi ingkang kekathahen. Mitra tuturipun Ratih punika namung

ngersakaken tuturan; Kancane Bapakmu ing kelompok tani.

Dhata (86) punika boten informatif, nerak prinsip kerja sama.

Konteks : BU DARMO NYUWUN PIRSA DHATENG RATIHMENAPA PIYAMBAKIPUN SAMPUN GADAH CALON.

TuturanBu Darmo : Ora susah dipikir sing jero nduk. Yen kowe ora gelem ya ra

papa. Nanging mengko yen bocahe rene ditemoni sing apik.Apa kowe wis nduwe calon dhewe?

Ratih : (gedheg)Bu Darmo : Lha gene yo durung. Sapa ngerti mengko kowe malah jatuh

cinta?Ratih : Ah Ibu ki lho (tangane kemlawe nyiwel lengene ibune)Bu Darmo : Eh, lara ki lho.Ratih : Ibu.

Tuturan Ratih ing dhata (86); (gedeg) punika boten informatif amargi

Ratih boten maringi kontribusi kaliyan mitra tuturipun. Namung ngagem

isyarat gedeg kemawon.

Dhata (89) punika boten kooperatif.

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA DHATENG BAPAKIPUNMENAWI SAMAMGKE BOTEN BADHE DIKAWINPAKSA.

TuturanRatih : Bapak menika lho kok malah nggodha. Ning kula rak mboten

dikawin paksa ta pak?Pak Darmo : Ha...ha.. mesti wae ora nduk bapak mung ndunungke endi

sing alal lan becik. Keputusan tetep ana tanganmu. Mulatatanen atimu sedelok maneh dheweke bakal teka

.

44

Tuturan Pak Darmo ing dhata (89) punika boten kooperatif, amargi

maringi kontribusi ingkang kekathahen saking punapa ingkang dipunsuwun

mitra tuturipun. Tuturan Pak Darmo punika kedhahipun namung; masti wae

ora nduk.

Dhata (93) punika boten informatif, mila nerak maksim kuantitas.

Konteks : PAK DARMO NEDAHAKEN RATIH BILIH PAK SLAMETPUNIKA INGKANG BADHE DIPUNCALONAKEN. LANNNYUWUN PIRSA RATIH PURUN PUNAPA BOTEN.

TuturanPak Darmo : Nah, Ratih, saiki mangsa gorong marang kowe. Iki lho calone

bapak sing mau kok takokake. Iki wonge wis ana ngarepmu.Ratih : Lho pak. Niki rak pak guru Slamet. Nengdikane wau.....Pak Darmo : Iyo pance bener pak Slamet iki guru, nanging dheweke yo

petani sukses. Saiki duwe lahan jeruk sepuluh hektar. Malahsaiki pak Slamet karo aku mbentuk pakumpulan tani supayailmu ertaniane pak slamet bisa ditularake marag kadang taniing kene.Mula saiki bapak ndangu kowe. Apa gelem dipek bojo pakSlamet iki?

Ratih : (ora bisa mangsuli mung tangane uwak-uwik dolanan drijikaro ndingkluk delikake eseme)

Tuturan Ratih ing dhata (93); (ora bisa mangsuli mung tangane uwak-

uwik dolanan driji karo ndingkluk delikake eseme) punika boten maringi

informasi mitra tuturipun.

12. Tuturan ingkang nerak maksim kuantitas wonten cerkak Ketemu Gaweyan

Ketemu Jodho anggitanipun Ibu Is Sarjoko kapethik saking PS no.48.

Dhata (95) punika nerak prinsip kerja sama maksim kuantitas.

45

Konteks : RIKALA BAPAK NGAJAK NARTO NGAJAK MANDAPLAN DHAHAR PUMIYIN LAJENG TUMBAS OLEH-OLEH.

TuturanBapak : Iki wis tekan je, Le!, yuk awake dhewe mudhun. Nar becike

golek wedang anget karo mangan dhisik mengko njur tukuoleh-oleh terus muleh.

Nartto : Sampun celak ta, pak?Bapak : Wow la durung, isih kudu ngebis manek saklakon, ning

becike mengko naksi wae ben cepet.

Tuturan Bapak ing dhata (95); Wow la durung, isih kudu ngebis

maneh saklakon, ning becike mengko naksi wae ben cepet. Punika maringi

kontribusi ingkang kekathahen. Sejatosipun Narto namung mbetahaken

tuturan; durung.

Dhata (96) punika ugi nerak maksim kuantitas.

Konteks : BAPAK NYUWUN PIRSA DHATENG PAK HARJOANGGENIPUN NGOPENI GRIYA PUNAPA TENANANKOK KETINGAL RESIK.

TuturanBapak : Wah omahku resik temen dhik, oleh ngopeni tenan ya.Pak Harjo : Aku mung ngestokke dawuhmu, mas, sing ngopeni ya bocah-

bocah kuwi Sugiyo karo giyarti. Iki sugiyo nyambut gawedurung muleh.Njur iki sapa?, mas?

Bapak : Ha ya iki, Narto, wis suwe kepingin melu tilik omah, ningtansah tak semayani, sok nek wis nyambut gawe. Saiki wisdadi guru mulang SD.

Pak Harjo : Oh ya sukur ta, Le... Narato. Dhik kowe dijak budhal biyen isihcilik, Sugiyo mbok tinggal pirang-pirang ndina isih ketarasedih, merga ora ana kancane dolan.

Narto : (Inggah-inggih)

Tuturan Bapak ing dhata (96); Ha ya iki Narto, wis suwe kepingin

melu tilik omah, ning tansah tak semayani, sok nek wis nyambut gawe. Saiki

46

wis dadi guru mulang SD. Punika nerak maksim kuantitas amrgi tuturan

Bapak maringi kontribusi ingkang kekathahen. Pak Harjo namung nyuwun

pirsa; Njur iki sapa?, mas?, kedhahipun tuturan Bapak punika namung; Narto.

Dhata (98) punika nerak maksim kuantitas.

Konteks : RIKALA NARTO NAWANI GIYARTI SUPADOS PURUNNGAJAR WONTEN SUMATRA.

TuturanNarto : Sak upama mulang nang Sumatra, neng daerah trans andak ya

gelem dhik?Giyarti : O Mas, nek ana sing wani nanggung aku dadi guru mesti tak

tampa neng ngendhi wae dak lakoniNarto : Nek ngono neng gonaku wae dhik, aku sing nanggung. SDku

isih kekurangan guru akeh. Mengko bisa mulang tunggal saksekolahan karo aku. Aku tanggung, dhik.

Giyarti : wah yen tenan teneh aku seneng banget, mas. Njur sok kapanolehku nyusul mrana?

Narto : We lha piye ta, dhik, ya bareng sisan karo aku lan bapak.Liburku mung seminggu, mungkin sesuk utawa suk embenbapak wis ngajak bali.

Giyarti : Ya wis, mas, aku manut. Pak dhe Slamet wae diaturi ngendikakaro bapak lan ibu yen aku arep katut.Ning ya kuwi mas, aku ning kana ming ndherek pak dhe, budhe lan mas Narto, mengko adoh wong tuwa, aja disiya-siyaya, mas!

Narto : Ora, dhik, ora. Wiwit saiki nganti selawase urip, yen dhikGiyarti gelem, bakal dak jaluk ing sisihku selawase urip.

Giyarti : (Mleruk karo mesem..... seneng)

Tuturan Narto ing dhata (98); Ora, dhik, ora. Wiwit saiki nganti

selawase urip, yen dhik Giyarti gelem, bakal dak jaluk ing sisihku selawase

urip. Punika ugi boten kooperatif amargi maringi kontribusi ingkang

kekathahen saking punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun. Giyarti

47

taken; Ya wis, mas, aku manut. Pak dhe Slamet wae diaturi ngendika karo

bapak lan ibu yen aku arep katut.

Ning ya kuwi mas, aku ning kana ming ndherek pak dhe, bu dhe lan

mas Narto, mengko adoh wong tuwa, aja disiya-siya ya, mas?!, Kedhahipun

Narto namung nuturaken; Ora, dhik, ora.

Saking pirembagan wonten nginggil saged dipunpundhut dudutan menawi

kempalan cerkak saking Panjebar Semangat warsa 2006 kathah tuturan ingkang

nerak maksim kuantitas. Wonten 32 dhata saking 11 cerkak ingkang tuturanipun

nerak maksim kuantitas.

B. Maksim Kualitas

Maksim punika ngedhahaken saben panutur ngendika samukawis ingkang

nyata lan jumbuh kaliyan fakta nalika ngucap. Fakta punika kedhah dipundhasari

kaliyan bukti-bukti ingkang cetha.

1. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas wonten cerkak Kula dereng Kalah

anggitanipun Danang Te Arifal kapethik saking PS no.04.

Dhata (1) ing tuturan punika nerak maksim kualitas.

Konteks : RIKALA MAS DANANG NYUWUN PIRSA KALIYANPAK WIRYO BABAGAN LAPANGAN GOLF.

TuturanMas Danang : Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna pak?Pak Wiryo : (mung mesem krungu pitaken mas Danang, sajake wis ngerti

apa karepe)

48

Tuturan Mas Danang ing dhata (1) wonten nginggil kanthi kualitatif

boten leres, mila tuturan punika boten kooperatif. Tuturan punika boten

kooperatif amargi boten netepi maksim kualitas. Boten leresipun tuturan

punika amargi Mas Danang nuturaken tembung; Krungu-krungu jare

lapangan golf arep diambakna Pak? Tembung Krungu-krungu punika gadhahi

teges boten gadhah bukti. Mila tuturan Mas Danang nerak maksim kualitas.

Dhata (5) nerak prinsip kerja sama maksim kualitas.

Konteks : MAS DANANG NYUWUN PIRSA PENDHIDIKANLARENIPUN PAK WIRYO.

TuturanMas Danang : Rak wis lulus SMA ta?Pak Wiryo : Lha nyuwun kuliyah niku mas. Ning, niki jarene mpun

ajeng nulis ….. napa…. niku, skripsi napa….. Duka napajenenge. Pokoke mpun meh rampung….. kantun setunggalniku.

Tuturan Pak wiryo ing dhata (5); Lha nyuwun kuliyah niku mas. Ning,

niki jarene mpun ajeng nulis ….. napa…. niku, skripsi napa….. Duka napa

jenenge. Pokoke mpun meh rampung….. kantun setunggal niku. Punika

gadhahi teges Pak wiryo dereng yakin, lan boten gadhahi bukti, dipirsani

saking tembung jarene skripsi napa, duka napa jenenge.

2. Wonten cerkak Wolung ndina anggitanipun Riyadi ingkang kapethik saking

PS no. 06 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim kualitas.

49

3. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas ing cerkak Sindhen Campursari

anggitanipun Andjar Any kapethik saking PS no.12

Dhata (11) ing ngandhap punika nerak maksim kualitas.

Konteks : ANJAS NYUWUN PIRSA KALIYAN SUMANI PUNAPAWULANDARI NDEREK MAPAG.

TuturanAnjas : Wu-landari melu mapag mrene?Sumani : Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwan-tara

kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kawe, jaka tukangngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karobojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya koweNjas, panji klan-thung, blanjane wae durung, yen turunjingkrung.

Anjas : Lha kok kowe kandha pacarku mrene?Sumani : lha pacarmu kuwi pira? Kae Nanik ya teka. Jare pacarmu

serep?Anjas : Edan kowe.

Tuturan Sumani ing dhata (11) Ora kaya kowe Njas, panji klan-

thung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung punika nerak maksim

kualitas amargi Sumani boten gadhahi bukti menawi Anjas panji klanthung

menawi tilem njingkrung.

4. Wonten ing cerkak C’est La Vie anggitanipun Susialine Adelia ingkang

kapethik saking PS no.13 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim

kualitas.

5. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas ing cerkak Trekahe Anak Lanang

anggitanipun Sodrun kapethik saking PS no.18.

50

Dhata (25) nerak maksim kualitas.

Konteks : JARNO DUKAN MARANG BAPAKIPUN AMARGIBOTEN NAMPI PESENIPUN LIWAT TELPON,SUPADOS BOTEN TUMBAS BBM RUMIYIN.

TuturanJarno : Bapak ki lek diomongi cah nom kok ngeyel ae! Tak

rewangi adus kringet! Bengak-bengok nganti gorokangaring, bapak kok pancet ae nggadur! Apa ora nampapesenku liwat telpon wingi ta, Pak?

Pakdhe Musijan : Kowe ki amang apa ta, Jar?Mulih ka paran ki pantese wisuh apa raup dhisik, kokngundhamana bapakmu ki ana apa?

Jarno : Bapak sing ngeyel ae! Aku maeng kapethuk Kangparlan, omonge Bapak mentas tuku solar. Iya ra, pak?

Maeng tuku pirang liter, pak?Pakdhe Musijan : (meneng ae)

Tuturan Jarno ing dhata (25); Bapak sing ngeyel ae! Aku maeng

kapethuk Kang parlan, omonge Bapak mentas tuku solar. Iya ra, pak? Maeng

tuku pirang liter, pak? Punika nerak maksim kuatitas saking tembung

omonge, tegesipun Jarno boten gadhahi bukti saking punapa ingkang

dipuntuturaken.

6. Wonten ing cerkak Wektu-wektu kang wis kawuri anggitanipun Samirun

Ismadi ingkang kapethik saking PS no.25 boten wonten tuturan ingkang nerak

maksim kualitas.

7. Wonten ing cerkak Pak Bupati anyar anggitanipun Sudadi ingkang kapethik

saking PS no.29 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim kualitas.

51

8. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas ing cerkak Kandhani kok...!

anggitanipun Mbah Brintik kapethik saking PS no.33.

Dhata (61) nerak maksim kualitas.

Konteks : SIMBAH NYAPA MARANG MAS SUHADI.TuturanSimbah : Sungeng mas Suhadi, kok thenger-thenger nglamun,

durung entuk plaris ora ana wong nyukurna rambut tamas.

