new text document.txt

Download New Text Document.txt

If you can't read please download the document

Upload: ilham-nugroho

Post on 15-Nov-2015

230 views

Category:

Documents


2 download

TRANSCRIPT

>> + Pendidikanmu opo?>>>> - Hukum Pak.>>>> + wah ora bisa ditompo ning kene.>>>> - Alasanipun Pak?>>>> + Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.>>>> - tapi kulo mantan diplomat lho Pak.>>>> + Tambah ora ketompo?>>>> - Lho kok ngaten pak?>>>> + Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....>>>> + Kowe nduwe omah opo ora?>>>> - Dereng....>>>> + Wah kowe ora iso ketompo nang kene.>>>> - Lho kok ngaten?>>>> + Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.>>>> - Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun>>>> sugih.>>>> + Yo malah ora ketompo.>>>> - Lho kok ngaten?>>>> + Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong>>>> ae.>>>> + Kowe nduwe motor opo ora?>>>> - Mboten.>>>> + Ora ketompo.>>>> - Lho kok mboten ketompo?>>>> + Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.>>>> - Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke>>>> kulo beto ngriki.>>>> + Wah malah ra ketompo....>>>> - Lho kok ngoten?>>>> + Tempat parkire wis ra cukup.>>>> + Kowe wis lulus sarjana tenan?>>>> - Sampun Pak....>>>> + Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan>>>> lan ben mbayare>>>> murah.>>>> - Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.>>>> + Malah ora ketompo..... .>>>> - Lho kados pundi to?>>>> + Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus>>>> mesti golek kerjo>>>> neng perusahaan liyo.>>>> + Kowe seneng guyon opo ora?>>>> - Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.>>>> + Ra ketompo.....>>>> - Waa... Kok ngoten?>>>> + Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.>>>> - Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.>>>> + Malah ora ketompo.>>>> - Lho kok......>>>> + Engko kowe mung email-emailan sing lucu.>>>> + Kowe mau mrene numpak opo?>>>> - Nitih mobil.>>>> + Kowe ora ketompo.>>>> - Sebabipun?>>>> + Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar>>>> terus.>>>> - Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!>>>> + Anakmu akeh opo sithik?>>>> - Kathah, Pak.>>>> + Kowe ora ketompo.>>>> - Sebabipun?>>>> + Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.>>>> - Lha wong namung anak adopsi, kok.>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.>>>> + Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?>>>> - Dereng.>>>> + Kowe ora ketompo.>>>> - Sebabipun?>>>> + Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?>>>> - Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Kowe rak mung arep keminter, to?>>>> + Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?>>>> - Dereng.>>>> + Kowe ora ketompo.>>>> - Sebabipun?>>>> + Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?>>>> - Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok..>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?>>>> + Kowe kerep loro?>>>> - Mboten.>>>> + Kowe ora ketompo..>>>> - Sebabipun?>>>> + Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.>>>> - Wah, sakjanipun nggih asring.>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Kantor iki ora nompo karyawan pileren.>>>> + Kowe biso main internet?>>>> - mBoten.>>>> + Kowe ora ketompo.>>>> - Sebabipun?>>>> + Perusahaan ora nompo sing buta internet.>>>> - Wah, sakjanipun nggih saged.>>>> + Tambah ora ketompo.>>>> - Lho, lha kok?>>>> + Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet,>>>> to???>>>> + Kowe waras opo ora?>>>> - Lha, kulo nggih waras to Pak.>>>> + Ra ketompo.>>>> - Kenging nopo?>>>> + Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.>>>> - Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.>>>> + Malah ra ketompo.>>>> - Pripun to niki?>>>> + Mengko aku duwe saingan.>>>> - WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!>>>> - EEEDUUUUUAAAANANNNN N TUUUUEEENANANNNNNN !!!!>>>>