materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

15
MATERI DAN SOAL LATIHAN BAHASA DAERAH KELAS 8 Tembang Macapat Kaya Tembang tembang ing jaman saiki, tembang macapat ing jaman biyen jeise ana maneka warna. Babagan gawe tembang macapat ana paugeran-paugeran sing kudu di wigateni, kayata : Guru Lagu : Dhong-dhinge swara saben pungkasane gatra Guru Wilangan : Cacahing wanda(suku kata) saben gatra (sabait) Guru Gatra : Cacahing gatra (larik) saben sapada (bait) Ing ngisor iku conto tembang macapat lan sifate tembang No Jeneng Tembang Wataking Tembang 1 Maskumambang Watake tembang susah, sedih lan welas asih Tembang iki cocog gawe nelaake kasedihan kang ngenesake 2 Pucung Watake tembang sakepenake lan kurnag greget. Cocog gawe pitutur lan geguyonan 3 Mijil Watake tembang terbuka, cocog gawe kaanan apa bae. Pantes gawe nelakake cerita asmara, pitutur, lan nasehat 4 Kinanthi Watake seneng, tresna aasih, nuladani, lan mituruti. Cocog gawe aweh pitutur lan nyritakake welasa asihan 5 Asmarandana Watake tresna welas asih lan sedih Cocog gawe nelakake rasa brangta, welas asih lan crita katresnan

Upload: yudha-pratama-p

Post on 22-Dec-2015

332 views

Category:

Documents


7 download

DESCRIPTION

ok

TRANSCRIPT

Page 1: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

MATERI DAN SOAL LATIHAN BAHASA DAERAH KELAS 8

Tembang Macapat

Kaya Tembang tembang ing jaman saiki, tembang macapat ing jaman biyen jeise ana maneka

warna. Babagan gawe tembang macapat ana paugeran-paugeran sing kudu di wigateni, kayata :

Guru Lagu : Dhong-dhinge swara saben pungkasane gatra

Guru Wilangan : Cacahing wanda(suku kata) saben gatra (sabait)

Guru Gatra : Cacahing gatra (larik) saben sapada (bait)

Ing ngisor iku conto tembang macapat lan sifate tembang

No Jeneng Tembang Wataking Tembang

1 Maskumambang Watake tembang susah, sedih lan welas asih

Tembang iki cocog gawe nelaake kasedihan kang ngenesake

2 Pucung Watake tembang sakepenake lan kurnag greget.

Cocog gawe pitutur lan geguyonan

3 Mijil Watake tembang terbuka, cocog gawe kaanan apa bae.

Pantes gawe nelakake cerita asmara, pitutur, lan nasehat

4 Kinanthi Watake seneng, tresna aasih, nuladani, lan mituruti.

Cocog gawe aweh pitutur lan nyritakake welasa asihan

5 Asmarandana Watake tresna welas asih lan sedih

Cocog gawe nelakake rasa brangta, welas asih lan crita katresnan

6 Durma Watake galak sereng lan nemu kaneksonan.

Cocog gawe nyritakake kahanan paperangan

7 Pangkur Watake sereng, antepan ati lan gagah.

Cocog gawe nyritakake rasa mangkelake

8 Sinom Watake sabar, grapyak, lan sumanak

Cocog gawe nelakake crita piwulangan pitutur

9 Dhandan ggula Watake luwes, kewes lan ndudut ati.

Cocog gawe mratelakake crita kaanan apa bae

10 Megatruh Watake sedih lan kentekan pangarep-arep.

Cocog gawe mretelakake crita kasedihan kang sanget.