Mas Suhadi : (njenggirat kaget)

Tuturan simbah ing dhata (61) punika nerak maksim kualitas amargi

tuturan simbah boten gadhahi bukti. Mas Suhadi thenger-thenger nglamun,

dereng nyata menawi piyambakipun dereng entuk plaris utawi dereng wonten

tiyang ingkang nyukuraken rambut.

Dhata (65) punika nerak maksim kualitas.

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAHPUNAPA SIMBAH PUNIKA PASANG SUSUK.

TuturanMas Suhadi : Nuwun sewu malih lho nggih Mbah? Mireng slenthingan

lho nggih, panjenengan awet ayu dumugi sepuh punikacriyosipun pasang susuk?

Simbah : Walah Mas, ngono iki sliramu ya percaya? Lha ya..... geksusuk pirang milyar? Aku ayuku wantek gak leren-leren iki rakwis dak omomngke dhek mau. Ayuku kersane Allah, ganjaraneAllah. Sing omong pating clomet ngono kuwi nek wedokmerga meri, cemburu, padha-padha wedok ayune kok dak pekdhewe. Nek sing omong lanang, kuwi genah apa maneh, wonglanang biasa, nek jatuh cintrong gak direwes, gak keturutan yanyebar isu, biasa... lan maneh aku awet ayu awet nom ngeneiki, aku iki seneng silaturahmi, seneng seduluran. Nek nesudhiluk, dhendham emoh, ngono lho Masss....

52

Mas Suhadi : Lha kok namung dhiluk-dhiluk, sedaya nggih dhiluk Mbah?Simbah : Ya gak, nek sing enak, penak ya sing suwiii, wis dhong pa

durung?Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?Simbah : Kandhaniii....kok!

Tuturan Mas suhadi ing dhata (65); Nuwun sewu malih lho nggih

Mbah? Mireng slenthingan lho nggih, panjenengan awet ayu dumugi sepuh

punika criyosipun pasang susuk? Punika nerak maksim kualitas saking

tembung mireng slentingan,gadhahi teges Mas suhadi boten nggadhahi bukti

kagem nguataken tuturanipun.

9. Wonten ing cerkak Tukang Cukur anggitanipun Hery Priyosutopo ingkang

kapethik saking PS no.39 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim

kualitas.

10. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas wonten cerkak Numusi anggitanipun

Somdani ingkang kapethik saking PS no.40.

Dhata (77) ing ngandhap punika nerak maksim kualitas.

Konteks : BU MITRO NYUWUN PIRSA DHATENG MURADI,SAMENIKA SAMPUN PINTEN UMURIPUN.

TuturanBu Mitro : Ha ya klakon kaplak nek kowe ndadak ngenteni Martini.....

Umurmu saiki wis pira, mangka Martini kuwi setauh waedurung ganep, wong lagi sewelas sasi.

Muradi : Rong puluh Yu, umpama Martini iki oleh jodho umur rongpuluh taun, aku rak lagi umur tang puluh, durung tuwa bangetta?

Bu Mitro : Iya yen gendhuk cepak jodhone, yen ora? Rak sida dadi jakatuwa temenan kowe!

53

Muradi : Ah, ya embuh Yu; kari nasibku mbesuk piye...?

Tuturan Bu Mitro ing dhata (77) wonten nginggil nerak maksim

kualitas, Bu Mitra ngendikan menawi larenipun boten cepak jodho, Muradi

bakal dados jaka tuwa. Tuturan Bu Mitra menawi Muradi bakal dados Jaka

tuwa menika boten dipundhasari bukti, boten wonten faktanipun.

11. Tuturan sanes ingkang nerak maksim kualitas wonten cerkak Oh, Pak Guru

anggitanipun Bambang Wiyono ingkang kapethik saking PS no.46.

Dhata (86) punika nerak maksim kualitas.

Konteks : BU DARMO NYUWUN PIRSA DHATENG RATIHSAMPUN GADHAH CALON PUNAPA DERENG.

TuturanBu Darmo : Ora susah dipikir sing jero nduk. Yen kowe ora gelem ya ra

papa. Nanging mengko yen bocahe rene ditemoni sing apik.Apa kowe wis nduwe calon dhewe?

Ratih : (gedheg)Bu Darmo : Lha gene yo durung. Sapa ngerti mengko kowe malah jatuh

cinta?Ratih : Ah Ibu ki lho (tangane kemlawe nyiwel lengene ibune)Bu Darmo : Eh, lara ki lho.Ratih : Ibu.

Tuturan Bu Darmo wonten nginggil nerak maksim kualitas saking

tuturan; Sapa ngerti mengko koe malah jatuh cinta?. Punika nggadhahi teges

menawi Bu Darmo dereng yakin, lan boten nggadhahi bukti, dipirsani saking

tuturan sapa ngerti.

54

12. Tuturan ingkang nerak maksim kualitas ugi kadadosan wonten cerkak Ketemu

Gaweyan Ketemu Jodho anggitanipun Ibu Is Sarjoko ingkang kapethik saking

PS no.48.

Dhata (98) ing ngandhap punika nerak maksim kualitas.

Konteks : NARTO NAWANI GIYARTI SUPADOS PURUN MULANGWONTEN SUMATRA.

TuturanNarto : Sak upama mulang nang Sumatra, neng daerah trans

andak ya gelem dhik?Giyarti : O Mas, nek ana sing wani nanggung aku dadi guru mesti tak

tampa neng ngendhi wae dak lakoniNarto : Nek ngono neng gonaku wae dhik, aku sing nanggung. SDku

isih kekurangan guru akeh. Mengko bisa mulang tunggal saksekolahan karo aku. Aku tanggung, dhik.

Giyarti : wah yen tenan teneh aku seneng banget, mas. Njur sok kapanolehku nyusul mrana?

Narto : We lha piye ta, dhik, ya bareng sisan karo aku lan bapak.Liburku mung seminggu, mungkin sesuk utawa suk embenbapak wis ngajak bali.

Giyarti : Ya wis, mas, aku manut. Pak dhe Slamet wae diaturi ngendikakaro bapak lan ibu yen aku arep katut.Ning ya kuwi mas, aku ning kana ming ndherek pak dhe, budhe lan mas Narto, mengko adoh wong tuwa, aja disiya-siyaya, mas!

Narto : Ora, dhik, ora. Wiwit saiki nganti selawase urip, yen dhikGiyarti gelem, bakal dak jaluk ing sisihku selawase urip.

Giyarti : (Mleruk karo mesem..... seneng)

Tuturan Narto ing dhata (98) wonten nginggil nerak maksim kualitas,

saking tuturan sak upama punika nggadhahi teges pengandaian lan boten

wonten faktanipun.

55

Saking pirembagan wonten nginggil saged dipunpundhut dudutan menawi

salebeting tuturan saking kempalan cerkak Panjebar Semangat warsa 2006,

wonten 9 dhata saking 7 cerkak ingkang tuturanipun nerak maksim kualitas.

C. Maksim Relevansi

Maksim Relevansi ngrdhahaken saben panyarta pacelathon maringi

kontribusi ingkang relevan kaliyan prekawis ingkang dipunngendikakaken.

1. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi ing cerkak Kula dereng Kalah

anggitanipun Danang Te arifal kapethik saking PS no.04.

Dhata (4) punika nerak prinsip kerja sama maksim relevansi.

Konteks : MAS DANANG PARING PIRSA KALIYAN PAK WIRYOMENAWI PADOS PEDAMELAN SAMENIKA ANGEL.

TuturanMas Danang : Golek gaweyan saiki angel lho pak.Pak Wiryo : Wong tiyange taksih sekolah kok mas.

Tuturan Pak Wiryo ing dhata (4) kasebut boten relevan kaliyan

prekawis ingkang dipunadepi wonten ing pacelathon. Mas Danang matur

menawi ngucali gaweyan punika sakniki angel, nanging Pak Wiryo maringi

kontribusi ingkang boten wonten gegayutane kaliyan tuturan mitra tuturipun;

Wong tiyange taksih sekolah kok mas. Mila tuturan punika boten kooperatif,

narak maksim relevansi.

56

Dhata (5) punika nerak maksim relevansi.

Konteks : MAS DANANG NYUWUN PIRSA PENDHIDHIKANIPUNLARENE PAK WIRYO.

TuturanMas Danang : Rak wis lulus SMA ta?Pak Wiryo : Lha nyuwun kuliyah niku mas. Ning, niki jarene mpun

ajeng nulis ….. napa…. niku, skripsi napa….. Duka napajenenge. Pokoke mpun meh rampung….. kantun setunggalniku.

Tuturan Pak Wiryo ing dhata (5) boten relevan kaliyan tuturan mitra

tuturipun. Mas Danang ntuwun pirsa menawi larene Pek Wiryo punapa

sampun lulus SMA?, nanging kontribusi ingkang dipuntuturaken Pak Wiryo

boten gegayutan kaliyan pitakenanipun. Tuturan punika boten kooperatif.

2. Wonten ing cerkak Wolung ndina anggitanipun Riyadi ingkang kapethik

saking PS no.06 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim relevansi.

3. Tuturan sanes ingkang nerak maksim relevansi kadadosan ing cerkak Sindhen

Campursari anggitanipun Andjar Any kapethik saking PS no.12.

Dhata (11) ing ngandhap punika nerak maksim relevansi.

Konteks : ANJAS NYUWUN PIRSA DHATENG SUMANI MENAPAWULANDARI NDHEREK MAPAG.

TuturanAnjas : Wu-landari melu mapag mrene?Sumani : Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwan-tara

kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kawe, jaka tukangngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karobojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas,panji klan-thung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung.

Anjas : Lha kok kowe kandha pacarku mrene?

57

Sumani : lha pacarmu kuwi pira? Kae Nanik ya teka. Jare pacarmuserep?

Anjas : Edan kowe.

Tuturan Anjas ing dhata (11) wonten nginggil nerak maksim relevansi,

prekawis punika amargi tuturanipun Sumani; lha pacarmu kuwi pira? Kae

Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?, dipunwangsuli kaliyan Anjas ngagem

tuturan; Edan Kowe. Tuturan punika boten gegayutan kaliyan pitakenanipun

mitra tutur.

4. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi ing cerkak C’est La Vie

anggitanipun Susialine Adelia kapethik saking PS no.13.

Dhata (19) punika nerak prinsip kerja sama, maksim Relevansi.

Konteks : POLISI NGINTROGASI SARI BABAGAN KORBAN.TuturanPolisi : Anda tahu jam berapa biasanya korban pulang?Sari : Saya jarang pulang.

Tuturan Sari ing dhata (19) punika nerak maksim relevansi amargi

tuturan Sari boten jumbuh kaliyan pitakenanipun Polisi; Anda tahu jam berapa

biasanya korban pulang? Sari mangsuli; Saya jarang pulang. Tuturan punika

boten kooperatif.

Dhata (21) punika nerak maksim relevansi.

Konteks : TUTI NYUWUN PIRSA AMARGI SARI DHATENGLANGKUNG AWAL.

TuturanTuti : Kok cepet men, durung ana setengah nem.

58

Sari : Jare kon ora wengi-wengi.Bapak ya?

Tuti : (gedheg) Ora kejeglug meja.Sari : (mesem sinis) Kok ora jeleh mbelani Bapak.Tuti : Aku masak mangut. Senenganmu ta?Sari : Biyen!

Tuturan Tuti ing dhata (21); (gedheg) Ora kejeglug meja. Punika boten

kooperatif, nerak maksim relevansi, amargi tuturanipun boten jumbuh kaliyan

punapa ingkang dipunsuwun mitra tuturipun. Sari nyuwun pirsa; jare kon ora

wengi-wengi. Bapak ya? Dados tuturan; Ora kejeglug meja punika nerak

maksim relavansi.

5. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi ing cerkak Trekahe anak lanang

anggitanipun Sodrun kapethik saking PS no.18.

Dhata (29) punika boten netepi maksim relevansi.

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA SIMBOK, JUMINAH WONTENPUNDI.

TuturanJarno : Lha, Juminah neng endi ki maeng, mbok?Simbok : Wis, ta tutugna manganmu, Jar. Waregana. Adhimu

ngengehana lawuh-e.

Tuturan Simbok ing dhata (29) boten netepi maksim relevansi, amargi

tuturan simbok boten wonten gegayutane kaliyan tuturan mitra tuturipun.

Jarno nyuwun pirsa, Juminah sakniki wonten pundi?. Nanging Simbok

manssuli kanthi tuturan; Wis, ta tutugna manganmu, Jar. Waregana. Adhimu

ngengehana lawuh-e. Mila tuturan punika nerak maksim relavansi.

59

6. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi wonten cerkak Wektu-wektu Kang

Wis Kawuri anggitanipun Samirun Ismadi kapethik saking PS no.25.

Dhata (49) punika boten netepi maksim relevansi.

Konteks : PRAS TAKEN KALIYAN SETYARINI PUNAPA TASIKELING MENAWI GADHAH KANCA INGKANG RUPANEKADOS PRAS.

TuturanPras : Coba jeng, eling-elingen, apa sliramu tahu duwe kanca sing

rupane amburadul kaya ngene iki.Setyarini : Mas Pras jahat, mas Pras jahat. Tega-tegane panjenengan

gawe serike ati,

Tuturan Setyarini ing dhata (49) nerak maksim relevansi. Tuturanipun

boten gegayutan kaliyan pitakenan mitra tuturipun. Pras taken; Coba jeng,

eling-elingen, apa sliramu tahu duwe kanca sing rupane amburadul kaya

ngene iki?, nanging Setyarini mangsuli kanthi tuturan; Mas Pras jahat, mas

Pras jahat. Tega-tegane panjenengan gawe serike ati. Ila tuturan punika nerak

maksim relevansi.

7. Wonten cerkak Pak Bupati Anyar anggitanipun Sudadi kapethik saking PS

no.29 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim cara.

