motif sajrone telung cerkak cerkak jb

Upload: ahmad-syahrul

Post on 05-Mar-2016

419 views

Category:

Documents


2 download

DESCRIPTION

PSI Sas

TRANSCRIPT

MOTIF SAJRONE CERKAK JAYA BAYA NO. 31-40 TAUN 2013

Andari Oktavita A.

12020114033

Ah. Syahrul Rahmat 120201140472012 B

Prodi S1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Fakultas Basa lan Seni, UNESA

A. PurwakaMinangka karya imajiner, crita fiksi asring nyuguhake maneka warna prakara kang diadhepi manungsa ing uripe. Karya crita fiksi, miturut Nurgiyantoro (2007:2) mujudake karya kang nyritakake samubarang kang asipat rekaan, khayal, samubarang kang ora ana lan dudu nyata saengga karya mau ora perlu digoleki bener orane sajroning kasunyatan. Senajan sajrone crita, pangripta iku ngripta paraga kang urip sajrone lingkungan khayalan nanging ana gayutane antarane paragaparaga, lan sipate paraga kang bisa dimangerteni dening pamaos lan bisa ditrima adhedhasar karya sastra.

Karya sastra mujudake gegambaran uripe manungsa, kayata rasa pangrasane manungsa kang dadi punjering olah pikire manungsa kuwi, kalebu rasa bungah, rasa susah, rasa kuciwa, lan liya-liyane. Aristoteles (sajrone Ratna, 2012:1) ngandharake minangka proses kreatif pangarang lan ana gayutane marang kanyatan, ngripta samubarang kang anyar. Prastawa-prastawa kang dumadi ing masyarakat uga bisa diudhal sajrone karya sastra. Reriptan sastra ing jagad Sastra Jawa kaperang dadi patang periode, yaiku kasusatran Jawa Kuna, kasusastran Jawa Madya, kasusastran Jawa Anyar, lan kasusastran jawa Modern. Miturut Hutomo (1975:8) kasusastran Jawa Modern kawiwitan nalika jaman pujangga yaiku Raden ngabehi Ranggawarsita. Sasuwene iki sastra Jawa modern wis ngasilake reriptanreriptan kang kagolong apik. Pangripta nglebokake sakabehe imajinasine lan apa wae kang dirasakake sajrone tulisan kang awujud guritan, cerkak, cerbung, novel, lan sapanunggalane.