11 Gambuh Watake grapyak sumanak, mula pantes kanggo nyritakake pitutur

Page 2: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

SOAL LATIHAN

1. Pak Adi : “Kulo nuwun, kulo badhe sowan Mbok”Mbok Kem : Lho sampeyan pak Adi, mangga lenggah ngriki.Pak Adi : “Inggih matursuwun”.Mbok Kem : “Menapa saking griya kemawon?”Pak Adi : “ Inggih, naming badhe kepanggih sekedhap”

a. Ngoko lugub. Ngoko alusc. Krama lugud. Krama alus

2. Prapto : “Wonten kapreluan menapa kadingaren kok enjing-enjing”Pak Adi : “Nyuwun pangapunten, menawi ngleresi boten kangge, ajeng nyambut helm,

Ajeng kula kange nyobi sepedha montor.”Prapto : Inggih mangga. Menapa sampeyan tumbas sepeda montor?Pak Adi : Saweg ngawis kemawon. Reginipun dereng kedadosan, manika kula ajeng

Nyobi tumpakanipun mubeng-mubeng dhusun mriki.Isine pirembug ing dhuwur yaiku ….

a. Pak Adi arep njajal sepedha motore praptok b. Prapto arep nuku sepedha montore Pak Adic. Pak Adi arep nyilih heleme Praptod. Prapto arep nyilih sepedhane Pak Adi

3. Nalika ing ngomahmu ana tamu (tamune arep ketemu bapakmu), nanging kebeneran bapakmu durung rawuh. Anggonmu matur sing bener yaiku ….

a. Nuwun sewu Pak, anggen kula sowan menika badhe madosi bapakb. PAnjenengan menapa sampun mangertos konduripun Bapak mangke?c. Panjenengan menika badhe pados menapa kok pinarak wonten ngriku?d. Nyuwun pangapunten, Pak, sakpunika Bapak taksih dereng kondur.

4. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung kaanan yaiku ….

a. Siswo wis tuku sepedha motorb. Rani duwe boneka cacahe teluc. Sawise mangan wong iku budhal bebarengand. Sapi sing dituku Mas Handoko gedhe banget

5. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung katerangan yaiku ….a. Kodhoke wes mencolotb. Hardi dolanan nekerc. Kancamu panacen luweh pinterd. Kowe miliho dolanan sing kok senengi

6. Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung wilangan susun (undha usuk) yoiku ….a. Bapakmu mau budhale wis jam setengah sangab. Saperangan gedhe wong kene padha melu kowec. Kayune sing setumpuk mengko gawanen mrened. Anis lungguhe ing bangku kaloro saka ngarep

7. Sawetawis cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken ing serat punika, sanes wekdal saged dipun sambet malih. Bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging

pangaksami.Perangane layang ing ngarep diarani…..a. Adangiyah

Page 3: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

b. Isine layingc. Panutupe layangd. Bebukane layang

8. Ing ngisor iki kang mujudake adangiyah singpaling trepdicakake dening anak marang wong tuwone yaiku ....

a. Kanggo wong tuwa sing tak tresnanib. Ingkang sembah pangabekti kula c. salam taklimkud. ingkang salam

9. Layang kang isine mung ringkes ditulis ing dluwang skecandhake diarani layang....a. Kitieb. Lelayuc. Paturand. Kiriman

10. Ibu tindak menyang pasar, tembung kang di cetak miring yaiku tembung....a. Aranb. Kriyac. Kaanand. Panyilah

11. Sing kudu disiapake sakdurunge wawanrembug yaiku …

a. Nemtoake bakune gagasan

b. Nemtokake tujuwan

c. Nemtokake tema

d. Nemtokake narasumber

12. Pitakon ing ngisor iki paling trep yen digunakake kanggo wawanrembug yaiku …

a. Nang ngendi olehmu jaitake klambimu?

b. Sapa kancamu mrene mau?

c. Kepriye critane kowe nganti bisa kasil ?

d. Saiki pira regane beras sing kok tuku ?

13. Ing ngisor iki sing kalebu kanyataan yaiku …

a. Mashari saiki usahane wes ganti ternak sapi

b. Kira- kira mas hari wes ganti usaha apa durung?