8. Tuturan sanes ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Kandhani kok...!

anggitanipun Mbah Brintik kapethik saking PS no.33.

60

Dhata (62) punika nerak maksim relevansi.

Konteks : MAS SUHADI CRIYOS KALIYAN SIMBAH MENAWIPADOS YATRA SAMENIKA SERET.

TuturanSimbah : Kaget ya mas, mara-mara aku wis tekan kene?Mas Suhadi : Walaaah, punika lho Mbah, mikir kawontenan, musibah

kok gilir gumantos, demo mboten kendel-kendel, padosyatra seret, sinten mboten komet???

Tuturan Mas Suhadi ing dhata (62) boten netepi maksim relevansi.

Simbah taken; Kaget ya mas, mara-mara aku wis tekan kene? Nanging Mas

Suhadi maringi tuturan ingkang boten gegayutan kaliyan pitakenanipun;

Walaaah, punika lho Mbah, mikir kawontenan, musibah kok gilir gumantos,

demo mboten kendel-kendel, pados yatra seret, sinten mboten komet???.

Punika nerak maksim relevansi.

Dhata (63) punika nerak prinsip kerja sama, maksim relevansi.

Konteks : SIMBAH NGENDIKAN MARANG MAS SUHADI,MENAWI MUSIBAH PUNIKA SAKING GUSTI ALLAHKANGGE NGELINGAKE MANUNGSA.

TuturanSimbah : Wong anane musibah kuwi ya Mas Hadi, Gusti Allah

ngelikake marang manugsa sing srakah, sing kakeyan polah,sing tukang ngrayah, sing gawe bubrah. Ning pancenmanungsane lagi padha kesurupan durung sadhar, diwenehanamusibah ya panggah uyah, kelakuane ora owah, sayanggladrah. Saiki aluwing mikir tugase dhewe-dhewe, goleksandhang pangan kanthi dalan sing halal lan wajar, beres, lahapa sampeyan pikir?

Mas Suhadi : Ngaten ta mbah?Simbah : Kandhani...... kok!!

61

Tuturan Simbah ing dhata (63) nerak maksim relevansi, tuturan beten

kooperatif amargi Simbah maringi kontribusi ingkang boten gegayutan

kaliyan pitakenanipun. Mas suhadi nyuwun pirsa; Ngaten ta mbah?, nanging

simbah mangsui kanthi tuturan; Kandhani......kok!!

9. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi wonten cerkak Tukang Cukur

anggitanipun Hery Priyosutopo kapethik saking PS no.39.

Dhata (70) punika nerak maksim relevansi.

Konteks : PAK BUPATI NYUWUN PIRSA PINTEN ONGKOSCUKUR.

TuturanPak Bupati : Pak potong rambut pinten ongkose...?Kang Pardi : Biasane mawon... mangga pinarak...Pak Bupati : Lha nggih... biyasane niku pinten...?Kang Pardi : Gangsal ewu pak....

Tuturan Kang Pardi ing dhata (70) boten gegayutan kaliyan

pitakenanipun. Pak Bupati nyuwun pirsa; Pak potong rambut pinten ongkose?,

Kang Pardi mangsuli; Biasa mawon... mangga pinarak... tuturan punika boten

kooperatif, mila nerak maksim relevansi.

10. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi wonten cerkak Numusi anggitanipun

Somdani kapethik saking PS no.40.

Dhata (76) ing ngandhap punika nerak maksim relevansi.

Konteks : BU MITRO NDAWUHI MURADI SUPADOS ENGGAL-ENGGAL RABI.

Tuturan

62

Bu Mitro : Ora ta Di, Kowe ki wis patut lho momong bocah cilik, mulagek ndang golek bojo wae,

Muradi : Arep diingoni watu? Nyambut gawe wae durung, kok arepngopeni anake uwong ta Yu.

Bu Mitro : Rejeki ki sing andum Gusti Allah , wis ta; angger kowe niyatrabi, mengko Sing Kuwasa rak paring rejeki. Percaya!

Muradi : Suk ae Yu, aku ngenteni Martini dhisi, kau trima keri....

Tuturan Muradi ing dhata (76) wonten nginggil boten gegayutan

kaliyan pitakenanipun. Bu Mitro ngendikan menawi Muradi sampun patut

momong lare, mila Muradi supados cepet rabi,, ananging Muradi mangsuli;

Arep diingoni watu? Nyambut gawe wae durung, kok arep ngopeni anake

wong ta yu. Tuturan punika boten kooperatif, mila nerak maksim relevansi.

11. Tuturan ingkang nerak maksim relevansi wonten cerkak Oh, Pak Guru

anggitanipun Bambang Wiyono kapethik saking PS no.46.

Dhata (83) ing ngandhap nerak maksim relevansi.

Konteks : PAK SLAMET MATUR MENAWI BANIPUN SAMPUNATOS. LAN NDAWUH SUPADOS RATIH ENGGALWANGSUL.

TuturanPak Slamet : Iki lho wis atos bane! Kana gek ndang bali!Ratih : Matur nuwun pak.

Tuturan Ratih wonten nginggil boten gegayutan kaliyan tuturanipun

Pak slamet. Pak Slamet ngendika menawi banipun Ratih sampun atos lan

ndawuhi Ratih supados wangsul, ananging Ratih mangsuli kanthi tuturan

Matur Nuwun. Tuturan punika boten kooperatif, nerak maksim relevansi.

63

12. Wonten cerkak Ketemu Gaweyan Ketemu Jodho anggitanipun Ibu Is Sarjoko

kapethik saking PS no.48 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim

relevansi.

Saking pirembagan wonten nginggil namung wonten 12 dhata saking 9

cerkak Panjebar Semangat warsa 2006 ingkang tuturanipun nerak maksim

relevansi.

D. Maksim Cara

Maksim punika ngedhahaken saben panyarta pacelathon wicara kanthi

langsung , runtut, gamblang, boten kabur, boten abstrak lan boten ambigu.

1. Tuturan ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Kula dereng Kalah

anggitanipun Danang Te Arifal kapethik saking PS no. 04.

Dhata (4) ing ngandhap punika nerak prinsip kerja sama maksim cara.

Konteks : MAS DANANG PARING PIRSA DHATENG PAK WIRYOMENAWI PADOS PEDAMELAN SAMENIKA ANGEL.

TuturanMas Danang : Golek gaweyan saiki angel lho pak.Pak Wiryo : Wong tiyange taksih sekolah kok mas.

Tuturan Pak Wiryo ing dhata (4) wonten nginggil nggadhahi kadar

kejelasan ingkang rendah. Tuturan punika saged dipunwastani nerak prinsip

kerja sama maksim cara. Amargi tuturanipun boten cetha, mila tegesipun

dados boten cetha. Prekawis punika amargi wonten unsur ambigu ing

tembung “ tiyange”. Pak wiryo ngendika; Wong tiyange taksih sekolah kok

64

mas. Tembung “tiyange” wonten tuturan boten cetha, sinten ingkang

dipunpikajengaken Pak Wiryo. Boten cethanipun pikajengan punika ingkang

nyebabaken tuturan Pak Wiryo punika boten kooperatif lan nerak maksim

cara.

2. Tuturan ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Wolung ndina

anggitanipun Riyadi kapethik saking PS no.06.

Dhata (6) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : WIDODO JAYUS CARIOS MENAWI WONTENTIYANG INGKANG MIRIP KIKI FATMALA.

TuturanWidodo Jayus : Edan tenan, meh mirip Kiki Fatmala! (mripate kiyer-kiyer

lan ketil-ketil)Agus Teler : Masak. Apa mungkin ana wong kang mirip antarane siji lan

sijine. (rada ngeyel)Widodo Jayus : Woo, yen ora tau mangan sekolahan! Aku mau rak

kandha meh mirip. Ya yen ngeyel sing maton ta. (arepnesu)

Kang Darno : Wis yus, ndang dibacutake!Widodo Jayus : Mulakne pada rungakna dhisik senengane dha nyela-nyela!

Tuturan Widodo Jayus ing dhata (6); “Woo, yen ora tau mangan

sekolahan! Aku mau rak kandha meh mirip. Ya yen ngeyel sing maton ta”

punika nerak maksim cara. Amargi tuturanipun boten cetha, mila tegesipun

dados boten catha. Prekawis punika amargi wonten unkapan boten cetha ing

ukara” yen ora tau mangan sekolahan” . Ingkang dipunpikajengaken

wonten ukara kasebut punika boten mangan utawi maem sekolahan, ananging

ngenyam pendhidikan utawi ilmu pawiyatan. Punika ingkang nyebabaken

65

boten cethanipun pikajengan tuturan. Mila tuturan ingn dhata (6) punika nerak

maksim cara.

Dhata (8) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : RIKALA PANUT NYUWUN PIRSA WIDODO SAMPUNDOLAN DHATENG GRIYANE YULI PUNAPADERENG.

TuturanPanut : Terus dina-dina sakbanjure priye Yus. Kowe ya wis dolan

nang omahe Yuli?Widodo Jayus : Ora! Durung!Agus teler : Kok goblog temen ora disikat!Widodo Jayus : Kowe sing goblog. Aku pilih nganggo tehnik jinak-jinak

merpati. Aku milih saben esuk nginjen saka jendela, pasYuli lagi mepei. Lumayan, film gratis.

Kang Darno : Apa ya arep mbok ingu ngono terus?Widodo Jayus : Wah, ya ora ta kang yen saiki wis nginjen wolung dina

seprene mesthine ya wis marem, mula wiwit sesuk aku arepndolani dheweke.

Tuturan Widodo Jayus ing dhata (8) wonten nginggil; “ Kowe sing

goblog. Aku pilih nganggo tehnik jinak-jinak merpati. Aku milih saben esuk

nginjen saka jendela, pas Yuli lagi mepei. Lumayan, film gratis”, punika

nerak maksim cara. Prekawis punika amargi wonten ungkapan ingkang boten

cetha ing ukara ”jinak-jinak merpati”. Ingkang dipunpikajengaken ungkapan

kasebut punika alon-alon nanging pesti. Punika ingkang njalari pikajengan

tuturan boten cetha.

3. Tuturan ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Sindhen Campursari

anggitanipun Andjar Any kapethik saking PS no.12.

66

Dhata (13) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : SUMANI BOTEN MARENGAKEN NANIK MLEBETKAMAR.

TuturanSumani : He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan.Anjas : Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendharaan wae, tak

dandan dhisik.

Tuturan Sumani ing dhata (13) wonten nginggil nggadhahi kadar

kejelasan ingkang rendah. Tuturan punika nerak maksim cara amargi wonten

tembung ingkang ambigu inggih punika ing tembung ”bocahe”. Ambigu

punika ingkang nyebabaken boten cethane pikajengan tuturan. Sinten ingkang

dikarepaken “bocahe” ing tuturan Sumani wonten nginggil. Tuturan punika

boten kooperatif lan nerak maksim cara.

4. Tuturan ingkang nerak maksim cara ugi kadadosan ing cerkak C’est La Vie

anggitanipun Susialine Adelia kapethik saking PS no.13.

Dhata (19) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : POLISI NGINTROGASI SARI BABAGAN KORBAN.

Tuturan

Polisi : Anda tahu jam berapa biasanya korban pulang?

Sari : Saya jarang pulang

Tuturan Polisi ing dhata (19) wonten nginggil ugi nggadhahi kadar

kejelasan ingkang rendah. Amargi wonten tembung ingkang ambigu inggih

punika tembung “korban”. Sinten ingkang dipunkarepaken “korban” ing

tuturan Polisi wonten nginggil, nyebabaken boten cethane pikajengan tuturan.

67

5. Tuturan sanes ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Trekahe Anak

Lanang anggitanipun Sodrun kapethik saking PS no.18.

Dhata (41) ing ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : JARNO LAN JUWADI PADHU BABAGAN POLA PIKIR.TuturanJarno : Pola pikir sing piye?Juwadi : Jebule pola pikirmu jik sepele. Mayar!Jarno : Mayar kanggone wong sing ra gelem berjuang! Kanggoku sik

rumit! Bundhel!Juwadi : Bundhel? Ngapa? Kowe mahasiswa sing dijejeli ilmu ilmiah

kok angel mikir? Wong tuwa iku tak padhakake karo negara.Pamarintah kuwi saka wong-wong pinilih. Keahlian lankapinterane wis lulus saka kuliahe. Pikirane wis dhiwasa. Lhakok kowe, jik kuliah durung tutug ae ndikte pamarentah?

Jarno : Ora ngono, Kang! Kleru pikiranmu ngono kuwi! Kelompokkuberjuang kuwi ora kanggo awake dhewe nanging dhemimasyarakat.

Juwadi : Iya, aku ngerti. Mung masyarakat endi sing ok bela kuwi?Jaremu wis ewon cacahe wong wedok sing rabi nglangkahikakang mbakyune, kuwi ateges nglanggar angger-anggere adatkuna. Apa kowe wis lali lek kowe kowe lair lan gedhe nngndesa sing jik nggondeli kenceng karo adat ngono kuwi?

Jarno : Wah, sing kuna ki kowe, Kang! Aku arep golek pembela wongkampus sing ngerti carane mbela wong wedok. Adat kuna kududirombak!

Juwadi : Bagus kuwi! Terusna!

Tuturan Juwadi ing dhata (41) wonten nginggil nerak maksim cara.

Amargi tuturanipun boten cetha, mila tegesipun dados boten cetha. Prekawis

punika amargi wonten tembung ingkang gadhahi teges ingkang kabur, ing

tembung “terusna” wonten ukara “Bagus kuwi! Terusna!”. Punapa ingkang

dipunpikajengaken ukara kasebut boten cetha.

68

6. Wonten ing cerkak Wektu-wektu Kang Wis Kawuri anggitanipun Samirun

Ismadi kapethik saking PS no.25 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim

cara.