Cerkak minangka perangane kasusastran Jawa modhern wujude yaiku crita cekak kang isine sarwa winates. Senajan winates nanging uga ngandhut strukur sing jangkep. Kaya cerkak kang dimot sajrone kalawarti Jayabaya. Objek panliten ing kene yaiku cerkak ing kalawarti Jaya Baya no. 31-40 taun 2013. Panliti milih cerkak ing kala wektu tartamtu nduweni ancas kanggo nggoleki titikan lan intensitas uga kuwalitas cerkak kang ngandhut unsur psikologis kang onjo. Cerkak sing dadi punjere panliten iki ana sepuluh. Nanging sing onjo ngenani unsur psikologis ana . Yaiku cerkak kanthi irah-irahan Sastra mujudake asiling cipta, rasa, lan karsane manungsa. Teges ngenani sastra nganti dina iki ora bisa dipesthekake endi sing bener lan pener, gumantung saka endi punjering pamikir. Sajrone bukune Luxemburg (1989:5) ana saperangan bab kang njlentrehake ngenani sastra. Sastra mujudake sawijining karya, kreasi, dudu imitasi. Ing kene pangripta nyiptakake jagading kang anyar, mbacutake sawijining proses pangriptaning alam, bisa uga asipat nyampurnakake. Sastra ing kene utamane mujudake sawijining pametune pangrasa kang asipat spontan. Pangripta duweni kalodhangan kang amba kanggo ngrakit critane. Pangripta bebas ngripta paraga kang bisa nglakokake critane sing laras karo karepe. Kalungguhane para paraga sajroning karya sastra iku wigati banget. Perangan kasebut wigati amarga mokal menawa karya sastra iku tanpa anane para paraga kang mbentuk aluring crita. Miturut Nurgiyantoro (2007:167) paraga carita duwe posisi strategis minangka panggawa lan sing menehake pesen, amanat, moral utawa sawijining bab sing kanthi sengaja bakal diandharake marang pamaca. Andharan sing wis diadharake ngenani paraga, nuduhake yen pangripta anggone ngripta paraga ora angger, nanging diolah luwih dhisik. Pangripta bakal ngripta karya kang dadekake pamaca melu ngrasakake apa kang dumadi sajroning critane. Problem kajiwan utawa problem batin sing dialami dening paraga sajrone karya sastra bisa dianalisis migunakake psikologi sastra. Miturut Endraswara (2011:97) sastra lan psikologi iku padha-padha ngrembug ngenani kajiwane manungsa. Problem kajiwan utawa problem batin mujudake problem kang dumadi sajroning ati, jiwane paraga (Nurgiyantoro, 2007:124). Psikologi ngrembug kahanan jiwane manungsa kanthi masalah kang nyata. Dene psikologi ing sastra nyinaoni kahanan jiwane paraga kang asipat imajinatif. Ancas psikologi satra yaiku mangerteni aspek-aspek kajiwan sing kinandhut sajrone karya sastra (Ratna, 2013:342). Andharan sing wis diandharake cetha anane sesambungan antarane psikologi lan sastra. Pangripta ora bisa uwal saka kahanan psikologi sajroning ngripta paraga critane. Mula saka iku, banjur ana disiplin ilmu psikologi sastra. Panliten ing kene bakal ngandharake ngenani ilmu psikologi sing digunakake sajrone karya sastra, dudu ilmu psikologi murni. Teori sing dianggo yaiku teori psikologi biososial Gardner Murphiy, mligine ngenani motif.Panliten psikologi sastra ngonceki paraga lan wewatakane sajroning karya fiksi kanthi perspektif ilmu psikologi kang uga digandhengake karo aspek sastra mligine ngenani motif. Mula panliten iki luwih nengenake marang karya sastra sing dititintingi migunakake ilmu psikologi sastra dudu nengenake ngenani psikologi murni. Kaya kang wis diandharake ing dhuwur, paraga lan wewatakane mau banjur nuwuhake aluring crita. Problem kajiwan kang dadi peranganing alur kang bakal diwedhar kanthi njlimet ing panliten iki. Saka andharan ngenani problem kajiwan sing diduweni dening paraga sajrone cerkak-cerkak iku sabanjure banjur dianalisis sacara psikologis. Mula problem psikologis kang dirasakake dening paraga utama bakal dadi punjere panliten iki.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngonceki unsur psikologis sajrone reriptan sastra. Kanthi metodhe dheskriptif kuwalitatif, dhata sing ana bakal diandharake struktur psikologise mligine ngenani biososial Gardner Murphiy. Bogdan lan Taylor (sajroning Moleong, 205:4) ngandharake yen panliten kang asipat kualitatif mujudake panliten kang ngasilake dhata deskriptif arupa tembung-tembung tinulis utawa lisan saka sawijining pawongan utawa tingkah laku kang digatekake. Pangetrape sipat kualtatif sajroning panliten iki banjur dilarasake karo teori psikologi sastra..