c. Mbokmenawa saiki mas Hari wis ganti usaha

d. Mestine saiki sapine wes dadi akeh

14. Ing ngisor iki sing kalebu panemu yaiku …

a. Saiki dalan jurusan kertosono akeh sing rusak

b. Rusake dalan mbokmenawa amarga banjir

c. Pranyata dalan jurusan kertosono wis di dandani

d. Sapa ngerti saiki dalane wis dadi apik

15. Ing ngisoir iki sing kalebu ukara tanggap yaiku …

Page 4: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

a. Mas Hari ngunekake mercon

b. Bukune samsul disilih Siyrm

c. Bapak makani pitike

d. Mas Prapto ngeterake adhike

16. Jenise layang miturut isine kaya maneka warna, kejaba …

a. Layang kabar

b. Layan ulem

c. Layang kitir

d. Layang lelayu

17. Layang sing isine ngenani kabar sesripahan diarani layang …

a. Lelayu

b. Kitir

c. Dhawuh

d. Ulem

18. Paragane layang kang dadi pambukane atur diarani …

a. Adangiyah

b. Surasa basa

c. Satata basa

d. Wasana basa

19. Ing ngisor iki sing kalebu jenise tembang macapat yaiku ….

a. Gane Maskumambang

b. Gambang suling

c. Dandang gula

d. Megatruh

20. Watake tambang macapat kinanti ing ngisor iki yaiku …

a. Seneng

b. Tresna

c. Asih

d. Sereng

21. Pucung, kinanthi, asmarandhana, dhandanggula diarani tembang …

a. Macapat

b. Tengahan

c. Gedhe

d. Dolanan

Page 5: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

22. Dadia lakunereki, cegah dahar lawan guling, lan aja sukan-sukan.Tembang macapat kinanti

mau ngemu piwulang kaya iki kejaba …

a. Cegah dahar

b. Cegah tilem

c. Adigang adigung

d. Aja sukan-sukan

23. Semboyan “ Sepi ing pamrih, rame ing gawe” tegese ….

a. Nindakake pakaryan kanthi ora dhuwe melik

b. Senajan kurang ngati-ati, nanging slamet

c. Diwenehi kapercayan malah gawe tuna

d. Tumindak samu barang aja kesusu

24. Sing salah bakal konangan, sesanti sing trep yaiku …

a. Maju tatu, mundur tatu

b. Sadumuk bathuk, sanyari bumi

c. Sing sapa salah bakal saleh

d. Nututi layangan pedhot

25. Handphone mujudake asil teknologi kang larang regane amarga …

a. Kena kanggo kirim duwit

b. Kena kanggo trend

c. Kena kanggo komusikasi

d. Kena kanggo hadiah

26. Surabaya saiki wes dadi hutan beton ing saktengahing kutha. Sing diarani hutan bethon

yaiku …

a. Wit-witan gede-gede

b. Gedung gede

c. Betone nangka

d. Omah kang akeh uwite

27. Maca kanthi tujuwan mahami isine wacan kang penting-penting kang gegayutan karo bab-

bab liyane ing sakjabane wacan , diarani maca …

a. Intensif

b. Memindai

c. Ekstensif

d. Ekspresif

28. Maca kanthi tujuwan mahami isi wacan kanthi setiti diarani …

a. Intensif

b. Memindai

Page 6: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

c. Ekstensif

d. Ekspresif

29. Ukara kang jejer lan wasesane mung siji diarani ukara …

a. Lamba

b. Langsung

c. Camboran

d. Tanduk

30. Ukara sing dumadi saka ukara loro utawi luwih kang digandeng dadi siji diarani ukara …

a. Lamba

b. Langsung

c. Camboran

d. Langsung

31. Untung Surapati banjur diparingi pakaryan nyekel pangeran Purbaya. Ukara iku kasebut

ukara …

a. Lamba

b. Langsung

c. Camboran

d. Tanduk

32. Rini mangkat sakdurunge srengenge mlethek. Ukara kasebut kalebu ukara …

a. Lamba

b. Langsung

c. Camboran

d. Tanduk

33. Ing ngisor iki sing kalebu ukara camboran sajajar kajaba …

a. Siswa kelas telu nembang, kelas loro nggambar

b. Klambine rini rupane ijo, klambine tuti rupane abang

c. Menawa ora sinau mempeng, kowe ora bisa munggah kelas

d. Aku tekan sekolahan sadurunge srengenge angslup

34. Sing kalebu ukara camboran raketan yaiku …

a. Adhikku tiba kepleset, kancaku sing nulungi

b. Budi wes budhal sekolah, nanging dewi isih sarapan

c. Martina ora mlebu sekolah amarga lara

d. Beras sekilo regane Rp 5.000,-, gula sakilo regane Rp 6.000,-

35. Pendamelan ingkang dipun ayahi para Ibu-Ibu boten wonten watesanipun saking tilem

ngantos tilem malih, siyang kanthi dalu wonten kemawon. Ukara kasebut kalebu basa …

