omah joglo java,,, indonesia
TRANSCRIPT
OMAH ADAT JAWA TENGAH
ingkang omah JOGLO
Dipunsusun dening
Kelompok 1 Kelas 10 Teknik Pemesinan :
Adi Wibowo ( 01 )
Hanief Nur Muhammad ( 13 )
Husni Mubarok ( 14 )
Johansa Prasetyo Hadi ( 15 )
Riki Hermanto ( 20 )
Sony Agil Pamungkas ( 22 )
PambukaAssalamu ‘alaikum
Jawa tengah iku provinsi ingkang sampun misuwur sanget ing nagari indonesia malah uga dumugi ing mancanegara. mulai saka dhaharanipun kayata gudeg, sate, sega megana, lan sapanunggalanipun. Ugi kabudayan-kabudayan ingkang wonten ing Jawa Tengah, tuladhanipun Tari Bondan, sekar macapat lan gamelan. Salah satunggaling kabudayan yaiku omah adat. Ing Jawa Tengah omah adat ingkang khas dipunsebat Omah Joglo.
Joglo Jepara nggadahi atap gendeng ingkang dipunsebat "Wuwungan", kaliyan bangunan ingkang dipundominasi seni ukiran (4D) khas kabupaten Jepara ingkang campuran saka budaya Hindu-Jawa, Islam-Arab, tionghoa-china lan eropa-portugis. Joglo Jepara sami kaliyan Joglo Kudus ananging wonten satunggaling prabedan ingkang katingal sanget yaiku ing babagan lawangipun,
Joglo Jepara ngadahi 3 lawang
utama wondene joglo kudus
namung 1 lawang.
JOGLO KHAS JEPARA
6
Bab ingkang sae saka Joglo Jepara boten namung saking asrinipun arsitektur lan ukiranipun, nanging ugi saking filosofinipun. yakuwi :a.Madhep segara kanthi ancas supados mulur nalaripun,b.Mbureni gunung kanthi ancas supados boten anggung gumunggung,c.Atap awujud pegunungan kanthi ancas religius yaiku Gusti tansah ing inggil lan Maha Kuwaos dumatheng sadayanipun,d.Tiga wuwungan kang boten tugel ananging nglengkung ingkang nggadahi maksud urip ingkang luwes,e.Tiga lawang ing ngajeng ingkang mujudaken bayan antaranipun : manungsa kaliyan Gusti, manungsa kaliyan manungsa lan manungsa kaliyan alam.
Omah Joglo Kudus nggadhahi atap gendeng ingkang dipunsebat
“Atep Pencu”, ingkang dipundominasi seni ukir sekawan dimensi
(4D) khas kabupaten Kudus kang campuran saka budaya Jawa
( Hindu ), Persia ( Islam ), Cina ( Tionghoa ) lan Eropa ( Belanda ).
Joglo menika kirang luwih dibangun ing taun 1500-an Masehi
kanthi 95% kajeng jati asli.
Joglo Kudus sami kaliyan Joglo Jepara ananging bentenipun wonten
ing lawangipun, Joglo Kudus namung nggadahi setunggal
lawanglan Joglo jepara nggadahi kalih lawang.
8
• ruang tamunipun nggadhahi saka setunggal minangka simbol Gusti iku Maha Siji
• gedhongan lan senthong ingkang kawontenen sekawan saka guru. sekawan saka kalawau minangka simbol ingkang menehi pitutur dhateng ingkang nggadahi dalem supados saged nyangga gesangipun kanthi ngeker saka sekawan wataking manungsa : amarah, lawwamah, shofiyah lan mutmainnah
• Pakiwan minangka simbol supados manungsa tansah nyuceni lair lan batosipun
• tetanduran watara pakiwan, antawisipun : wit blimbing simbol lima rukun Islam, pandan wangi simbol rejeki ingkang halal ugi sae, sekar mlati simbol andhap asor ingkang sae lan kasucen
Joglo khas Pati
9
Joglo Pati nggadahi atep gendeng ingkang wujudipun khas, campuran budaya saking Jawa lan Tiongkok. Joglo menika kinten-kinten dipunbangun ing taun 1700-an Masehi kanthi 90% kajeng jati asli. Joglo Pati sami kaliyan Joglo Kudus
ananging bentenipun
kawontenan ing wujud
lawang lan atepipun.
Bagian ing omah joglo
PENDHAPA
OMAH DALEM
PRINGGITAN
PENDHAPA
Pendhapa wonten ing sisih ngajeng, boten gadhah tembok, simbol filosofi tiyang jawi ingkang gemah ripah lan boten pilah-pilih tamu. Umumipun, pendhapa boten dipunsukani meja utawa kursi, namung dipunsukani tikar mainangka wonten tamu ingkang rawuh, saingga tamu lan ingkang kagungan dalem nggadahi sapadan lan nalika micara saged guyub rukun
-- Rukun agawe Santosa
PRINGGITAN
12
Pringgitan iku bagéyan ruangan ing umah Joglo sing dunungé ana ing antara pendhapa lan dalem utama (Dalem Ageng). Pringgitan nduwèni kagunan kanggo nampa tamu, lan papan kanggo pagelaran wayang nalika ana gawé utawa hajatan. Ruang pringgitan iki uga bisa kanggo lenggahan ngénggar-énggar penggalih wayah soré.
GRIYA DALEM
yaiku ruang pribadhi inkang nggadahi dalem. ing griya dalem wonten bageyan-bageyanipun yaiku ruang kulawargi lan senthong utawa kamar. sadurunge, senyhong mung digawe telung kamar . kamar sapisan damel sare, kamar kaping kalih suwung ananging kebak dipan kaliyan spre, ingkang kaping telu kangge ngaso wanita.
REFERENSI
http://id.wikipedia.org/wiki/Joglo_Jepara http://id.wikipedia.org/wiki/Joglo_Kudus http://id.wikipedia.org/wiki/Rumah_adat_Pati http://agussemarang.wordpress.com/java/joglo/
PANUTUP
Tanah jawa nggadahi kabudayan ingkang
kathahipun mangewu-ewu. awit saking
menika kita kedah nguri-nguri kabudayan
kita supados saged wilujeng kangge
buyut canggah kita.
NGATURI ATUR PANUWUN
Mbok bilih anggenipun kitha micara kathah salah
lan kaprah, kitha nyuwun agunging sih
pangaksama. Nuwun
Wassalamu’alaikum