B. TINTINGAN KAPUSTAKAN 1. Sastra lan Psikologi

Psikologi ana sesambungane karo manungsa. Lumrahe, psikologi minangka ilmu kang nyinaoni ngenani prilaku lan pigunane mentale manungsa kanthi ilmiah. Psikologi wiwit tuwuh minangka ilmu pasinaonan ing pertengahan abad XIX ing Jerman, kang didadekake objek yaiku tumindak sadhare pawongan kang normal, dewasa lan nduweni adab. Prakara iki tuwuh amarga anane pengaruh Descartes, miturut dheweke cogito ergo sum kang maknane netepake objek psikologi yaiku tumindak sadar utawa rasa sadhare manungsa. Psikologi nduweni jejibahan yaiku nganalisis rasa sadhar kuwi, rasa sadhar diandharake lan bisa diperang dadi maneka unsur struktural kang sesambungan karo proses-proses sajrone panca indera, nanging Freud ora sarujuk karo pamawas kasebut. Miturut pamawas Freud rasa sadhar mung perangan cilik saka sakabehe panguripane ing donya psikis (Freud sajrone Suryabrata 2011:141). Sesambungan antarane sastra lan psikologi, ana maneka faktor kang wigati. Kapisan, sawijine sastra kudu nggambarake kakuwatan lan kapinteran pangriptane. Kaloro, karya sastra kudu nduweni kautaman ing babagan gagrag lan basa minangka piranti kanggo nyuntak pikiran lan rasane pangripta. Katelu, prakara gaya, struktur lan tema karya sastra kudu ana sesambungane karo elemen-elemen kang nggambarake pikiran lan rasane pawongan tertamtu (Minderop, 2010:61-62).

2. Psikologi Sastra

Dhefinisi psikologi sastra bisa diperang dadi papat yaiku kapisan, study psikologi pengarang kang minangka tipe pribadhi. Kapindho, study proses kreatif. Katelu, study tipe lan ukum-ukum psikologi kang ana sajrone karya sastra. Kapapat, mangreteni akibate karya sastra marang pamaca (psikologine pamaca) (Wellek&Warren, 2014:81). Saka pamawas kasebut nuduhake menawa psikologi sastra bisa ditegesi kanthi amba. Psikologi sastra nyinaoni babagan psikologis pengarang, proses kreatife nulis karya sastra kang oleh pengaruh saka peran alam bawah sadhar lan alam sadhare pengarang, psikologine karya sastra, lan psikologise pamaca.

3. Teori Psikologi Biososial Gardner MurphiyKabeh sing njalari tumindak kang awujud kabutuhan kayata rasa luwe, ngelak, seks, yaiku motif. Padha uga karo sing njalari munindak liyane. Saben perkara sing ana sesambungane saka motif-motif sing beda merga anane energi sing pindah saka perangan siji menyang perangan liya sajrone awak. Merga anane sesambungan iki mangka isa nuwuhake motif (Suryabrata, 2008:350).Miturut Murphy, ora anan motif sing madeg dhewe merga motif minanka struktur. Upamane rasa luwe banjur mangan. Mangan iku dilakoni merga motife luwe. Teori Murphy ngenani motif yaiku anane tekanan menyang sensoris lan tumindak. C. AndharanTeori Murphu ngenani biososial salah sijine yaiku ngenani motif. Motif minangka salah sijine alesan nindakake tumindak sing tuwuh amarga anane pangaribawa saka kedadeyan liya. Saengga nuwuhake problem psikologis sing dinduweni saben pawongan sacara alamiyah. Saka cerkak sing kasil ditintingi lan onjo ing perangan psikologise ing antarane ngandhut motif kaya mangkene:a. Wicaksana

Wicaksana yaiku sipate manungsa sing nalika numindakake samubarang tansah nggunakake akal budine. Manungsa minangka makhluk ciptaane Gusti Alloh duweni akal sing bisa kanggo mikir .Mula Sadurunge numindakake apa wae manungsa iku kudu tansah nimbang becik alane saka tumindak sing arep dilakoni. Saengga tumindak ora ngrusa-ngrusu lan dipikir kanthi ati lan pikiran sing wening. Supaya sing ditumindake iku ora nglarani liyan lan ora nerak norma-norma ing bebrayan. Wong sing nglakoni tumindak kanthi ati lan pikiran wening ora gampang kena umbyuke liyan kaya pethikan ing ngisor iki.