Page 7: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

a. Ngoko lugu

b. Ngoko alus

c. Karma lugu

d. Karma alus

36. “Wis saiki aja kok baleni maneh, ndang jupuken buku paket basa jawamu lan bukaken bab

kepungkur”. Ukara ing dhuwur nggunakake basa …

a. Ngoko lugu

b. Ngoko alus

c. Krama lugu

d. Krama alus

37. Dalang iku wis misuwur. Tembung misuwur dasanamane kaya ing ngisar iki kajaba …

a. Kawentar

b. Kaloka

c. Kondhang

d. Rudatin

38. Wujude sandangan wyanjana yaiku …

a. Cakra, keret, pengkal

b. Cecak, taling, suku

c. Wulu, suku, pepet

d. Cecag, wignyan, layar

39. Pitike ketubruk sepeda. Yen ditulis gawe aksara jawa gunakake sandangan wyanjana …

a. Layar

b. Keret

c. Cakra

d. Pengkal

40. Panulise aksara jawa ora keno tumpuk telu, mula aksara sing dhisik kudu diwenehi …

a. Layar

b. Wignyan

c. Cecak

d. Pangkon

41. Tembung ambyur, panulise gawe aksara jawa nggunakake …

a. M (mati), b ( sandhangan), y (sandhangan)

b. M (mati), b (pasangan), y (pasangan)

c. M (mati), b ( sandhangan), y (pasangan)

d. M (mati), b (pasangan), y (sandhangan)

Page 8: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

42. “Bocah iku paribasane kajugrukan gunung menyan”. Paribasan kasebut tegese …

a. Kurukan menyan sagunung

b. Nemu kabegjan

c. Nemu menyan akeh banget

d. Nemu kasangsaran

43. Rina (tuku) klambi anyar ibune. Rimbag tembung tuku seng bener yaiku….

a. Ditukoni

b. Ditukokake

c. Nukoni

d. Nukokake

44. Dhek wingi Pak Darman nandur pari ing sawah…

a. Dhek wingi

b. Pak Isman

c. Nandur

d. Ing sawah

45. Dhong-dhinge swara ing pungkasane gatra diarani …

a. Guru gatara

b. Guru swara

c. Guru lagu

d. Guru wilangan

46. Bambang iku bocah sing landhep pikirane. Landhep pikirane tegese …

a. Bodho banget

b. Landhep banget

c. Pinter banget

d. Kethul banget

47. Para warga kegugah atine kanggo mbantu korban banjir. Tegese kagugah atine yaiku…

a. Sadar

b. Kaget

c. Tang

d. Wedi

48. Bocah loro kuwi kembar, nanging watake bedha kaya …

a. Nemu emas sakebo

b. Mimi lan mintuna

c. Bumi karo langit

d. Temabten ditemokne

Page 9: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

49. Dadi bocah sing sregep kareben ora dadi gawene wong liya .

Tembung sing kacetak miring nduweni teges…

a. Nyenengake

b. Ngrepotake

c. Ndadekake

d. Ngramekake

50. Jenise tembang ing tanah jawa ana ….

a. Loro

b. Telu

c. Papat

d. Lima

51. Tembang sing agawe kahanan lan swasana dadi regeg lan nyenengake diarani tembang.....

a. dolanan

b. macapat

c. gedhe

d. tengahan

52. Aja gampang niru kabudayan manca sing sok-sok ngrusak ...dhewe. Tembung sing cocog yaiku.....

a. sipate

b. kapribadiane

c. budayane

d. adate

53. Budaya jawa kuwi sawijine budaya sing kebak pitutur, Tegese pitutur yaiku ....

a. piweling

b. kenyataan

c. pasugatan

d. kasembadan

54. Sendratari yaiku .....

a. seni drama tari

b. tembang macapat

c. tembang dolanan

d. nyanyi lan ludrukan

55. wadhahe sega diarani ....