7. Wonten ing cerkak Pak Bupati Anyar anggitanipun Sudadi kapethik saking PS

no.29 ugi boten wonten tuturan ingkang nerak maksim cara.

8. Wonten cerkak Kandhani kok...! anggitanipun Mbah Brintik kapethik saking

PS no.33 boten wonten tuturan ingkang nerak maksim cara.

9. Tuturan ingkang nerak maksim cara wonten cerkak Tukang Cukur

anggitanipun Hery Priyo Sutopo kapethik saking PS no.39.

Dhata (71) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : PAK BUPATI NDAWUHI SUPADOS RIKMANIPUNINGKANG WINGKING DIPOTONG RADI CENDAK.

TuturanPak Bupati : Dipotong radi cendhak mawon sing wingking niki pak...Kang Pardi : Sing ngajeng dipundamel kados pundi...?Pak Bupati : Nggih kersane ngoten mawon ning radi dipendekne sekedhik...

Tuturan Kang Pardi wonten nginggil nerak maksim cara, saking ukara

sing ngajeng boten cetha punapa ingkang dipunpikajengaken. Prekawis

punika amargi ukara sing ngajeng gadhahi teges ingkang kabur.

69

10. Wonten cerkak Numusi anggitanipun Somdani kapethik saking PS no.40

boten wonten tuturan ingkang nerak maksim cara.

11. Tuturan ingkang nerak maksim cara ingkang sanes wonten ing cerkak Oh,

Pak guru anggitanipun Bambang Wiyono kapethik saking PS no.46.

Dhata (82) ngandhap punika nerak maksim cara.

Konteks : PAK SLAMET NYUWUN PIRSA DHATENG RATIHWONTEN MENAPA.

TuturanPak Slamet : Ana apa Ratih?Ratih : Gembos pak.

Tuturan Ratih ing dhata (82) ing nginggil nggadhahi kadar kejelasan

ingkang rendah. Tuturan punika nerak maksim cara, amargi tuturanipun boten

cetha, mila tegesipun dados boten cetha. Prekawis punika amargi wonten

tembung ingkang kabur tegese, ing tembung “gembos”. Ingkang

dipunpikejengaken tembung punika boten cetha, punapa ingkang “gembos”.

Tembung ingkang kabur punika ingkang nyebabaken boten cethanipun

pikajengan tuturan. Mila tuturan punika nerak prinsip kerja sama maksim

cara.

Dhata (87) punika nerak maksim cara.

Konteks : BU DARMO NDAWUHI RATIH SUPADOS ADUS LANDANDAN SING AYU.

TuturanBu Darmo : Mengko sore lho, dheweke mrene. Gek ndamg adus lan

dandan sing ayu!

70

Ratih : Ibu.

Tuturan Bu Darmo ing nginggil nerak maksim cara, amargi

tuturanipun boten cetha, mila tegesipun dados boten cetha. Wonten tembung

ingkang ambigu, ing tembung “dheweke”. Tembung “dheweke” ing tuturan

boten saged dimangertosi sinten ingkang dipunpikajengaken Bu Darmo.

Tembung ambigu punika ingkang nyebabaken tuturan wonten nginggil boten

kooperatif. Mila tuturan punika nerak maksim cara.

Dhata (90) punika nerak maksim cara.

Konteks : Bapak ndawuhi Ratih supados ngemut-emut sinten ingkangnate caket kaliyan Ratih.

TuturanRatih : Ngendikanipun ibu piyambakipun sawijining petani, nggih

pak? Sinten pak?Pak Darmo : Iyo, ibumu bener nanging ora ngerti sekabehe.

Satemene kowe wis kenal kok marang dheweke. Mbok cobaeling-elingen sapa bocah lanang kang wis tau cedak karo kowe.

Ratih : Ah, bapak.

Tuturan Ratih ing dhata (90) punika nerak maksim cara, amargi

nggadhahi tembung ambigu. Inggih punika tembung ”piyambakipun”

wonten ukara ngendikanipun ibu piyambakipun sawijining petani, nggih pak?

Sinten Pak?. Tembung “Piyambakipun” ing tuturan boten cetha sinten

ingkang dipunpikajengaken Ratih. Tembung ambigu punika ingkang njalari

tuturan boten kooperatif. Mila tuturan punika nerak maksim cara.

71

12. Tuturan ing cerkak Ketemu Gaweyan Ketemu Jodho anggitanipun Ibu Is

sarjoko ugi wonten ingkang nerak maksim cara.

Dhata (98) ing ngandhap punika nerak maksim cara :

Konteks : NARTO NAWANI GIYARTI SUPADOS PURUN MULANGWONTEN SUMATRA.

TuturanNarto : Sak upama mulang nang Sumatra, neng daerah trans andak ya

gelem dhik?Giyarti : O Mas, nek ana sing wani nanggung aku dadi guru mesti tak

tampa neng ngendhi wae dak lakoniNarto : Nek ngono neng gonaku wae dhik, aku sing nanggung. SDku

isih kekurangan guru akeh. Mengko bisa mulang tunggal saksekolahan karo aku. Aku tanggung, dhik.

Giyarti : wah yen tenan teneh aku seneng banget, mas. Njur sokkapan olehku nyusul mrana?

Narto : We lha piye ta, dhik, ya bareng sisan karo aku lan bapak.Liburku mung seminggu, mungkin sesuk utawa suk embenbapak wis ngajak bali.

Giyarti : Ya wis, mas, aku manut. Pak dhe Slamet wae diaturi ngendikakaro bapak lan ibu yen aku arep katut.Ning ya kuwi mas, aku ning kana ming ndherek pak dhe, budhe lan mas Narto, mengko adoh wong tuwa, aja disiya-siyaya, mas!

Narto : Ora, dhik, ora. Wiwit saiki nganti selawase urip, yen dhikGiyarti gelem, bakal dak jaluk ing sisihku selawase urip.

Giyarti : (Mleruk karo mesem..... seneng)

Tuturan Giyanti ing dhata (98) wonten nginggil nerak maksim cara,

amargi tuturanipun boten cetha, mila tegesipun dados boten cetha. Prekawis

punika amargi wonten tembung ingkang gadhahi teges ingkang kabur, ing

tembung “mrana” wonten ukara “wah yen tenan teneh aku seneng banget

mas. Njur suk kapan olehku nyusul mrana?” Punapa ingkang

dipunpikajengaken ukara kasebut boten cetha.

72

Saking pirembagan wonten nginggil saged dipunpundhut dudutan menawi

wonten 11 dhata saking 8 cerkak Panjebar Semangat warsa 2006 ingkang

salebeting tuturanipun nerak prinsip kerja sama maksim cara.

73

BAB V

PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar analisis lan pirembagan, panaliten punika nggadhahi dudutan

inggih punika tuturan para paraga ing cerkak Panjebar Semangat warsa 2006

kanthi irah-irahan: Kula Dereng Kalah, Wolung ndina, Sindhen Campursari, C’est

La Vie, Trekahe Anak Lanang, Wektu-wektu Kang Wis Kawurri, Pak Bupati

Anyar, Kandhani..... Kok!, Tukang Cukur, Numusi, Oh Pak Guru, Ketemu

Gaweyan Ketemu Jodho ingkang nerak prinsip kerja sama kadadosan ing maksim

kuantitas, maksin kualitas, maksin relevansi, lan maksim cara.

Maksim kuantitas mbetahaken kontribusi saking panutur lan mitra tutur

sacekakipun jumbuh kaliyan ingkang kasuwun.

Maksim kualitas saben panutur dipunpikajengaken supados saged

ngandharaken samukawis ingkang leres lan jumbuh kaliyan fakta ing wicantenan.

Maksim relevansi ngedhahaken saben panyarta pacelathon maringi

kontribusi ingkang relevan kaliyan prekawis ingkang dipunngendikakaken.

Maksim cara ngedhahaken panutur lan mitra tutur wicantenan kanthi

langsung, runtut gamblang, lan boten kabur, boten ambigu.

73

74

B. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan asil analisis panaliten punika, saged dipunandharaken

pamrayogi kangge para pangripta, cerkak kedahipun netepi prinsip kerja sama

anggenipun damel karya-karyanipun. Amargi tuturan ingkang dipunginakaken

kangge narik kawigatosan pamaos dhumateng karyanipun lan maringi panglipur

supados pamaosipun remen anggenipun maos.

Kangge pamaos supados saged dados reverensi lan bahan wacan mahami

prinsip kerja sama, dados bahan wacan kagem nyerat ingkang sawarni “prinsip

kerja sama” saengga ngasilaken panaliten ingkang sampurna sarta saged

ngasilaken mupangat kagem tiyang sanes.

Kangge panaliti-panaliti mliginipun Mahasiswa Jurusan Bahasa dan Sastra

Jawa IKIP PGRI Semarang dipunpikajengaken saged nindakaken panaliten boten

namung saking segi prinsip kerja sama kemawon, ananging saking sudut pandang

ilmu basa sanesipun.

KAPUSTAKAN

Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Tindakan PendekatanPraktik. Jakarta: Rineka Cipta.

Balai Bahasa Yogyakarta. 2001. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa).Yogyakarta: Kanisius.

Chaer, Abdul lan Leonie Agustina.1995. Sosiolinguistik Perkenalan Awal.Jakarta: Rineka Cipta.

2004. Sosiolinguistik Perkenalan Awal Edisi Revisi. Jakarta: RinekaCipta.

Dwiloka, Bambang lan Rati Riana. 2005. Teknik Menulis Karya Ilmiah. Jakarta:Rineka Cipta

Hariwijaya, lan Triton. 2007. Pedoman Penulisan Ilmiah Proposal dan Skripsi.Yogyakarta: Tugu Publisher.

Murywantobroto, dkk. 2007. Mengenal Prosa Fiksi.

Rahardi, Kunjana. 2005. Pragmatik Kesatuan Imperatif Bahasa Indonesia.Yogyakarta: Erlangga.

Rustono. 1999. Pokok-pokok Pragmatik. Semarang: CV IKIP Semarang Press.

Rohmadi, Muhammad. 2004. Pragmatik Teori dan Analisis. Yogyakarta: LingkarMedia Jogya.

Soedianto. 2008. Makalah Pengantar Ilmu Komunikasi.

Soejono lan H. Abdurrahman. 2005. Metode Penelitian Suatu Pemikiran danPenerapan. Jakarta. Rineka Cipta.

Sudiati lan Widyamartaya. 1996. Kreatif Berbahasa Menuju KetrampilanPragmatik.

Tarigan, Henry Guntur. 1986. Pengajaran Pragmatik. Bandung: AngkasaBandung.

Thomas, dkk. 2007. Bahasa, Masyarakat, dan Kekuasaan. Yogyakarta. PustakaPelajar.

Wijana, I Dewa Putu. 1996. Dasar-Dasar Pragmatik. Yogyakarta: AndiYogyakarta.

Suharto. 2009. “Konsep dan Jenis Variabel (Variabel Independen, VariabelDependen, Variabel Moderator, Variabel Intervening dan VariabelKontrol”. http://suhartoumm.blogspot.com/2009/07/pengertian-variabel-variabel-dan.html

SIMPINGAN

Cerkak 1 (Kula dereng Kalah)

Dhata 1

Konteks : RIKALA MAS DANANG NYUWUN PIRSA KALIYAN PAK

WIRYO BABAGAN LAPANGAN GOLF.

Tuturan

Mas Danang : Krungu-krungu jare lapangan golf arep diambakna pak?

Pak Wiryo : (mung mesem krungu pitaken mas Danang, sajake wis ngerti apa

karepe)

Dhata 2

Konteks : MAS DANANG NUWUN PIRSA KADOS PUNDI

MANGGENIPUN PAK WIRYO MENAWI KAMPUNGIPUN

DIGUSUR.

Tuturan

Mas Danang : Lah yen lapangane diambakna terus kampunge sampeyan digusur

piye pak?

Pak Wiryo : Nggih kersane napa ingkang kedadosan mangke, mas. Digusur

nggih pindah, wong pancen mboten gadhahane.

Dhata 3

Konteks : WICANTENAN MAS DANANG KALIYAN PAK WIRYO

BABAGAN MODAL KAGEM PAK WIRYO.

Tuturan

Mas Danang : Pak, wong puthune sampeyan enak. Piye yen tak silihi modhal,

terus gawe home industri, puthune diwenehi cap terus didol nyang

supermarket?

Pak Wiryo : Wah, mangke yen kula boten ider mriki malih, njenengan kangelan

ndadak pados puthu teng supermarket. (ngguyu latah-latah).

Kula ngaten mawon sampun rumaos cekap kok mas. Sing penitng

saged damel urip lan nyekolahke anak. Wong kula niku nggih

mboten gadhah warisan napa-napa kangge anak kula. Sakmboten-

botene nek kula dadi bakul puthu, anake kula nggih sampun

ngantos kados bapake.

Dhata 4

Konteks : MAS DANANG PARING PIRSA KALIYAN PAK WIRYO

MENAWI PADOS PEDAMELAN SAMENIKA ANGEL.

Tuturan

Mas Danang : Golek gaweyan saiki angel lho pak.

Pak Wiryo : Wong tiyange taksih sekolah kok mas.

Dhata 5

Konteks : MAS DANANG NYUWUN PIRSA PENDHIDHIKANIPUN

LARENE PAK WIRYO.

Tuturan

Mas Danang : Rak wis lulus SMA ta?

Pak Wiryo : Lha nyuwun kuliyah niku mas. Ning, niki jarene mpun ajeng nulis

….. napa…. niku, skripsi napa….. Duka napa jenenge. Pokoke

mpun meh rampung….. kantun setunggal niku.

Cerkak 2 (Wolung ndina)

Dhata 6

Konteks : WIDODO JAYUS CARIOS MENAWI WONTEN TIYANG

INGKANG MIRIP KIKI FATMALA.