Kersane Bulik. Pelem kemawon lho, mbokbilih pas pengin ngrujak, (JB:31:28)

Ora apa-apa, Dhe. Wong pelem wae. Ya mung sayange kok ora ngengeh sak djompol wae... (JB:31:29)

Pethikan ing ndhuwur nduduhake yen wong sing duweni pemikiran lan ati sing wening bisa nyikapi perkara kanthi diwasa. Ora mung nggunakake okol ning uga akale. Tumindak ing ndhwur nduduhake yen paraga kasebut kalebu wong sing wicaksana. Amarga sajrone nglakoni tumindak, dheweke tansah nggunakake akal budine ora kesusu menehi prasangka sing ala, saengga apa wae sing dilakoni ora nuwuhake perkara anyar lan bisa ngudari perkara kanthi sareh lan kekeluargaan.

Sipat wicaksana bisa tuwuh amarga tegangan-tegangan sing ana ing prangrasa oleh tetimbangan saka akal sing berbudi luhur. Saengga tegangan-tegangan sing wayahe nduweni perbawa sing negatif kang bisa nuwuhake rasa mangkel bisa owah dadi tegangan sing perbawane positif. Si paraga aku ing cerkak Wit Pelem bisa nrima lan mangerteni tumindake paraga liyan sing murang tata mau.

b. Agresi

Prasangka nesu sing ana sesambungane karo keteganngan lan kegelisahan sing cundhuk menyang tumindak ngrusak lan nyerang. Agresi ana loro yaiku langsung lan pengalihan. Agresi langsung yaiku agresi sing diwedhar kanthi langsung menyang sawijine wong sing dadi sumber frustasi. Kanggone wong diwasa agresi iki wujude verbal. Tuladhane kaya pethikan ing ngisor iki.

Wit pelem kuwi kudu ditegor! Plantaranku pecah kabeh semene. Lek awakmu ora gelem negor, witmu pelem daktrasi ben garing mati. Apa perlu dakceluk kancaku petugas pertamanan kutha maneh?(JB:31:28)Agresi kang wujude verbal iki bisa gawe munggah emosine liyan. Seangga bisa nuwuhake nesune liyan lan pungkasane padha padu. Nesu yaiku sipat sing tuwuh amarga kaanan tertamtu sing ora dipengenake dening pawongan utawa individu. Nesu minangka sipat ala sing bisa nuwuhake tumindak ala, kyata rajapati, kadurjanan, lan tumindak liyane. Tumindak mau sing bisa gawe culikane awake dhewe lan wong liya. Akibat sing tuwuh saka sipat nesu bisa kalebu tumindak kriminal lan bisa dikunjara lan oleh denda. Wong sing urip bebrayan kudu bisa ngendalekaki emosine. Supaya ora gampang congkrah lan padu karo tangga. Ora kaya pethikan ing ngisor iki:...sikape Tarji lan kulawargane omah marang aku sak kulawarga kaya mungsuh sikape. Jalaran dheweke nate nembung marang aku arep nempil omahku sing ben omahe dadi amba gek aku ora oleh. (JB:31:28)Pethikan ing nduwur nduduhake yen ana tegangan kang tuwuh saka konsentrasi dhuwur sajrone dhirine paraga Tarji ing cerkak Wit Pelem. Tegangan mau diarani motif. Saka pethikan ing ndhuwur bisa diweruhi yen ana rasa kuciwa. Rasa mau tuwuh saka panampike paraga liya nalika paraga Tarji pengin nuku omahe si paraga aku. Rasa kuciwa kasebut bisa terpuaskan yen konsentrasi energi kuciwa mau mundhun saengga merbawani taraf tegangan sing pungkasane gawe atine si paraga Tarji seneng ora kuciwa maneh.c. KuwatirRasa kuwatir tuwuh saka sipat sing gampang meri barang liyan. Wong sing gampang meri ing uripi mesthi ditutake rasa kuwatir. Kuwatir yen kesaingan karo wong liya utawa ora bisa nyaingi wong liya. Supaya ora kesaingan lan bisa ngaingi wong liya tumindak apa wae bakal dilakoni. Ora nimbang becik alane kanggo awake dhewe lan kanggo wong liya. Tuladhane kaya pethikan ing ngisor iki; Mesthi melik bengkok kidul ndesa kae, Lik. (JB:31:29)