a. rotan

b. wakuk

Page 10: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

c. waklung

d. gisik

56. Mas bayu wes waleh ngandani dhek catur. Tegese waleh yaiku ....

a. Bosan

b. Seneng

c. Bungah

d. Sedih

57. Pak Agung wes mlaku nang ratan.Tegese ratan yaiku ....

a. Kali

b. Segara

c. Dalan

d. kebun

58. Prayogane kabudayan jawi iku kudu dilestarekake.Tegese prayogane yaiku ....

a. luwih becik

b. agawe ati kang trenyuh

c. alon-alon

d. mestine

59. Agawe ati kang trenyuh kuwi diarani ....

a. ngempalake

b. nrenyuhake

c. sigrak

d. dipoyoki

60. Sing kudu disiapake sak durunge nganakake wawanembug yaiku ....

a. nemtokake bakune gagasan, nggawe pitakon, nemokake irah-irahan

b. nemtokake tujuwan, nemtokake narasumber lan nggawe pitakon

c. nemtokake tema, nemtokake prabeya, lan nemtokake nara sumber

d. nemtokake tujuwan, nemtokake prabeya, lan nggawe pitakon

61. Pitakon ing ngisor iki sing paling trep yen digunakake kanggo wawanrembug yaiku ....

a. ing ngendi olehmu njaitake klambimu kuwi kok katon apik?

b. Sapa kancamu mrene mau, ijen apa karo sapa, terus sepedhamu endhi?

c. Kepriye critane kowe kok nganti bias kasil anggonmu usaha iki?

d. Saiki pira regane beras sing paling murah ing took ngarepmu

62. ing ngisor iki sing kalebu panemu yaiku .....

a. saiki dalan jurusan blitar selatan akeh sing rusak

Page 11: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

b. rusake mbokmenawa krana anane banjir bandhang

c. pranyata dalan jurusan Blitar selatan during didandani

d. dalane rusak mbokmenawa kerep diliwati montor gedhe

63. Ing ngisor iki sing kalebu dudutan yaiku .....

a. Tibake dhuwite dhik Handoko awan mau ilang ing jero kelas

b. Awan mau dhik Handoko kelangan dhuwit sewu ing jero kelas

c. Dhuwit dhik handoko paling-paling ceblok nalika olah raga

d. Kira-kira dhik Handoko lali menawa dhuwite wis ditukokake

64. Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku ....

a. mas Hari ngunekake mercon

b. bukune Hadi disileh kancane

c. dhik Rini makani pitek

d. mas Jayus ngeterake adhik

65. Dhik Rini isih during gelem adus. Ukara iki kalebu ukara ....

a. tanduk tanpa lisan

b. tanggap mawa lisan

c. tanduk mawa lisan

d. tanggap tnpa lisan

66. Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanduk tanpa lesan yaiku ....

a. darane, Hadi mabur-mabur.

b. Ibu nggodok banyu

c. Nanik maca majalah bobo

d. Erni ngresiki kamare

67. Urut-urutane ngarang kang awujud gancaran sing paling trep yaiku ....

a. Menehi judul, nggawe kerangka, nemtokake tema lan jlentrehake kerangkane

b. Nemtokake tema, menehi judul, nggawe kerangkane, njlentrehake karangan

c. Nggawe kerangka, nemtokake tema, njlentrehake kerangka lan menehi judul

d. Nemtokake tema, nggawe kerangkane, njlentrehake kerangkane lan menehi jul.

68. Layang undangan kang kanggone gawe ngaturi marang wong liyo nalika sing ngunang areo duwe

gawe mantu diarani ....

a. Lelayu

b. Kitir

c. Dhawuh

d. Ulem

Page 12: materi-dan-soal-latihan-bahasa-daerah-kelas-8

69. laying sing isine ngenani kabar kesripahan diarani laying ….

a. Lelayu

b. Kitir

c. Dhawuh

d. Ulem

70. Ing ngisor iki sing kalebu jenise tembang dolanan kreasi anyar yaiku ….

a. Kinanthi, gundhul gundhul pacul, balabak, kanca tani

b. Swara suling, prau layer, dhandanggula, padhang bulan

c. Kupu kuwi, gundhul-gundhul pacul, kate-kate dipanah.

d. Kate-kate dipanah, asmaradana, swara suling, sinom