Tuturan

Widodo Jayus : Edan tenan, meh mirip Kiki Fatmala! (mripate kiyer-kiyer lan

ketil-ketil)

Agus Teler : Masak. Apa mungkin ana wong kang mirip antarane siji lan sijine.

(rada ngeyel)

Widodo Jayus : Woo, yen ora tau mangan sekolahan! Aku mau rak kandha meh

mirip. Ya yen ngeyel sing maton ta. (arep nesu)

Kang Darno : Wis yus, ndang dibacutake!

Widodo Jayus : Mulakne pada rungakna dhisik senengane dha nyela-nyela!

Dhata 7

Konteks : Yuli kaliyan Widodo sami tetepungan.

Tuturan

Yuli : Kok ndadak ndelik ta mas, mbok ayo tepungan wae!

Yen toyan kulina ana kono ta mas.

Wododo Jayus : (pringas-pringis kisinan, ngelungake tangane karo ndingkluk)

Aku Widodo mbak.

Yuli : Oo, mas Wid isinan ta. Aku Yuli mas, nembe ndhek wingi sore

aku wiwit manggon ngontrak ana sisih dalem panjenengan kene.

(salaman).

Widodo Jayus : Nyuwun ngapura embak, kapan-kapan dibacutake maneh

tetepungane, iki aku isih ngantuk, maklum aku bengi ngojek. Arep

nutugake ngeloni bantal maneh.

Yuli : Mangga mas, sugeng sare maneh.

Dhata 8

Konteks : RIKALA PANUT TAKEN WIDODO SAMPUN DOLAN

DHATENG GRIYANIPUN YULI PUNAPA DERENG.

Tuturan

Panut : Terus dina-dina sakbanjure priye Yus. Kowe ya wis dolan nang

omahe Yuli?

Widodo Jayus : Ora! Durung!

Agus teler : Kok goblog temen ora disikat!

Widodo Jayus : Kowe sing goblog. Aku pilih nganggo tehnik jinak-jinak merpati.

Aku milih saben esuk nginjen saka jendela, pas Yuli lagi mepei.

Lumayan, film gratis.

Kang Darno : Apa ya arep mbok ingu ngono terus?

Widodo Jayus : Wah, ya ora ta kang yen saiki wis nginjen wolung dina seprene

mesthine ya wis marem, mula wiwit sesuk aku arep ndolani

dheweke.

Dhata 9

Konteks : AGUS TELER LAN KANG DARNO TAKEN WONTEN

PUNAPA KALIYAN WIDODO JAYUS.

Tuturan

Kang Darno : Kena apa Yus, lara ta kowe?

Widodo Jayus : Ora kang.

Agus Teler : Tukaran piye karo dhemenanmu Yuli?

Widodo Jayus : Ora.

Kang Darno : Lha kena apa? Bosen pa piye?

Widodo Jayus : Ora! Ya mung males wae crita terus.

Cerkak 3 (Sindhen Campursari)

Dhata 10

Konteks : SUMANI NDHAWUHI ANJAS SUPADOS ENGGAL WUNGU.

Tuturan

Sumani : Njas, Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae

kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana

dhipan wae.

Anjas : Sapa...?

Sumani : Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa.

Dhata 11

Konteks : ANJAS TAKEN MENAPA WULANDARI NDHEREK MAPAG.

Tuturan

Anjas : Wu-landari melu mapag mrene?

Sumani : Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwan-tara kana,

karo bojone. Apa gunane ngenteni kawe, jaka tukang ngendhang,

entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota

DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klan-thung,

blanjane wae durung, yen turu njingkrung.

Anjas : Lha kok kowe kandha pacarku mrene?

Sumani : lha pacarmu kuwi pira? Kae Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?

Anjas : Edan kowe.

Dhata 12

Konteks : NANIK NYUWUN PIRSA MENAPA KENDHARAANIPUN

SAMPUN SIAP.

Tuturan

Sumani : Nik... Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu.

Nanik : Mas...piye, kendharaane wis siap?

Anjas : Wis beres.

Sumani : Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku.

Nanik : Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingane kanca dhewe ta mas?

Dhata 13

Konteks : SUMANI BOTEN MARENGAKEN NANIK MLEBET KAMAR.

Tuturan

Sumani : He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan.

Anjas : Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendharaan wae, tak dandan

dhisik.

Dhata 14

Konteks : SUMANI NGENDIKAN BILIH BANGKU SISIHIPUN NANIK

SAMPUN DIPESEN ANJAS

Tuturan

Sumani : Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau

dipakai Anjas.

Nanik : Mesem manis

Dhata 15

Konteks : SUMANI GEGUYONAN KALIYAN KANCA-KANCA

WONTEN MOBIL.

Tuturan

Sumani : Kanca-kanca minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene

dhik wingi wis padha rawuh ngestreni slametan ning Nanik.

Nanik : (mencep), (liyane ngguyu nyekakak)

Anjas : ora usah digagas, ben muni sak unine cangkeme.

Sumani : Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo

Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik

Dhata 16

Konteks : NANIK NYUWUN PIRSA MARING ANJAS, BOSS-IPUN

NGENDIKAN PUNAPA.

Tuturan

Nanik : Ana apa ta mas, boss-e?

Anjas : Biasa, kabar gawean. Aku dikon bali penting.

Nanik : Lha kok isih semaya?

Anjas : Wis kadung jejer cah ayu kok dipisahke ya emoh ta.

Dhata 17

Konteks : RIKALA ANJAS NGGODA NANIK.

Tuturan

Nanik : Ana apa ta mas?

Anjas : Pipimu kuwi lho yen mesem dhekik nggreretne.

Nanik : Ah, mas Anjas.

Cerkak 4 (C’est La Vie)

Dhata 18

Konteks : KONFLIK DARKO KALIYAN TUTIK WONTEN GRIYA.

Tuturan

Darko : Ngapa wae kowe? Wong wadon gaweyane mung turu.

Bukak (mlebu meneh mendelik)

Tutik : Aja nang kene mas. Bocah-bocah.....

Darko : Plak (tangane Darko kemlawe, sirahe Tuti njegluk sendhen kursi)

Tutik : Tulung mas aja nang kene,

Bocah-bocah : Ibu!

Dhata 19

Konteks : POLISI NGINTROGASI SARI BABAGAN KORBAN.

Tuturan

Polisi : Anda tahu jam berapa biasanya korban pulang?

Sari : Saya jarang pulang.

Dhata 20

Konteks : KARAS NYUWUN PIRSA (GUMUN) KALIYAN TUTI

BABAGAN KONFLIK RUMAH TANGGANIPUN

Tuturan

Karas : Telung puluh pitu taun lawase kuwi njenengan wastani khilaf?

Tuti : Ya...dakniyati ngibadah wis Jeng. Muga-muga aku diparingana

sabar, ben Gusti sing paring piwales.

Dhata 21

Konteks : TUTI NYUWUN PIRSA AMARGI SARI DHATENG

LANGKUNG AWAL.

Tuturan

Tuti : Kok cepet men, durung ana setengah nem.

Sari : Jare kon ora wengi-wengi.

Bapak ya?

Tuti : (gedheg) Ora kejeglug meja.

Sari : (mesem sinis) Kok ora jeleh mbelani Bapak.

Tuti : Aku masak mangut. Senenganmu ta?

Sari : Biyen!

Dhata 22

Konteks : DARKO PADHU KALIYAN SARI AMARGI TUTI BADHE

DIBOYONG SARI WONTEN KOSE.

Tuturan

Darko : Arep kok ajak menyang ngendi ibumu?

Sari : Nyang kosku

Darko : Aku sing wenang nemtokake. Aku bojone.

Sari : Aku anake.

Darko : Tik Mrene!

Sari : Ora sah Bu.

Darko : Arep menyang ngendi heh?

Dhata 23

Konteks : BULIK TELPON NANING NYUWUN PIRSA KAWONTENAN

GRIYA.

Tuturan

Bulik : Kados pundi kawontenan nggriya?

Naning : Inggih, kula sae.

Bulik : Keluwarga mboten wonten menapa-menapa ta?

Ibu sehat?

Naning : Oh...oh... Bapak?

Dhata 24

Konteks : WICANTENANIPUN SARI LAN NANING NALIKA WONTEN

PAKUNJARAN.

Tuturan

Sari : Kowe sehat?

Naning : (mesem)

Sari : Titip Ibu. Muga-muga sawise iki uripmu bisa tentrem. Wis dak

walesake larane ibu, laramu.

Cerkak 5 (Trekahe Anak Lanang)

Dhata 25

Dhata

Konteks : JARNO NESU MARANG BAPAKIPUN AMARGI BOTEN

NAMPI PESENIPUN LIWAT TELPON, SUPADOS BOTEN

TUMBAS BBM RUMIYIN.

Tuturan

Jarno : Bapak ki lek diomongi cah nom kok ngeyel ae! Tak rewangi adus

kringet! Bengak-bengok nganti gorokan garing, bapak kok pancet

ae nggadur! Apa ora nampa pesenku liwat telpon wingi ta, Pak?

Pakdhe Musijan : Kowe ki amang apa ta, Jar?

Mulih ka paran ki pantese wisuh apa raup dhisik, kok

ngundhamana bapakmu ki ana apa?

Jarno : Bapak sing ngeyel ae! Aku maeng kapethuk Kang parlan, omonge

Bapak mentas tuku solar. Iya ra, pak?

Maeng tuku pirang liter, pak?

Pakdhe Musijan : (meneng ae)

Dhata 26

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA BAPAKE MENAPA

PIYAMBAKIPUN BOTEN MIRSANI TIVI LAN RADIO.

Tuturan

Jarno : Bapak apa ra ndeleng siaran tivi? Ra ngrungokke radhio? Wis

pirang atus ae klompok mahasiswa padha demo nuntut

pamerintah?

Pakdhe Musijan : (meneng)

Dhata 27

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA BAPAK, SIMBOKE WONTEN

PUNDI.

Tuturan

Jarno : Pak! Mboke neng endi?

Pakdhe Musijan : Embuh, kono maeng!

Dhata 28

Konteks : SIMBOK NAWANI JARNO KRUPUK.

Tuturan

Simbok : Jik tak golekne krupuk iki lho, Jar!

Jarno : Ngene ae wis enak kok, mbok!

Simbok : Ya wis, kono gek tanduk. Nyoh iki krupuke!

Dhata 29

Konteks : JARNO NYUWUN PIRSA SIMBOK, JUMINAH WONTEN

PUNDI.

Tuturan

Jarno : Lha, Juminah neng endi ki maeng, mbok?

Simbok : Wis, ta tutugna manganmu, Jar. Waregana. Adhimu ngengehana

lawuh-e.

Dhata 30

Konteks : SIMBOK NDANGU JARNO MENAWI MAEM AMPUN

KESESA.

Tuturan

Jarno : Heh, kesereten!

Simbok : Mula aja kesusu! Kari mangan ae kok kesereten ta, Jar. Ndahneya

sing adang ngene iki?

Jarno : Padha ae, mbok!

Aku ya ora penak-penak lo mbok, neng kampusku kana ki.

Awakku ora isa lemu rak merga melu mikir negara. Mikirke rakyat

cilik. Ora mung sinau thok!

Dhata 31

Konteks : JUMINAH TAKEN TABUH PINTEN JARNO DHATENG.

Tuturan

Juminah : Jam pira kang tekamu maeng?

Jarno : Papat. Ngapa ta?

Juminah : Ya wis! Kok ketok kesel men.

Dhata 32

Konteks : JARNO TAKEN JUMINAH SIOS DILAMAR PUNAPA

BOTEN.

Tuturan

Jarno : Jum! Sida dilamar cah Ngantru kulon prapatan kae pa ra?

Juminah : (ora sumaur)

Jarno : Jum, piye?

Juminah : (panggah ora gelem sumaur)

Dhata 33

Konteks : JUWADI NYUWUN PIRSA PUNAPA GAMBARIPUN JARNO

MLEBET TIVI.

Tuturan

Juwadi : Gambarmu enek ra, Jar?

Jarno : Durung, kang! Dhilut engkas rak aku sing mecungul!

Dhata 34

Konteks : SIMBOK NGAJAK MAEM JUWADI.

Tuturan

Simbok : Melu mangan kene lho, Di!

Juwadi : Nggih. Sampun kok. Nembe.

Dhata 35

Konteks : JARNO NYUWUN TANGGEPAN JUWADI BAB NASIBE

JUMINAH.

Tuturan

Jarno : Kang, Pye tanggepanmu bab nasibe si Juminah kuwi? Ben rabi

ndisik, aku ra apa-apa!

Juwadi : Tekamu maeng jam pira?

Jarno : Papat. Piye, kang?

Juwadi : Biyasa.

Jarno : Biyasa? Biyasa piye ta ki? Aku kok ora mudheng!

Juwadi : Ya, biasa ki.

Jarno : Kok, biyasa ki, biyasa apane?

Juwadi : Yaa, mung ngono-ngono wae lho, Jar. Arepa kaya ngapa, wong

tuwek ki wis mikir jero bab nasibe anak-anake! Ora mung nasibe

Juminah, klebu nasibmu mbesuke lan nasibku dhek abene.

Dhata 36

Konteks : RIKALA JUWADI KALIYAN JARNO REREMBUGAN

BABAGAN EMANSIPASI.

Tuturan

Jarno : Kang...

Juwadi : Aku ngerti. Dinane iki akeh pahlawan. Bapak lan simbok kuwi wis

luwih dhisik ngrasakake asine uyah, Jar. Aku karo mbakyumu

biyen uga manut trekahe wong tuwek, nyatane isa urip mulya,

kepenak, ara sara namen-nemen.

Jarno : Lha iya kuwi sing aku ora setuju, kang!

Kamangka aku sakanca isih dha unjuk rasa masalah emansipasi

Juminah kudu rabi, yen pancen wayahe wis teka. Gandheng wis

ana sing nglamar, lan bocahe iya ora gelem kuliah, ya wis ben rabi

wae!