Menika wau, Pak Carik ngutus kula supados ngakeni menawi kula ngandhut wijine. Pak Lurah. Kula nggih mboten purun...(JB:32:29) Pethikan ing ndhuwur nduduhake yen tumindak apa wae bakal dilakoni supaya bisa ngeser lan nyaingi wong liya. Kamangka tumindake kasebut bisa ngrugekake malah bisa nyilakani liyan. Rasa kuwatir sing diduweni paraga Carik Mardi ing cerkak Kadurjanan kasebut tuwuh saka konsentrasi energi negatif sing ana sajrone dhirine lagi dhuwur saengga taraf tegangane uga dhuwur. Perkara iki merbawani rasa ora puase. Akibate dheweke nglakoni tumindak sing ala kayata pitenah, nyebarake warta sing ora bener, dadi dalang ontran-ontran, lan ngapusi utawa ngakali pak camat.Tumindak-tumindak iki dilakoni dening paraga Tarji awit dheweke nduweni anggepan kanthi nglakoni tumindak sing kaya mangkono nalika dheweke macung lurah ora bakal disaingi dening pak lurah lawas. Saengga rasa kuwatire mudhun lan tuwuh rasa puas utawa seneng. d. WediRasa wedi tuwuh amarga si pawongan rumangsa ora aman, kaya-kaya ana anceman saka jaban dhirine. Rasa wedi uga ana sing tuwuh saka sajrone dhirine dhewe. Wong sing duwe akeh dosa utawa salah cenderung nduweni rasa wedi sing banget. Ora ana apa-apa nanging rumangsane ana sing ngancam kaslametane dheweke. Rasa wedi iki nuwuhake konsentrasi energi sing dhuwur ing sajrone dhirine paraga Carik Mardi ing Cerkak Kadurjanan. Saengga kacipta tegangan sing dhuwur uga pungkasane tuwuh rasa sing ora jenak, kepengin mlayu amarga diuber rasa bersalahe dhewe. Kaya kapethik ing ngisor iki;

Carik jumangkah mlebu ana kantor. (JB:32:29)

Pak Kapolsek sumangga dipuntlisik kabar angin menika.

Saka mburi kaca riben, praupen Carik Mardi sansaya katon mbranang... Lan let sedhela dumadhakan banjur ana swara mak gedhebrug, kaya ana kang ambruk,..(JB:32:29)Saka pethikan ing ndhuwur bisa didelok yen katon banget rasa wedine Carik Mardi. Saka rasa wedine mau banjur tuwuh pepenginan mlayu supaya ora dicekel pulisi. Rasa wedine Carik Mardi bisa tuwuh amarga konsentrasi energi negatif ing awake tagi dhuwur lan nyebabake taraf tegangane uga dhuwur sing nuwuhake rasa kepengin mlayu lan pungkasane dheweke malah semaput. e. Preser Swasana kang dumadi ing bebrayan bisa mangaribawani tumindake individhu. Kahanan sing kaya mangkono iku bisa njalari motif marang tumindak tartamtu. Upamane kaya cuplikan ing ngisor iki.Sing dirasani isih dlolap-dlolop neng dhingklik emperan warung soto. Tangi kelap-kelip ora bisa merem. Tansah klisikan bola-bali kukur-kukur. Ora mung merga gatel dicokoti nyamuk, nanging uga kagubel rasa risi sing ora karuwan sing arep dilakoni. Rasane pengin cepet esuk, ngenteni tekane Marjuki,. (JB no. 38, kaca 29).

