pawarta

12
Tugas Basa Jawa (Pawarta) Nama kelompok : Gunawan Yusuf (15) Hasthin Fitriana Dewi (16) XII IPA 1

Upload: hasthin

Post on 24-Jun-2015

822 views

Category:

Education


5 download

TRANSCRIPT

Page 1: Pawarta

Tugas Basa Jawa

(Pawarta)

Nama kelompok : Gunawan Yusuf (15)Hasthin Fitriana Dewi

(16)XII IPA 1

Page 2: Pawarta

PawartaPawarta yaiku katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kahananWujud pawarta : lesan lan tulisan-Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa diwaca lugas.-Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti, kalawarti, lsp.

Page 3: Pawarta

 Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.

Page 4: Pawarta

Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku1. Aktualitas2. Sesambungan karo papan kedadean3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa5. Ganepe Pawarta.

Page 5: Pawarta

Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekakeb. mbedakake informasi kang penting lan ora pentingc. nyathet informasi sing bener lan premathi

Page 6: Pawarta

 Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.

Page 7: Pawarta

Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

Page 8: Pawarta

Maca PawartaMenawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.

Page 9: Pawarta

3.Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres

Page 10: Pawarta

Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora salah kedaden, kang kudu digatekake yaiku :• Sumber informasi kudu cetha• Kudu ngerti isine• Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya• Kanggo sapa kabar mau• Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi• Tujuane menehi kabar marang wong liya• Paedahe informasi mau kanggo wong liya

Page 11: Pawarta

Tuladha:Dina selasa nganti tekan jemuwah, tanggal 15 - 18 November 2011,l Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko Sala nggelar adicara pameran naskah kuno, buku kuno, lan peta kuno. Miturut pawarta kang ditampa Espos saka Pengelola Balai Soedjatmoko Sala, Yunanto Sutyastomo, sasuwene iki naskah kuno amung disinau kanggo panaliten utawa bahan gawe disertasi, kamangka kasugihan budaya iki aweh gambaran akeh ngenani sujarah, piwulang lan tradhisi bangsa iki. Pameran kang diadani dening Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko iki bebas ditekani dening sapa bae, wiwit jam 09.00 nganti 21.00 WIB. Perpustakaan Nasional bakal mamerake naskah kuno, buku kuna, lan peta kuna.

Page 12: Pawarta

Matur Nuwun