Dhata 37

Konteks : PAKDHE MUSIJAN NYUWUN PIRSA KALIYAN JUWADI

KENGING PUNAPA PIYAMBAKAN.

Tuturan

Pakdhe Musijan : Kok ijen ae, le? Anak bojomu ra kok jak?

Juwadi : Nggih, Pak. Dhik Sumarah niki mau nenggani lare-lare sinau.

Dhata 38

Konteks : PAKDHE MUSIJAN NYUWUN PIRSA KABAR

KALUWARGANIPUN JUWADI.

Tuturan

Pakdhe Musijan : Padha seger kuwarasan kabeh ta?

Juwadi : Nggih, pangestunipun.

Dhata 39

Konteks : RIKALA JARNO KALIYAN JUWADI REREMBUGAN

BABAGAN PERSAMAAN JENDER.

Tuturan

Jarno : Kang, persamaan jender kuwi duwe niyat ngurangi pengekangan

terhadap wanita. Cah wedok aja monat-manut. Yen biyen, cah

wedok dikon rabi kudu manut wong tuwane , lha saiki arep rabi

karepe dhewe dipenggak. Piye iki nalare?

Juwadi : Lha ya iki sing malah kanggoku sing nuruti karepe jaman, Jar.

Dhata 40

Konteks : JARNO LAN JUWADI NGREMBAG KENGING PUNAPA

BAPAK NGLARANG JUMINAH RABI RUMIYIN.

Tuturan

Jarno : Rak!

Ngapa?

Lek alasane bapak kuwi bab nglumpati aku, jelas wis ora umum.

Wis pirang ewu dulur tuwa padha dilumpati adhine? Yen nganti

cungkeng-rengkeng nggondheli adat kuna ngono kuwi, akeh

prawan nganggur, kang!

Juwadi : Ya dideleng permasalahane dhisik ta, Jar.

Jarno : Lho, permasalahane rak wis cetha. Bapak nglarang Juminah rabi

dhisik amarga aku durung rabi. Titik!

Juwadi : Iya aku wis ngerti. Nanging, apa kowe wis ngerti pertimbangan

liyane sing dikarepake Bapak-Simbok? Aku njur ora mudheng

karo pola pikirmu ki piye ta, Jar!

Dhata41

Konteks : JARNO LAN JUWADI PADHU BABAGAN POLA PIKIR.

Tuturan

Jarno : Pola pikir sing piye?

Juwadi : Jebule pola pikirmu jik sepele. Mayar!

Jarno : Mayar kanggone wong sing ra gelem berjuang! Kanggoku sik

rumit! Bundhel!

Juwadi : Bundhel? Ngapa? Kowe mahasiswa sing dijejeli ilmu ilmiah kok

angel mikir? Wong tuwa iku tak padhakake karo negara.

Pamarintah kuwi saka wong-wong pinilih. Keahlian lan

kapinterane wis lulus saka kuliahe. Pikirane wis dhiwasa. Lha kok

kowe, jik kuliah durung tutug ae ndikte pamarentah?

Jarno : Ora ngono, Kang! Kleru pikiranmu ngono kuwi! Kelompokku

berjuang kuwi ora kanggo awake dhewe nanging dhemi

masyarakat.

Juwadi : Iya, aku ngerti. Mung masyarakat endi sing ok bela kuwi? Jaremu

wis ewon cacahe wong wedok sing rabi nglangkahi kakang

mbakyune, kuwi ateges nglanggar angger-anggere adat kuna. Apa

kowe wis lali lek kowe kowe lair lan gedhe nng ndesa sing jik

nggondeli kenceng karo adat ngono kuwi?

Jarno : Wah, sing kuna ki kowe, Kang! Aku arep golek pembela wong

kampus sing ngerti carane mbela wong wedok. Adat kuna kudu

dirombak!

Juwadi : Bagus kuwi! Terusna!

Dhata 42

Konteks : PAKDHE MUSIJAN DUKA MARANG JARNO BAB

KULIYAH.

Tuturan

Pakdhe Musijan : Wis, Le! Omong apa ae kui! Kowe rung ngerti ya Ju? Adhimu

Jarno, bener dadi pahlawan, nanging piye kuliahe? Keteter! Telung

ndina kepungkur ana layang saka kampuse, intine nagih dhuwit

semester! Kamangka wis tak kirimi.

Takona si Juminah kui! Ping pira Jarno njaluk dhuwit sing jare

nggo ika, nggo iki. Nyatane kok isih diupret – upret kampuse!

Ora! Aku nguliahke lan nyekolahke anak-anakku kareben dadi

wong wasis, baut, lan ngerti tatakrama. Padha apa kowe unjuk rasa

neng kampusmu? Kowe ra mikir Bapak-Simbokmu adus endhut,

Jar! Rakyat endi sing kok bela? Wong wadon endi sing kok

junjung drajate? Wong tuamu iki lo Le, belanana! Ajenana

kringete sing ora bisa garing dipepe srengenge saben dina!

Pambengokmu neng dalan-dalan mung dirungu wong liwat! Ora

dirungu wakilmu sing dha ana Jakarta yen dhon ora disiyarke tivi.

Ora ana gunane! Kowe kudu kuliah! Yen ora gelem, muliha ae,

melu nyurung luku mesin ae! Brol!

Jarno : Nanging, undhak-undhakan rega lenga kuwi kudu dibatalake, Pak!

Cerkak 6 (Wektu-wektu Kang Wis Kawuri)

Dhata 43

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA KALIYAN SOPIR MENAWI

ANGOKOT ISI PENUH ANGSAL YATRA PINTEN.

Tuturan

Pras : Mas nek kendharaan isi penuh, sampeyan oleh dhuwit pira?

Sopir : Menawi penuh paling kathah angsal seketan ewu pak. Ning nggih

langka sanget penuh. Tiyang sakniki kathah mobile tenimbang

penumpange.

Dhata 44

Konteks : PRAS NAWANI SOPIR MENAWI MOBILIPUN

DIPUNCARTER DHATENG SAWAHAN, DIBAYAR

SEWIDAK EWU.

Tuturan

Pras : Upama saiki sampeyan tak ajak menyang sawahan, tak bayar

sewidak ewu, ning mengko yen ana penumpang ana ndalan

angkuten, ning aja dijaluki bayaran, gelem ora.

Sopir : Nggih kepurunen ta Pak.

Dhata 45

Konteks : SETYARINI NYUWUN PIRSA SOPIR KENGING PUNAPA

DINTEN PUNIKA ANGKOT MBOTEN NAMPI BAYARAN.

Tuturan

Setyarini : Sampeyan dina iki pas ulang taun apa duwe ujar ta dhik, kok ora

gelem nampa bayaran.

Sopir : Panjenengan mundhut pirsa bapak sebelah panjenengan punika lo

mbak, punapa sebabe dene dinten niki kula mboten purun nampi

bayaran saking penumpang.

Dhata 46

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINI, BADHE

TINDAK PUNDI.

Tuturan

Pras : Kok sajak resmi sanget badhe tindak pundi to jeng?

Setyarini : Badhe sowan rencang ingkang nembe kagungan kersa. Dipun

pundhuti tulung supados tumut among tamu. Lajeng panjenengan

punika dalemipun pundi to mas, kok sajak anyar katon.

Dhata 47

Konteks : SETYARINI NYUWUN PIRSA DHATENG PRAS,

MANGGENIPUN WONTEN PUNDI.

Tuturan

Pras : Kula punika tiyang Puthuk kok jeng.

Setyarini : Elo, puthukipun pundi, tiyang kula punika kala taksih alit lan

sekolah kula ugi wonten ngrika, ndherek bapak rikala tugas ing

Sawahan.

Dhata 48

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINI, ASMA

RAMANIPUN SINTEN.

Tuturan

Pras : Lajeng keng rama sinten asmanipun?

Setyarini : Pak Dwija Purnama, ngastanipun wonten Kantor Kecamatan.

Dhata 49

Konteks : PRAS TAKEN KALIYAN SETYARINI PUNAPA TASIK

ELING MENAWI GADHAH KANCA INGKANG RUPANE

KADOS PRAS.

Tuturan

Pras : Coba jeng, eling-elingen, apa sliramu tahu duwe kanca sing rupane

amburadul kaya ngene iki.

Setyarini : Mas Pras jahat, mas Pras jahat. Tega-tegane panjenengan gawe

serike ati,

Dhata 50

Konteks : PRAS NYUWUN PIRSA DHATENG SETYARINI, PUTRA-

PUTRANIPUN KOK MBOTEN NDHEREK.

Tuturan

Pras : Iki mau kok mung dhewekan. Putra-putrane kok ora ana sing

nderek.

Setyarini : Anak-anak? Anake sapa? Manak karo sapa wong sing dienteni wae

ngglayeng, pleng-klaleng ora ana kabar britane.

Dhata 51

Konteks : PRAS TAKSIH NYEPENG JANJI PRASETYANIPUN

KALIYAN SETYARINI.

Tuturan

Pras : Ya wis ora usah nangis. Mengko mundhak.....

Setyarini : Ya ben, mangkel kok. Lha panjenengan kok ya mung ijen wae; ora

ana sing ndherekake.

Pras : Elek-elek ngene aku ya isih bisa ngugemi prasetya kok jeng. Biyen

aku tahu prasetya yen ora bakal omah-omah selawase urip yen ora

karo sliramu. Prasetya ku biyen dudu sumpah kang ngayawara lan

lelamisan.

Setyarini : yen ngana apuranen aku ya mas.

Dhata 52

Konteks : PRAS TAKEN DHATENG SETYARINI PIDALEM

BAPAKIPUN WONTEN PUNDI.

Tuturan

Pras : Banjur Bapak saiki pidalem ana ngendi?

Setyarini : Bareng pensiun Bapak kondur menyang Bagor, yasa dalem ing

Desa Karang Tengah.

Cerkak 7 (Pak Bupati Anyar)

Dhata 53

Konteks : PAK MUNAJAT NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI

MERHATOSAKEN MARGI WONTEN KAMPUNGIPUN.

Tuturan

Pak Munajat : Pak Bupati, warga ngentosi mbenjing punapa Ki Bangun kersa

tindak ndusun malih. Margi ing kampung-kampung sampun sami

risak. Kawontenanipun mrihatosaken sanget. Kersa Ki Bangun

merjuangaken supados ndadosi margi ingkang risakipun sampun

mboten kantenan kalawau.

Pak Bupati : Ya, Mengko tak pikirake.

Dhata 54

Konteks : MAS MURSYID NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI

NGAWONTENAKEN LISTRIK WONTEN DHUSUN KARANG

GEDHANG.

Tuturan

Mas Mursyid : Pak Bupati, kula warga saking ndusun Karang Gedhang mapan

sakperengipun gunung. Pak dumugi dinten punika listrik dereng

mlebet kampung kula. Menapa tumon ing atasipun jaman mardika

kok mboten saged ngraosaken gebyaring listrik. Pramia kula

nyuwun Pak Bupati enggal mujudaken janji panjenengan nalika

kampanye. Enget Pak nalika PILKADA ingkang kepengker swara

warga dhsun mriki meh 90% kagem panjenengan.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Dhata 56

Konteks : PAK HAMDANI NYUWUN KAWIGATOSAN SUPADOS PAK

BUPATI NGREHAB GEDHUNG SD NEGERI BANGUN

MAKMUR.

Tuturan

Pak Hamdani : Pak, kula guru SD Negeri Bangun Makmur. Keparenga kula

ngaturaken kawontenanipun gedhung SD Bangun Makmur

ingkang nguatosaken. Gedung SD Bangun Makmur sampun kuna

sanget. Pyanipun sampun bocor-bocor. Menawi jawah kathah toya

ingkang mleber gedhung. Kula kuwatos Pak menawi ngantos

wonten lesus ageng lajaeng ambruk lan mbekta kurban lare alit-alit

ingkang mboten gadhah dosa. Pramila kula nyuwun Bapak kersa

paring kawigatosan kangge ngrehab gedhung sekolah menika.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Dhata 57

Konteks : IBU HADI MUSTAKIM NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI

MBANGUN PUSKESMAS ING DHUSUN MARDI MULIYA.

Tuturan

Ibu Hadi Mustakim : Pak Bupati, kula warga saking dhusun Mardi Muliya tlatah

kabupaten iring eler. Warga mriki sampun dangu sanget nggadhahi

kepingin gadhah PUSKESMAS ingkang nyekapi kangge priksa

kesehatanipun para warga ingkang nembe sakit. Sakdangunipun

punika warga kedah kesah dhateng kutha menawi badhe priksa.

Kula ngantu-antu sanget rawuh panjenengan wonten dusun mriki

saperlu mangertosi kawontenan dhusun. Kula entosi Pak warga

mriki 99% ndhukung panjenengan nalika PILKADA ingkang

kepengker.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Dhata 58

Konteks : PAK BEGJO NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI LAN

PAMERINTAH MIGATOSAKEN NASIBIPUN PARA PETANI.

Tuturan

Pak Begjo : Nuwun keparenga kula matur dhumateng Kanjeng Bupati, kula

ketua kelompok tani Rukun Makmur dhusun Sendhang Mulya. Pak

Bupati, para among tani nyuwun kawigatosanipun pemerintah.

Sakpunika reregen rabuk saya mindhak. Ing kamangka barangipun

saya langka. Ewed sanget anggenipun para warga badhe pados

rabuk. Lan malih reregen gabah inggih mboten saged mindhak.

Menawi kawontenaipun ngaten terus saya kathah warga among

tani ingkang gesang kacingkrangan. Pramila kula nyuwun

kawigatosanipun Bapak Bupati. Kula nyuwun pemerintah

mikiramken nasibipun para tani.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Dhata 59

Konteks : DUL SOMAT NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI

NGINDHAKAKEN UMR LAN PARING PESANGON

MENAWI WONTEN PHK.