Cuplikan ing ndhuwur nggambarake paraga Awok sing sedhih nganti klisikan ora bisa turu amarga bingug anggone ngadhepi kahanan sosial sing ditandang. Dheweke bingung merga kahanan ekonomi, bojo lorone, lan anak-anake sing mbutuhake ragad akeh. Merga kahanan sing kaya mangkono njalari motif kabingungane nganti ra bisa turu.Andharan ing ndhuwur laras karo cuplikan ing ngsor iki. Kahanan sosial bisa mangaribawani tuwuhe motif psikolois.luwih apes maneh bojo lorone dumadakan padha nusul nyang terminal karo nggawa anake dhewe-dhewe nuntut tanggung jawabe. Sepisan iki Awok ora bisa endha neng endi-endi kejaba mung kaya wong mati ngadeg ora bisa piye-piye (JB no. 38, kaca 29).Cuplikan ing ndhuwur nggambarake bojone Awok karo-karone sing nuntut tanggung jawabe si Awok. Merga kedadeyan sing kaya mangkono si Awok sansaya nelangsa nganti ora bisa apa-apa.f. SemangatKahanan sing ditandhang dening pawongan isa mangaribawani motif tartamtu. Salah sijine yaiku nuwuhake rasa semangat ing pribadhine pawongan. Kaya cuplikan ing ngisor iki.Dina iki umurku patang pulug. Kudu beda, ora padha karo wingi-wingi. Gawean saya abot, tanggung jawab uga saya abot. Aku kudu luwih bisa ngendhaleni dhiri, nata urip, lan tansaya cedhak marang Gusti Allah. Ing Pangajab tansah nemu rahayu basuki (JB no. 36, kaca 29) ora krasa kok wis tuwa, kamangka rumangsaku isih kaya jaman semana. Jaman nalik aisih suwe pepenginan-pepenginan sing ngayawara, nalika isih diobat-abit dening tresna. (JB no. 36, kaca 28)

Cuplikan iku nggambarake paraga sing ngrumangsani umure saya tuwa banjur nuwuhake semangat ing dhirine. Kaya paraga iku sing banjur paraga iku rumangsa wis tuwa banjur kudu ngendhaleni napsune supaya dadi luwih apik lan rumangsa semangat kudu tansah manembah lan sumendhe menyang Gusti.D. Panutup

Adhedasar andharan ing ndhuwur bisa didudut yan saka sepuluh cerkak sing ditliti ing kalawarti Jaya Baya no. 31-40 taun 2013 ditemokake patang cerkak sing ngandhut unsur psikologis mligine motif kang onjo. Patang cerkak kasebut yaitu Wit Pelem, Kadurjanan, Bojo Loro, lan Dina iki umurku Patang Puluh. Dene unsur psikilogis mligine motif kang dimaksud yaiku wicaksana, agresi, kuwatir, wedi, Preser lan semangat. Motif kasebut bisa tuwuh amarga ana tegangan sing disebabake dening konsentrasi energi sing ana sajrone dhirine paraga.

Panliten iki kurang sampurna mula diajab panyaruwe kang konstruktif saka pamaca bisa nyampurnakake panliten iki.

KAPUSTAKANAlwisol. 2008. Psikologi Keprbadian (Edisi Revisi). Malang: UMM Press

Aminuddin. 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algesindo.

Endraswara, Suwardi. 2011. Metodologi Penelitian Sastra: Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: CAPS.

Hutomo, tt. Kasusastran Jawa Moderen. Jakarta: Pusat BahasaLuxemburg, Jan Van, at. al. 1989. Pengantar Ilmu Sastra (diindonesiakan oleh Dick Hartoko). Jakarta: Gramedia.Pustaka UtamaMinderop, Albertine. 2010. Psikologi Sastra. Jakarta:Yayasan Pustaka Obor Indonesia.

Moleong, Lexy J. 2007. Metode Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rosdakarya.

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press. Ratna, Nyoman Kutha. 2013. Teori, Metode dan teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Belajar.

Staton, Robert, 2012. Teori Fiksi (dijarwakake dening Sugihastuti lan Rossy Abi Al Irsyad). Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Suryabrata, Sumadi. 2011. Psikologi Kapribadian. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada.

Wellek, Rene & Warren, Austin. 2014. Teori Kesusastraan. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama.

7