Tuturan

Dul Somat : Pak Bupati, kula ketua Serikat Pekerja Pabrik Tekstil. Kula

nyuwun perhatian khusus saking Bapak Bupati supados para buruh

tekstil saged nampi hak-hak buruh ingkang langkung sae. Dinten

punika para buruh sami ngraosaken kasangsaran awit gajinipun

sakngandhapipun UMR. Kula suwun pemerintah saged

ngindhakaken UMR. Kaliyan malih menawi wonten PHK mugi-

mugi saged wonten pesangon ingkang murwat.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Dhata 60

Konteks : SUBAHRI NYUWUN SUPADOS PAK BUPATI SAGED

NGENTASAKEN PENGANGGURAN ING KABUPATENIPUN.

Tuturan

Subahri : Nyuwun sewu Pak Bupati, kula PNS nanging sanes Pegawai

Negeri Sipil. PNS niki singkatanipun Pengangguran Ning Sarjana.

Kula ngraosaken gesang ingkang sakalangkung rekaos pak. Kula

sampun kelajeng gadhah gelar sarjana. Ing kamangka pados

pedamelan mrika-mriki angelipun mboten jamak. Pak Bupati, kula

nyuwun panjenengan gadhah program kangge ngentasaken

pengangguran. Kula suwun Kabupaten mriki nggadhahi gerakan

kangge mberantas pengangguran kanthi mbikak lowongan kerja

enggal.

Pak Bupati : Ya. Mengko tak pikirake.

Cerkak 8 (Kandhani...... Kok!)

Dhata 61

Konteks : SIMBAH NYAPA MARANG MAS SUHADI.

Tuturan

Simbah : Sungeng mas Suhadi, kok thenger-thenger nglamun, durung entuk

plaris ora ana wong nyukurna rampbut ta mas.

Mas Suhadi : (njenggirat kaget)

Dhata 62

Konteks : MAS SUHADI CRIYOS KALIYAN SIMBAH MENAWI

PADOS YATRA SAMENIKA SERET.

Tuturan

Simbah : Kaget ya mas, mara-mara aku wis tekan kene?

Mas Suhadi : Walaaah, punika lho Mbah, mikir kawontenan, musibah kok gilir

gumantos, demo mboten kendel-kendel, pados yatra seret, sinten

mboten komet???

Dhata 63

Konteks : SIMBAH NGENDIKAN MARANG MAS SUHADI, MENAWI

MUSIBAH PUNIKA SAKING GUSTI ALLAH KANGGE

NGELINGAKE MANUNGSA.

Tuturan

Simbah : Wong anane musibah kuwi ya Mas Hadi, Gusti Allah ngelikake

marang manugsa sing srakah, sing kakeyan polah, sing tukang

ngrayah, sing gawe bubrah. Ning pancen manungsane lagi padha

kesurupan durung sadhar, diwenehana musibah ya panggah uyah,

kelakuane ora owah, saya nggladrah. Saiki aluwing mikir tugase

dhewe-dhewe, golek sandhang pangan kanthi dalan sing halal lan

wajar, beres, lah apa sampeyan pikir?

Mas Suhadi : Ngaten ta mbah?

Simbah : Kandhani...... kok!!

Dhata 64

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAH

PUNAPA RESEPIPUN KO TAKSIH TETEP AYU.

Mas Suhadi : Panjenengan ngantos sepuh, kok tetep ayu punika gek resepe

punapa ta mbah?

Simbah : Walaaaahhh mas (karo mesem ngujiwat). Resepe kuwi ya rahasia

perusahaan. Ning tak omongi ya, mulane ayuku ki wantek ora

luntur nganti simbah mergane aku biyen lairku pas parak esuk,

wayahe kembang padha mekar nyebar gandha amrik. Terus manih

aku nalika lair kalung usus, dadi menganggo sembarang pantes.

Wong sing lair kaya aku ngono kuwi, sapa bae sing dak tamoni,

mesti rejekine deres, tansah nemu kesenengan, percaya karepmu

ora embuh!

Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?

Simbah : Kandhani kok!

Dhata 65

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAH

PUNAPA SIMBAH PUNIKA PASANG SUSUK.

Tuturan

Mas Suhadi : Nuwun sewu malih lho nggih Mbah? Mireng slenthingan lho

nggih, panjenengan awet ayu dumugi sepuh punika criyosipun

pasang susuk?

Simbah : Walah Mas, ngono iki sliramu ya percaya? Lha ya..... gek susuk

pirang milyar? Aku ayuku wantek gak leren-leren iki rak wis dak

omomngke dhek mau. Ayuku kersane Allah, ganjarane Allah. Sing

omong pating clomet ngono kuwi nek wedok merga meri,

cemburu, padha-padha wedok ayune kok dak pek dhewe. Nek sing

omong lanang, kuwi genah apa maneh, wong lanang biasa, nek

jatuh cintrong gak direwes, gak keturutan ya nyebar isu, biasa... lan

maneh aku awet ayu awet nom ngene iki, aku iki seneng

silaturahmi, seneng seduluran. Nek nesu dhiluk, dhendham emoh,

ngono lho Masss....

Mas Suhadi : Lha kok namung dhiluk-dhiluk, sedaya nggih dhiluk Mbah?

Simbah : Ya gak, nek sing enak, penak ya sing suwiii, wis dhong pa durung?

Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?

Simbah : Kandhaniii....kok!

Dhata 66

Konteks : MAS SUHADI NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAH

PUNAPA MLIGI TINDAK MRIKI, PUNAPA SAKING PUNDI.

Tuturan

Mas Suhadi : Kepareng matur inggih mbah, panjenengan punika kalawau

sejatosipun mligi tindak mriki nuweni kula, punapa saking tindak

pundi lajeng pinarak mriki?

Simbah : biasa ta Mas, saka redaksi, nyerahna naskah karo apamaneh, ya

njupuk honor. Lah iki lho pirsani, tasku maontol-montol, huakeh

mas honorku. Mulane nek ana sing kojah, jarene nek ngarang sak

naskah honore dipangan sesasi ora entek, kanggoku godir Mas jih

kalah karo aku no. Naskahku ki ya Mas, sekali muat, honore dak

enggo nebasi, mborongi sembarang kalir, jih turah sak thekruk,

nganti bingung dak tukokna apa maneh. Lan maneh mulane

honorku ki paling huakeh paling gedhe dhewe, mergane aku iki

diistimewakna karo redaksine. Pengarang sing tuwek dhewe,

wedok, gek ayune gak leren-leren lak mek aku tah? Aku...!

Mas Suhadi : Ngaten ta Mbah?

Simbah : Kandhani.... kok!

Dhata 67

Konteks : KEPARENG NYUWUN PIRSA DHATENG SIMBAH PUNAPA

SIMBAH INGGIH NGRAWUHI KSJ (KONGRES SASTRA

JAWA)

Tuturan

Mas Suhadi : Kepareng nyuwun pirsa Mbah, panjenengan inggih ngrawuhi KSJ

(Konggres Sastra Jawa)?

Simbah : Aku iki ya Mas, aja maneh diundang, lha mbok gak diundang,

anggere ora ana acara barengan sing penting, aku mesti merlokna

teka. Mergane aku rumangsa tresna tur ya kudu melu ngopeni

basa-sastra budaya Jawa, aku harak ya kudu melu nyengkuyung,

senajan ibarate mung bawang sak siyung. Apamaneh panityane

KSJ kuwi pengertian banget, kurang rong sasi digelare KSJ, aku

wis ditekani panityane, amrih bisa nekani KSJ. Senajan ta aku iki

mung pengarang Jawa pinggiran, dianggep pengarang sing wis

sepuh, ya senajan sembur suwuke bisa numusi lumakune KSJ,

amrih bisa rancang, slamet lan sukses.

Cerkak 9 (Tukang Cukur)

Dhata 68

Konteks : SIMBOK MBOTEN NGEPARENGAKEN KANG PARDI

TINDAK, LAN WETUNIPUN SAWAH SAMPUN CEKAP

KANGGE NGURIPI KULAWARGANIPUN.

Tuturan

Simbok : Wis ta Di, ora usah lunga, wetune sawah kae rak ya kena mbok

nggo urip sakanak bojomu, nek aku ki rasah mbok pikir....ceker-

ceker dhewe ya isih bisa nek mung kanggo ngiseni weteng wae.

Kang Pardi : Nek mung kanggo urip wae ya mesthi bisane mbok... neng opo ya

ra butuh liyane, opo maneh sedhela engkas Tarmuji wayahe mlebu

sekolah, mestine yo butuh ragad.. mula dak jaluk pangestune

simbok wae, muga-muga aku oleh gaweyan sing maton bisa

kanggo nyukupi kebutuhan urip, dene sawah ben digarapne wae

angger kena nggo mangan.

Dhata 69

Konteks : KANG PARDI SAMBAT KALIYAN WARSIDI AMARGI

CUKURIPUN SEPI, BOTEN WONTEN TIYANG INGKANG

CUKUR.

Tuturan

Warsidi : Wong jenenge nyambut gawe, kadhang ya ana kadhang kala ya

sepi kang... ra sah ngresula

Kang Pardi : nek ngresula ki ya ora Di... mung kok ora kaya biyasane, sepine

jan namen. Mosok sedina ki maeng blas ra ana wong cukur, malah

ki mau ya durung sarapan... mung kambon wedange yu Ginah ssk

cangkir.

Basiya : Njupuka dhewe kang, nek gelem sarapan bakso.

Dhata 70

Konteks : PAK BUPATI NYUWUN PIRSA PINTEN ONGKOS CUKUR.

Tuturan

Pak Bupati : Pak potong rambut pinten ongkose...?

Kang Pardi : Biasane mawon... mangga pinarak...

Pak Bupati : Lha nggih... biyasane niku pinten...?

Kang Pardi : Gangsal ewu pak....

Dhata 71

Konteks : PAK BUPATI NDAWUHI SUPADOS RIKMANIPUN

INGKANG WINGKING DIPOTONG RADI CENDAK.

Tuturan

Pak Bupati : Dipotong radi cendhak mawon sing wingking niki pak...

Kang Pardi : Sing ngajeng dipundamel kados pundi...?

Pak Bupati : Nggih kersane ngoten mawon ning radi dipendekne sekedhik...

Dhata 72

Konteks : PAK BUPATI NYUWUN PIRSA DHATENG KANG PARDI,

MENAPA BOTEN AJRIH MENAWI DIPUNOBRAK, AMARGI

BIKAK DHATENG MRIKU MBOTEN ANGSAL.

Tuturan

Pak Bupati : Sampeyan napa mboten ajrih nek diobrak pak... bikak wonten

mriki lak mboten angsal...

Kang Pardi : Lha badhe dhateng pundi malih pak... wong sandhang pangane

nggih teng ngriki niki....

Dhata 73

Konteks : PAK BUPATI NGENDIKAN PANGGENAN KANGGE

SADEYAN SAMPUN DISEDIYAKAKEN, KOK MBOTEN

PINDAH KEMAWON.

Tuturan

Pak Bupati : Panggenan kangge sadeyan rak nggih mpun sedhiyani, lah kok

mboten pindhah kemawon..?

Kang Pardi : pindhah mrika niku nek tiyang kados kula ngaten niki nggih tangeh

lamun sagede, kangge tumbas kiose mawon pun pinten dereng

mangke nggih nek teng mrika pajeng... langganan kula ngertose

kula nggih teng mriki niki.. milane kanca-kanca niku nggih nggih

sami tetep sadeyan teng riki snajan sakwanci-wanci kenging

obrakan. Lha...nggih pripun pak..tiyang alit kados kula ngaten niki

pados sandhang pangan mawon pun rekasa kathik nyambut damel

tansah mboten jenjem...kok mboten welas kalih tiyang cilik.

Pak Bupati : Sinten sing mboten welas pak..?

Kang Pardi : Nggih para pimpinan lan penggedhe niku ta... rumiyin sadeyan

teng mriki nggih mboten napa-napa.. lha kok sakniki dilarang

ngoten niku pripun... ken pindah panggonan niku nggih mboten

gampil, napa malih kedah tumbas. .

Pak Bupati : Karepe pemerentah niku sae lho pak sakjane, supados sampeyan

sakkanca saged tumata dagangane, panggenan sing langkung sae,

maton lan mboten ngganggu lalu lintas jalan raya, menapa malih

mangke rencanane para pedagang bade disukani seragam... lak

malah ketingal sae ta... disawang nggih mboten ketingal pating

slengkrah kados sakniki...

Dhata 74

Konteks : PAK BUPATI PARING PANYARUWE DHATENG KANG

PARDI SUPADOS TUMBAS KIOS, KANGGE NYAMBUT

DAMEL SELAWASE MBOTEN KUWATIR DIOBRAK

MALIH.

Tuturan

Pak Bupati : Perkawis regane kios niku rak saged dicicil ta pak... sauger

sampeyan temen-temen mestine nggih saged.... ngaten kios niku

mangke rak saged kangge nyambut damel selawase mboten

kuwatir diobrak malih.....

Kang Pardi : Nggih pak.... mugi-mugi kula saged tumbas kados kanca-kanca

kula sanese... pangestune kemawon.

Dhata 75

Konteks : PAK BUPATI PARING YATRA MARANG KANG PARDI

LANGKUNG, AMARGI MBOTEN WONTEN JUJULIPUN.

Tuturan

Kang Pardi : Wah... Pangapunten pak... mboten wonten susuke, paringi arta alit

kemawon....

Pak Bupati : Pun niku kangge sampeyan mawon... ampun disusuki, mugi-mugi

saged ngge tambah-tambah butuh sampeyan sak anak bojo...

Kang Pardi : Kados pundi pak... mboten disusuki..?

Pak Bupati : Nggih.. pun kangge sampeyan mawon.

Cerkak 10 (Numusi)

Dhata 76

Konteks : BU MITRO NDAWUHI MURADI SUPADOS ENGGAL-

ENGGAL RABI.

Tuturan

Bu Mitro : Ora ta Di, Kowe ki wis patut lho momong bocah cilik, mula gek

ndang golek bojo wae,

Muradi : Arep diingoni watu? Nyambut gawe wae durung, kok arep ngopeni

anake uwong ta Yu.

Bu Mitro : Rejeki ki sing andum Gusti Allah , wis ta; angger kowe niyat rabi,

mengko Sing Kuwasa rak paring rejeki. Percaya!

Muradi : Suk ae Yu, aku ngenteni Martini dhisi, kau trima keri....

Dhata 77

Konteks : BU MITRO NYUWUN PIRSA DHATENG MURADI,

SAMENIKA SAMPUN PINTEN UMURIPUN.

Tuturan

Bu Mitro : Ha ya klakon kaplak nek kowe ndadak ngenteni Martini.....

Umurmu saiki wis pira, mangka Martini kuwi setauh wae durung

ganep, wong lagi sewelas sasi.

Muradi : Rong puluh Yu, umpama Martini iki oleh jodho umur rong puluh

taun, aku rak lagi umur tang puluh, durung tuwa banget ta?

Bu Mitro : Iya yen gendhuk cepak jodhone, yen ora? Rak sida dadi jaka tuwa

temenan kowe!

Muradi : Ah, ya embuh Yu; kari nasibku mbesuk piye...?

Dhata 78

Konteks : ADHINE MURADI NGENGKEN MASIPUN SUPADOS CEPET

KAWIN.

Tuturan

Adhine Muradi : Mas Muradi nak gelem, pokoke mung kari njejak.

Muradi : Ya isin dhik, wong angguran ngene kok arep kawin?

Adhine Muradi : Aja isin Mas, mumpung ana kesempatan. Pak Dhene kuwi dadi

bos, yen sampeyan gelem, mengko gaweyan kono sing nanggung.

Nanging bocahe arep kepingin weruh sampeyan dhisik.

Dhata 79

Konteks : MURADI TAKEN KABARIPUN MARTINI. LAN MARTINI

NYUWUN PIRSA DHATENG MURADI PUNAPA KOK

DERENG KRAMA.

Tuturan

Muradi : Kapan tekamu Tin? Piye kabare?

Martini : Apik Mas! Kuru-kuru ya waras! Lha sampeya rak ya sehat ta? Isih

tetep bertahan? Durung krama?

Muradi : Ha-ha-haaaa, isih pancet Tin! Witikna, wis tak-ider-iderke meksa

durung oleh panganyang. Gak payu kok, Tin!

Dhata 80

Konteks : BU MITRO NGELINGAKEN MURADI NALIKA SEMANA

NATE NGENDIKA RABINIPUN NENGGA SAKBUBARE

MARTINI. LAN TAKEN MARANG MAURADI BILIH

ADHINIPUN SAMPUN UMUR TIGANG DASA LANGKUNG

UGI DERENG ANGSAL JODHO, BANJUR PRIPUN.

Tuturan

Bu Mitro : O iya Di, biyen kowe rak tau kandha jare rabimu ngenteni

sakbubare Martini. Gilo, adhimu ya durung oleh jodho; mangka

umure wis telung puluh punjul. Terus..., piye kuwi?!

Muradi : Kae mung guyon kok Yu. Biyen sampeyan rak ngangkon rabi aku,

gandheng aku durung siap terus wangsulan ngana kae...

Bu Mitro : Lha iyo ta, wong guyon kok njur numusi kaya ngono.

Cerkak 11 (Oh, Pak Guru)

Dhata 81

Konteks : PAK DARNA GADHAH PIKAJENGAN ENGGAL-ENGGAL

NGEMAH-EMAHAKEN PUTRINIPUN.

Tuturan

Pak Darna : Mula nduk, kanggo njangkepi kewajibanku minangka wong tuwa

bapak nduwe karep enggal-enggal ngomah-omahake kowe. Apa

kowe wis nduwe pacar?

Piye nduk?

Ratih : Eh....dereng pak.

Pak Darna : Nek ngono piye upama Ratih manut bapat wae? Dak golekake

calon kanggomu kang timbang ing bab kapinteran lan kapribaden

karo kowe.

Piye nduk?

Ratih : (ora bisa matur mung terus mlayu mlebu kamar)

Dhata 82

Konteks : PAK SLAMET TAKEN MARANG RATIH WONTEN

MENAPA.

Tuturan

Pak Slamet : Ana apa Ratih?

Ratih : Gembus pak.

Dhata 83

Konteks : PAK SLAMET MATUR MENAWI BANIPUN SAMPUN ATOS.

LAN NDAWUH SUPADOS RATIH ENGGAL WANGSUL.

Tuturan

Pak Slamet : Iki lho wis atos bane! Kana gek ndang bali!

Ratih : Matur nuwun pak.

Dhata 84

Konteks : BU DARMO TAKEN MARANG RATIH, DIDANGU PUNAPA

KALIYAN BAPAK.

Tuturan

Bu Darmo : Mau didangu baak apa nduk?

Ratih : Ah, Ibu menika, ethok-ethok ora ngerti, mesthi sampun pirsa ta?

Bu Darmo : (mung gumujeng)

Dhata 85

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA MARANG IBUNIPUN SINTEN

INGKANG DIPUNKERSAKAKE BAPAK.

Tuturan

Ratih : Sinten ta bu, ingkang dipun kersakake bapak?

Bu Darmo : Kancane bapakmu ing kelompok tani. Dheweke petani kang

sukses, najan ish mudha nanging usaha pertaniane wis ngambra-

ambra. Mula bapakmu banget kepranan marang dheweke.

Ratih : Ah, bapak!

Dhata 86

Konteks : BU DARMO TAKEN RATIH SAMPUN GADHAH CALON

PUNAPA DERENG.

Tuturan

Bu Darmo : Ora susah dipikir sing jero nduk. Yen kowe ora gelem ya ra papa.

Nanging mengko yen bocahe rene ditemoni sing apik. Apa kowe

wis nduwe calon dhewe?

Ratih : (gedheg)

Bu Darmo : Lha gene yo durung. Sapa ngerti mengko kowe malah jatuh cinta?

Ratih : Ah Ibu ki lho (tangane kemlawe nyiwel lengene ibune)

Bu Darmo : Eh, lara ki lho.

Ratih : Ibu.

Dhata 87

Konteks : BU DARMO NDAWUHI RATIH SUPADOS ADUS LAN

DANDAN SING AYU.

Tuturan

Bu Darmo : Mengko sore lho, dheweke mrene. Gek ndamg adus lan dandan

sing ayu!

Ratih : Ibu.

Dhata 88

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA PAK DARMO SINTEN INGKANG

BADHE DHATENG.

Tuturan

Ratih : Pak, sejatosipun sinten ta ingkang badhe dhateng mangke?

Pak Darmo : Lha mau arep dak kandhani kowe ndadak mlayu mlebu kamar. Ya

coba ditunggu wae.

Dhata 89

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA MARANG BAPAKIPUN MENAWI

MANGKE BOTEN BADHE DIKAWIN PAKSA.

Tuturan

Ratih : Bapak menika lho kok malah nggodha. Ning kula rak mboten

dikawin paksa ta pak?

Pak Darmo : Ha...ha.. mesti wae ora nduk bapak mung ndunungke endi sing alal

lan becik. Keputusan tetep ana tanganmu. Mula tatanen atimu

sedelok maneh dheweke bakal teka.

Dhata 90

Konteks : BAPAK NDAWUHI RATIH SUPADOS NGEMUT-EMUT

SINTEN INGKANG NATE CAKET KALIYAN RATIH.

Tuturan

Ratih : Ngendikanipun ibu piyambakipun sawijining petani, nggih pak?

Sinten pak?

Pak Darmo : Iyo, ibumu bener nanging ora ngerti sekabehe.

Satemene kowe wis kenal kok marang dheweke. Mbok coba eling-

elingen sapa bocah lanang kang wis tau cedak karo kowe.

Ratih : Ah, bapak.

Dhata 91

Konteks : RATIH NYUWUN PIRSA MARANG PAK SLAMET

KADINGAREN RAWUH WONTEN GRIYANIPUN RATIH.

Tuturan

Pak Slamet : Assalamu’alaikum.

Ratih : Wa’alaikumsalam

Oh, pak guru, mangga pinarak pak. Kok kadingaren rawuh mriki

pak.

Pak Slamet : iyo iki mau kebeneran liwat kene, terus mampir merga aling duwe

murid ayu ana kene.

Dhata 92

Konteks : RIKALA PAK DARMO ULUK SALAM DHATENG PAK

SLAMET.

Tuturan

Pak Darmo : Sugeng rawuhipun pak guru.

Pak Slamet : Slamet pak (mangsuli karo guyon)

Dhata 93

Konteks : PAK DARMO NEDAHAKEN RATIH BILIH PAK SLAMET

PUNIKA INGKANG BADHE DIPUNCALONAKEN. LAN

TAKEN RATIH PURUN PUNAPA MBOTEN.

Tuturan

Pak Darmo : Nah, Ratih, saiki mangsa gorong marang kowe. Iki lho calone

bapak sing mau kok takokake. Iki wonge wis ana ngarepmu.

Ratih : Lho pak. Niki rak pak guru Slamet. Nengdikane wau.....

Pak Darmo : Iyo pance bener pak Slamet iki guru, nanging dheweke yo petani

sukses. Saiki duwe lahan jeruk sepuluh hektar. Malah saiki pak

Slamet karo aku mbentuk pakumpulan tani supaya ilmu ertaniane

pak slamet bisa ditularake marag kadang tani ing kene.

Mula saiki bapak ndangu kowe. Apa gelem dipek bojo pak Slamet

iki?

Ratih : (ora bisa mangsuli mung tangane uwak-uwik dolanan driji karo

ndingkluk delikake eseme)

Cerkak 12 (Ketemu Gaweyan Ketemu Jodho)

Dhata 94

Konteks : NARTO NGENDIKAN KALIYAN BAPAK LAN IBU MENAWI

BADE DHATENG JAWI, NARTO BADHE NDHEREK.

Tuturan

Narto : Pak, nek ajeng ngejawi, njing nek kula libur seminggu, kula estu

kepingin tuwik jawi, kula tumbas tiket piyambak.

Bapak lan ibu : (mesem) iyo wis karepmu mung welingku, yen wis tekan tanah

Jawa golekana kancamu sing do nduwe ijazah guru, rayunen ben

do gelem mulang mrene!

Narto : Inggih, pak, kula nggih mpun dipeseni kanca-kanca diken golek

kanca kangge ngisi lowongan teng mriki.

Dhata 95

Konteks : RIKALA BAPAK NGAJAK NARTO MANDAP LAN MEDANG

SARTA DHAHAR RUMIYIN, BAJUR TUMBAS OLEH-OLEH.

Tuturan

Bapak : Iki wis tekan je, Le!, yuk awake dhewe mudhun. Nar becike golek

wedang anget karo mangan dhisik mengko njur tuku oleh-oleh

terus muleh.

Nartto : Sampun celak ta, pak?

Bapak : Wow la durung, isih kudu ngebis manek saklakon, ning becike

mengko naksi wae ben cepet.

Dhata 96

Konteks : BAPAK TAKEN DHATENG PAK HARJO ANGGENIPUN

NGOPENI GRIYA PUNAPA TENANAN KOK KETINGAL

RESIK.

Tuturan

Bapak : Wah omahku resik temen dhik, oleh ngopeni tenan ya.

Pak Harjo : Aku mung ngestokke dawuhmu, mas, sing ngopeni ya bocah-

bocah kuwi Sugiyo karo giyarti. Iki sugiyo nyambut gawe durung

muleh.

Njur iki sapa?, mas?

Bapak : Ha ya iki, Narto, wis suwe kepingin melu titlik omah, ning tansah

tak semayani, sok nek wis nyambut gawe. Saiki wis dadi guru

mulang SD.

Pak Harjo : Oh ya sukur ta, Le... Narato. Dhik kowe dijak budhal biyen isih

cilik, Sugiyo mbok tinggal pirang-pirang ndina isih ketara sedih,

merga ora ana kancane dolan.

Narto : (Inggah-inggih)

Dhata 97

Konteks : BU HARJO NEDAHAKEN NARTO, PUNIKA GIYARTI.

Tuturan

Bu Harjo : Gilo Le Narto, iki Giyarti sing mbiyen sok mbok gendhong-

gendhong kae. Kono dha salaman!.

Narto : (gage-gage nyalami Giyarti)

Dhata 98

Konteks : NARTO NAWANI GIYARTI SUPADOS PURUN MULANG

WONTEN SUMATRA.

Tuturan

Narto : Sak upama mulang nang Sumatra, neng daerah trans andak ya

gelem dhik?

Giyarti : O Mas, nek ana sing wani nanggung aku dadi guru mesti tak tampa

neng ngendhi wae dak lakoni

Narto : Nek ngono neng gonaku wae dhik, aku sing nanggung. SDku isih

kekurangan guru akeh. Mengko bisa mulang tunggal sak sekolahan

karo aku. Aku tanggung, dhik.

Giyarti : wah yen tenan teneh aku seneng banget, mas. Njur sok kapan

olehku nyusul mrana?

Narto : We lha piye ta, dhik, ya bareng sisan karo aku lan bapak. Liburku

mung seminggu, mungkin sesuk utawa suk emben bapak wis

ngajak bali.

Giyarti : Ya wis, mas, aku manut. Pak dhe Slamet wae diaturi ngendika karo

bapak lan ibu yen aku arep katut.

Ning ya kuwi mas, aku ning kana ming ndherek pak dhe, bu dhe

lan mas Narto, mengko adoh wong tuwa, aja disiya-siya ya, mas!

Narto : Ora, dhik, ora. Wiwit saiki nganti selawase urip, yen dhik Giyarti

gelem, bakal dak jaluk ing sisihku selawase urip.

Giyarti : (Mleruk karo mesem..... seneng)